Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

MATERI BAHASA INDRAMAYU || PARIWARA || IKLAN DAERAH

iklan daerah

PARIWARA / IKLAN DAERAH

Pengertian, Fungsi, Struktur, Kaidah Kebahasaan

Ing sedinten-dinten, tentune boten asing malih napa pariwara atawa iklan niku, ampir unggal dinten kepanggih sareng iklan. Iklan saged diketemukaken ing katahe aplikasi, sepertos media citak kayadene majalah atawa koran, media elektronik sepertos telepisi, redio, jaringan internet, lan sanes-sanese, atawa saged nemoni iklan niku teng ruang jaba sepertos baliho atawa banner.

Artine teks Iklan
Teks iklan mangrupiaken salah setunggalipun media promosi ingkang epektip anggone masaraken macem – macem produk kangge konsumen amargi daya jangkoane luwih luas lan masip. 

Tujuane yaniku kangge ngenalaken sawiji produk, napa niku barang atanapi jasa kangge masarakat luas, gunane narik peratian masarakat kanggo ngenali, tumbas, trus ngonsumsi atawa nganggo produk kang diiklanaken wau. Persaingan teng bidang iklan niku memang landep sanget sejak anane tipi luwih – luwih saniki usum internetan.

Nanging, media citak angger anduweni pangsa pasar dewek lan angger dados target produsen anggone ngiklanaken produk dagangan piyambekipun.

Pungsi teks Iklan
Sederhanane, pengertian teks iklan niku pesen kang nawaraken siji produk kang ditujuaken kangge masarakat liwat media. Bedane karo pengumuman biasa, iklan niki diarahaken kangge mbujuk wong supados tumbas. Dados pungsi iklan diantawise :
  1. Minangka inpormasi (nyampeaken inpo produk anyar, ciri-ciri, lan sejen-sejene)
  2. Minangka persuasi (ngarahaken konsumen supaya tuku)
  3. Minangka reminder (iklan ngingetaken konsumen anggone produk ingkang dipasaraken supados ngangge produk niku).
Struktur teks iklan
Teks iklan nduweni telung struktur, yaniku judul, aran produk, lan penjelasan produk iku.
  1. Judul, letake ning bagian paling duwur sing teks iklan, nanging ora kabehe iklan nganggo judul, sebagian teks iklan judul produke ditulis ning bagian paling duwur
  2. Aran produk, isine aran produk kang diiklanaken.
  3. Penjelasan produk mau, isine deskripsi produk kang diiklanaken, sepertos spesipikasi, cara  tumbas produk kang diiklanaken, alamat, lan nomer telepon kang angsal diubungi.
contoh pariwara

Ciri kas Teks Iklan
Sejene struktur teks iklan kang dibedaraken ing inggil wau, teks iklan ugi anduweni ciri – ciri kebaasaan sing mbedakaken karo teks – teks sejene. 

Ciri – ciri kebasaan wau antarane:
1. Slogan, 
yaniku unen – unen utawa ukara kang apik, menarik, lan gampang diinget angone nyampeaken setunggaling maksud. Slogan biasane ngangge papat atawa limang tembung kang gampang diinget lan tentune anduweni daya tarik kang kuat supados pesan wau saged disampeaken maring tiyang sanese / masarakat.
Ing anggone iklan, slogan yaniku pernyataan atawa susunan tembung kangge njelasaken sawijine produk / jasa layanan secara singkat, sehingga gampang diinget publik.

Slogan niku penting sanget kangge dunia periklanan. Sareng slogan, iklan wau gampang diinget publik lan luwih dikenal. Sejene iklan, slogan ugi diangge kangge kampanye (pendidikan, kesehatan, sosial, pemilu); misale kampanye narkoba, anti korupsi, pemilian kepala daerah, lan sanes – sanese.

Ukara – ukara slogan kang diangge kedah kreatip lan ugi ora ketinggalan jaman supados masarakat gampil nginget – ngingete. Penganggone slogan kang berasil katon yen masarakat kenal karo slogan wau. Upami slogan wau berasil, mirengaken slogane mawon, wong –wong pada weruh jenis produk kang nganggo slogan wau.

2. Ukara persuasip, yaniku ukara kang tujuanipun ngyakinaken lan mbujuk pemaos supados nglaksanakaken atawa nrima gagasan penyerat anggene sawijinipun prihal. Conto ukara persuasip; “Kartu As kartune Wong Dermayu”

3. Ngangge jejer utama atawa subjek orang pertama. antarane; kula, reang, isun, ingsun, kawula, lan aku, atawa kita kangge ngganti pihak / instansi / industri pemasang iklan.
Conto teks iklan produk (sadean / penjualan, lowongan kerja, jasa, promosi, atanapi iklan niaga lan iklan griya). 

Matur kesuwun, mugia manpaat nggih...

Post a Comment for "MATERI BAHASA INDRAMAYU || PARIWARA || IKLAN DAERAH"