Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

KUMPULAN DONGENG INDRAMAYU

dongeng
1.Ning jero hutan, ana macan bloon lan rubah pinter 

Ning sewijine dina rubah ngomong ning macan bloon skien kita sing dadi raja ning hutan kien, dudu ira maning baka beli percaya ayu meluan kita skien. Rubah terus ngongkon macan bloon meluan ning gurie rubah macan lan rubah munyer munyer hutan nekani satoan satoan sing lagi kumpul. Deleng macan teka satoan satoan mlayu genang wedi ning reang rubah bohong ning macan genang kebloonane. Macan ora weruh yen satoan satoan iku wedi ning deweke dudu ning rubah.

2. Reang lagi wingi awan dolanan bal_balan karo batur-batur ning lapangan SMK N I LELEA. reang main panas-panasan bagen sikil pada lara nang krikil. Barang sue-suene sikile kita mlecat getiyen terus rombongane kita unggul 5-1. Terus kita klambine teles nang kringet gede cilik ngocos bae kita menang  kanggo tuku Es karo batur-bature kita. Terus kila manjing kelas belajar karo guru Pa Jaya kita belajar, nulis. rongokaken terus wis pragat Pada Sholat asar karo batur-batur. Wayan balik kita salin klambi terus mangan bari deleng tivi kora mboke kita terus wis pragat mangan miyang maning numpak motor meng Lea pada Futsal karo batur batur maning. Pas wayah maen reang kita ditlapuki bae sikile lawane maene beli bener. untung kita beli apaapa. terus kita Menang maning Skor e 18-15 tarus kita pada liren nonggoni magrib terus batur batur pada balik kabeh kila gah meluan balik. Wis tekang umah kita adus terus mangan tas mangan turu. esuke kita tangi adus lan sarapan. Mangkat sekolah maning terus kelas wis manjing belajar karo guru Pa koni.

3. Lagi esuk Alfin nyamper Batur apan sekolah sing aran Juned,Tekang umahe Juned cuman ana mbok tuane Bae lagi Adang Ng arep umah Si junede masih turu Padahal Jagat wis awan/keawanan

Alfin : Nedd... Juned... sekolah beli.....

Mbok tuane Juned : Manjing Bae Nang tangiakn Juned e masih turu, maune wis Tangi turu maning, banjuren Bae baka ora Tangi².

Alfin : Woi!! Sekolah beli Wis jam 06.30 wis awan bokat telat!

Wis pirang²balen nangiakn saking napsune  Ng si Juned diguyah² ora tangi²acan kaya kebo, dadi kita ngemet keputusan nimba banyu segayung Ng kamer mandine kanggo banjir Juned sng turune kaya kebo

Ws ngemet , banyu segayung tak banjurakn Ning raine Juned otomatis si Juned langsung kaget Tangi bari plangaplongo kaya wong kurang setengah.

Akhire si Juned langsung Tangi lan adus , langsung miang skolah dikarenakan jagate wis apan jam 07.00 

4. Gajah karo semut

Ngisahaken sekumpulan gajah sing garep meng alas garep glati mangga. Sayangekumpulan gajah di anggep ngganggu sekumpulan semut. Singumahe ana ning kono

"Mianga gajah aja ning kene"jare semut. Krungu omongane semut gajah nganggep semut satoan cilik sing beli berbahaya.

Nyewot, semut gawe rencana ngambisan bisa ngusir gajah. Gajahe emong dadine gawe sekumpulan semut nyewot sekumpulan semut mau nyerang sekumpulan gajah. Semut semut mau pada nyokot kulit karo manjing meng kuping gajah sampe gajahe kelaraen. Akhire gajah mau miang ninggalaken sekumpulan semut ning alas.

5. "Uler lan tawon"   ana tawon lan uler ning kebon, uler blesak rupane gaweane  mangan bae                tawon ngece uler : "woy,uler! rupamu blesak!"       Krungu omongane tawon,uler mung nyengir bae  swise wareg wetenge,uler langsung turu dadi kepompong, seuwise, uler mau tangi awake dadi kupu sing bagus rupane, tawon langsung jaluk ampura, nang wis ngece uler.

6. Belalang Sing Males 

Ning kebon sing subur,ana keluarga semut sing pekerja keras lan belalang sing males,semut nggo walang loro batur sing due sifat Ora pada . Si semut,selalu bekerja keras gati mangan enggal dina enggo cadangan mangan ning umah. Sebaliknya walang enggal dina mung seneng-seneng nembang,joged lan males malesan.

PESAN MORALL:DADI WONG AJA MALES-MALESAN KARNA PANGANAN ORA TEKA DEWEK.

7. assalamualaikum warahmatullahi wabarokatu.

perkenalkan namae kita Indan hamdani kita garep cerita tentang pengalamane kita, ceritane mengkenen kita karo batur² tas pada sekolah terus pada balik pas ning perjalanan balik ana wiwitan Pelem terus kita bari batur-batur mandeg dikit ning wiwitan pelem barang bature kita ana sing ngomong nyolong Pelem yuu, nggo majak. jare Kitane aja bokat diumbangi barang batur-bature sejene pada setuju yawis dadi kitane meluan nah terus kita Takon ngemete priwe, teru bature kita ngomong diserawati bae, jare kita yawis ayu pas lagi enak-enake nyerawat, barang ana sing duene kita lan batur-batur pada Melayu

pesan moral= aja nyolong barange uwong karna kuen perilaku kurang baik intine aja nyolong barange uwong karna itu dosa.

8. Angsa dan telur Emas Sewijne dina, ana wong gawa angsa balik ning umahe Sukikie, angsa kuen emas. metu aken ndog emas.

"Angsa Ajaib" Jare wong tani, buru-buru gawa ndog emas kuen ning wong dagang emas ning pasar kamber weruh ndog kuen bener-bener emas

"Kien emas murni," Jare wong dagang emas wong dagang kuen tuku karo duite akeh. Ntas kuen, angsa nggal dina metuaken ndog emas. Sekien, wong. tani wis olin selusin ndog emas. tapi, wong tani kuenn durung puas. Reang arep sugih. Tapi, Reang pengen angsa metu aken luwih akeh ndog emase niggal dina kamber reang gelis sugih" Jare wong tani kuen.

Entas kuen angsa nggal dina metu aken ndog. tapi wong tani kuen Ndue akal nyembeleh angsa kuen Tapi di deleng isie laka emase trus wong kuen Terus wong tani kuen nyesel nang bli bisa ngedol ndog emas maning. Sekien wong tani kuen mung bisa nyesel akeh Nang mateni angsa ajaib.

9. Lagi Wingi Ana Wong Tabrakan Ning Tagog Wonge Di Gawa Ning Rumah Sakit Terdekat Bareng Rumah Sakite Beli Nerima Balik Maning Di Gawa Ning Umah Tekang Umah Ngundang Dokter Beli Bisa Bareng Di Obati Dewek.

10. "Lagi bengi saptu reang lan batur bature reang bareng bareng miyang meng alun alun ,nggo motore bapae irang ,kita mono dewekan bae kenang sejene lagi pada repot ora bisa meluan,pas teba kana kita kaget kenang saking ramene sampe ora keiting ana wong pirang pirang ragem ragem pangnan bae sing akeh ,wong dagang kelambi gah akeh pirang pirang ,tak tuku siji sing kita seneng regae beli larang beli apa cuman sewidak ewu an bae ,kita nganyang sing maue pitung puluh lima ewu dadi sewidak ewu, tapi dudu reang b sing tukue bature reang b gah tuku panganan sejen, nang ws puas tuku mana tuku mene jagat ws arep bengi pisan mending balik bae jare bature kitae ,balike kitae nganter kena bature kita dikit meng umae ,tas ws nganter bature kita kitae langsung balik bokat di umbangi ning bapae kita balike bengi bengi pisan.." (Kita pa arjunaya ikuh uws)

11. JUDUL : SADINTEN WONTEN SEKOLAH 

Sekolah sanes lah papan ingkang ngremenaken kanggo kula. saben dinten kula angsal[KEPARING] masalah amargi kanca-kanca kula tansah diganggu. kula rumaos mboten nyaman kesah[TINDAK] dhateng sekolah amargi puniku[MENIKA], dados kula tansah kajeng[badhe] manggen wonten griya[DALEM]. nanging setunggaling dinten, wonten sekolah kita wonten setunggaling tiyang guru ingkang ngremenaken sanget. piyambakipun[PANJENENGANIPUN] tansah criyos[MATUR] bab pengalaman gesangipun[SUGENGIPUN] ingkang ndamel sengkuyung kula bangkit wangsul. sasampunipun dugi[RAWUH] guru, kula dados giyat wonten sekolah. langkung[MIYOS] sae kula mengabaikan kanca ingkang mengolok-olokipun kula. setunggaling dinten kula matur nuwun kalih[dhateng] guru ingkang milujengaken[NYUGENGAKEN] gesang[SUGENG] kula.

12. ACARA ULANG TAHUNKU

Minggu wingi aku ulang tahun umur 9 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngudang kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 15.Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno. Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku juga bakal dihias gawe balon-balon lan pita sing katon apik lan meriah. Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi. Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut.Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lan sepatu. Acara kasebut berjalan dengan meriah. Momen iku ora bakal iso tak lalekne.

Nama : Feriansyah

Kelas :X TKR 3

13. Lomba Cerdas Cermat Sekolah

Nang dina sabtu pas mulih sekolah ana pengumuman babagan arep dianakne LCC utawa “Lomba Cerdas Cermat”, sing arep dianakne dina senin lan panggone neng lantai dhuwur. “Farah, kepiye miturut kowe, kowe arep meloni lomba kuwi ora?” Dafi ngesem, “Miturutku sih lomba kesebut menarik uga sih”, kondho Farah sing banjur mlaku nuju kancane “Dafi, kepiye yen kowe melu lomba kuwi?

Ya ora kanca-kanca”, Dafi lan Farah lungguh “iya aku lan Maya setuju karo usulan Dafi kuwi”, Lia lan Maya njawab barengan “Ehmm, yawis lah aku tak melu lomba kuwi”, Farah ngesem “Nah ngunu, kuwi lagi kancane awake dhewe”, Dafi ndeleng Farah “Eh kanca-kanca awake dhewe menyang perpustakaan yo”, Farah ngajak kabeh kancane “iya yo aku uga pengen maca buku”, kabeh kancane njawab karo barengan.

Farah lan kabeh kancane menyang perpustakaan sekolah, neng tengah dalan Rere pengen lunga menyang toilet “eh Ana aku arep menyang toilat sedhela ya, aku wis ora kuwawa ki” Rere jaluk izin marang Ana “haha, iya cepet menyang toilet kana” Ana nggumuyokake Rere “nuwun ya”, Rere mlayu karo cepet nuju toilet, banjur Farah lan kancane lunga menyang perpustakaan meneh “akhire nganti uga neng perpustakaan”, kondho Dafi marang kancane kabeh lan dheweke banjur nggoleki buku-buku sing pengen diwaca

“Ana, yen kowe arep nggoleki buku, kowe dhisikan ae soale aku pengen nggoleki buku cerito dhisik”, Farah mlaku nggoleki-golek buku sing lagi digoleki “iya aku uga pengen nggoleki buku Matematika”, Ana nuli ngesem lan Dini, ngira uga nggoleki-golek buku cerita bahasa jawa kanthi tema pendidikan sekolah dan persahabatan. Rere sing mau menyang toilet mau banjur bali menyang perpustakaan meneh, neng tengah dalan dheweke ndeleng cah wedok sing ayu lan wedok kuwi nuli nyeluke.

14. JUDUL:IKI KEADAAN ALAM ING DESAKU

Desaku iku isih asri.wit witane isih akeh.ing desaku ana kali gedhe sing isih, amarga saban Minggu di resiki menyang sak desa.ing kene wong wong pada molah bakti lan gotong royong tanpa olih duit.

Aku seneng iso tinggal ning kene.

15. JUDUL SAHABAT KANG BECIK.

Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Inda sing wes gak melbu sekolah ono seminggu. Jare konco-koncoku si Inda iku loro tipes, terus aku due ide urunan gae gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Inda. Aku lan koncoku liane numpak sepedah bareng mergakne omae Inda ugo gak adoh tekan sekolahan.

Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban sepedahku kenek paku. “Do, pedahku kok kroso aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Dodo !! “Lha emange konopo?” jawabe Dodo. “Sek jajal mandek tak delok e disek”, balesku. Terus aku karo Dodo jajal mandek gawe ndelok pedahku sak temene kenek opo, Sementara konco-koncoku liane budal disek gak enek sing eruh. Mbasan di delok, tibak e pedahku kenek paku lan ban e gembos ora iso ditumpaki.

Akire aku dikancani Dodo nuntun pedah goleki tukang tambal ban. Amergo posisi pas kui tibak e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana nitipke sepedahku ing omae salah siji warga cedak kunu. Terus aku di gonceng Dodo nyusul koncoku sing wes podo budhal disek menyang omae Andi. Aku matur suwun banget karo Dodo, amergo Dodo salah sijine sahabtku kang becik atine. Dodo gelem mbantu koncone pas lagi kesusahan. Setelah kedadean kui aku maleh akeh sinau tentang artine persahabatan.

16. Cerito meniko ingkang asmane Gatotkaca. Piyamba ipun kagungan Romo Werkudara tansah Ibu Dewi Arimbi.

Gatotkaca asmane kondang ing kawulo mudo mergi parasipun bagus lan mumpuni. Ing sajero ningurip, Gatotkaca tansah abot ing sanggane urip katah lelakon pait lan tansah wonten ing peperangan. Amergi Gatotkaca tansah pinaring kemenangan ingpeperangan nyebabaken musuh mboten remen lan sengit maring Gatotkaca.

Amergi sengit dumateng Gatotkaca, lawanipun gadah niat mateni Gatotkaca.

17. SAHABAT KANG BECIK

"Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Inda sing wes gak melbu sekolah ono seminggu. Jare konco-koncoku si Inda iku loro tipes, terus aku due ide urunan gae gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Inda. Aku lan koncoku liane numpak sepedah bareng mergakne omae Inda ugo gak adoh tekan sekolahan.

18. JUDUL:BUAYA LAN KANCIL

Ing sawijining dina, ana kancil mlaku-mlaku ing alas golek pangan. Amarga dhaharan ing sakiwa tengene omahe wis suda, kancil banjur nggoleki ing njaba dhaerahe.

Ing dalan, dheweke kudu nyabrang kali sing dienggoni baya sing akeh banget. Kancil mikir sedhela, banjur nyedhaki pinggir kali.

"Hei baya, wis mangan awan?" pitakone kancil kanthi swara banter.

Ora let suwe, ana baya metu saka lumahing banyu, "Sapa sing bengok-bengok ing wayah awan iki? Iku mung ngganggu turu."

"Heh kancil, meneng wae! Yen ora, mengko tak pangan kowe," ujare baya liyane.

“Kula mriki badhe ngaturaken piweling saking raja wana, supados kula sampun ngantos dhahar rumiyin,” wangsulane Kancil.

“Ana apa si kancil, ayo diomongna cepet” jare baya.

"Oke. Raja wana ndhawuhi kula ngetang cacahipun baya ing mriki. Raja wana kersa paring kado dhateng panjenengan," kandhane kancil.

“Dadi saiki, telpon kanca-kancamu kabeh,” sambunge.

Krungu kuwi, baya kuwi seneng banget lan langsung ngundang kanca-kancane kabeh supaya padha baris ing lumahing kali. Nanging, kabeh mau jebul mung diapusi kancil.

Kancil mlumpat ing mburine baya nalika ngitung. Kanthi pinter, kancil langsung budhal sawise ngetung baya pungkasan ing ujung kali. Akhire kancil kasil nyabrang kali lan uwal saka cengkeraman baya kang luwe.

19. Nama:Relo hidayat

Kelas:X TKR 3

SALAH PERSEPSI

Petruk olih akeh bonus sing bos e. Duite terus digunakaken kanggo liburan ning terminal sumedang Petruk ganti bis anyar pas manjing bis, Petruk langsung dodok.

Terus ana wong lanang manjing terus jerit-jerit "nangkana, nangkana, nangkana" Petruk ngirane wong kuen iku kondektur bis e deweke terus pindah nang dikongkon wong lanang anyar mau. Petruk sing keder ngira tempat mau wis dipesen uwong akhire deweke pindah ning guri.

"Nangkana, nangkana, nangkana" Jare wong lanang mau maning. Petruk sing mengkel terus takon ning takon ning bapane iku.

"Pak, reang ku wis pindah-pindah tapi masih dikongkon pindah bae, apa bis kien kebek apa priwe? " Takon petruk.

"Lah nang, ngomong apa ya? Pen nangka? " Jawabe wong lanang mau karo nyodoraken bungkusan plastik bening isi buah nangka. 

"Ora, pak kesuwun. Kula sing salah." Jare petruk karo nahan isin.

Bokat petruk mah "nangkana" Sing diomong wong dagang mau artine "disana" Dalam bahasa Jawa. Padahal lamon ning bahasa Sunda, si wong danang mau iku lagi nawaraken dagangane ya iku buah nangkanya.Ana-ana bae.

20. JAGO BANGKOK

Ibu Ninik Suwandito, sesasi kepungkur mengeti dina ulang taune kang kaping patangpuluh pitu. Sepuh durung, nanging uga wis ora disebut mudha. Diupamakke ubenging srengenge, lagi jam siji awan. Uwis wiwit gumlewang mangulon, nanging panase isih krasa sumelet. Srawung karo sapa wae kepenak. Kumpul karo priyayi sepuh ora katon mudha, kumpul karo wong enom ora katon sepuh. Iku mau keluwihane Bu Ninik kang ora liya ibu kandhungku dhewe kang banget tak bekteni, Ian tak sayangi.

“Wis tinggalen, Buk. Kuwi tak tandangane. Nek mung nyayur sop wae, aku pinter. Iki wis jam pitu, engko ditinggal Bulik Indarto,” ujarku marang Ibu kang lagi utheg ing pawon.

“Oke, sayang.. mengko aja lali nggoreng tempe gerit karo gawe sambel lombok abang,” wangsulane Ibu saka kamar, salin ngagem clana training biru, warna favorite.

21. Tepang Tahun

Minggu wingi aku ulang tahun umur 11 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngundan kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 25. Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno. Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku juga bakal di hias gawe balon-balon lan pita sing katon apik lan meriah. Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi. Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut. Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lepak lan sepatu. Acara kasebut berjalan dengan meriah, momen iku ora bakal iso tak lalekne.

22. Assalamualaikum saya Muhammad zafir azik

GRUSUK GRUSUK

Ceritane kih cah,lagi bengi jumat,reang karo bature reang sing arane Roni balik sekitar jam rolas bengi reang balik mambane karang lan umah suwung,reang kuh cah wis deg degan ning guri kuh kaya ana sing meluni,ana mambu mambu sing blenak tapi reang karo Ronikuh terus melaku dagah mung siji sijine dalan go balik,waya leba karang kuh cah ana suara grusuk grusuk anteng payah dadi kuh reang kaget pada bae ronigah terus siRoni iku ngomong "jage woy ikih gede payah nambah parek"wis parek kuh cah reang kaget "jebag"reang tangi cah lailah mau kuh cuma mimpi

23. Guru dan Murid

Tertawa, Cara Sehat yang Murah & Kaya Manfaat

Ilustrasi tertawa

Isuk iku pelajaran bahasa inggris. Putro koyo biasane manggon mburi karo ngemuti pensil. Bu guru nunjuk Putro kon jawab pertanyaane.

Bu guru : Putro cobo jawab boso inggrise pintu opo?

Putro : Door bu

Bu guru : Nek boso inggrise mbuka pintu?

Putro : Open the door bu

Bu guru : Terakhir boso inggrise pintu ra dibukakke opo put?

Putro : Gedoor-gedoor bu

Koncone Putro do ngguyu mergo Putro jawab koyo ngono pas ditakoni bu guru.

Cerita ini menceritakan tentang seorang anak bernama Putro yang diberikan pertanyaan oleh gurunya dan dijawab dengan jawaban yang membuat teman-temannya tertawa. Bahasa inggris pintu = door, bahasa inggris buka pintu = open the door, bahasa inggris tidak dibukakan pintu = gedoor-gedoor.

24. "PREIAN SEKOLAH"

Ora kroso minggu ngarep wes preian sekolah sing suwene ono seminggu, aku lan keluargaku duweni rencana bakal dolan menyang griyone kakungku kang ono ing deso tandan sari. Desone kakungku terkenal ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo. Perjalanan teko omahku menyang omae kakungku butuh wektu 4 jam.

Mari sholat subuh aku wes semangat adus lan nyiapne klambi ganti selama liburan ing kono. Gak lali ibukku juga nyiapne bekal dige selama perjalanan. Akeh pemandangan kang apik amergo perjalanan menyang omae kakungku ngelewati gunung lan hutan.

Aku lan keluarga budal teko omah jam 7 esuk numpak mobile bapak. Selama perjalanan aku lan bapak akeh crito tentang pengalamane bapak pas jeg cilik nek omahe kakungku. Aku maleh duwe rencana pengen dolan nek kali, sawah lan kebon e kakung.

Ora kroso crito ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan tibak e ameh tekan omahe kakungku. Kakungku ketok wes siap ngenteni nek ngarep omah karo wajah e seneng banget karo katekananku. Aku salah siji putune sing di sayang. Selama nek omahe kakungku, aku di ajak dolan menyang kali, sawah lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah nek desone kakungku.

25. NAMA : RIYAN RAMDANI

KELAS :X TKR 3

JUDUL : KUPU-KUPU LAN SEMUT 

    Ana ing salah sawijining alas ingkang rengked, kewan-kewan urip kanthi tentrem. Kewan-kewan iku kayata semut, gajah, macan, manuk, badak, kupu-kupu, lan liya-liyane. Ana ing salah sawijinging dina, ana badai sing gedhe banget. Badai kuwi teka, saengga gawe panik kabeh kewan ing alas mau. Kabeh kewan panik lan mloya-mlayu kanthi keweden kanggo ngindari badai kuwi.

Dina sesuke, srengenge njedul kanthi sumorot kang gawe anget lan manuk-manuk padha ngoceh kang gawe endah dirungoke. Nanging opo kang kadadeyan? Akeh wit-witan ing alas mau padha rubuh kang nggawe alas mau dadi alas kang ora rupa wujude.

    Ana kepompong kang lagi nangis lan sedih merga wit-witan padha rubuh. “huu..huuu…kita dhewe sedih banget, ana badai lan saiki ora ana papan kanggo ngiyub…huuu…huuu…” tangise kepompong karo nggrenyem werna-werna.

    Seka ngisor lemah, ana semut nongol lan kanthi dumeh dheweke ngomong, “hai kepompong, delenga aku, aku slamet seka badai wingi kae, ora kaya kowe kang ana ing ndhuwur lemah, deleng awakmu, kowe mung bisa nempel neng wit sing rubuh lan ora bisa slamet seka badai.” Omonge semut kang dumeh banget.

Semut saya dumeh lan terus ngomong kaya kuwi mau marang kabeh kewan sing ana ing alas , nganti tekan salah sawijining dina semut mlaku ana ing ndhuwur endut (lumpur hidup). Semot ora ngerti nek dheweke mlaku ana ing nduwur endut kang bisa nelen lan narik dheweke mlebu ing njero lempung.

“tulunggg….tuluuuuuung…..aku kejebak nang nduwur endut…..tuuullluuungg,” semut njaluk tulung. “kayane kowe lagi kesusahan yo, semut?” semut ndeleng ndhuwur lan nggoleti asal suwara mau, lan jebul suwara mau asale saka Kupu-kupu sing lagi mabut ana ing nduwur endut mau.

“Sapa kowe?”pitakone semut kang lagi bingung. “aku iki kepompong sing wektu kae dieloke kowe.” Jawabe si Kupu-kupu. Semut ngrasa isin banget lan njaluk tulung Kupu-kupu nulung dheweke seka endut. “ Tulungi aku Kupu-kupu, aku njaluk ngapura wektu kae aku wis dumeh megra bisa slamet seka badai mung jalaran umpetan nang ngisor lemah.” Si Kupu-kupu ahire nulung Semut, saengga Semut slamet lan Semut janji, dheweke ora arep ngeloke kabeh mahkluk gaweane Gusti Allah kang ana ing njero alas.

Nah, piwulang kang bisa dijupuk seka dongeng ing nduwur yaiku, dhewek kudu ngormati lan ngasihi kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh. Intine kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh kudu dikasihi lan ora kena ngeloke mahkluk liyane.

26. BEBEK EMAS 

dahulu kala,ana wong tani miskin urip karo bebek lan terkenal wong solot, trus wong tani njaluk donga ning kang kuasa kongkon dadi sugih, trus doane pun terkabul lan bebek sing di ingune ngendoge emas unggal dinane, wong tani kien dadi sugih tapi dadi males, saking malese wong tani pun pengen nyembelih bebek nang saking malese ngemet ndoge bebek unggal dina, bebek pun dadi mati trus wong tani pun sekiene dadi mlarat maning.

nama:DEFARID 

kelas:X TKR 3

27. Nama : Ade rahayu 

Kelas : X 

Jurusan : TKRO 3

Sekolah : SMKN 1 LELEA

HOBI KEHALANGAN RESTU WONG TUA

Lagi kaan ana bocah due hobi . Hobine iku latihan silat gal dina bocah kuun ngapalna  materi sing dipai kambir wis apal Ning latihan . Sebut Bae arane Tasya  .

Sampe ana informasi bahwa ngko bakal ana latgab ( Latihan gabungan ) klan desa sejen yaniku latgab LAN desa ujung jaya .

Saking senenge Aletta  Ning silat Aletta ijin Ning wong tuane lamon pengen Melu latgab Ning desa ujung jaya serombongan bareng Batur Batur barang jare wong tuane . 

( WONG TUA ) : " Sirah bocah wadon arep apa Melu Kayakonon ."

( Aletta ) :" yah mah  kitane pengen Melu lumayan mah bisa nambah pengalaman LAN olih Batur anyar . Kader miange gah LAN Batur Batur LAN pelatih ora dewekan kita seneng Ning silat mah pengen dadi atlit ."

( WONG TUA ) :" Ngomong Bae bocah masih cilik Bae kader Sirah kuh Dau SMK gah Dau manjing . Aja Melu maning kah delengen kaan mah bagen bocah lanang ora Melu Kayakonon maning . wong pengen olih pengalaman mah ko pas wayah kerja pengen dadi atlit atlit apa sekolah Bae sing bener molah kone ambir seneng .

 Aletta  akhire sukikine warah Ning wong tuane lamon arep latihan silat Ning sekolah padahal bocah kuun arep Melu latgab Ning desa ujung jaya LAN Batur bature . Aletta  pun miang LAN Batur bature barang ana bature sing Ban motore bocor akhire sih bocah wadon kuun ngalap motor Ning umah warahe balike laka bature kone ndagah bature ban motore bocor . Aletta akhire gawa motor dewek sing umah .

( BATUR BATUR )  :" Ayu mba miang wis ana motore wis pas ."

( Aletta  ) :"Ayoh keburu sore"

Akhire Aletta kuun teka Ning tempat latihan barang pas wayah istirahat Aletta dipai weruh Nang pelatihe lamon mboke sewot sewot Yen Aletta Melu latihan ning desa ujung jaya tanpa warah dikit Ning wong tuane . 

    Aletta pun nyeritakaken kisahe Ning ketua ranting klan nangis  . Akhire ketua ranting iku ngomong Ning pelatih sing ngelatih Aletta Soke ngomong Ning wong tuane lamon Aletta masih semangat latihan  aja diumbangi klan ijinaken latihan maning.   Aletta balik klan dianter Batur bature   LAN pelatih nganter Aletta ,  tekang umah .

      Pas Aletta balik wis teka Aletta manjing Ning umah wayah manjing umah . Aletta di Tempiling Nang wong tuane Ning adepane pelatih LAN Batur bature . Aletta nangis terus wong tuane metu Ning Jaba LAN warah Ning pelatihe Aletta. Lamon Aletta ora olih Melu maning Ning silat selawase jeh pelatih iku ngomong tak serahaken maning Ning Aletta  bokat Aletta badeg jeh ora gelem ngerewangi terus pelatih iku balik LAN Batur bature Aletta  .

  Akhire Aletta sampe sekiin ora olih Melu latihan maning padahal Aletta seneng pisan Ning silat LAN due kepengenan pengen dadi atlit .

       Akhire Aletta harapane pupus Kabeh laka harapan maning . Harapan pengen dadi atlit ora kesampean Nang hobine  kehalang restu wong tua.

"Kisah ini diambil dari kisah nyata ."

28. ASAL USUL DADI BENGKEL ELEKTRONIK

Asal usule kita kuh dadi bengkel Nang gara gara pas waktu SD, kita di ajari elektronik Ning kakange kita, pas pertama di ajari dasarane dikit, nah kita kuh dasanane di Pai weruh, listrik AC, lan DC, nah jare kakange kita kuh baka listrik AC, kuh Jeh jare mah perbedanane di emeke kuh nyetrum karna sing listrik PLN, sejene DC, jare kakange kita mah Jeh baka DC kuh di emeke ora nyetrum Nang listrike kuh masih cilik, nah kuwen sing di arani perbedane AC lan DC, nah terus kuh kita kuh wis ngarti Ning bangsa listerik Endi sing DC Endi sing AC, nah terus kuh kita kuh cuman iseng doang beneri kipas angin tapi sing herane kita kuh kita ora nyangka Yen bakalan bener barang kuh tak beneri kuh malah bener, nah pas kuwen kuh ana tetangga kita jare mah kipase rusak pengen di beneri Ning kita tapi kitae kuh masih ora yakin Yen bakalan bener lan ora barang kuh kita kuh, yawis mene di jajal Bae bokat Bae bener nah pas kuwen kuh kaberane bener nah, pas kuwen kuh kita wis kepikiran arep buka bengkel Bae lumayan kanggo sedinae belanja nah pas kuwen kuh kita buka bengkel lagi SMP sampe sekiyen.

Assalamu'alaikum pa ini tugasnya TARWINDA kelas TKRO 3 maff pa baru mengumpulkan soalnya gada kuota pa pas waktu ituh maff kalo ada yang salah perkataanya👏

29. BOCAH NAKAL

              Ceritane kih ana bocah, bocahe Lanang, duwure yaa sedeng lahh, sing arane Rahmat Udin. Bocahe kihh nakal....pisan, sapa Bae gah pasti weruh sing aran Udin kih bocahe nakal.

          Ning sekolah Bae sering pisan bulak-balik ruang BK, dadi murid kesayangane guru BK, tapi bocahe kih ora kapok-kapok ya emang dasare bocah nakal sih priben.

          Nah barang ana dina si Udin kih bolos sekolah, balik meng umah, si bocah kien ai numpak motor kebut-kebutan Bae Ning dalan, ya biasalah anak muda ai ora kebut-kebutan Ning dalan ya Dudu bocah enom arane, Ning dalan Udin ana sapa Bae pasti dibebeda sing gede/cilik, tua/nom, Lanang/wadon pasti dibebeda.

          Ning dalan udin lagi enak-enake nyetir motor, Ning erepe ana mobil siji ora weruh maning ora ngesen ora apa tiba-tiba mobile kih menggok. Udin sing mone gapan nyalip ora sida Nang gara-gara mobile langsung menggok, malahan nabrak guri mobil*Brakk*

          "Aduhhh..!" Si Udin keplanting mbuh mendi, Nang saking santere Udin numpak motor."Woyy mobil ketek menggok bli ngesen!!" .Udin sewot ora terima, wong-wong sing ana Ning Kono pada nulungi Udin, ana sing nggawa motore ana sing mbopong Udin, barang Nang wong-wong langsung digawa Ning puskesmas.

          Singkat ceritane si Udin kih ngalami patah kaki sebelah tengen. Dengkul, tangan pada bungsut kabeh, ws diobati kabeh ws diperbani tapi ya si Udin kih ora bisa lunga dipit Nang gara-gara sikile tugel.

          "Mulane nang... Dadi wong kuh aja kadingalem diwarahi wong tua aja ngebut-ngebut Ning dalan ai numpuk motor, ya kih olihe rusak awake yorah". Mboke Udin lagi ngomongi anake panjang lebar ngwarahi. Ehh, tiba-tiba ana wong teka, ternyata gurue Udin. Wali kelase "Ehh?ibu guru e Udin, mangga Bu dodok dipit". Si ibu guru dodok Ning pinggire Udin, ndeleng keadaane Udin trus langsung geleng-geleng kepala"Lahh ya Din temenan kinih dadine" ucap si ibu guru "iya Bu.."jawab Udin "Ibu lebih melas Ning Ira Din teruse ora ketemu maning Ning sekolah, uws ora dadi wali kelase Ira maning"

 "Lahh nangapa Buu kan cuma sedelat nambani sikil trus sekolah maning?" Kata si Udin bingung, ibu guru tiba-tiba ngenekna amplop warna putih mbuh apa isine, dibuka isine surat waya dibaca ternyata surat pengeluaran murid.

 "Lahh Nang.. Ira ditokaken sing sekolahan nangapa dadi mengkenen" Mboke Udin ngomong bari nangis, ternyata Udin dikeluarna sing sekolahan ibu guru mono cuma garel ngenekna surat Bae. Udin cuma meneng bae Nerima keadaan garepan nyesel ws terlanjur mengkenen.

Assalamualaikum bapa, ini pa cerpen punya saya Atik Ramona dari kelas X TKR 3🙏

Terimakasih

Post a Comment for "KUMPULAN DONGENG INDRAMAYU"