Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

BAHASA DAERAH CERBON_DERMAYU KELAS 10 SMA/SMK/MA

A. Tema Pidato

Modul buku bahan ajar  !


Ning Wulangan 1 siswa diajak nyusun lan nyampekaken téks pidato pas bari kaidah-kaidah lisan lan tulisan. Séjéné siswa mahami téks pidato, siswa uga bisa njelasaken tujuane pidato.

1. Pidato
Sing diarani pidato utawa sesorah yaiku ngomong ning arepe wong-wong kanggo nyampekaken gagasan upamane :
a. Ulang taun
b. Pringatan dina dadiné kota/daérah
c. Kelulusan, unggah-unggahan, perpisahan sekolah.
d. Upacara adat, pagelaran kesenianlan séjén-séjéné.

Tujuan Pidato :
a. Ngupai pandangan utawa pengerten apa sing dipidatokaken.
b. Mbagi kesenengan utawa melu ngramekaken upamane ulang taun.
c. Melu nyekseni lan ngupai semangat kekerabatan keluarga.
d. Gawe bungah kanggo sing lagi dipestakaken.
e. Njelasaken maknane pidato.

2. Conto Pidato
Conto 1: Pidato Ulang Taun
Catetan : baguse téks pidato wis di CD/Kaset/Flashdisk-aken. Dadi siswa bisa nyimak bari ngrungokkaken téks pidato.

Ning kegiatan iki siswa mahami lan dianjuraken maca lan nyimak conto téks piato sing lagi dirembug ning kegiatan belajar mengajar, guru nunjuk salah sijine siswa kanggo maca téks pidato sing wis disediyakaken.

Assalamu’alaikum Wr.Wb
Para pinisepuh ingkang kula hormati
Bapak ibu tiyang sepuhipun adik Casdiwan ingkang kula
hormati
Adik-adik batur-bature Adik Casdiwan sing tak trésnani.

Ingkang kaping setunggal, mangga sareng-sareng muji syukur dateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi kanugrahan, arupi kewarasan, kenikmatan saengga kula sareng panjenengan saged kumpul téng tempat niki kanti wilujeng boten alangan setunggal punapa.

Ingkang kaping kalih kula aturaken dumateng Nabi Agung Muhammad SAW, sareng keluarganipun, sahabat-sahabatipun, pengikutipun nganti akhir jaman.

Ingkang kaping tiga, kangge adik Cardiwan putranipun Bapak Carma sareng Ibu Carningsih, dinten puniki ulang taun ingkang kaping sekawan welas.
Sederengipun bade kula jelasaken acaranipun inggih punika : 
1. Pembuka, 
2. Do’a, 
3. Sambutan wakil saking tiyang sepuhipun, 
4. Prosesi ulang taun kalajengaken dahar kempal bogana, 
5 adicara ingkang pangkasan inggih punika do’a penutup.

Mekaten para rawuh rancanganipun adicara maharaya ulang taun /tanggap warsanipun Adik Cardiwan. Sinambi nunggu sedayanipun mangga para rawuh, adik-adik sedaya dipun diaturi nyicipi dedaharan ingkang sampun dipun siyapaken wonten ngajeng panjenengan sedaya. Kesuwun.

Conto 2: Pidato Dinten Kemerdékaan Indonésia
Assalamu’allaikum Wr.Wb.
Bapak Kepala Désa Sindang ingkang kula hormati
Bapak-bapak Perangkat Désa Sindang ingkang kula hormati
Bapak, Ibu pimpinan sareng anggota BPD ingkang kula hormati
Bapak ketua RW, RT, Sesepuh, Tokoh masyarakat ingkang kula hormati
Rencang-rencang pemuda-pemudi Karang Taruna Prestasi ingkang kula banggaken.

Puji syukur kula aturaken dumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampung paring kanugrahan saged ngumpulaken kawula sedaya, winengku téng raos seneng, sehat mboten wonten alangan setunggal punapa.

Kula sedaya kempal wonten teng Bale Désa Sindang ing dalu punika nyuwun ijin pengurus Karang Taruna Prestasi, ingkang sepindah kula aturaken Wilujeng rawuh Kanggé para Rawuh sedaya, amargi panjenengan sedaya kersangrawuhi pentas seni karang taruna prestasi, kanggé mengeti ambal warsa utawi Ulang Tahun Kemerdékaan Republik Indonésia ingkang kaping 68, 17 Agustus 2014.

Kula ngaturaken agung panyuwun dumateng para rawuh sedaya, amargi sampun paring kawigatosan, iguh praikel, sumbangan pemikiran, dumugi anto sareng sanes-sanese supados saged susesipun adicara téng dalu punika. Mugi-mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung paring lintu utawi pinwales ingkang langkung kanggé para rawuh sedaya. Aamiin.

Para tamu ingkang kula mulyakaken, susesipun adicara téng dalu punika amargi angsal sih nuarahanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ugi amargi saking raos cipta, rasa ugi kersa para warga Dusun Sindang ingkang guyub punika. Sekedap malih para pemuda sareng para warga , minangka dutanipun seni saking saben RW bade ngetingalaken kesagedane, ing antawisé nabuh gamelan, nembang lagu-lagu daérah, njoged topéng, maos guritan, nembang macapat, jogged dangdut, sareng olahraga basket, poli, sareng gerak jalan.

Ingkang selajenge panajud utawi pangalembana kula suwung saking panjenegan sedaya, minangka catetan supados saged nyempurnakaken Kanggé kegiatan taun ngajeng langkung sae malih. Amargi téng kegiatan seniki kula nggadahi tujuan, supados adicara puniki dados sarana kiprah ingkang langkung sae Kanggé tali supados tambah reket utawi guyubipun warga. Sanese saged ngerti ngalaken kemampuanipun, ingkang paling utama saged nebihaken serawungan ingkang boten sae, ugi sampun ngantos kesrimpet dating miras utawi narkoba.

Akhirulkalam, sedaya atur bilih wonten kelepatan ingkang sengaja utawi boten sengaja kula warga Karang Taruna Prestasi nyuwun agunging pangapunten.
Wasalamu’allaikum Wr.Wb.

B. Nyatet Tembung-Tembung Angél

Tembung-tembung bebasan utawa tembung anyar siswa durung ngerti artiné catet ning buku latihan, didiskusiaken bari baturbature siswa, baka bli bisa njawab tembé njaluk tulung bari guru bahasa lan sastra carbon dermayu, utawa ngoléti ning kamus.

Post a Comment for "BAHASA DAERAH CERBON_DERMAYU KELAS 10 SMA/SMK/MA"