Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

SOAL LATIHAN BAHASA DAERAH

wayang kulit purwa

Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana !

1. Pawarta kang ditujokaken kanggo umum, kang surasane nyukani pangerten sawijining prastawa diarani ….

a. Layang
b. selebaran
c. wara-wara
d. kanda
e. majalah

2. Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….
a.Brosur
b.iklan
c.Majalah
d.sayembara
c.Lelayu

3. Wara-wara kang surasane nawakaken sawijining barang utawa papan diarani ….
a. Brosur
b. iklan
c. Majalah
d. sayembara
e. Lelayu

4. Wara-wara kang surasane andon sadean barang atanapi jasa,  diarani …
a. Brosur
b. iklan
c. Majalah
d. sayembara
e. Lelayu

Kangge nomer 5 sampe 7

5. Enake seklenteng blenake saendeng–endeng
Jagat lagi anyeb, sepi nyanyet. bengi kuen reang bli bisa turu, ana suwara pating sliwer mung jangkrik lan curut gentenan, suwarane ambal-ambalan, arang - arang manuk Cangak pating koak kayae nambah sumeb lan anyeb, ora enak dirongokakene. Udan ngricik gawe rentege ati. Sing awit sore jondol ning pinggir tanggul iku sepi nyanyet. Langka suwara wong ngakak gemuyu, langka ngglendenge ngobrol ngalor-ngidul bocah nom. Aran sepi kuh bener-bener nyanyet. Jagat wis bengi, reang ngempis bae ning pago arep, ya ora enak ari beli bari udud kuh. Njentul delag-deleg dewekan kaya wong ora kanggo. Jam rolas jagat nambah atis. Kaya-kaya angin nyiwiti awake reang kang tipis.

Hmmm… wis lah manjing umah bae. Reang nylingker ning seduwuring kasur jero kang wis lemes lan mambu ompol anakan. 

“bli pranti-pranti deweke bengi kien ora klayang-kloyong.” Jare rabine reang. 

“bli kiyeng” bari rada getting. 

“bli kiyeng tah lagi bli duwe udud?” takon bari rada nyindir.

“keloro-lorone ya bener” jawabe reang bari manyung.

“ya los kah tuku Apace atawa Wayang, duwite ana sepuluhewu ning duwur pedaringan bokat ana warung kang masih buka, endahora kanggo sukiki sangu jajane Misel lan Nopal sekolahe priwe”.

Reang waktu semono sadar yen reang kuh wong mlarat. Nangis sejeroning ati. Kanggo mangan bae gah langka ditambah-tambah matek ngudud sing gawe watuk lan ngotori jagat, wangine lemah kegrigisan robah dadi mambu puput udud, nylebreng kaya menyan pejaratan.

Saniki tobat beli arep tangkrang-tongkrong, adad-udud, lan nglamun kang langka gunane, reang kudu solot menggawe supaya anak keluarga kecukupan. Cukup raup sengsara mung reang. Njakal bengen beli sekolah. Kien janjine reang arep nyekolahaken anak sampe Sarjana.

Amanat karangan teng inggil yaniku……………………..
a. Jondol ning pinggir tanggul kudu diopeni
b. wong mlarat kudune ora udud
c. dadi wong tua aja kepenake dewek, kudu mikir kebutuhane anak lan keluarga.
d. Aja ngotori jagat
e. Kebutuhan wong tua pirang-pirang

6. Ukara ingkang wonten antonime yaniku …
a. jam rolas jagat nambah atis
b. ana suwara pating sliwer
c. nylingker ning seduwuring kasur
d. langka nglendenge ngalor ngidul
e. nylebreng kaya menyan pejaratan

7. Gagasan utami teks teng inggil wau yaniku……………….. …
a. Reang waktu semono sadar yen reang kuh wong mlarat
b. Jagat lagi anyeb, sepi nyanyet.
c. Reang nylingker ning seduwuring kasur kang wis lemes lan mambu ompol anakan.
d. Kanggo mangan bae gah langka ditambah-tambah matek ngudud sing gawe watuk lan ngotori jagate
e. Njentul delag-deleg dewekan kaya wong ora kanggo

8. teks ngandap niki ingkang namine parikan yaniku……………………
a.Sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi
b.Cikedung dalane loyang, nganggo kudung beli sembahyang
c.Anak polah, bapa kepradah
d.Polah bapa kaji kaya endas gundhul diiliri
e.Wader kalen sesoderan, nyuwun pangapunten bilih kula gadah kelepatan

9. Sesambat………………..
Gonang apa sekolah
Sawah, karang ora kurang
Wedus lan ayam bebek pirang pirang
Wis aja sekolah sebab reang wong pilang

Kang kesebute akeh duit beruang
Wong pinter pirang-pirang
Dokter, tentara lan guru ora kurang
Duh arep sambat-sambat ning sapa

Sekien reang njakal beli bisa maca lan nulis
Wis tua urip sengsara sewayah-wayah

pesen teks guritan teng inggil yaniku……………….
a. sawah wayah panenan kudu dipaneni
b. wong sugih ora usah sekolah
c. kisahe wong tani ora usah pinter
d. ngajak pada sekolah
e. ngajak pada dadi dokter, tentara atanapi guru

10. Lamun arsa tulus nandur pari
Puwasaha sewengi sedina
Iderana galengane
Wacanen kidung iku

Sakehe ngama sami abali
Yen sira lunga perang
Wateken ning sekul
Antuka tigang pulukan

Mungsuhira rep-sirep tan ana wani
Rahayu ning payudan

Serat kidungan niku mlebet teng guritan ……………….
a. Guritan lawas
b. Guritan anyar
c. Guritan saloka
d. Guritan sanepa
e. Guritan parikan

11. Bonteng suri bature timun
Semangka gede isine
Aja sokat pikir ngelamun
Bokat disangka miring pikire

Teks teng inggil niku mlebet ………………….
a. Parikan rong gatra
b. parikan patang gatra
c. badekan
d. guritan anyar
e. guritan lawas.

12. Bocahe ora duwe pendirian, apa sing diomongaken ning uwong nurut bae, kaya……………………..
a. rajeg mangan tanduran
b. gedhe endase
c. kebo dikalungi
d. kegeden gludug langka udane
e. dawa tangane

13. Mang Dulloh uripe susah bae sebab kakeyan anak, kaya…………………………….
a. ula marani gebug
b. kebo kaboten sungu
c. wedus diumbar ning kacangan
d. banyu bening kena iwake
e. cecek nguntal rembulan

14. Sing awit cilik, reang ditinggal sema, reang dikualonaken lagi masih kelas siji SMP taun 1985 ning Lea, lulus SMA ning Losarang reang langsung ninggalaken desa Tempel, urip tetaunan ning Bogor kerja lan kuliah. Reang kepanjinge wong sobud, wis mah urip pas-pasan masih pengen kuliah. Akeh Perguruan Tinggi sing dilebuhi tapi langka sing lulus. Tembean kuliah ning UNPAK jurusan Sastra Inggris mung sampe semester telu.

Manjing maning ning Sekolah Tinggi Kesenian Gilang Kancana jurusan Teater mung sampe semester lima. Sebabe sering ditanggap bareng karo batur-batur sing jurusan karawitan, dadi kuliyahe beli kiyeng. Sing rada lawas yaiku kuliah ning Universitas Nusa Bangsa jurusan Pariwisata. Reang ning kene dadi rapih bae lan batur-batur kuliahe bersih-bersih. Allahamdhulillah sampe tutug. Lan masih akeh kampus sing dianjingi sampe semester siji giliran dijaluki bayaran ujian, mariyan.

Sewise Limalas taun reang ninggalaken Dermayu reang balik meng Tempel maning. Bagen bisa basa Sunda reang beli ninggalaken basa Dermayu. Sakiyen lagi kiyeng blajaran maning basa Dermayu. Sebab kien budayane reang, dadi kudu bisa. Mulane-mulane aja ilok lalawora sekolah, bagen bisa lan ahli ning bidang apa bae yen langka Ijasane percuma.

Karangan autobiografi teng inggil niku mlebet teng jenis……………………….
a. Deskripsi
b. Narasi
c. Argumentasi
d. Eksposisi
e. Persuasi

15. Urip kaya mrambat ning kayu bobo, sanepa/pepindaan iku artine……………..
a. beli gelem akur
b. langka wewedine
c. beli bisa diongket-ongket
d. kemantu ning wong mlarat
e. santer kemlantang

16. Enjing-enjing teng dusun Jambak wonten maling ketangkep.
Ngembangaken Krangka karangan warta ingkang sumbang yaniku …
a. Malingipun sampun diamanaken teng balai dusun
b. griyanipun mang Taslam wau dalu dibobol maling
c. masarakat Jambak ngrasa aman sesampune maling ketangkep
d. teng dusun Jambak wonten ngarot
e. Pulisi mbantu masarakat nggalakaken Siskamling

17. “Pantun” basa Dermayunipun…………………….
a. parikan
b. wangsalan
c. pribasa
d. sanepa
e. guritan

18. Ema, pupunden kinasih
Wis cunduk ning wancine
Lan ora kena dipungkiri
Kula kudu tolabul ilmi
Benjing bisa jembar pikir

Ema, pangapunten kula
Iklasaken kula lelampahan
Nyampak bagja mujur mulia
Ketemu karo raharja

Judulipun ingkang leres anggene guritan teng inggil niku……….
a. pandonga sembo
b. luruh ilmu
c. wongtua siji
d. njaluk pangapura
e. pandonga ema

19. Tumindake pa guru niku becik, saged kangge kaca benggalanipun kula. Kaca benggala tegese……………
a. tuladha
b. pengeling-eling
c. contho
d. kekaca
e. pengarep-arep

20. Menawi ………. kaliyan tiyang sepuh saene ngangge bebasan.

Ukara teng inggil supados sempurna kedah dipunlengkapi ngangge tembung………
a. wilujeng
b. wiraos
c. ngandika
d. nyuwun
e .nyukani

21. Saweg enjing kula kesah teng peken.
Ukara teng inggil menawi ngangge basa ngoko yaniku…………..
a. lamen esuk reang arep mangkat meng sawah
b. ari esuk reang arep miyang meng sawah
c. lagi esuk reang mangkat meng pasar
d. lagi wingi reang miyang meng pasar
e. lagi wingi reang mangkat meng pasar

22. Kaya ula marani gebug. tegese saloka wau yaniku……………..…
a. wong sing anake akeh
b. wong sing kudune njaga malah ngrusak
c. wong tuwa sing genau ning wong enom
d. wong sing beli sengaja luruh pegawean
e. wong sing akeh duite pasti akeh bature

23. Wilangan “4” menawi ngangge bebasan yaniku …
a. setunggal
b. kalih
c. sekawan
d. sedasa
e. gangsal

24. Sira dikongkon Kepala Sekolah ngupahi weruh ning pa Rudi. Yen pa Rudi kongkon marek meng kantor. Cara ngupahi weruh sing bener yaiku : …
a. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah sampean kedah nyaket teng kantor
b. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah bapa kedah teng kantor
c. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah jenengan kedah teng kantor
d. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah bapa kedah nyaket teng kantor
e. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah sampean sampun teng kantor

25. Tembang daerah saking Dermayu yaniku………………..
a. warung pojok
b. angon bebek
c. kawin paksa
d. sega jamblang
e. keduhung

26. Sunan Kali Jaga ngandhikanipun……………
a. Sugih bli rerawat mlarat bli gegulat
b. anggah ungguh kedah diangge sedina-dina
c. sun titip tajug lan fakir miskin
d. openana budaya becik
e. aja adigang adigung adiguna

27. Slogan atanapi tembung kangge iklan daerah ingkang tujuane bisnis, yaniku………

a. Wong dermayu pantang tawuran
b. Kartu as kartune wong Dermayu
c. Anak loro cukup, lanang atanapi wadon pada bae
d. Sekolah kang bagus….’ Ya ning SMK Lea.
e. Aja klalen ! pilih kang jujur.

28. Sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi, artosipun…………………
a. Anak kang gawe kesalahan wong tua melu kegawa-gawa
b. Paomongane wong tua bisa nyelakani, lan bisa mulyakaken
c. bagus blesake bakal katon dewek
d. wong kang duwe rejeki pasti akeh kang pengen mareki
e. melu mangane ora melu patungan

29. aja kaget urip ning dunya iku …………………, sekiyen sengsara, besuk seneng.
a. lir pendah
b. gilir gumanti
c. mulang wuruk
d. papa cintraka
e. sumbang surung

30. Ani baka wis dangdan…………………………. Widadari temurun sing kayangan.
a. gagah prakosa
b. mukti wibawa
c. tandang graying
d. setya tuhu
e. lir pendah

31. Bocahe sih beli ayu tapi …………………………. apa sing dienggo
a. lir pendah
b. gagah prakosa
c. gandas luwes
d. setya tuhu
e. tepa palupi

32. Senajan mlarat beli ngisin-ngisinaken. Pribasane………………..
a. becik ketitik ala ketara
b. diupahi ati ngrogoh empela
c. melu keprok ora tombok
d. garing-garing asal garang
e. beli tedeng aling-aling.

Kangge soal no. 33 sampe 36
Tradisi bersih desa utawa gorol dusun nganti tekang saiki isih tetep dilestarekaken dening masyarakat ing Gunung kidul.

Adicara kasebut dianakaken saben taun sepisan, sabubare mangsa panen. Rerangken acara niku ana kang dianakaken sacara gede-gedenan, ana uga kang mung prasaja. Kang baku wis kacakup kabutuhan utawa perlune. Maneka warna kesenian tradisional lumrahe digelaraken ing adicara wau. Ing antarane Reyog, Dhogeran, Jathilan, Wayang Kulit, Campursari, Ketoprak lan liya liyane.

Masyarakat tumplek bleg, melu ambyur ngregengaken. Sawernane jenis panganan melu dicawisaken kanggo ngramekaken tumekane acara niki ing desane dewek-dewek. Acara puniki ditindakaken duwe ancas minangka sarana caos atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa, amargi sasuwene setahun kepungkur wis diparingi kasarasan, keslametan, rejeki sarta diparingi asil panen kang murakabi.

33). Andaran ing ngisor iki kang minangka underaning rembug paragraf 1 ing nduwur !

a. Tradisi niku nganti tekan saiki isih tetep dilestarekaken masyarakat Gunungkidul.
b. Adicara puniku diadani ing saben taun sepisan sabubare mangsa panen.
c. Rerangken adicara diadani kanti cara geden-gedenan.
d. Maneka warna kesenian tradisional digelar ing adicara adat.

34). Rerangken adiacara adat ana kang diadani sacara geden-gedenan, ana uga kang mung prasaja.Tembung prasaja tegese …
a. katon moncer
b. apa anane
c. katon gayeng
d. guyub rukun

35). Manut wacan ing nduwur, kapan adicara adat niku ditindakaken?
a. Ing saben taun.
b. Saben taun sepisan.
c. Saben taun sepisan sabubare panen.
d. Saben taun sepisan nalika panen.

36). Apa ancas tujuwane tradisi niku ditindakaken?

a. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya tansah diparingi kasarasan, keslametan lan rejeki.

b. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep diparingi panen kang luwih murakabi

c. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep diparingi kasarasan, keslametan, rejeki lan panen kang murakabi.

d. Atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa amargi setahun kepungkur wis diparingi kasarasan, keslametan, rejeki lan panen kang murakabi.

SENI BATIK TRADISIONAL

Batik barang antik, batik bayarane setitik, ana pribahasa kletik-kletik wong mbatik olih setitik sing awit isuk tekan sore ndodok ning dingklik mbari ndamoni lilin kang ana ning jeroe Canting.

Puh... puh... puh... liline mampet bli metu-metu, cangkeme bari monyongaken ambir maleme ( liline ) metu. Seni batik wonten sing ngawiti jamane para wali, malah kangge seni gambare masih bagus –bagus jaman bengen di banding jaman kiyen nilai senie. Seni batik wis dikenal sing awit jaman bengen dugi jaman saniki. Mung bae bli kaya jaman kiyen, sekien wis tingkat internasional. Waktu kuen tahun 1960 an, batik kang disponsori GKBI (Gabungan Koperasi Batik Indonesia ), yaiku batik “ Budi Tresna “ kang wonten ning desa Trusmi.

Batik salah setunggale pun seni budaya wong cirebon bisa diarani ciri khas kang kudu dikembangaken lan dilestarikan. Sekaligus dadi mata pencahariane wong cirebon bisa diarani ciri khas kang kudu di kembangaken lan dilestarikan. Sekaligus dadi mata pencahariane wong cirebon, mung bae kula prihatin, ning pengrajin asale pengusaha kang ngeruk untung gede. Lamun bisa koperasi diuripaken maning, ambir pengrajin cilik ana wadae bli diperes ning pengusaha batik kang gede.

Wong Cirebon kudu bangga sebab sekiyen seni batik wis disenengi lan ngentren, sampe-sampe Presiden unggal pertemuan nganggo batik kabeh sing awit tingkat sor sampe teka ning wong pengagung , lan manca negara pada nganggo batik wong cirebon. Alhamdulilah berkat keuletan lan kegigihan wong cirebon. Kang ana ning Desa Kalitengah, Desa Trusmi lan Gamel, sekiyen Desa Trusmi wis dadi daerah belenja wisata.

Dideleng sing maceme, jenise, bentuke, due ciri khas dewek-dewek. Ana kang ning biru, mega mendung, kawung keraton , cirebonan, Taman Arum, Sawat Pengenten, Sido Mukti, Liris, Ukel, Masih akeh kang durung kesebut, kiyen nembe sebagian. Kangge generasi penerus coba bareng-bareng ngrawat lan nglestariaken supadaos saged ngurangi pengangguran.

37). Sesampune maca wacana sing wonten teng inggil sampena saget nyambut kesimpulane pun, dados wacana niku drebe judul punapa!

a. Membatik dengan cara tradisional
b. Gawe batik ning trusmi
c. Seni batik tradisional
d. Ciri khas cirebon

38). Wacana sing wonten teng inggil di wangun saking pirang paragraf ........
a. Telung paragraf
b. Patang paragraf
c. Lima parangraf
d. Nenem parangraf

39). Seni batik wonten sing ngawiti jamane para wali, ukara mau wonten teng...
a. Paragraf setunggal
b. Paragraf kalih
c. Paragraf tigo
d. Paragraf sekawan

40). sing awit tingkat sor sampe teka ning wong pengagung , lan manca negara pada nganggo batik wong cirebon. Coba sebutnaken Manca Negara niku artine punapa.............
a. Luar Negeri
b. Luar Bangsa
c. Luar Daerah
d. Luar Wilayah

41). Desa-desa sing wonten teng handap niki mlebet saking jenenge desa penghasil seni batik cirebon,Kecuali ...
a. Gamel
b. Trusmi
c. Kali Wulu
d. Kali Tengah

42). Supados seni Batik Cirebon mboten kenging diakui saking tiyang manca negara kedah hasil karya kiyambeke, kula kiyambek kudu sami-sami.....
a. Tumbas kang kata
b. Duwe batik kang macem-macem
c. Batik sing wonten kudu di simpen
d. Ngrawat lan nglestarikaken budaya batik

MAKMUR NING AJUR

………………..” mengko mbengi Mami arep kulak dagangan maring Bandung, Pap. Dadi Papi sing kudu njaga kiose. Eman-eman angger tutup, mengko rejeki atusan ewu ilang. Pokoke Papi kudu bisa ijin,” Omonge bojone tambah rosa, tur madan kesuh.

Sugeng ora semaur. Gagean motore distater terus diplayokna metu sekang ngumah maring sekolahan. Ora nganti seprapat jam wis ngutul. Montor diparkir, Sugeng mlebu kantor terus njagong. Garapane sing wes tumpuk undung ora disenggol acan merga pikirane putek kemutan polahe bojone sing tambah wani ngatur wong lanang.

Jane Sugeng ya jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supayane dadi kawus. Ning yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo tanggane. Mulane Sugeng trima meneng bae. Sing aneh, Yanti gemiyen lagi isih mlarat ngundange Mas maring Sugeng. Siki bareng sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora gelem karepe Mami.

43. Sekang pethikan cerkak nang dhuwur wateke Yanti yaiku…
a. Sabar lan narima
b. Ngabekti maring wong lanang
c. Jujur lan ngati-ati
d. Wani lan seneng ngatur bojone

44. Wacana sing duweni ancas kanggo aweh informasi babagan apa bae sing bisa nambahi pengetahuan/informasi maring sing maca lan sipatipun ilmiah utawi nonfiksi, iku wacana…
a. Deskripsi
b. Persuasi
c. Narasi ekspositoris
d. Narasi

45. Marsini : “Mas Nu, Mas Nugroho!”

Nugroho: “Ana apa Mbak?”

Marsini : “Njenengan iku awet nom ya, Mas!”

Nugroho : “Pancen aku rumangsane ya isih enom kok?, ha…ha, Lha njenengan arep tindak ngendi mbak ?”

Marsini : “Aku arep bali nyang Sragen Mas! Ning aku klebu wong dhusun, dadi saka kota Sragen ijih telung puluh kilometer maneh.”

Nugroho : “aku percaya yen panjenegan kuwi saka ndesa Mbak, ketara ayu.”

Marsini : “Alaah, ampun ngaten, mas! Wong kaya ngene kok diarani ayu. Terus sing elek kaya ngapa?”

Naskah drama nang dhuwur nggunakaken basa apa?
a. Krama Alus
b. Ngoko Alus
c. Krama Inggil
d. Ngoko lugu

46. Kegiatan maos puisi ingkang disertai gerak lan mimik ingkang sesuai sareng isi puisi kang dimaos disebat
a. Deklamasi
b. Puisi
c. Prosa
d. sajak

47. Putrane kakang atawa putrane adi niku di sebut punapa.........
a. Sedulur Misan
b. Misan Mindo
c. Ponakan
d. Peripean

48. Adie Bapa atawa adie ibu saking jaler jenenge nipun punapa......
a. Mamang
b. Bibi
c. Uwa
d. Kyai

49. Kang dijenengi anak kwalon yaiku punapa........
a. Anak kandung
b. Anak pungut
c. Anak haram
d. Anak tiri

50. Ratu Mas Rarasantang buru-buru ( nyususul ) kang Raka, Wacana sing wonten ting lebet kurung sing cocok sareng ukara niku punapa.....
a. Susul
b. Nyusul
c. Nusul
d. Musul

51. Blagbag kang putih ditulis karo … ning jero kelas.
A. pulpen
B. spidol
C. cat
D. kapur

52. Ibu-ibu sami … balitae teng posyandu.
A. mriyasaken
B. ningalaken
C. mendetaken
D. ninggalaken

Post a Comment for "SOAL LATIHAN BAHASA DAERAH"