Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

PUISI BAHASA INDRAMAYU_CIREBON

Ketelair Indonesia_ Salam literasi sedulur Dermayu_Cerbon, Kali ini admin akan mengemukakan beberapa puisi berbahasa Indramayu atau pun Cirebon semoga ini menjadi jawaban atas tugas_tugas sekolah juga sebagai pemantik semangat berbahasa daerah, Dan, sesungguhnya betapa indah bahasa Indramayu. Selamat menyimak !

sidum

Puisi Bahasa Cirebon

SIDUM

Mau, semana langit peteng lan mlipir mega_megane

Kesrodot jroning ati reang ndeleng lingsir wayah sidum

Gonta_ganti usum nglekeb sumeb lan anyeb

Sidum, adem nanging rasane sejen


Dewekan, pepeteng ketahan sepi

Njentul, njenguk kanda karo wiwitan

Reang godong setengah alum

Nglungsumi bari madal angen_angen kang wis lawas


Godong Joar pada murag ning lemah anyeb

Sidum gawa bayangane lara beli mari_mari

Apa mantak banyu mata dadi lantaran

Udan beli sida mudun, Sidum


Wis jam lima sore lamunan godong Joar lan lemah anyeb

Besuk ana tokolan cukul ning wayah sidum lan udan ketahan sepi

Pada rembisakan wiwitan, godong, lung, lan kembang alum

Udan, sidum, wiridan sore lung lan sing alum pada akehe

(Indramayu, 20 Pebruari 2022)


Puisi Bahasa Cirebon

PAMULANGAN

Jare simbah reang kudu sekolah

Kambiran dadi bocah genah mrenah ora ngglatrah

Jare rama ibu reang kudu rikat mangkat

Kambisan dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat


Jare bapak ibu guru reang kudu sinau

Tambah ilmu

Kambisan kelakon kabeh kang tinuju

Nanging

coba delengen keanaan  nyatane

apa masih bisa pamulangan kang ana dadekaken urip  tumata

pamulangan kang tanpa tuladha

pamulangan kang kasatan piwulang

pamulangan kang ngajaraken angka-angka jurig

siji lan siji ana pira?


Jare anut kang duwe kersa

senajan ora weruh subasita, trapsila, apa maning tata krama

lali dosa…

kabeh lurung binarung kumalungkung

pamrih pamuji siji

Pamulangan ora aweh pepadang


Simbah,

Nyuwun pangapunten

Kula mboten kepingin dados dokter

Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper


Rama,

Nyadong duka

Kulo mboten kapincut drajat pangkat

Jalaran ajrih sumpahing rakyat

Kang panggah mlarat sekarat


Bapak ibu guru,

Nyuwun donga pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu



Post a Comment for "PUISI BAHASA INDRAMAYU_CIREBON"