Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Pelajaran Bahasa Daerah Kelas 11 [bab Sesorah]

SESORAH / PIDATO
cirebon
A. Tegese pidato
Pidato yaiku omongan/ucapan kang ditata apik lan disampekaken maring wong sejen. Pidato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapaken isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan sejen-sejene.

B. Jenis-jenis pidato yaiku:
  • Pidato pembukaan, yaiku pidato ringkes kang disampekaken pembawa acara utama MC.
  • Pidato pengarahan, yaiku pidato kanggo ngarahaken sawijine kagiyatan.
  • Pidato sambutan, yaiku pidato kang disampekaken ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kang mung sadela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  • Pidato peresmian, yaiku pidato kang dilakokaken dining wong kang duweni pangaribawa kanggo ngresmekaken samu barang.
  • Pidato laporan, yaiku pidato kang isine ngelaporaken sawijining tugas utama kegiatan.
  • Pidato pertanggungjawaban, yaiku pidato kang isine sawijine laporan pertanggungjawaban tugas utama/kagiyatan.
C. Carane gawe pidato
Supados saged nindakaken pidato sampe lancar baguse gawe reng-rengan krihin !
  1. Salam pambuka
  2. Pambuka kang gambaraken isi nganti ringkes
  3. Isi pidhato kang gambaraken maksud, gambaran, sasaran, lan sejen-sejene
  4. Penutup kang gambaraken dudutan, pangarep-arep
  5. Salam penutup
D. Sesorah utawa Pidato
Tujuan Sesorah, yaiku:
  1. Nyukani informasi utawa katrangan sawijining perkara (penyuluhan kesehatan, lan sanes_sanese).
  2. Nyukani hiburan utawa raos panglipur marang pamiyarsa (sabdatama utawa dhagelan).
  3. Nyukani pelaporan utawa atur pelaporan (lapuran ketua OSIS).
  4. Mbujuk utawa ajak-ajak supaya sing ngrungokaken, nindakaken apa sing dikarepaken pamicara (kampanye, lan sanes_sanese).
Jenise Sesorah Miturut Kahanan [suasanae]
  • Kahanan resmi, pamicara maca naskah kang sampun dicawisaken, supados boten salah anggone sesorah niku. Pamicara boten saged ngandaraken sesorah nganti sakarepe piambek, amargi wektunipun sampun diatur (pidato kenegaraan, pidato sambutan ing mantenan, lan sanes_sanese).
  • Kahanan setengah resmi, pamicarane saged ngandaraken pidato kanthi rada longgar, nanging kahanan rada resmi kedah tetep diperatikaken.
  • Kahanan ora resmi, pamicarane saged ngandaraken pidatone miturut tujuwan utawa selerane pamirenge.
Kahanan liya-liyane,
  • Pamirenge lungguh utawa ngadeg (manawa pamirenge ngadeg, luwih becik pidatone sedela bae)
  • Wektune bisa esuk utawa awan
  • Pamicara kudu nduweni daya pangaribawa marang cara ngandaraken pidato.
Cara Pidato, kebagi dadi papat yaiku:
  1. mbakta teks utawa naskah (metode maca)
  2. Ngapalaken naskah pidato
  3. Ekstemporan: ngapalaken maos  kang peniting_penting mawon teras ngrembakakaken wicara nalika pidato (njlentrehaken cengkorongan pidato)
  4. Improptu: pidato sing ditindakaken kanthi spontan (tanpa persiyapan)
Aspek-aspek kang kedah dipratekaken nalika pidato, yaiku :

Conto teks PEMBAKTA ACARA:

Assalamualikum Wr.Wb.

ingkang kawula hormati para alim para ulama’ ingkang kita ta’ati fatwanipun
ingkang kawula hormati para pini sepuh
ingkang kawula hormati para bapa-bapak sareng ibu-ibu undangan sedanten.

Mangga kula sedaya sami panjataken raos puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kula sedaya pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah lan inyahipun dumateng kula sedaya sehingga wonten dalu punika kula sedaya sami saged kempal ing puniki kanti mboten wonten halangan setunggal punapa.

Sholawat lan salam mugi-migi dipuncurahaken  dumateng nabi muhammad SAW. ingkang mbakta umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kita raosaken sak menika, lan ingkang kula sedaya anti-anti syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin.

Wonten teng mriki kawula minegkani pranata hadicara badhe maosaken susunan acara wonten dalu punika ;
1. Pembuka
2. Waosan ayat-ayat suci alqur’an
3. Sambutan
4. do’a
5. Penutup

1. acara engkang sepindah enggeh punika pembukaan, mangga acara wonten dalu punika kita bikak kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah

2. kita lajengaken acara engkang kaping kaleh enggeh punika wosan-ayat-ayat suci al-Qur’an dumateng panjenenganipun bapak fathhurrohman kula sumanggaaken……………………. menika kala wau wosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi saged nambah lancaripun acara wonten dalu punika.

3. acara engkang kaping tigo enggeh punika sambutan, dumateng panjenenganipun bapak meseri kula sumanggaaken………… mekaten kula wau sambutan saking bapak meseri.

4. dilajengaken acara engkang kaping sekawan enggeh punika do’a dumateng bapak KH. Sunarto kula sumanggaaken.

5. acara engkang terakhir inggih punika penutup, mangga acara ing dalu punika kita tutup kanthi waosan hamdalah….. mekaten saking kawula menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedaya kula nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Latian 1
Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, d atawa e kang dianggep paling bener !

........Bapak Dwija ingkang winantu ing pakurmatan, para kadang siswa ingkang tansah cinaket ing manah. Kangge murwakani adicara ing dinten menika, mangga sareng-sareng ngunjukaken raos suka syukur kita dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagat.......

1. Perangan sesorah nang dhuwur nelakaken ....
a. Panutup
b. Pangarep-arep
c. Pambuka 
d. Peprenah
e. Titi Mangsa

…………Para rawuh ingkang minulya, mbok menawi namung menika ingkang saged kula aturaken, menawi kathah kalepataning atur saha solah bawa ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging pangaksami.

2. Pethikan pidhato ing dhuwur klebu peranganing,....
a. Pambuka
b. Isi Wigatining atur
c. Pangarep-arep
d. Panutup
e. Dudutan

3. Para rawuh ingkang kinurmatan, almarhum kapundhut maraksowan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung dinten Kemis tabuh 01.00 wonten ing griya sakit. Sedanipun kawiwitan nandhang gerah sampun sawatawis dangu. Kulawarga saksaged-saged sampun budidaya ngusadani gerahipun, ngantos opname wonten griya sakit. Ananging saking kersanipun Gusti, budidayanipun kulawarga mboten kasil. Mugi dadosna pamriksa bilih almarhum ngantos tinimbalan ngancik yuswa 65 tahun.

Pethikan paragraf ing nginggil minangka satunggaling tuladha,...
a. Tanggap wacana pirembagan
b. Tanggap wacana Atur bela sungkawa
c. Tanggap wacana pangrukti jenazah
d. Tanggap wacana Walimatul ’urus
e. Tanggap wacana Merti Dhusun

4. Mugi dadosna pamriksa bilih almarhum ngantos tinimbalan ngancik yuswa 65 tahun.
Tembung sing digarisi ngisor nduweni teges …
a. Dhangan
b. Seda
c. Diprentah
d. Gerah
e. Ditambani

5. Blagbag kang putih ditulis karo … ning jero kelas.
A. pulpen
B. spidol
C. cat
D. kapur

6. Ibu-ibu sami … balitae teng posyandu.
A. mriyasaken
B. ningalaken
C. mendetaken
D. ninggalaken

Post a Comment for "Pelajaran Bahasa Daerah Kelas 11 [bab Sesorah]"