Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

CONTOH PIDATO BAHASA DAERAH INDRAMAYU [SESORAH]

Abuk, Conny, Maman
Ketelair Indonesia_ Berikut adalah kumpulan contoh pidato berbahasa jawa dari berbagai tema.

1. Pidato Bahasa jawa Tema Kebersihan Sekolah
Menjaga kebersihan lingkungan sekolah adalah sesuatu yang wajib dilakukan oleh semua komponen yang ada di sekolahan baik kepala sekolah, guru, karyawan dan murid-murid agar terciptanya lingkungan sekolah yang nyaman, bersih dan sehat untuk suasana belajar mengajar. 

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatu
Dumateng bapak kepala sekolah
Dumateng bapak kaliyan ibu guru
Dhumateng sedaya rencang ingkang kula tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani lan kula hurmati,
Mangga kaula  sesarengan majukaken puja lan puji syukur dumateng gusti Allah SWT ingkang sampun pinaringan nyukani berkah lan karunia dumateng kaula sedaya. Saengga kita sedaya pinaringan makempal kanthi sehat lan afiat.
Kaping sepindo Sholawat lan salam mugia dipuncurahaken dumateng nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam, lan sedaya umatipun dugi akhir zaman, Aamiin.

Hadirin ingkang kula hormati,
Sekolah ngrupiaken tempat panggonan kangge milarian elmu. Amargi lingkungan sekolahipun menika papan atawa tempat kangge nggantungaken milarian elmu unggal dinten. Lingkungan kang resik, bersih lan nyaman  menika cerminan lampah laku kaula sedaya lan supados sinau milarian elmu teng sekolah niku saged betah. Mulane sareng_sareng kaula sedaya njaga lingkungan. Utamine teng kelasipun panjenengan sami kedah anduweni jadwal piket. Unggal dinten ingkang kebagian piket menika reresik. Manfaatipun katah yaniku kangge kesehatan kaula sedaya sami.

Hadirin ingkang kula hormati.
Babakan kebersihan lingkungan yaiku salah setunggal ing cara kang apik nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken umpami wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

2. Contoh pidato Tema Pendidikan
Pendidikan menjadi indikator kemajuan bangsa, tentu saja kemerdekaan belajar harus menyentuh semua kalangan baik miskin ataupun kaya, karen pendidikan adalah hak semua warga Negara. Berikut adalah contoh pidato Bahasa jawa dengan tema pendidikan.

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Para bapak ibu serta secara sedaya ingkang kinormatan. Teng dalem dinten puniki monggo kita sareng-sareng ngaturaken raos syukur dhumateng gusti ingkang maha agung. Maringi nikmat lan rahmat sahinggo ing wekdal punika kita sedaya saget kempal teng meriki panggenan kaperlu ngengeti pendidikan nasional.

Sanget perlu kita sedaya sumerapi pemerentah kita bangsa indonesia dan dalam kitabipun undang-undang dasar 1945 sampun wonten program pajak belajar kagem sedaya warga milahi umur pitung tahun.

Wekdal nabi tasih gesang nempel wonten program utawi perintah wajib belajar kagem umatipun. Perkara niku, sedaya umat kanjeng nabi saged dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan kangge manfaatipun teng alam dunya. Boten dados umat ingkang bodoh. Menika ugi sampun diriwayataken. Pilariyan elmu menika senajan ing negeri Cina. Dados, elmu menika dipunwajibaken dipilariyan saben-saben umat islam. Lan sak meter malaikat bakal merendahaken sayap kagem para umat ingkang milariyan elmu.

Para hadirin ingkang kinurmatan. Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan nasional punika, mangga sedaya kula lan panjenengan sami ningkataken malih anggenipun milariyan elmu kang manfaat. Napa niku arupi ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunya kemawon lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat.

Cukup sementen ingkang saged kula aturaken, bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun agungeng pangapura.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

3. Contoh pidato Tema Perpisahan
Dalam kehidupan ini selalu ada yang namanya pertemuan dan perpisahan. Acara perpisahan menjadi kado terindah sekaligus peristiwa yang sangat berkesan oleh para siswa sekolah karena menjadi moment special yang terakhir bertemu dengan teman-teman, para guru dan perangkat lain dalam lingkungan sekolah. Berikut adalah contoh pidato Bahasa jawa tentang perpisahan.

Assalamu’alaikum warhmatullohi wabarokatuh
Nuwun bapa utawi ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru sareng karyawan ingkang kinurmatan. Ugi rencang_rencang ingkang kula tresnani lan kula banggaaken. Mangga kita panjataken dalemipun gusti Allah ingkang maha agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahingga ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.

Kula minangka wakil saking kelas 11 agunging panuwun tanpa umpami kagem bapak lan ibu guru sedaya. Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencabg_rencang saengga kula lan rencang_rencang saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika.

Kula kaliyan rencang_rencang naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk pinwales saking gusti Allah ingkang maha kuasa. Ugi tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.

Boten kasupen kula kalian rencang_rencang kula nyuwun pangapunten. Dalam menika pernah asring kagem bapak-ibu guru saiki bapak ibu guru duka lan kuciwa. 

Dumateng bapak utawi ibu guru serta adi-adi sedaya, sapisan malih kula ndedonga kagem gusti ingkang boten aringan rahmat lan barokahing gusti Allah.

Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

4. Contoh pidato Tema Narkoba
Berikut adalah contoh tulisan pidato Bahasa jawa bertema Narkoba.

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Puji saha syukur kita panjataken dumateng Allah subhanahu wa ta’ala ingkang sampun nyukani rahmat lan hidayahipun kagem kita sedaya. sahingga kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat.

Sholawat sareng salam mugi katetepna dhumateng nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam, lan sedaya umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.

Bapak ibu serta rencang_rencang ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba sarta obat-obatan ingkang dipun larang. Kita sedaya sampun katerangaken barita ing pawartos tivi sinten_sinten ingkang ginaaken narkoba niku bahaya sanget kangge generasi nom_noman, bahayanipun narkoba katah amargi tiyang ingkang sampun kecanduwan sesah obatipun. Sawisipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dipunrehabilitasi total, lan sanes-sanesipun gangguan liane.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan badan lan pikiran. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba meniko gampil kenging penyakit.

Awit menika kula ngajak dumateng para warga masyarakat supados sampun sepisan-pisan ngginakaken narkoba lan obat-obatan terlarang. Mangga kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga, sepak bola, lan sak panunggalane.

Bapak lan ibu rencang_rencang ingkang kinormatan kanti pangertosan ingkang sampun kula aturaken menika, Kulo ngajak mangga kita tansah njagi badan kita piyambek, sampun nganti ngginaaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugi-mugi kita sedaya dados umatipun ingkang becik. Aamiin...

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

5. Contoh pidato Tema Kemerdekaan
Sebagai generasi muda Indonesia, kita wajib menjaga dan mengingat kemerdekaan bangsa Indonesia setiap tanggal 17 Agustus. Oleh karena itu, berikut adalah contoh pidato Bahasa jawa yang dapat kita sampaikan saat hari kemerdekaan.

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Ingkang kinurmatan bapak rt 02 rw 05. Bapak-bapak lan ibu-ibu ingkang minulya.

Langkung sepindah sumangga kula panjenengan sami panjatkan puja lan puji syukur Maha Agung ingkang sampun paring kasehatan dumateng kula sedaya saengga kita saged makempal wonten acara punika tanpa alangan pinunggalanipun. Salajengipun kula aturaken sugeng rawuh malam tirakatan indonesia kaping 67.

Bapak ibu lan sederek sedaya ingkang kulo hormati. Kita sedaya kados sampun mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 agustus 1945 indonesia mbiyawaraaken kamardhikan

Para pemimpin bangsa kita punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan sedaya kasamaraning menika yaniku saperlu tirakatan. Serta sesarengan nyenyuwun marang Gusti Allah supados nagari Indonesia salajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu sumangga kamardhekan menika isi campuran ugi watak nasionalisme kaula sedaya sami ketandur ing manah.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Wonten kelepatanipun kula nyuwun agungen pangapunten.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

6. Contoh pidato berbahasa jawa Tema Sumpah Pemuda
Berikut adalah contoh pidato Bahasa jawa bertemakan sumpah pemuda

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Bapak kepala sekolah ingkang kula bekteni, bapak utawi ibu dwija saha karyawan sedaya ingkang kula trisnani. Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dumateng gusti Allah ingkang maha agung asah pinaringan nikmat sehat santosa milariyan ngelmu inggih menika taksih saged ngisi maknanipun kemerdekaan.

Kaping kalih anggenipun kula jumeneng ing ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah babagan sumpah pemuda. Kula lan panjenengan sedaya tamtu sampun merdeka.

Mbok bilih ing tanggal 20 Oktober menika bangsa Indonesia mringati dinten sumpah pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan dinten ingkang bersejarah dateng kaula sedaya pemuda_pemudi bangsa indonesia nggadhahi semangat juang tinggi.

Wosipun sumpah lan prasetya menika kula sedaya lan panjenengan sami dipunwarisaken dhumateng putra_putri Indonesia  mujudaken kamardekan gesang kanthi gemah aripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja adil lan sejahtera. Kita minangka siswa migunani kawajiban semangat mempeng anggenipun sinau.

Cekap sementen ingkang saged kula aturaken angganing babagan sumpah pemuda. Cekap semanten mbok bilih wonten klentunipun kula aturaken agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu


7. Contoh pidato Tema Kesehatan
Berikut adalah contoh pidato Bahasa jawa bertemakan kesehatan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dumatheng para rawuh ingkang bagya mulya,
Wonten kasempatan menika kawula badhe sekedhik caos wedaran babagan kasarasan. Kasarasan nggih menika kawontenan sejahtera saking tiyang saupakara jasmani kresa rohani.

Kasarasan ugi ngrupikaken anugrah saking Allah SWT kersanipun kita sedaya saged nglampahi kegiatan. Kita sedaya ugi kedah saged ngreksa kasarasan salira kita piyambak-piyambak sadereng telat, amargi wonten pepatah ingkang ngendikakaken menawi “mencegah langkung sae tinimbang ngobati”.

Menawi kasarasan kita sedaya tetep kereksa, mila kita sedaya saged numindakaken aktivitas sadinten-dinten kanthi lancar amargi teng lebet salira ingkang waluya wonten jiwa ingkang kiyat ugi.

Dadosipun kita sedaya saged njejer prestasi langkung kathah malih kagem masa ngajeng bangsa kita sedaya amargi Bangsa ingkang kiyat yaiku Bangsa ingkang sehat. Menawi rakyat sehat mila setunggal bangsa badhe dados sehat ugi kiyat, mekatena sawalikipun, rakyat ingkang kathah sesakitan mila bangsa badhe dados lemah.

Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,
Menggah ing mapinten-pinten perkawis ingkang kedah dipuntumindakaken kagem njaga kasarasan, salah satunggalipun nggih menika olahraga. Olahraga ngrupikaken perkawis paling gampil kagem dipuntumindakaken kersanipun salira tetap sehat. Tuladhanipun kados senam utawi nitih pit / sepeda. Olahraga nggina ngirangi risiko kenging sesakit jantung, stroke, ugi diabetes.

Kajawi olahraga, kita sedaya ugi kedah ngasringaken pola dhahar sehat, nggih menika kaliyan upakara dhahar dhaharan ingkang bergizi seimbang, ngandung serat, ugi zat-zat ingkang dibetahaken dening badhan.

Kadose karbohidrat, vitamin, protein, mineral, ugi sekedhik lemak mboten jenuh, utawi langkung saenipun kawastanan kaliyan 4 sehat 5 sempurna. Kaliyan ngasringaken pola dhahar sehat badan badhe waras, nyegah keleman, ugi tebih saking penyakit.

Ingkang kaping tiga nggih menika ngaso, kathah saking kita ingkang langkung migatosaken panyambut damelanipun saking wonten ngasonipun. Dadosipun salira kraos lemes ugi kesel. Mila saking punika saribet punapaa padamelan kita sedaya, sepetaken kagem kendel.

Dados pelajar, kita sedaya saged ngugenanipun kaliyan perkawis-perkawis kaliyan mbentuk pola sugeng ingkang disiplin, kadose kaliyan ngreksa pola sare ingkang cekap udakawis 6 dumugi 8 jam, siram ugi sarapan ingkang mboten lumangkung sadereng sekolah kersanipun mboten kraos ngantuk wonten teng kelas, ugi kala ngaso utawi istirahat jajan dhaharan ingkang resik ugi sehat. Anjuran menika ugi saged ditrapaken dening sedaya tiyang.

Para rawuh ingkan sinuba ing pakurmatan,
menggah saking mapinten-pinten perkawis ingkang kedah dipuntebihi kersanipun badan sehat, nggih menika nebihi ses/ rokok ugi unjukan keras (alkohol). Satiyang ingkang ngeses (merokok) saged kenging sakit paru-paru, jantung, kanker, ugi tunggalipun. Sawentara punika, priyantun ingkang ngunjuk unjukan keras utawi alkohol badhe wuru, keresahinipun sistem saraf, sistem kekebalan badan, malah saget ugi kenging sakit jantung. Satiyang ingkang sampun nyobi kagem ngeses ugi unjuk unjukan keras badhe rumaos ketagihan. Menawi ngrumantosi ketagihan, priyantun kesebat badhe bergantung kaliyan ses kresaa unjukan keras kala masa sugengipun.

Mekaten ugi kaliyan Narkoba kaliyan dampak negative majeng kasarasan ingkang umum. Mila, ampun pisan-pisan kita sedaya nyobi perkawis kesebat amargi sampun kathah korban – korban ingkang kemriksa dening kita sedaya akibat pangginan barang haram kesebat.

Mekatena pidato ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi saged nggina kagem kita sedaya ugi mugi-mugi Allah SWT tansah ngreksa kasarasan kita sedaya. Nyuwun pangapunten menawi wonten klintu tembung, amargi kawula namunga manungsa ingkang mboten luput saking kalepatan. Inggil mirenganipun kawula aturaken sembah nuwun.

Wa bilahit taufiq wal hidayah. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

8. Contoh pidato berbahasa jawa tema kesehatan berharga

Assalamualaikum wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.

Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir, kanthi ucapan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad , kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudra pangapunten.

Wassalamualaikum wr. Wb

9. Contoh Pidato Jawa Tema Maulid Nabi

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!
Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipun;
“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!
Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد

Ingkang Artosipun;
“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!
Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia. Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

Ingkang Artosipun;
“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo.

Poro rawuh ingkang minulyo!
Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

10. Contoh Pidato Berbahasa Jawa Tema Pernikahan

Assalamualaikum Wr. Wb.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.
Soho poro tamu undangan walimatul urs lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluargo, soho minongko wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin..

Kaping tigonipun, keranten Bpk. ( wali ) meniko wahu boten saget ngeteraken utawi nyowanaken putri kakungipun dateng dalem mriki, keranten inggih taksih wonten kerepotan ingkang boten saget dipun tinggal.

Poro rawuh ingkang kulo hormati.
Tegesipun moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundhi amrih sahene. Keranten Mas ( suami ) inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng nate omah-omah pramilo menawi wonten dalem mriki Mas (suami) katah klenta-klentunipun kulo suwun supados dipun arahaken amrih sahenipun supados anggenipun jejodohan saget tentrem bahagia dunnyo akherat.

Ingkang terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno sak cekapipun kawulo sak rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes ingih nyuwun tamahipun pangestu, mugi-mugi kulo sak rombongan wangsul sangking dalem mriki ngantos dumugi griyonipun piyambak-piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo. Amin..

Wassalamualaikum Wr. Wb.

11. Contoh Pidato Jawa Tema Khitanan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun para pepundhen, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak Ibu para rawuh sedaya ingkang kinurmatan. Keparenga kula semela atur munggel kamardikan panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan.

Kula minangka tetalanging atur, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking keparengipun Gusti, dene ing wekdal menika saged nindakaken pawiwahan sunatan putranipun ingkang nama ( . . . ) Salajengipun Bapak ( . . . ) sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu lan matur nuwun, dene panjenengan sami sampun nglonggaraken wekdal saha penggalih rawuh ing pawiwahan menika.

Salajengipun kulawarga Bapak ( . . . ) ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanthi rila legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon Bapak ( . . . ) sakulawarga mboten saged ngaturi piwales menapa-menapa, namung saged ngaturaken agunging panuwun mugi Gusti Ingkang Akarya Jagad ingkang badhe paring piwales ingkang matikel-tikel kesaenan panjenengan wau.

Kaping sekawan, Bapak ( . . . ) sekaliyan nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipun ingkang dipunsunahaken inggih menika ( . . . ) ing dalem ngriki. Mugi-mugi enggal pulih kasarasanipun lan ing tembe sageda dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah. Amin.

Para rawuh ingkang minulya, pungkasaning atur saking Bapak ( . . . ) sakulawarga menawi anggenipun nanggapi rawuh panjenengan sedaya kirang mranani penggalih, kersa panjenengan para rawuh paring sih samodra pangaksami. Saking kula pribadi kathah lepat saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agenging pangapunten, matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Demikianlah, contoh_contoh mengenai pidato bahasa jawa berbagai tema dan bilamana bahasa Cirebon dan Indramayu biasanya huruf O boleh jadi diganti menjadi a dalam pengucapannya. Semoga Bermanfaat!

Post a Comment for "CONTOH PIDATO BAHASA DAERAH INDRAMAYU [SESORAH]"