Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

ULANGAN HARIAN BAHASA DAERAH [INDRAMAYU_CIREBON] SMK/SMA/MA

Ketelair Indonesia_ Wacan Wacaan ing ngandap menika supados diwaos krihin sederenge dipunjawab, supados jawabanipun leres !

Free download Buku Basa Cerbon_Dermayu Silahkan klik [di sini] 

Gotong Royong
Gotong royong yaiku pegawéan ingkang dipun rampungaken sesarengan lan nikmati sedaya hasil saking pegawéan menika dugi sesarengan lan adil. Utawa satunggaling usaha kang dipun lampahi tanpa pamrih lan klawan sukarela miturut kemampuan piyambak_piyambak.

gotong royong
Semangat gotong royong dipun adedasari : 
  • Menungsa mboten saged urip kiyamabekannanging butuh tiyang sanesipun. 
  • Dasaripun manungsa menika makhluk sosial. 
  • Manungsa prelu njaga hubungan kang rukun kaliyan sanesipun. 
  • Manungsa kedah saged adaptasi kaliyan anggota masyarakat sanesipun. 
  • Satuhune gotong-royong agawé enteng pedamelan ingkang banget abot. 
Ir. Soekarno
Gotong royong ingkang dipun gadahi bangsa Indonésia inggih menika gotong royong kang nggadahi sifat aman lan nguntungaken sedayane. Gotong royong ingkang dipun gadahi menika gotong_royong kang kudu nduwéni timbal balik. Ananging jiwa gotong royong saniki sampun milai ical amargi mlebetipun tlatah budaya individualisme (padewek-déwék) lan materialisme (ukurane mung klawan arta-banda) saking kilen. Negara gotong-royong menika tegesanajeg saking Soekarno minangka ngglingsir Trisila ingkang mboten dipun sepakati. 

Dikiataken sarentg pidatonipun téng ngajengan Lembaga Dokuritu Zyunbi Tyooasakai ing tanggal 1 Juni 1945 (ingkang selajengipun dipun putusaken dados dinten kelairané Pancasila), Soekarno ngusulaken telung opsi kanggé ngrumusaken menapa kang dipun sebat kaliyan Philosofi sche grondslag (pundamen, filsafat, pikiran sing jero, jiwa, hasrat Kanggé mbangun gedung Indonésia Merdeka). 

Opsi menika ngrupiaken 5 sila, lajeng dipun rangkum wonten 3 sila lajeng dados 1 sila. Eka sila menika gotong-royong. 5 sila ingkang dipun usulaken dening Soekarno niku inggih menika: 
  1. Kebangsaan Indonésia. 
  2. Internasionalisme, utawa perikemanusiaan. 
  3. Mufakat, utawa demokrasi. 
  4. Kesejahteraan sosial. 
  5. Ketuhanan 
Pedamelan Wangsulana pitakonan ing ngandhap menika kanthi teliti! 

1. Gawean ingkang dipun rampunagken sesarengan lan nikmati sedaya hasil saking gawéan menika kanthi sesarengan lan adil menika…. 
a. Gotong royong 
b. Dhemokrasi 
c. Koperasi 
d. kerjasama 
e. Tulung-pitulung 

2. Sinten ingkang dipun mrakarsani gotong royong…. 
a. Moh. Hatta 
b. Soekarno 
c. WR. Soepratman 
d. Susilo Bambang Yudhoyono 
e. Moh. Yamin 

3. Manungsa mboten saged urip kiyambekan ananging butuh tiyang sanesipun menika kalebet…. 
a. Semangat ‘45 
b. Semangat gotong royong 
c. Semangat patriotisme 
d. Semangat nasionalisme 
e. Semangat kapitalisme 

4. Semangat gotong royong wonten dening sila... 
a. 3 
b. 1 
c. 5 
d. 2 
e. 4 

5. Usulan gotong-royong dipun laksanakaken ing tanggal ... 
a. 10 Desember 1999 
b. 1 Juni 1945 
c. 28 Agustus 1965 
d. 11 Januari 2000 
e. 28 November 2008 

Wangsulana pitakenan téng ngandap niki kelawan kalimah ingkang leres ! 

6. Wedaraken pendapet panjenengan punapa ingkang disebat gotong-royong? 
7. Sebutaken punapa wujudipun sumanget gotong-royong! 
8. Tulisena kelawan runtut sila kang diusulaken dening Soekarno! 
9. Punapa ingkang adamel rasa gotong-royong menika ical? 
10. Urena kelawan tres lan upaiyen contoh jinising gotong royong teng masyrakat!

Demikianlah ulangan harian 1 mata pelajaran Mulok Bahasa Daerah Cirebon_Indramayu. Bilamana telah selesai silahkan japri !

Post a Comment for "ULANGAN HARIAN BAHASA DAERAH [INDRAMAYU_CIREBON] SMK/SMA/MA"