Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

MATERI BAHASA DAERAH KELAS 11 SEMESTER 2 [CRITA CINDEK]

cerita cindek
CRITA CINDEK / CEKAK

Ketelair Indonesia_
Carita Cindek / cekak utawa kerep dicekak dadi cerkak yaiku susastra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakaken sawijine lelakon kang dianggep wigati kang nduwèni kesan tunggal (kurang 10.000 tembung). Cerkak iku pancen awijining carita kang cindek. Nanging ora secara teges yen crita cindek iku dianjingaken carita cekak. Umpamane fable, dongeng lan crita rakyat minangka tulada crita kang cekak, nanging ora bisa diarani carita cindek.

Cirine crita cindek yaniku;
  1. Critane cindek / cekak
  2. Kurang sing 10.000 tembung.
  3. Sumber ceritane saking pengalaman wong sedina – dina.
  4. Paraga / Tokoh-tokoh sing ana nglakoni konplik lan anemuni penyelesaiane.
  5. Alure tunggal lan lurus. 
  6. Ora ngrubah nasibe tokoh.
  7. Penokohan sederhana, singkat lan ora gemet.
  8. Nganggo tembung pada karo sing diucapaken sedina–dina atawa tembung–tembung sing gampang dipahami.
  9. Munculaken kesan kanggo diri para pembacane.
  10. Tulisane singkat lan padat lan ora luwih dawa saking novel.
  11. Ngangkat masalah tunggal atawa intine bae.
  12. Nyritakaken perkara kang tliti lan pitutur becik.
Unsur Intrinsik

Tema : yaiku sing dadi underane prakara carita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, lan sanes_sanese.
Alur : yaiku bakune carita sing awit awal, konplik nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)
  • Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambaraken kahanan saiki kanthi sateruse.
  • Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambaraken kahanan saiki, diterusaken ngandakaken kahanan sing kepungkur.
  • Alur campuran
Tokoh : yaiku pelaku kang mbangun carita.
  • paraga pokok (tokoh utama)
  • paraga kang sipate mbantu (tokoh pembantu).
  • Paraga utama sing uga dijenengi protagonis
  • Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis
  • Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis
Watak : yaiku tanda-tanda pisik (duwur, lemu, pesek) lan tanda-tanda non-pisik kang diduwéni paraga (galak, ganjen, grapyak, pinter).
Setting : yaiku papan lan wektu kadadeane carita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
Sudut Pandang : yaiku ing ngendi pengarang mapanaken deweke ing carita.
Lelewaning Basa: yaiku basa kang digunakake pengarang ing carita/gaya basa.
Amanat: piwulang utawi piweling kang arep diwenakaken pengarang marang wong kang maca cerdek. (Conny Abdull)

Post a Comment for "MATERI BAHASA DAERAH KELAS 11 SEMESTER 2 [CRITA CINDEK]"