Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Apa itu Guritan, Parikan, Wangsalan, Paribasa, Sanepa, Saloka dan Badekan ? (Bahasa Daerah Kelas X)

Gadis Ngarot Ngingok

GURITAN (PUISI)

Guritan atawa puisi teng daerah Cerbon-Dermayu, niku benten artinipun sareng puisi (bhs. Indonesia) amargi guritan saged ditemangaken, dikidungaken atawa berarti musikalisasi puisi (ing bhs.Indonesia). Ing Cerbon-Dermayu niku guritan dibagi 2, yaniku guritan lawas lan guritan anyar.

1. Guritan lawas yaniku kang dianggit kedah netepi patokan-patokan panambang kang eca / akhiran pepakem –vokal (-i, -a, -e, lan sanese). Guritan lawas luwih bermakna nasihat, doa, lan spiritual. Guritan lawas ugi mboten saged diserat anyar atawa dicipta saniki, amargi sampun diserat pinisepuh terdahulu.

2. Guritan anyar yaniku ingkang dianggit luwih bebas, mboten perlu nuruti aturan-aturan wau. Lan mboten saged ditembangaken kayadene guritan lawas.

Dados arti geguritan yaniku lantunan lagu-lagu suci ingkang ditembangaken ing waktu tertentu. Unggal jenise nduweni lagu suci dewek-dewek.

Conto guritan lawas :

Ki Raga ina
Ingsun ngidung ki raga ina
Nat kala tapa ing ukir
Najan nguji ing salira
Lali dhahar kelawan guling
Kang dinuji siang lan latri
tulusena…. Marga rahayu
lair bhatin tinakonan
aja saksak aja sirik
duh…. Yaniku kang dadi sirnah sempurna

Conto guritan anyar :

PETENGING WENGI
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti balik ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
wengi bakal tumeka maning
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lungaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

PARIKAN (PANTUN)

Parikan yaniku tetembungan atawa unen-unen ingkang ngangge purwakanti swara. Parikan niku seemper karo pantun (bhs. Indonesia). Biasane nganggo rong gatra atawa patang gatra.

Paugeran utawa patokane parikan:
  1. Cacahing wanda kapisan, kudu pada karo ukara kapindo.
  2. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi.
  3. Gatra 1 lan 3 swarane runtut (sampiran)
  4. Gatra 2 lan 4 swarane runtut (isi)
a) Conto parikan kang rong gatra:

Iwak blanak, langka matane
Duwe anak langka bapane.

Cikedung dalane loyang
Nganggo kudung beli sembayang

Klambi liris bedah keleke
Ngaku laris jare deweke

Jatibarang Jatisawit
Wonge garang beli duwe duit

Layang layang murage ning pekarangan
Ati sun melayang keduhung kenang sampean

oskadon cangkange biru.
Demen wong wadon bli bisa turu.

Kembang jambe tutup ketel
demen kabeh langka sing nyantel

Gula pasir gula watu
Sing ditaksir wis duwe putu

Nyangking kopi ireng, kiwe tengen.
Wadon bengking ireng, sing gawe kangen.

Plesir awan, balike ashar.
Naksir Wawan, balike nyasar.

Bisa nggambang, ora bisa nyuling.
Bisa nyawang, ora bisa nyanding.

Timune, diiris – iris.
Gumuyune, ora uwis – uwis.

Kembang menur, sinebar diawur-awur.
Yen wis makmur, aja klalen sedulur.

Mangkat Ngetan, balik ngulon,
Tiwas edan, ora kelakon.

Tepes teles kudanan wingi,
lemes dedes kedanan Caswangi.

Jerawat bruntus kiwe lan tengen,
Tiwas diputus eeh.. tambah kangen.

Tuku kodok sarunge mlorot,
kon mlaku ndodok sletinge copot.

Ning Dermayu tuku kedongdong,
rupane ayu gigire bolong.

Gula jawa rasane trasi,
arep mulya aja korupsi.

Duwe jangkrik sikile nangkring,
seuwise nglirik awake gering.

Gula pasir dipencloki kunang,
tiwas ditaksir jebole lanang.

b) Conto parikan kang patang gatra:

Uwoh srikaya dipai tawas…
Sambel trasi enak dipangan..
Kaya kaya ati kula keloas.
Inget rabi langka ning iringan..

Mangan lepet mangan sempora
Desa tugu adoh sing palimanan..
Desal langut ngetane junti kedokan..
Bengi minggu batur mah pada demenan..

Godong salam digawe lulur..
Desa trisi genae wit waru..
Selamat malam para sedulur..
Kula permisi arepan turu..

Ana kemit arane mang tarsiwan..
Wonge cilik sing desa anjatan..
Senok pamit mangkat ning taiwan..
Bareng balik ngajak pegatan..

Tuku gitar ning pasar senen…
Mangan anggur nginume dugan..
Wilayah gantar wis pada panen..
Daripada nganggur yugah pada jaragan..

Jagat panen kepengen nginang,,,
Godong klapa wadae serabi,,,
Kayakenen nasibe reang…
Umur wis tua durung due rabi…

Ning srombyong luruh kayu
Desa kramat genae muludan
Aja sombong dadi wong ayu
Bokat tak kemat dadi edan…

Tuku kabel ning karang turi,,
Ning gunung jati genae serabi,,
Awak pegel ora mari-mari,,
Langka sing mejeti nang ora due rabi,,,

Mangkat ning jakarta dina selasa,,
Ning ragunan mapir ning putu,,
Wong mabok cinta bli pandeng dosa,,
Sampe akeh wong kawinan sekalian memitu,,

Tapih teles wayah awan dientasi,,
Tuku petis ning karang turi,,
Ati ngenes di tinggal ning taiwan,,
Turu atis laka sing baturi,,

Ana wengwe nggawa gedang,,
Tuku wedi ning palembang,,
Ngrayu cewe wis ora mempan,,
Nang mang yudi wis ora bujang,,

Mangkat sanja ning wanakaya.
Ning nok nining rangda merana.
Niat sun kerja ning negara korea.
Sedelat maning bakal kelaksana.

Nandur cemara ning pinggir kedokan..
Dolan ning panjul nggawa gorengan bakwan.
Dalan pantura persis kaya congklakan.
Brenjal brenjul pada bolong bli karuan…

meng bango dua numpak toyota.
Nyampe larangan mobile oreg..
Emang wong tua omongane nyata..
Lamon ntas mangan wetenge wareg

Bocah pada dolan ning karang
Dolane jaran-jaranan
Heran temen zaman sekarang
Kawin senen selasa lahiran

Bajigur enak karo sekoteng
Nginume baka arep melek
Luruh sambel jagate peteng
Olih-olih ndumuk tembelek

Njukut piring karo sendok
Kanggo mangan tahu gejrot
Limang taun ora ketemu senok
Pas ketemu tambah gembrot

Karang Sinom aduh baguse
Ana kumis aduh kandele
Lagi enom pada demene
Kawine wis pada tuane

Kunang-kunang gawe demen
Demen gah ning Kang Wawan
Iku lanang enak temen
Rabi siji Arab sijine Taiwan

Akeh gonggo karo yuyu
Yuyu atos ana capite
Enggo apa raine ayu
Baka demene mana mene

dolan meng dermayu lewate palimanan,,
nyampe kertasemaya nenggor becae wa kaji..
nok wong ayu kakang banget kedanan.
kuwayang bahagia yen kelakon dadi siji..

oskadon cangkange biru.
njukut piring nggo wadah jangan.
demen wong wadon bli bisa turu,,
awak gering klalen ning mangan.

Nginum oskadon ning wayah awan,,
dipai madu manis rasane,,
due wadon kerjane ning taiwan,,
lamon rindu mung bisa mandeng potone.

Dolan ning legok tuku iwak asin.
Numpak kopayu mudune ning karangsong.
Motok mogok keentokan bensin.
Cerbon dermayu bensin pada kosong.

Nonton persib lewate desa krasak.
Mamba jatisawit jebole ning palimanan.
Emang nasib sun dadi wong blesak.
Gampang gah luruh duit daripada luruh demenan.

Nandur kersem ning musim udan.
tutupan koran angger kecipratan.
pesam pesem sun kaya wong edan.
kenang kasmaran ning gadis anjatan.

Tuku tawas di taroh ning longan.
Pelem kweni murag ning selokan.
Selawas lawas urip sun dadi bujangan.
Pengen ngerasani ndueni gendakan .

Dina senen borong borong ning pasaran.
Tuku kudung biru balike kro boncengan.
Kaya kenen rasane wong lagi kasmaran.
Rasae blenak turu klalen ning mangan.

Dolan ning kroya tukune sarden..
mampir ning temiyang di suguhi roti..
indonesia wis arepan ganti presiden.
nangapa reang wadone bli ganti ganti

WANGSALAN

Wangsalan minangka tradisi lisan kang masih dikenal teng daerah Pantura, kususe Dremayu lan Cerbon. Sanajan kirang pisan memasarakat, wangsalan masih nduweni tempat ning atinipun masyarakat Dermayu lan Cerbon.

Asale saking tembung rangkep ”wangsal-wangsul”. Wangsul artinipun “Jawab, pulang”. Wangsalan yaniku ukara kang ngungkapaken maksud atawa kehendak ngangge kata-kata kang mirip atawa mendekati maksud wau.

Pada awale, wangsalan iku minangka dolanan teka-teki. Dados pengertianipun wangsalan yaniku unen-unen kang seemper badekan nanging maksudipun boten diterangaken / boten diucapaken ceplok melok, nanging kang samar-samar pada suwarane yaniku kang dimaksudipun, lan luwih bebas.

Conto:

1. Godong mlinjo, krasa pegel ngaso dikit. (godong mlinjo arane so dadi tembung ngaso).

2. Janur gunung, kadingaren gelem teka mene. (janur gunung arane kembang sing tanduran aren dadi tembung kadingaren)

3. Jenang gula, kowe aja lali ( jenang gula : gulali = lali).

4. Wader kalen sesoderan, nyuwun pangapura bilih gadah kelepatan. (wader kalen sesoderan arane iwak sepat, dadi tembung kelepatan)

5. Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu. (Sekar aren : dangu = dangu).

6. Njanur gunung, kadingaren (Janur gunung : Aren = Kadingaren).

7. Ireng – ireng ning rerangken, melu nyawang sing kadoan. (Ireng – ireng ning rerangken arane sawang, dadi tembung kadingaren).

8. Mbalung klapa, geleme mung etok – etokan. (Mbalung Klapa : Batok = Etok – etok).

9. Reca kayu, goleka kaweruh rahayu. (Reca kayu : Golekan = goleka).

10. Ngembang garut nggremeng ora karuwan. (kembang garut = gremeng = nggremeng).

11. Ngembang kacang, mrengut nambah ayu. (kembang kacang : besengut = mrengut).

12. Gagak abang putih wulune, tulung tulung aja tegelan. (Gagak abang putih wulune arane manuk wulung, dadi tembung pepindaane tulung-tulung).

13. Godong jati, sombong duwe dolanan anyar. (Godong jati: jompong = sombong).

14. Klapa muda, kula arep derep bedugan. (klapa muda : dugan = bedugan).

15. Blumbang binatur bata, seumur kula enteni. (Blumbang binatur bata iku olih sing tembung sumur, dadi tembung pepindaane seumur-umur)

16. Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki. (kembang gembili : seneng = seneng-seneng).

17. krikil kali, bokat wis waktunē. (krikil kali yaniku watu, diasosiaken karo waktu)

(krikil kali yaniku watu, diasosiaken karo waktu)

Ing masarakat Cerbon-Dermayu wangsalan saged didadosakan semacem pantun.

Conto:

Gubuk duwur ning tengah-tengah sawah
Mengkenen temen, wong demen durung kelakon

lamon dideleng sekilas, ora nana padane rima antara “sawah” karo “kelakon.” Sebenare ning kuwen iku arti wangsalan kuh.

Baris kesiji minangka teka-tekine. “Gubuk duwur ning tengah sawah” ning kosakata sejene yaiku ranggon. Dadi rima ning kata “kelakon” njukut sing jawaban teka-teki mau, yaiku ranggon.

Sebagai ilustrasi dalam bahasa Melayu atau Indonesia, misalkan kita ingin mengambil rima dengan kata-kata “Aduhai sungguh badan begitu harum.” Untuk mendapatkan kata harum kita terlebih dahulu membuat teka-teki.

Teka-teki apa yang kira-kira jawabannya memiliki rima “um” seperti dalam kata jarum?
Mungkin ini contohnya.
“Matanya satu ekornya tajam.
Aduhai sungguh badan begitu harum.
Jawaban dari matanya satu ekornya tajam adalah “jarum.” Rima harum mengambil dari kata “jarum.”

Nanging saniki, wangsalan Indramayu Cirebon ngalami pergeseran. Masarakat ngartiaken wangsalan iku pada karo pantun.

PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen kang gumatok lan ajeg penganggone lan nduweni teges wantah, nggambaraken tindak tanduke manusa atawa ungkapan sing nganggo umpama. Paribasa jawa ning khasanah sastra jawa dikenal karo sing diarani bebasan, sanepan, atawa saloka.

Ujude paribasa diisi karo arti kiasan ndadeni fasilitas kanggo nggamblangaken nggambaraken kondisi sing ana. Bentuk paktane realitas sing beli biasa terjadi, sindiran, sarkasme, lan siji kenyataan kang paradoksal. Dirangke ning gaya basa, lan maning kata-kata sing indah, lembut supaya beli gampang nyinggung prasaane wong nanging gampang dadi penginget.

Ning waktu kien sastra jawa ngrasa kurang pisan, kayadene basa sedina-dina diaplikasiaken ning pergaulan masarakat jawa nganggo paribasan. Nanging ning wacana komunikasi sedina-dina kayane masih relevan, lan maning paribasan iku penting pisan kanggo ngistilahaken atawa nggambaraken sewiji perihal atawa peristiwa kang ora wajar. Kata-katane sing dianggo mirip karo pantun, kadang-kadang ngrasa lucu lan aneh.

Conto:
Amba segara : gelem ngampura ning segala-gala.
Ngadang-adang tetese embun : njagakaken barang mung seolih-olihe.
Adigang, adigung, adiguna : ngadiraken kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.
Aji godhong garing (aking) : wis ora ana ajine / asor banget.
Ana catur mungkur : ora gelem ngrongokaken rerasan kang ora becik.
Ana daulate ora ana bagjane : arep nemu kabagjan nanging ora sida.
Ana gula ana semut : papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Anak polah bapa kepradah : tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.
Gentong bocor/rembes : wong kang ora bisa nyimpen rahasia.
Bagen jamure emong watange : gelem enake ora gelem blenake.
Asu rebutan balung : rebutan barang kang sepele.
Asu belang kalung wang : wong asor nanging sugih.
Asu gede menang kerahe : wong kang duwur pangkate mesti bae gede panguwasane.
Asu marani gebuk : sengaja marani bebaya.
Baladewa ilang gapite (jepit wayang) : ilang kekuwatane / kaluhurane.
Banyu pinerang ora bakal pegot (sigar) : pasulayan sedulur ora bakal megotaken sedulurane.
Batang lelaku : lunga ijen ngamba panggonan kang mbebayani.
Batok bolu isi madu (bolong telu) : wong asor nanging sugih kepinteran.
Blaba wuda : saking lomane sampe awake dewek ora keduman.
Bebek musuh mliwis : wong pinter musuhe wong kang pada pintere.
Becik ketitik ala ketara : becik lan ala bakal katon.
Balilu tan pinter durung nglakoni (bodo) : wong bodo sering nglakoni, wong pinter durung pernah nglakoni.
Bubuk olih leng : wong duwe niyat ala olih dalan.
Bung pring petung : bocah kang longgor (gelis gede).
Buntel kadut, ora kinang ora udud : wong nyambut gawe borongan ora olih mangan lan udud.
Buru (mburu) acang-acang kelangan deleg : ngglati barang sepele malah kelangan barang luwih gede.
Busuk ketekuk, pinter keblinger : wong bodo lan pinter pada bae nemu cilaka.
Carang cantel : ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.
Car-cor kaya kurang janganan : ngomong ceplas-ceplos ora dipikir disit.
Cedak kebo gupak : cedak karo wong ala bakal katut ala.
Melu keprok ora tombok : melu mangane tapi beli melu patung.
Dadiya banyu emong nyawuk, dadiya godong emong nyuwek, dadiya suket emong nyenggut : wis ora gelem nyanak / emong sapa aruh.
Gedongana koncēnana : Wong mati mangsa wurunga

SANEPA

Sanepa yaniku tetembungan minangka pepindaan atawa pepadaan. Disanepakaken = dipadakaken, diumpamakaken.

Conto :
1. Ning kene sih ngaku bujang, ning umah anake kaya kancing terbang
Kaya kancing terbang artine anake brembel (akeh ).

2. Bi Inah ari ngomong kaya kacang digoreng
Kaya kacang digoreng artine nyrocos ngomong langka sela – selane.

3. Beyekane bayed kaya drum wadah lenga
kaya drum wadah lenga artine beyekane bengbeng / lemu.

SALOKA

Saloka yaniku unen-unen sing angger penganggone lan duweni arti pepindaan, sing dipindaaken ning kelakuane wong.

Conto :

1. Ula marani gebug artine sing bli sengaja luruh pegawean tapi diupahi pegawean.
Conto ning ukarane : 
Kebeneran sira teka kaya ula marani gebug, tulung beneraken sepede kita.

2. Kaya kebo kaboten sungu artine ngiasaken wong kang akeh anake.
Conto ning ukara :
Mang Nana uripe kaya kebo kaboten sungu, menggawe jungkel malik endas dadi sikil, sikil dadi endas.

3. Rajeg mangan tanduran artine wong sing kudune njaga malah ngrusak.

4. Wedus diumbar ning kacangan artine ngibarataken wong nakal diupai dalane nakal.

5. Kegeden gludug langka udane artine ngibarataken wewatekane wong sing akeh omonge tapi langka buktine.

6. Kaya kebo balik ning kandange artine ngibarataken wong sing maune mrantau sakien balik ning desane maning.

7. Kurugan gunung menyan artine ngibarataken wong sing olih rejeki gede.

8. Cecek nguntal rembulan artine ngibarataken wong kang duwe kepengenan tapi adoh kelakone.

9. Gede endase artine sombong.

10. Kaya endog ning duwur sungu artine wong sing uripe khawatir bae.

11. Nyrawat ngalor kenane ngidul artine sejen sing diomongaken sejen sing dituju.

12. Banyu bening kena iwake artine yen ngadepi masalah / perkara aja croboh.

13. Kaya kebo dikalungi artine wong sing nurut bae ning majikane.

14. Dawa tangane artine doyan nyolong.

BADEKAN

Badekan unen –unen sing kudu digoleti jawabane. Wujude badekan kebagi dadi telu yaniku ;

1. Badekan sing wujude singkatan

Conto :
- Burnaskopen, bubur panas kokopen
- Butarnki, jambu ning latar dipaneki
- Lut badut can balas, welut mamba endut macan mamba alas
- Pentil kecakot, penjaga tilpon kecamatan kota
- Suling ketan, asu guling ning suketan

2. Badekan sing wujude pepindaan

Conto :
- Sega sekepel dirubung tinggi : salak
- Bocah cilik dawa ususe : dom bari benange
- Pitik walik saban kebon : danas
- Lagi cilik nganggo klambi bareng tuwa wewuda : pring
- Wong tuwane dielus –elus anake diedek – edek : anda

3. Badekan sing wujude plesedan

Conto :
- Diketok malah dadi duwur : srowal
- Satoan apa sing endase ning sikil, matane ning sikil, cungure ning sikil, cangkeme ning sikil, pokoke sekabehe ning sikil : anake ayam kepedek.

Ulangan !
1. Punapa ingkang disebat guritan !
2. Guritan dibagi kalih, yaniku........
3. Punapa ingkang disebat parikan !
4. Seraten conto parikan rong gatra !
5. Seraten conto parikan patang gatra !
6. Punapa ingkang disebat wangsalan !
7. Seraten conto wangsalan !
8. Punapa ingkang disebat paribasan !
9. Seraten conto paribasan !
10. Punapa ingkang disebat sanepa !
11. Seraten conto sanepa !
12. Punapa ingkang disebat saloka !
13. Seraten conto saloka !
14. Punapa ingkang disebat badekan !
15. Seraten conto badekan !

Post a Comment for "Apa itu Guritan, Parikan, Wangsalan, Paribasa, Sanepa, Saloka dan Badekan ? (Bahasa Daerah Kelas X)"