Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) MATA PELAJARAN (MULOK) BAHASA DAN SASTRA DAERAH

 PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS)

MATA PELAJARAN (MULOK) BAHASA DAN SASTRA DAERAH

A. Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, atawa d kang dianggep paling bener

1. Wong wadon lan lanang pada bae derajate, wadon padane ….

    a. Jaler 

    b. Kamboja

    c. Lare 

    d. Wanodia 

2. Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sederek mengkin dalu ba’da Isya diaturi Sholawatan teng Mesjid Jami. Klebet tembung….

    a. Wara-wara 

    b. Pitakon

    c. Suruhan 

    d. Pakon

3. tukuaken obat generic !

    a. Pakon 

    b. War-war

    c. Pitakon 

    d. Jawaban

4. Wilangan “4” menawi ngangge bebasan yaniku …

    a. gangsal 

    b. kalih 

    c. sedasa 

    d. sekawan

5.

    1. Wedang jeruk bisa nambani lara watuk.

   2. Akeh wit-witan kang padha rubuh kena angin puting beliung.

    3. Aja mangan pelem mentah, wetengmu bisa mules!

   4. Akeh wong padha mudik numpak sepeda motor.

    5. Jaman saiki akeh banget jenenge lelara iku

Ukara-ukara ing duwur kang migunakaken ukara pengenging, yaniku … .

    a. 1

    b. 2

    c. 3

    d. 4 

6. Minggu kepungkur Pak Lurah sakulawarga tindak Jakarta. Miturut surasane ukara iku kalebet ukara….

    a. ukara pitakon

    b. ukara pakon

    c. ukara pamenging

    d. ukara carita

7

.  1. Mangga dipunentosi ngriki mawon!

    2. Buku kuwi tatanen maning sing rapi!

    3. Ora pareng rame simbah lagi sare!

    4. Mangkata saiki bae supaya ora telat!

    5. Ayo padha matur Pak Guru saiki bae!.

Ukara-ukara ing duwur kang kalebu ukara pangajak yaiku … .

    a. 1,3

    b. 4,3

    c. 1,5

    d. 5,2

8. Ukara-ukara ing ngisor iki mujudaken ukara pitakon yaiku … .

    a. Wacanen resep saka Pak Dhoter iku!

    b. Sapa nandur bakal ngunduh.

   c. Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa kasembadan.

    d. Apa kang njalari lara demam berdarah iku?

9. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakaken seselanan –um- yaiku … .

    a. Dadi bocah aja sok kumawani marang wong tuwa.

  b. Para muda ageng sanget sumbang surungipun tumrap kemajenganing bangsa.

    c. Anggonmu mrene numpak apa?

  d. Dadi wong iku aja gumede, mundak disengiti kanca

10.

    1. Deweke pancen bocah wadon sing kumayu dewek ing kelas XI TKJ

    2. Dugan krambil kaen pancen kumeruk.

    3. Peleme wis rumujak.

    4. Kabeh pada gumuyu nalika nonton dagelan ing televisi.

    5. Bocah sing kuminter diadohi batur.

Seselan –um- ing ukara-ukara duwur kang teges ”duwe panganggep” yaiku … .

    a. 1,5

    b. 2,5

    c. 2,3

    d. 1,4

11. Ukara-ukara ing ngisor iki endi kang migunakaken seselan –er-?

    a. Ing alun-laun saiki ana kerameyan.

    b. Yen disawang saking adohan lampu-lampu ing kota Dermayu pating kerelip.

    c. Reang ora ngerti temenan perkara iku.

    d. Anggone nandur jati ning karang sisih kidul.

12. Ukara ing ngisor iki kang migunakaken seselan el dumunung ing ukara … .

    a. Aja mung mangan wae, awakmu wis kelemon!

    b. Lampu kae yen disawang saka kadohan mung katon kelap-kelip.

    c. Pasar malem ing alun-alun kae lampune pating gelebyar.

    d. Yen didukani Bapak adhiku mripate mung kelap-kelop

13. Tuladane ukara sambawa kang nduweni teges upama yaiku … .

    a. Mangkata esuk mau, kula ana bature.

    b. Mangkata saiki, mundak telat!

   c. Wis enggal mangkata, ora susah ngenteni kula!

   d. Mangkata bae, aja mangu-mangu kaya konon!

14. Conto Ukara sananta yaniku … .

  a. Pintera ya nok sekolahe, kamberan kasembadan apa kang dadi gegayuhanmu!

    b. Pinter deweke ora nyusul pinter batur-bature.

     c. Lulusa ya ujianku kanti biji sing apik!

    d. lamon reang lulus, reang arep tawur duit celengan bagong.

15. Ukara-ukara carita ing ngisor iki kang nggambaraken keanaan kang wis mesti … .

    a. Kang ngagem batik kuen dudu Bapak Kepala Sekolah.

    b. Reang ora percaya yen deweke ora lulus ujian.

    c. Adohe mlaku wingi kira-kira 5 km.

    d. Kang gawe buku modul jawa iki pancen aku.

16. Ukara-ukara ing ngisor iki ukara carita kang nggambaraken kahanan kang durung pasti, kejaba … .

   a. Bapak anggone rawuh mbok menawa mengko sore.

    b. Saiki kira-kira jam 11.00 WIB.

    c. Pakde dina iki mesti rawuh mrene.

    d. Yen ora kliru koesuk dina Selasa.

17. Ukara nang ngisor iki sing nganggo basa krama alus kang trep yaiku....

    a. Bu kula nyuwun arta Rp. 10.000 bae.

    b. Sampeyan arep tindak ngendi ?

   c. Saben esuk reang nyaponi latar lan emper umah.

    d. Menawi panjenengan kersa, kula aturi pinarak rumiyen.

18. Gede endasae iku arane wong kang ….

    a. Sombong

    b. Mlarat

    c. Sugih

    d. males

19. Rayat kang melu perang akeh kang mati , kang … ugah masih akeh.

    Wecana antonime “mati’ nggihniku ….

    a. Gering

    b. Lara

    c. Urip

    d. slamet

20. Mlayua ning laklakane naga, tek udag mangsa wurunga !

    Ukara niku kelebet teng ukara punapa….

A.     Ukara pakon

B.     Ukara pitakon

C.     Ukara pengenging

D.    Ukara sesumbar



 


 

Post a Comment for "PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) MATA PELAJARAN (MULOK) BAHASA DAN SASTRA DAERAH"