Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

BAHASA DAERAH KELAS XI MATERI TITI UKARA

TITI UKARA (MAKNA KALIMAT)




Titi ukara yaniku sempalane elmu basa ingkang nyinaui bab ukara / kalimat.
Ukara minangka bagian paling cindek unen-unen teks waca kang ngungkapaken pikiran wutuh anggone ketatabasaan atawa nduweni makna. Upami ukara uni / lisan wujudipun ngangge alunan swara, diseselan jeda atawa diakhiri panambang intonasi. Nanging upami ukara tulis tandane ngangge ater-ater murda / huruf besar lan diakhiri ngangge tanda waca titik, tanda pitakon, lan atawa tanda pakon.

Susunanipun wonten 4 macem minurut dudukane yaniku; jejer (subjek), wasesa (predikat), lesan (obyek), lan ketrangan (keterangan).
Nanging sanajana wonten setunggal tembung (satu kata) ingkang sesuai titi ukara niku lebete disebat ukara (kalimat).

Conto :
  • - Mene !
  • - Dodok !
  • - Pundi ?
  • - Pinten ?
  • - Setunggal., lan sanes-sanese
Conto ukara kang wutuh yaniku :
- Pa guru Koni saweg niti pit teng sekolahan.
Jejer(j) wasesa(w) lesan(l) ketrangan(k)

Ing basa Cerbon-Dermayu ukara dibagi dados 6 macem, yaniku :
1. Ukara crita (kalimat berita)
2. Ukara pakon (kalimat perintah)
3. Ukara pitakon (kalimat tanya)
4. Ukara pengenging (kalimat larangan)
5. Ukara sambawa (kalimat pengharapan)
6. Ukara sananta (kalimat niatan)
7. Ukara sesumbar (kalimat sumpah)
A. Ukara crita (kalimat berita)

Ukara crita yaniku ukara ingkang isinipun nyritakaken setunggalipun keanaan atawa kedadian lan disampeaken kangge tiyang sanese.

Conto :
1. Saweg dinten Jumuah ibu bupati ngresmiaken bangunan sekolah teng blok cura desa Tempel.
2. Wau dalu teng platarane pa Mengku wonten kesenian akrobat Genjring.
3. Mengkin benjing badhe diwontenaken acara Jaran lumping teng dusun Lelea.
4. Kakang kula badhe diwisuda teng Unwir Indramayu.
5. Kaji Ronal saweg nyinaui lareh-lareh renang teng Lengek.
6. Ema saweg dirawat teng griya sakit.
7. Enjing-enjing wonten lareh alit ketabrak motor teng dusun Eretan kulon.
8. Mengkin sasih Nopember badhe dibuka Diklat kesenian daerah teng griyanipun mama Bambang.
9. Wau dalu wonten copet ketangkep teng pasaran Jatibarang.
10. Ki Tarka badhe nyinaui lareh-lareh aksara Jawa teng “Sanggar aksara” Cikedung.

B. Ukara pakon (kalimat perintah)

Ukara pakon yaniku ukara ingkang nyatakaken ngengken atanapi mrentah tiyang sanese.

Conto :
1. Seraten serat niki kangge wa dalang!
2. Pendeten yatra kula teng bu Erni!
3. Mengkin sonten jam 
4 jenengan mriki nggih !
4. Yatra niku bayaraken teng warunge bi Surti !
5. Mriki bilih wonten waktu nganggur !
6. Sapunen latar kang kotor kuh !
7. Panenana sabin kula amargi pantunipun sampun ndeluk!
8. Bocengen wong tua kang lagi lunga kuh !
9. Kesaha panjenengan teng alas Loyang !
10. Pendeten sawung niku kangge diopeni ema!

C. Ukara pitakon (kalimat tanya)

Ukara pitakon yaniku ukara ingkang isinipun nyuwun ketrangan/jawaban. Tembung kang sering diangge antarane sinten, pripun, punapa, pinten, lan pundi.

Conto :
1. Sinten ingkang saged niti pit ?
2. Pripun caranipun nyetel senar itar niki?
3. Sonten-sonten panjenengan badhe pundi ?
4. Punapa dalang Rusdi upami mentas wonten waditra gamelan gong cina agenge?
5. Punapa seni budaya teng Dermayu mboten ngrembaka lan lestari ?
6. Pinten reginipun uwos sekilo ?
7. Pundi griyanipun kang Mardiyah ?
8. Sinten ingkang dinten niki mboten mlebet ?
9. Pripun rekadayanipun supados kesenian teng Cerbon niki maju ?
10. Sinten naminipun kuwu teng dusun Tamansari ?

D. Ukara pengenging (kalimat larangan)

Ukara pengenging atanapi ngalareng yaniku ukara ingkang wonten makna larangan, pomali, pantangan, lan mboten saged dilakoni.

Conto :
1. Mboten saged lareh alit milet dibakta teng UGD.
2. Mboten kenging sonten-sonten / maghrib dereng wangsul!
3. Aja dodok ning tengah lawang !
4. Bli kena njentul dewekan kuh !
5. Ora kena bocah wadon masih klayaban begi-bengi !
6. Aja !
7. Kula nglareng panjenengan dugi teng griya kula dalu-dalu!
8. Sampun mirengaken crita tahayul !
9. Sampun wangsul sareng kula !
10. Mboten kenging piyambeke mlebet teng sekolah niku !

E. Ukara sambawa (kalimat pengharapan)

Ukara sambawa yaniku ukara ingkang isinipun ujude ngarep-arep. Tembung kang sering diangge antarane panambang / akhiran “a”

Conto :
1. Dugia bapa kula, supados kula ketunggon sareng tiyang sepuh kula.
2. Panasa mengko awan kuh supaya mepe gabahe gage garing.
3. Meneya sira kuh nang mengko teksangoni blanja.
4. Njaluka pangapura sira kuh nang ning bapa
5. Balika nang ning lebaran kien kuh.
6. Senajan kita kuh wong ora duwe tapi masih duwe harga diri.
7. Sugiha kita kuh supados saged nitiaken tiyang sepuh kula niti haji.
8. Bokat kita duwe duwit kita arep lunga meng Bali.
9. Gonaha anak pinter, baka pinter kuh tekkuliyahaken ning Jogja.
10. Warasa sira kuh nok mengko tek ajak jalan-jalan meng Jatibarang.

F. Ukara sananta (kalimat niatan)

Ukara sananta yaniku ukara ingkang isinipun nyatakaken niat (nduweni kepengenan). Tembung kang sering diangge antarane lamon, upami, saumpami, saumpama, baka, lan bilih.

Conto :
1. Lamon reang duwe duit reang arepan nyumbang wong tua.
2. Upami kula diparingi rizki kula niatan nyukani yatra teng fakir miskin.
3. Saumpami kula sampun dewasa kula badhe damel teng Kalimantan.
4. Saumpama reang duwe motor reang arepan mangkat sekolah nganggo motor.
5. Baka kita sugih kita pengen nyekolahaken adine kita sampe kuliah.
6. Baka reang duwe duwit reang arep tuku meri.
7. Bilih wonten uwos kula badhe nyukani tangga setangan.
8. Mengkin dalu kula badhe sembayang tahajud.
9. Baka teka wulan puasa reang arepan teraweh pol.
10. Baka kita olih gaji pertama, kita arep ngupai wong tua, kabeh seamplop-amplope .

G. Ukara sesumbar (kalimat sumpah)

Ukara sesumbar yaniku ukara kang isine kata-kata kasar kang tujuane kangge mbakar atawa micu api amarah wong sejen.

1. Yen ngaku lanang, metua!
2. Arep ning genah sesek, arep ning genah kang lega, tek enteni!
3. Arep mabur tek tiburi, arep mendem tek jajagi !
4. Mlayua ning laklakane naga, tek udag mangsa wurunga !
5. Tektabok dadi geseng, tekjotos dadi areng !
6. Arep ning duwur segara, arep ning sor langit, tekladeni mangsa wurunga !


Uji kompetensi

A. Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, atawa d kang dianggep paling bener

1. Wedang jeruk bisa nambani lara watuk.
2. Akeh wit-witan kang padha rubuh kena angin puting beliung.
3. Aja mangan pelem mentah, wetengmu bisa mules!
4. Akeh wong padha mudik numpak sepeda motor.
5. Jaman saiki akeh banget jenenge lelara iku

Ukara-ukara ing duwur kang migunakaken ukara pengenging, yaniku … .
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4

2. Minggu kepungkur Pak Lurah sakulawarga tindak Jakarta. Miturut surasane ukara iku kalebet ukara apa ?

a. ukara pitakon
b. ukara pakon
c. ukara pamenging
d. ukara carita

3. 1. Mangga dipunentosi ngriki mawon!
    2. Buku kuwi tatanen maning sing rapi!
    3. Ora pareng rame simbah lagi sare!
    4. Mangkata saiki bae supaya ora telat!
    5. Ayo padha matur Pak Guru saiki bae!.

Ukara-ukara ing duwur kang kalebu ukara pangajak yaiku … .

a. 1,3
b. 4,3
c. 1,5
d. 5,2

4. Ukara-ukara ing ngisor iki mujudaken ukara pitakon yaiku … .

a. Wacanen resep saka Pak Dhoter iku!
b. Sapa nandur bakal ngunduh.
c. Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa kasembadan.
d. Apa kang njalari lara demam berdarah iku?

5. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakaken seselanan –um- yaiku … .

a. Dadi bocah aja sok kumawani marang wong tuwa.
b. Para muda ageng sanget sumbang surungipun tumrap kemajenganing bangsa.
c. Anggonmu mrene numpak apa?
d. Dadi wong iku aja gumede, mundak disengiti kanca

6. 1. Deweke pancen bocah wadon sing kumayu dewek ing kelas XI TKJ
    2. Dugan krambil kaen pancen kumeruk.
    3. Peleme wis rumujak.
    4. Kabeh pada gumuyu nalika nonton dagelan ing televisi.
    5. Bocah sing kuminter diadohi batur.

Seselan –um- ing ukara-ukara duwur kang teges ”duwe panganggep” yaiku … .
a. 1,5
b. 2,5
c. 2,3
d. 1,4

7. Ukara-ukara ing ngisor iki endi kang migunakaken seselan –er-?

a. Ing alun-laun saiki ana kerameyan.
b. Yen disawang saking adohan lampu-lampu ing kota Dermayu pating kerelip.
c. Reang ora ngerti temenan perkara iku.
d. Anggone nandur jati ning karang sisih kidul.

8. Ukara ing ngisor iki kang migunakaken seselan el dumunung ing ukara … .

a. Aja mung mangan wae, awakmu wis kelemon!
b. Lampu kae yen disawang saka kadohan mung katon kelap-kelip.
c. Pasar malem ing alun-alun kae lampune pating gelebyar.
d. Yen didukani Bapak adhiku mripate mung kelap-kelop

9. Tuladane ukara sambawa kang nduweni teges upama yaiku … .

a. Mangkata esuk mau, kula ana bature.
b. Mangkata saiki, mundak telat!
c. Wis enggal mangkata, ora susah ngenteni kula!
d. Mangkata bae, aja mangu-mangu kaya konon!

10. Conto Ukara sananta yaniku … .

a. Pintera ya nok sekolahe, kamberan kasembadan apa kang dadi gegayuhanmu!
b. Pinter deweke ora nyusul pinter batur-bature.
c. Lulusa ya ujianku kanti biji sing apik!
d. lamon reang lulus, reang arep tawur duit celengan bagong.

11. Ukara-ukara carita ing ngisor iki kang nggambaraken keanaan kang wis mesti … .

a. Kang ngagem batik kuen dudu Bapak Kepala Sekolah.
b. Reang ora percaya yen deweke ora lulus ujian.
c. Adohe mlaku wingi kira-kira 5 km.
d. Kang gawe buku modul jawa iki pancen aku.

12. Ukara-ukara ing ngisor iki ukara carita kang nggambaraken kahanan kang durung pasti, kejaba … .

a. Bapak anggone rawuh mbok menawa mengko sore.
b. Saiki kira-kira jam 11.00 WIB.
c. Pakde dina iki mesti rawuh mrene.
d. Yen ora kliru koesuk dina Selasa.

13. Ukara nang ngisor iki sing nganggo basa krama alus kang trep yaiku....

a. Bu kula nyuwun arta Rp. 10.000 bae.
b. Sampeyan arep tindak ngendi ?
c. Saben esuk reang nyaponi latar lan emper umah.
d. Menawi panjenengan kersa, kula aturi pinarak rumiyen.
e. Supaya lewih gamblang becike panjenengan tindak mriki bae.

Post a Comment for "BAHASA DAERAH KELAS XI MATERI TITI UKARA"