Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

TITI TEMBUNG (BAHASA DAERAH KELAS XI SMK)

 TITI TEMBUNG (MAKNA KATA)

kula tiyang Lea

Titi tembung yaniku sempalane elmu basa ingkang nyinaui bab kata.

Ing basa Cerbon-Dermayu tembung dibagi dados 4, yaniku :

  1. Tembung lingga (kata dasar)
  2. Tembung andahan (kata jadian)
  3. Tembung rangkep (kata perulangan)
  4. Tembung camboran (kata majemuk)

A. Tembung lingga (kata dasar)

Tembung lingga yaniku tembung ingkang wutuh dereng ditambihan ater-ater, seselan, panambang, atanapi ater-ater – panambang. Tembung lingga maceme wonten gangsal perkara; sewanda (satu suku kata), kalihwanda (dua suku kata), tigangwanda (tiga suku kata), sekawanwanda (empat suku kata), lan gangsalwanda (lima suku kata). 

a) Sewanda, contoe; lor, los, bek, pit, sor, gong, wis, teng, wor, lan, nang, cung.

  • Kula siweg niliki sabin teng lor kali.
  • Balik los bokatan kesoren.
  • Gambar lukisane blesak, aeh bek kosi bagus. (sebagian daerah menyebut pek atau bit. Bek berasal dari bahasa Inggris yaitu back yang berarti kembali atau diulang)
  • Mang Darman niti pit enjing-enjing.
  • Bukune Susi ana ning sor meja
  • Gong gamelan sandiwara Bina Remaja Indah segede ke’nceng / dangdang.
  • Wis kudune reang urip nyandang sengsara.
  • Gabah sing ning kandek (di)wor bae karo IR.
  • Siji lan siji dadie loro.
  • Nang, sira baka gede dadia seniman.
  • Cung, menea ! 

b) kalihwanda, contoe; kula, saged, pantun, wedi, griya, sampun.

  • Kula badhe kesah teng sekolah
  • Lareh SMK saged maos lan nyerat aksara jawa
  • Ema kula siwed nandur pantun
  • Aja wedi yen sira ngrasa bener
  • Niki griya kula sementara ning dunya
  • Sampun nyukani kula toya. 

c) Tigangwanda, contoe; Sampeyan, Cirebon, rasukan, budaya.

  • Sampeyan saged mbakta uwos kangge nyukani tiyang sepuh
  • Cirebon kota udang lan sebutane kota wali
  • Rasukan kula sampun disetrika
  • Budaya ngarot adate wong Lelea 

d) Sekawanwanda, contoe; Sukawera, dangdanggula, Pancasila.

  • Tiyang sepuh kula damel teng Sukawera
  • Teng pendopo Dermayu unggal dalu tepung taun kota niku dikidungi dangdanggula
  • Pancasila minangka simbol negri. 

e) Gangsalwanda, contoe; Indonesia,

Tembung lingga yaniku tembung ingkang wutuh dereng ditambihan ater-ater, seselan, panambang, atanapi ater-ater – panambang. Tembung lingga maceme wonten gangsal perkara; sewanda (satu suku kata), kalihwanda (dua suku kata), tigangwanda (tiga suku kata), sekawanwanda (empat suku kata), lan gangsalwanda (lima suku kata).

a) Sewanda, contoe; lor, los, bek, pit, sor, gong, wis, teng, wor, lan, nang, cung.

  • Kula siweg niliki sabin teng lor kali.
  • Balik los bokatan kesoren.
  • Gambar lukisane blesak, aeh bek kosi bagus. (sebagian daerah menyebut pek atau bit. Bek berasal dari bahasa Inggris yaitu back yang berarti kembali atau diulang)
  • Mang Darman niti pit enjing-enjing.
  • Bukune Susi ana ning sor meja
  • Gong gamelan sandiwara Bina Remaja Indah segede ke’nceng / dangdang.
  • Wis kudune reang urip nyandang sengsara.
  • Gabah sing ning kandek (di)wor bae karo IR.
  • Siji lan siji dadie loro.
  • Nang, sira baka gede dadia seniman. Cung, menea !

 b) kalihwanda, contoe; kula, saged, pantun, wedi, griya, sampun.

  • Kula badhe kesah teng sekolah
  • Lareh SMK saged maos lan nyerat aksara jawa
  • Ema kula siwed nandur pantun
  • Aja wedi yen sira ngrasa bener
  • griya kula sementara ning dunya
  • Sampun nyukani kula toya. 

c) Tigangwanda, contoe; Sampeyan, Cirebon, rasukan, budaya.

  • Sampeyan saged mbakta uwos kangge nyukani tiyang sepuh
  • Cirebon kota udang lan sebutane kota wali
  • Rasukan kula sampun disetrika
  • Budaya ngarot adate wong Lelea 

d) Sekawanwanda, contoe; Sukawera, dangdanggula, Pancasila.

  • Tiyang sepuh kula damel teng Sukawera
  • Teng pendopo Dermayu unggal dalu tepung taun kota niku dikidungi dangdanggula
  • Pancasila minangka simbol negri.

e) Gangsalwanda, contoe; Indonesia,

  • Indonesia negri makmur

B. Tembung andahan (kata jadian)

Tembung andahan yaniku tembung ingkang sampun diobah saking lingga / dasare amargi wonten imbuhan (ater-ater, seselan, panambang, atanapi ater-ater – panambang).

~ ater-ater (awalan)

Ater-ater ing basa Cerbon-Dermayu maceme yaniku; m-, n-, ny-, ng-, ke-, tak-/ tek-, di-, se/sa-, lan pa-/ pe- .

Conto tembunge;

  • - macul, mbacok, mbakot, mbakta, mbalang, mbuang, mriki, mriku, lan sanese
  • - njambak, njejek, notok, nulis, niti, nata, nabrak, nulung, nangis, nangkis, nari, lan sanese
  • - nyapu, nyarung, nyowek, nyolok, nyikat, nyiram, nyisir, nyuwun, nyawang, lan sanese
  • - nggodog, nggoreng, ngarit, ngudag, ngasuh, nginung, ngilang, nginget, nggletak, lan sanese
  • - kesrawat, kependem, kepedek, kelara, kesiram, kesambet, kebuwang, lan sanese
  • - takpai, taksapu, takkumbah, takkancing, taktulis, takapus, takjiwit, takalem, lan sanese
  • - dipendem, diwaca, diudag, dijambak, dideleng, disawang, disapu, diasah, lan sanese
  • - segentong, sekati, seleter, sesambat, selatar, selangit, selosin, setumpuk, lan sanese
  • - pe(ng)ayom, pe(ny)abar, pe(ng)ageng, penabuh, penunggu, penari, lan sanese.

~ seselan (sisipan)

seselan ing basa Cerbon-Dermayu maceme yaniku ; -um-, -in-, -er-,lan -el-.

Conto tembunge;

  • - gumuyu
  • - tumumpang
  • - puminter
  • - sinatriya
  • - ginanjar
  • - pinasti
  • - terembel
  • - kerelap
  • - jelerit
  • - geleger
  • - gelebyar

~panambang (akhiran)

Panambang ing basa Cerbon-Dermayu maceme yaniku ; -i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -aken, lan –ane.

Conto tembunge;


- pejeti, gebugi, jukuti, liwati, empani, lan sanese
- mlayua, lungaa, lurua, menea, tangia, lan sanese
- bukue, matae, gelase, pacule, sabine, lan sanese
- tulisen, jiwiten, bopongen, emeten, jaluken, lan sanese
- dolanan, tarikan, guyonan, ayunan, padangan, lan sanese
- gambarna, tulisna, jalukna, todokna, bayarna, lan sanese
- warahana, uculana, jalukana, goletana, lan sanese
- semprotaken, babadaken, jalukaken, bubaraken, lan sanese
- tulisane, tugelane, loroane, beyekane, sawerane, lan sanese

~ ater-ater – panambang (awalan lan akhiran)

ater-ater – panambang ing basa Cerbon-Dermayu maceme yaniku ; ke-en/an, peng-an, m-i, n-i, ny-i, ng-i, tak/tek-i, tak/tek-aken, m-aken, di-i, lan di-aken.

Conto tembunge;


- keduwuren, kepanasen, keadoen, kepegelen, kegelisen, lan sanese (ke-en)
- penguripan, pengadusan, penggorengan, pengadangan, lan sanese (peng-an)
- maculi, mareki, manasi, madani, maroni, mayungi, lan sanese (m-i)
- nariki, nulisi, nambai, nadai, nutupi, niliki, notoki, lan sanese (n-i)
- nyikati, nyapui, nyirami, nyabuti, nyampuri, lan sanese (ny-i)
- ngurusi, nguripi, ngucali, ngraupi, ngadusi, nggurui, lan sanese (ng-i)
- takjukuti, takpaculi, taktanduri, takpareki, taksewoti, lan sanese (tak-i)
- tektutupaken, tekparekaken, tekpanasaken, tektumpakaken, lan sanese (tek-aken)
- mbalangaken, mbungkusaken, mlayukaken, mupukaken, lan sanese (m-aken)
- diupai, dikentongi, diadzani, ditulisi, digambari, disewoti, lan sanese (di-i)
- dibalangaken, digotongaken, disapukaken, digawekaken, lan sanese (di-aken).

1. Tembung dwilingga

Tembung dwilingga yaniku tembung ingkang lingganipun diulang

a. Tembung dwilingga wutuh, conto tembunge:


- mene-mene
- aja-aja
- cilik-cilik
- ireng-ireng
- kaya-kaya
- adoh-adoh, lan sanes-sanese.

Tembung dwilingga salin swara, conto tembunge:

- ceplas-ceplos
- mesam-mesem
- bolak-balik
- sulan-salin
- ugat-uget
- clingak-clinguk, lan sanes-sanese

2. Tembung dwipurwa

Tembung dwipurwa artinipun dwi yaniku kalih (loro) lan purwa artinipun kawitan (arep)

Dwipurwa niku tembung lingga (kata dasar) ingkang wonten tambihan ater-ater sewanda.

Conto tembung dwipurwa wutuh;

Conto tembung dwipurwa salinswara;


- lelunga
- lelara
- bebungah
- sesilih
- sesuker
- sesambat
- sesuri
- bebasuh
- tetua
- reruwed
- reribut
- cecilik
- ceciduk
- memangan
- gegati
- geguyu
- kekirig
- kekukud, lan sanes-sanese

3. Tembung dwiwasana

Tembung dwiwasana artinipun dwi niku kalih (loro), wasana niku pungkasan (guri).

Dados tembung dwiwasana niku tembung lingga (kata dasar) ingkang wonten tambihan panambang sami wanda atanapi salin swara.

Conto tembung dwiwasana;

Latian 3

Tembung – tembung ing andap iki damelen ukara kang sempurna !

1. Wani-wani (…………………………….)

2. Cecekluken (……………………………)

3. Gede-gede (…………………………….)

4. Mesam-mesem (………………………..)

5. Lelempit (……………………………   .)

6. Rerencek (……………………………  .)

7. Kekeduten (…………………………….)

8. Jelalatan (……………………………   .)

9. Nglilir (………………………………  .)

10. Ketutup (……………………………  .)

D. Tembung Camboran

Tembung Camboran yaniku setunggalipun tembung atanapi luwih ingkang didadosaken sawijine tembung lan gadah arti miwal.

Tembung camboran saged dibagi dados tigang perkara, yaniku Camboran wutuh, camboran tugel, lan tembung saroja.

1. Tembung Camboran wutuh;

    a. Tembung kalih (loro) ngarep guri sami arti.

     Conto: 

  • angkara murka
  • Suka cita
  • Unggah ungguh

    b. Tembung kalih (loro) ngarep guri walikane.

     Conto: 

  •  gede cilik
  •  Tuwa enom
  •  Lanang wadon
  •  Ngalor ngidul
  •  Kiwe tengen

    c. Tembung loro kang ngarep nerangaken kang guri/sewalike .

     Conto: 

  •  tukang cukur
  •  Lemari kayu
  •  Dalang jaran
  •  Dalang wayang
  •  Kebon kopi
  •  Gede endase
  •  Manis meseme

    d. Tembung loro ngarep guri masih sebangsa.

     Conto:

  •  kebo sapi
  •  Ayam bebek
  •  Sawah karang
  •  Wedus jaran

    e. Tembung loro ngarep guri pada artine.

     Conto :

  • Dangdang gula (aran tembang)
  • Raja lele (aran beras)
  • Kala munyeng (aran keris)
  • Naga sari (aran panganan)
  • Kumis kucing (aran tanduran)

2. Tembung Camboran Tugel;

    Tembung Camboran Tugel yaniku tembung ingkang didadosaken ujude ringkesan, tembung kang        ditugel atanapi diringkes ngangge wanda.

     Conto:

  • Tukmis, ( batuk klimis, wong kang doyan demenan)
  •  Panastis, (panas atis, wong kang lara atanapi gering)
  •  Remako, (remaja kolot, wong kang tua durung kawin)
  •  Dalung, (pemuda kelungsen, wong kang cukup umur nanging durung kawin).

3. Tembung saroja

     Tembung saroja (tembung kang nemu teges nguataken /mempertegas)

    yaniku tembung loro kang pada artine lan dienggo bebarengan, umume duwe arti banget, keluwih-       luwih, utawa kanggo mbangetaken.

     Conto:

  • - lir - pendah = kadya, kaya
  • - tepa - palupi = conto, tulada kang bagus
  • - gagah – prakosa = gagah / perkasa pisan
  • - pait – leder = pait pisan
  • - padang-linglang = cekas, terang pisan
  • - adi luhung = agung pisan
  • - abang-mrandang = abang pisan
  • - akal – budi = nalar, pikir
  • - suba – sit = tata krama
  • - setya tuhu = setia pisan
  • - ireng-geteng = legam
  • - ijo-lotot = ijo pisan
  • - kecut-burut = asem, kecut pisan
  • - wadya-bala = tentara, pasukan, prajurit
  • - papa cintraka = sengsara pisan
  • - asrep-jilep = hambar langka uyah
  • - asin-lekek = kakeyan uyah
  • - mukti-wibawa = beli kekurangan / sugih pisan
  • - tandang graying = sepak terjang
  • - teguh-santosa = pajeg, perkasa
  • - sumbang-surung = ngupai bantuan
  • - gandas luwes = sarwa pantes
  • - gilir-gumanti = gentenan
  • - mulang-wuruk = ngajar / ngupai pelajaran

Latian 4

 Sempurnakaken ukara-ukara ing asor iki nganggo tembung seroja !

 1. Gunung merapi sing kadoan katon ……………

2. Misel baka wis dandan ……………… widadari mudun sing kayangan.

3. Siswa sing utama iku kudu duwe ……lan unggah ungguh sing bagus.

4. Bocahe sih beli ayu, tapi ……… apa sing dienggo.

5. Aja kaget ning dunya iku ……… sekiyen sengsara, besuk seneng.

6. Ngamuke …………… pandawa kaya banteng ketaton.

7. Siswa kelas XII kudu bisa dadi ………… ning adi kelase.

8. Pemuda harapan bangsa iku kudu anduweni ………… sing bagus.

9. Langka-langka wong sing uripe ning daerah konplik kuh blenak, masarakate ……

10. Masakane Nani ………….kayadene dicampur uyah Eretan.


 Latian 5

Tembung – tembung ing andap iki damelen ukara kang sempurna !

1. Unggah ungguh

2. Kiwe tengen

3. Dalang jaran

4. Ayam bebek

5. Dangdang gula

6. Tukmis

7. pait – leder

8. padang-linglang

9. Panastis

10.Tuwa enom

 

B. Ukara-ukara ing andap sempurnakaken ngangge tembung-tembung kang pas ! 

miliha tembung-tembung kang wonten ing sisih tengene !

 1. Lamon sira arep balik, ayuh …………….             a. tekjukut

2. Balike arep …………..kenang mang Dul              b. diselang

3. Krupuke wis ……………… lagi mau                   c. dituku

4. Krupuke wis ……………… nang Amid               d. tektuku

5. Sawah kanggo bakal pinihan wis ……….             e. tekater

6. Sawah bakal pinihan wis………nang mang Nur   f. diater

7. Aja nakal ning batur bokatan ……………….        g. digawa

8. Noval ……….. nang bature, sebab nakali adine    h. tekemet

9. Jagone arep…………… , lamon reange cocog      i. dikremus

10. Jagone reang wis …… nang wong kranjangan    j. tekkremus

11. durung …….masih ……….kenang Amin            k. digebug

12. Buku sing ...Nang, arep ….. engko sore               l. tekgebug

                                                                                    m. tekpacul

                                                                                    n. dipacul

   JENIS TEMBUNG (JENIS KATA)

 Jenis tembung ing Cerbon –Dermayu niku dibagi dados sedasa macem, yaniku :

    1. Tembung aran (kata benda)

    2. Tembung kriya (kata kerja)

    3. Tembung watek (kata sifat)

    4. Tembung ketrangan (kata keterangan)

    5. Tembung sesulih (kata ganti)

    6. Tembung wilangan (kata bilangan)

    7. Tembung ater-ater (kata depan)

    8. Tembung penggandeng (kata sambung)

    9. Tembung panyeru (kata seru)

   10.Tembung panyilah (kata sandang)


 1. Tembung Aran (kata benda)

 Tembung aran wonten kalih maceme, yaniku :

 a. Tembung aran ingkang saged ditingal atanapi wonten ujud/saged dirasakaken panca indra.

    Contoe ;

  • Meja
  • Kursi
  • Kebo
  • Wedus
  • Lemari
  • Bupet
  • Blagbag, lan sanes-sanese

 b. Tembung aran ingkang boten saged ditingal atanapi boten wonten ujud/ boten saged dirasakaken panca indra.

     Contoe :

  • Kesenian
  • Kebudayaan
  • Elmu
  • Kepinteran
  • Kesombongan, lan sanes-sanese.

2. Tembung kriya (kata kerja)

Ingkang lebet teng tembung kriya yaniku; turu, lunga, macul, mireng(aken), njiwit, nyapu, ngangsu, nulis, maca, lan sanes-sanese.

 3. Tembung watek (kata sifat)

Ingkang lebet teng tembung kriya yaniku; panas, adem, nakal, ala, budeg, enak, ayu, manis, asin, lan sanes-sanese.

 4. Tembung ketrangan (kata keterangan)

 Ingkang lebet teng tembung ketrangan yaniku; esuk, sukiki, emben, wingi, dereng, saniki, dewekan, alon-alon, lan sanes-sanese.

 5. Tembung sesulih (kata ganti)

    Tembung sesulih dibagi 3 yaniku:

     a. Tembung utama purusa (kata ganti orang ke-1) 

    yaniku: reang, kula, kawula, kita, ingsun atanapi isun

     b. Tembung madyama purusa (kata ganti orang ke-2) 

    yaniku : sira, sampeyan, panjenengan, jenengan, salira, lan dika.

     c. Tembung pratama purusa (kata ganti orang ke-3) 

    yaniku : deweke, lan piyambekipun.

 6. Tembung wilangan (kata bilangan)

Ingkang lebet teng tembung wilangan yaniku; siji (setunggal), loro (kalih), telu (tiga), papat (sekawan), lima (gangsal), enem (enem), pitu (pitu), wolu (wolu), sanga (sanga), sepuluh (sedasa), sewelas, lan sanes-sanese. Nanging wonten ugi tembung wilangan kangge ngira-ngira kayadene secuil, sedulit, secomot, secimit, seomplok, setangkep (berarti ana loro), searip, sesiung, setundun, segedeng, lan sanes-sanese.

 7. Tembung ater-ater (kata depan)

 Ingkang lebet teng tembung ater-ater yaniku; teng, ning, sing, lan saking.

 8. Tembung penggandeng (kata sambung)

Ingkang lebet teng tembung penggandeng yaniku; supados, supaya, nanging, ananging, amargi, utawa, atanapi, sanajan, lan, karo, lantas, sareng, terus, lan lajeng.

 9. Tembung penyeru (kata seru)

Ingkang lebet teng tembung penyeru yaniku; aduh, tobat, dih, oh, wah, lah, nah, wait, ah, lan sih.

 10. Tembung panyilah (kata sandang)

Ingkang lebet teng tembung panyilah yaniku; Si, Sang, Para, Sri, Kang, Mas, Mama, Nang, Nok, Yu, Ki, lan sanes-sanese.

Post a Comment for "TITI TEMBUNG (BAHASA DAERAH KELAS XI SMK)"