Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

SEJARAH AKSARA JAWA / CARAKAN

CRITA ASAL-USUL AKSARA CARAKAN

ilustrasi budaya jawa jaran lumping

Dongeng Asal Usul Aksara Carakan

Dicritakaken ning jaman bengen ana wong Hindu aran R. Ajisaka. R. Ajisaka sebenere anak raja, kesenengane kluyuran ning kampung-kampung sejene seneng nggulati ilmu, uga seneng nulung rakyat sing sengsara, mulane sering lelungan tekan endi-endi. Ajisaka nduweni abdi utawa pembantu loro yaiku Dora lan Sembada, pembantu loro itu banget setia karo Raden Ajisaka, ning endi bae R. Ajisaka lunga mesti dikintili ning abdi loro sing gemati. Lungane R. Ajisaka tekan ning tanah Jawa ning salah sijine pulo sing aran pulo Majethi terus pada liren sawetara. 

Ajisaka nerusaken mlakune, tapine Sembada bli kena melu, sebab Sembada dikongkon nunggu keris pusaka lan barang-barang sejene, sing dipai amanat munine “ Sembada sira tak amanati jaganen pusakaningsung,, lan sapa bae bli kena njukut keris kiyen, sing bisa njukut mung R. Ajisaka “. Jaman bengen amanat iku disebut “ Sabda pandita ratu “. Sing artine pada karo hukum sing bli bisa dibantah lan kudu ditaati. Sewise ngupai amanat ning Sembada R. Ajisaka nerusaken perjalanane, sing sekiyen mung dipeloni ning abdi sijine, yaiku Dora.

Wis pirang-pirang dina R. Ajisaka lelayaran ning samudra, sampe ning sewijining wektu weruh darata pulo Jawa, terus pada mudun. Mung anehe pulo iku sepi pisan, umah-umah katon suwung lan sepi, laka ana wong sing ndodok ning arep lawang, apa maning pada nonggkrong , pas ning pintu gerbang ana wong tua sing lagi ndodok terus ditakoni. Wong iku ngaku patih Negara iku. Negara iku aran Medhangkamulan, rajane golongan buta arane Dewatacengkar, kesenengane prabu Dewatacengkar doyan mangan uwong, mulane kenangapa Negara iku sepi, sebab sebagian uwonge wis dipangan ning raja, lan sebagian maning pada mlayu ngungsi nylametaken awake.

Weruh R. Ajisaka sing gagah lan masih enom, diaturi cepet-cepet ninggalaken Medhangkamulan, sebab bokat dadi pangane prabu Dewatacengkar. Tapine R. Ajisaka malah njaluk diateraken lan kepengen ketemu bari prabu Dewatacengkar, lan gelem dadi pangane rabu Dewatacengkar. Akhire Kipatih senajan abot nuruti penjaluke R. Ajisaka ngadep ning rajane yaiku prabu Dewatacengkar.

Prabu Dewatacengkar weruh kipatih nggawa wong enom gagah seneng pisan, sebab wis pirang-pirang dina bli mangan uwong, terus ditakoni sapa arane wong sing digawa iku. Gelising crita R. Ajisaka ngomong menawa deweke gelem dipangan, tapi ana syarate njaluk tanah seambane ikete, lan prabu Dewatacengkar dewek sing kudu ngukur tanah iku. Krungu syarat sing dijaluk mung kaya mengkonon Prabu Dewatacengkar nyanggupi. Aneh lan ajaib iket barang dibuka tambah mulur beli ana pedote, Prabu Dewatacengkar terus mundur ngulur ikete R. Ajisaka sing akhire sampe tekan ning pinggir segara, iket terus disabetaken ning R. Ajisaka kenang awake prabu Dewatacengkar tiba ning segara dadi matine.

Sekiyen R. Ajisaka dadi raja sing adil ning Medhangamulan, Negara tambah rame lan maju. Raden Ajisaka kemutan bari keris sing ditinggal bari abdine sing aran sembada. Terus Dora dikongkon maning sing amanate dikongkon njukut keris sing dijaga ning Sembada, lan beli kena balik baka bli nggawa keris. Sue nunggu Dora balik, tapi beli teka-teka, akhire R. Ajisaka mangkat dewek ning pulo Majethi, teka ning kono kaget pisan sebab Dora lan Sembada wis pada mati lan lorone mati masih pada nyekeli kerise, tembe R. Ajisaka kelingan ning dawuhe ning Sembada “ Mbuh kapan bae sing arep njukut keris mung R. Ajisaka “, lan ning Dona sabdane “ Dikongkon njukut keris sing dijaga Sembada, lan beli kena balik baka bli nggawa keris “. Tapi arane keduhung mesti ketemu guri, beli bisa dibalik maning, sebab wis dadi pastine.

Untuk mendapatkan Font Aksara Jawa di perangkat anda, silahkan unduh link berikut ini ! Semoga bermanfaat...

Post a Comment for "SEJARAH AKSARA JAWA / CARAKAN "