Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

puisi berbahasa Cirebon

 

                        Ema

Ema, pupunden kinasih

Wis cunduk ning wancine

Lan ora kena dipungkiri

Kula kudu tolabul ilmi

      Benjing bisa jembar pikir

                Ema, pangapunten kula

                Iklasaken kula lelampahan

                Nyampak bagja mujur mulia

                Ketemu karo raharja


Sesambat………………..

Gonang apa sekolah
Sawah, karang ora kurang
Wedus lan ayam bebek pirang pirang
Wis aja sekolah sebab reang wong pilang
Kang kesebute akeh duit beruang
Wong pinter pirang-pirang
Dokter, tentara lan guru ora kurang
Duh arep sambat-sambat ning sapa
Sekien reang njakal beli bisa maca lan nulis
Wis tua urip sengsara sewayah-wayah



Pupunden kinasih
Sembok nduweni telu wong anak lanang sing dadi prajurit. 
Sembok ndemeni banget anake kabeh. 
Hal kuwen kedadian pas ana peperangan. 
Telung anak kesebut dikirim miyang ning medan perang
Setaun, anak sing paling tuwa mati. 
Wektu kranda mayite miyang, sembok karo bahagia lan banggane, deweke mesem.
Taun kapindo wis buyar. 
Adi mbarep mati. 
Wektu kranda mayite miyang, sembok karo luwih bahagia lan banggane, deweke mesem..
Taun ketelu ne. 
Anak paling enom mati. 
Wektu kranda mayite miyang, sembok karo bahagia lan banyu mata rembebelan bangga, deweke mesem..
Deweke ngomong njroning ati "kita ora nduweni anak sejen maning kanggo diwenakna marang negara demenku"

DE'JONDOL
Jagat lagi anyeb, sepi nyanyet. 
bengi kuen reang bli bisa turu, 
ana suwara pating sliwer mung jangkrik lan curut gentenan, 
suwarane ambal-ambalan, 
arang - arang manuk Cangak pating koak 
kayaenambah sumeb lan anyeb, 
ora enak dirongokakene. 
Udan ngricik gawe rentege ati.

Sing awit sore 
jondol ning pinggir tanggul iku sepi nyanyet. 
Langka suwara wong ngakak gemuyu, 
langka ngglendenge ngobrol ngalor-ngidul. 
Aran sepi kuh bener-bener nyanyet.

Jagat wis bengi, 
reang ngempis bae ning pago arep
ya ora enak ari beli bari udud kuh. 
Njentul delag-deleg dewekan kaya wong ora kanggo.

Jam rolas jagat nambah atis. 
Kaya-kaya angin nyiwiti awake reang kang tipis. 
Hmmm… wis lah manjing umah bae.

Reang nylingker ning seduwuring kasur jero
kang wis lemes lan mambu ompol anakan.

“bli pranti-pranti bengi kien reang ora klayang-kloyong.
“bli kiyeng” bari rada getting

“bli kiyeng karo lagi bli duwe udud

“keloro-keadaane ya radaan getting 
Reang waktu semono sadar yen reang kuh wong mlarat. 
Nangis tua sejeroning ati. 
reang sukiki kudu solot menggawe 
Njakal bengen beli sekolah. 

Post a Comment for "puisi berbahasa Cirebon "