Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Lyric Lagu Kota Cirebon dan Penganten Baru

 

gambar santri

KOTA CIREBON
Cipt. Askadi sastra Suganda
(Mamaé Titin)

Kota Cerbon kota kang ninggir laut
Tapel wates Jawa Tengah Jawa Barat
Mumpung urip sedurungé tekang maut
Sing akéh muji dikir nggo akérat

Kot Cerbon kumpulané para wali
Kang wis pada semaré ning Gununjati
Mumpung enom pada ngulati pangarti
Agama Islam wajib dén anuti

Kentrang-kentrung
Suwarané wis ngumandang
Srengengéné wis surup wayahé soré
Kota Cerbon, kasebuté kota udang
Kesenian itar suling gamelané

Kota Cerbon asalé sing cai rebon
Pabrik gragé bakal trasi nggo petukon
Petis manis belendrang banyuné kacang
Pembangunan Cerbon kota kang berintan

dapatkan lagunya dilink berikut ;
Kota Cerbon
Karaoke Kota Cerbon


PENGANTEN BARU
Cipt. H. Abdul Adjib

Pantes dén sawang wadon lan lanang si pengantén
Manis mésemé karo somahé gawé bungah
Sing dadi lanang sumpingé kembang Kembang wijaya

Sing dadi wadon sumping melati aruma wangi
Manda déné manda déné manda déné Yén mlaku iring-iringan
Gawé ribut pér béca kang jengkringan

Lair lan batin dunya akérat sumpah suci
Uripe bareng mengendi bareng sumpah jiwa

Pengantén baru pada setuju
Pengantén baru plesir sampé seminggu

Kamajaya Kamajaya Kamaratih pribasané
Pengantén baru salaman karo tamu
Pantes dén sawang wadon lan lanang si pengantén

Manis mésemé karo somahé gawé bungah
Sing dadi lanang sumpingé kembang Kembang wijaya

Sing dadi wadon sumping melati aruma wangi
Manda déné manda déné manda déné Yén mlaku iring-iringan
Gawé ribut pér béca kang jengkringan

Lair lan batin dunya akérat sumpah suci
Uripe bareng mengendi bareng sumpah jiwa
Pengantén baru pada setuju
Pengantén baru plesir sampé seminggu

Kamajaya Kamajaya Kamaratih pribasané
Pengantén baru salaman karo tamu

dapatkan lagunya dilink berikut ;

Post a Comment for "Lyric Lagu Kota Cirebon dan Penganten Baru"