Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

MODUL BAHASA JAWA INDRAMAYU_CIREBON (JILID 2)

photo by mas Turidi, model by Dul
CRITA CINDEK / CEKAK
Carita Cindek / cekak utawa kerep dicekak dadi cerkak yaiku susastra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakaken sawijine lelakon kang dianggep wigati kang nduwèni kesan tunggal (kurang saka 10.000 tembung). Cerkak iku pancen awijining carita kang cindek. Nanging ora secara teges yen crita cindek iku dianjingaken carita cekak. Umpamane fable, dongeng lan crita rakyat minangka tulada crita kang cekak, nanging ora bisa diarani carita cindek.
Cirine crita cindek yaniku;
  1. Critane cindek / cekak
  2. Kurang sing 10.000 tembung.
  3. Sumber ceritane saking pengalaman wong sedina – dina.
  4. Paraga / Tokoh-tokoh sing ana nglakoni konplik lan anemuni penyelesaiane.
  5. Alure tunggal lan lurus.
  6. ora ngrubah nasibe tokoh.
  7. Penokohan sederhana, singkat lan ora gemet.
  8. nganggo tembung pada karo sing diucapaken sedina–dina atawa tembung–tembung sing gampang dipahami.
  9. munculaken kesan kanggo diri para pembacane.
  10. Tulisane singkat lan padat tur ora luwih dawa saking novel.
  11. Ngangkat masalah tunggal atawa intine bae.
  12. nyritakaken perkara kang tliti lan pitutur becik.
Unsur Intrinsik
  • Tema :yaiku sing dadi underane prakara carita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
  • Alur :yaiku bakune carita sing awit awal, konplik nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)
  1. Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambaraken kahanan saiki kanthi sateruse.
  2. Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambaraken kahanan saiki, diterusaken ngandakaken kahanan sing kepungkur.
  3. Alur campuran
  • Tokoh :yaiku pelaku kang mbangun carita.
  1. paraga pokok (tokoh utama)
  2. paraga kang sipate mbantu (tokoh pembantu).
  3. Paraga utama sing uga dijenengi protagonis
  4. Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis
  5. Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis
  • Watak :yaiku tanda-tanda pisik (duwur, lemu, pesek) lan tanda-tanda non-pisik kang diduwéni paraga (galak, ganjen, grapyak, pinter).
  • Setting :yaiku papan lan wektu kadadeane carita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
  • Sudut Pandang :yaiku ing ngendi pengarang mapanaken deweke ing carita.
  • Lelewaning Basa: yaiku basa kang digunakake pengarang ing carita/gaya basa.
  • Amanat: piwulang kang dikandhut utawi piweling kang arep diwenakaken pengarang marang wong kang maca cerdek.

Conto crita cindek :
Enake seklenteng blenake saendeng – endeng
Jagat lagi anyeb, sepi nyanyet. bengi kuen reang bli bisa turu, ana suwara pating sliwer mung jangkrik lan curut gentenan, suwarane ambal-ambalan, arang - arang manuk Cangak pating koak kayaenambah sumeb lan anyeb, ora enak dirongokakene. Udan ngricik gawe rentege ati. 

Sing awit usum korona, jondol ning pinggir tanggul iku sepi nyanyet. Langka suwara wong ngakak gemuyu, langka ngglendenge ngobrol ngalor-ngidul. Aran sepi kuh bener-bener nyanyet. Jagat wis bengi, reang ngempis bae ning pago arep ya ora enak ari beli bari udud kuh. Njentul delag-deleg dewekan kaya wong ora kanggo. Jam rolas jagat nambah atis. Kaya-kaya angin nyiwiti awake reang kang tipis. 

Hmmm… wis lah manjing umah bae. Reang nylingker ning seduwuring kasur jero kang wis lemes lan mambu ompol anakan.“bli pranti-pranti deweke bengi kien ora klayang-kloyong.” Jare rabine reang.“bli kiyeng” bari rada getting.“bli kiyeng tah lagi bli duwe udud?” takon bari rada nyindir.“keloro-lorone ya bener” jawabe reang bari manyung.“ya los kah tuku Apace atawa Wayang, duwite ana sepuluhewu ning duwur pedaringan bokat ana warung kang masih buka, endahora kanggo sukiki sangu jajane Misel lan Noval sekolah”. 

Reang waktu semono sadar yen reang kuh wong mlarat. Nangis tua sejeroning ati. Kanggo mangan bae gah langka ditambah-tambah matek ngudud kang gawe watuk lan ngotori jagat, wangine lemah kegrigisan robah dadi mambu puput udud, nylebreng kaya menyan pejaratan. 

Saniki tobat beli arep tangkrang-tongkrong, adad-udud, lan tuak oplosan kang langka gunane, reang kudu solot menggawe supaya anak keluarga kecukupan.Cukup raup sengsara mung reang. Njakal bengen beli sekolah. Kien janjine reang arep nyekolahaken anak sampe Sarjana.

Latian 1
  1. Wangsulana pitakon–pitakon ing andap iki !
  2. Amanat karangan teng inggil wau yaniku :
  3. Ukara ingkang wonten antonime yaniku :
  4. Gagasan utami teks teng inggil yaniku:
  5. Salinen ukara “Sing awit sore jondol ning pinggir tanggul iku sepi nyanyet. Langka suwara wong ngakak gemuyu, langka ngglendenge ngobrol ngalor-ngidul. Aran sepi kuh bener-bener nyanyet. Jagat wis bengi, reang ngempis bae ning pago arep ya ora enak ari beli bari udud kuh. Njentul delag-deleg dewekan kaya wong ora kanggo. Jam rolas jagat nambah atis. Kaya-kaya angin nyiwiti awake reang kang tipis.” Ngangge tulisan jawa !
Kucing Sing Pinter Ngalem (contoh bukan cerpen)
Sewijining dina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune, mlaku-mlaku ning pawon. Deweke weruh ana anak tekek lagi nggondol daging empal mbuh sing endi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus ngglati cara supaya bisa ngrebut daging empal kuen. 

Nganggo modal wulune sing bagus, lan keprigelan olah-kata kang ngademi. Kucing rumangsa ora bisa ngrebut empal saking anak tekek sing miturut pengamatane masih menteh, kurang pengalaman."Hai Tekek, awake ira iku katon kuat, rosa banget, lan kulite ira kandel ora tipis kaya kulit cecek. Apa sih rahasiane? Tekek bungah banget dialem dening Kucing kang elok rupane. Nanging deweke meneng bae melang bokat menawa jawab pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning ubin. 

Kucing ora kurang akal, terus takon maning."Hai Tekek, bisa belih ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh pisan ira kuh bisa mlaku ning tembok, sing ngajari sapa sih? Tekek meneng bae, senajan deweke pengen njawab bisa mlaku ning tembok iku ora ana sing ngajari. Deweke iku pinter banget, dadi bisa mlaku dewek ora usah diajari sapa-sapa. 

Kucing nyoba ngalem maning marang si anak Tekek. "Hai Tekek, suaramu iku takakui pancen merdu pisan. Nyanyia gah ! se lagu bae, kambisan tambah kesengsem atiku marang sliramu" Anak Tekek ora bisa meneng bae, mesem lan kepengen eksis. 

Deweke mbuka cangkeme arep nyanyi. Clangap…., Mesti bae empale tiba ning ubin. Untunge ana Mboke Tekek sing nyaut empal sing tiba mau, bari ngajak anak Tekek lunga ngadohi Kucing. Mboke rumangsa deweke kurang ngajari anake supaya ora gampang kegoda nalika dialem dening sosok kang rupane bagus nrekteg ning ati.

Latian;
1. Amanat karangan teng inggil wau yaniku :
2. Salinen ukara “Tekek bungah banget dialem dening Kucing kang elok rupane. Nanging deweke meneng bae melang bokat menawa jawab pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning ubin.” Ngangge tulisan jawa !

Cerita Pengalaman Pribadi Plesiran (contoh cerpen)

Ana ning dina minggu mau reang lan adine reang lunga miyang meng kidul Trisi yaiku meng gunung bubut kanggo ngisi waktu liburan sekolah. Seuwise ngrewangi mbantu–bantu wong tua ning umah, jam pitu reang mbedal sing umah. Ana ning dalan reang lan adine reang ketemu karo wong sing arep minyang meng alas. 

Karena sepedaan bae reang lan adine reang sue-sue pengen nginung, trus mampir ning pinggir dalan desa Loyang.Reang milih liren ning warung es dawet kang kayane sepi durungana wong kang mandeg jajan. Singkat crita reang lan adine reang nglanjutaken lunga miyang maning nunggang sepede nuju gunung bubut. Sesampene ning kana jam sepuluh awan, reang seneng lan bungah. 

Angin, akehe wiwitan, krocokan banyu seger lan watu – watu kang gede gawe aku pengen ngadem ning sor–sor watu sing segede raksasa ngadeg iku. Angin sing ngebuti awak mestine adem pisan gawe seneng lan tentrem ning ati, kaya-kayane gawe ngantuk karo bari mbayangaken wangune bengen ning gunung bubut iku pernah kesabet banjir bandang kang dasyat, sekien watu–watu katon perkasa bagena disapu kenang banjir. 

Ora krasa jagat wis wayah ashar, krungu lamat–lamate suwara adzan sing kampung mau. katon srengenge wis doyong ngulon. Sawise resik-resik lan adus ning krocokan reang lan adine reang kepikiran pengen jajan es jeruk lan mi pangsit ning warung sing ana ning kono sing ana siji –sijine iku. 

Singkat crita reang lan adine reang balik mulih wayah sore. Bari sepedean reang anduweni bayangan lan njrimet yen Dermayu iku sebenere akeh tempat sing bagus, mung bae durung katon ning dinas pariwisata. Kringet gremodos lan sikil krasa saya abot kenang medal sepede. 

Tekang umah wayahe maghrib, reang langsung adus lan mangan bareng kluarga kabeh bari crita ning ema lan bapa pengalaman jalan jalan mau.eh.. ternyata bapa penasaran pengen ditodokena tempat gunung bubut, lan kebeneran kenal karo wong–wong sing Dinas budpar,pa Odang,pa Asep,lan pa Tinus. Jarene kapan–kapan pengen ndeleng meng gunung bubut bareng karo batur–bature. Bari ngloyong ning arep TV reang lan adine reang keturon tumeka wayah esuk.

Latian 3. 
Damelen crita cindek pengalaman dewek–dewek lan wacanen ning arep kelas !

Pupunden kinasih (contoh bukan cerpen)

Sewong embok nduweni telu wong anak lanang sing dadi prajurit. Sang embok ndemeni banget anake kabeh. Hal kuwen kedadian pas ana peperangan. 
Telung anak kesebut dikirim miyang ning medan perang. 

Setaun, anak sing paling tuwa mati. Wektu kranda mayite miyang, sang embok karo bahagia lan banggane, deweke mesem.

Taun kapindo wis buyar. Adi mbarep mati. Wektu kranda mayite miyang, sang embok karo luwih bahagia lan banggane, deweke mesem. 

Taun ketelune. Anak paling enom mati. Wektu kranda mayite miyang,sang embok karo bahagia lan banyu mata rembebelan bangga,deweke mesem. 

Deweke ngomong njroning ati "kita ora nduweni anak sejen maning kanggo diwenakna marang negara demenku"
Latian 4.Amanat ingkang wonten teng teks inggil wau yaniku :

Saene rerencangan (contoh cerpen)

Betapa bingahe dados tiyang sugih. Sedantene serba wonten, sedanten kepengenan kepenuhi, keranten sedantene wonten. Sepertos Rian, piyambeke pecil konglomerat. Kesah lan wangsul sekolah dianter sepur mewah sareng supir pribadi. Sanadyan mekoten, piyambeke mboten sombong. Ugi sikap tiyang sepuhe, sedanten sanget ramah lan mboten milih-milih ing cara bergaul. Sepertos rencang-rencang Rian ingkang dugi teng griyane. Sedanten nyambut sepertos keluargi. 

Amargi mekaten rencang-rencang Rian katah ingkang betah senjang teng griyane Rian. Rian selerese gadah rencang setia. Namine Reza, griyane maksih setunggal kelurahan sareng griyane Rian nanging benten RT. 

Sampun kalih minggu Reza mboten senjang teng griyane Rian. “Reza teng pundi ya Mi? sampun lami mboten mriki - mriki, biasane unggal dinten piyambeke selalu dugi.” takon Rian. “bokat gering Cung” jawab Mimi. “Enggih. mengkin ya Mi, upami mekoten mengke sonten kula bade ningal.” Wiraose semangat. 

Sampun tigang kali ngetok lawang griyane Reza, pun lami mboten wonten ingkang ngebuka. Lajeng, Rian taken teng tetangga Reza. Piyambeke angsal ketrangan upami Reza sampun kalih minggu milet tiyang sepuh wangsul teng dusun. 
Miturut kabar Mama reza di-PHK saking tempat medamele. Rencanane tiyang sepuhipun Reza bade dados petani mawon. Sanadyan akhire ngorbanaken kepentingan Reza. Terpaksa Reza mboten saged nerasaken sekolah malih. “Oh.. krunya temen ya Reza” wiraose ing jroning ati. 

Ing griya, Rian nglamun mawon. Piyambeke mikiraken nasib rencange niku. Unggal wangsul sekolah piyambeke selalu murung. “Wonten punapa, Yan? Sampeyan sepertose lesu. Mboten sepertos lumrahe, biasane wangsul sekolah selalu bungah!” Mama negur. 

“Reza Ma.” Jawab Rian. “emange wonten punapa sareng rencange sampeyan niku. Gering tah ?” Rian godeg alon. “Lantas?” Mama penasaran purun sumerep. “Reza saniki sampun pindah griya. Miturut tetanggane Reza milet tiyang sepuhe wangsul teng dusun. Kabarnya Mamane di PHK, sedanten bade dados petani mawon. ” 

Mama ningal pasuryan Rian ketingal kamitenggengen sepertos kirang percanten sareng wiraose Rian. “Upami Mama mboten percanten, taken mawon mi maring pak RT utawi tetanggae!” wiraos Rian. “Teras punapa rencana sampeyan?” taken Mamae. 

“kula ngarepaken Mama saged nulung Reza.”jawab Rian. “Maksude sampeyan?” Mama Rian heran. “Kula purun Reza saged kempel malih sareng kula!” Rian njaluk kekrunya maring Mamae. 

“Ya sampun upami mekoten. sampeyan kedah milari alamat Reza teng dusun niku.”Wiraos Mama. Kalih dinten lamine, Rian saged manggih alamat griyanipun Reza teng dusun Tempel kecamatan Lelea. Piyambeke ngrasa bungah ati. Niki keranten berkat pitulung pemilik griya ingkang pernah dikontrak keluargi Reza. 

Lajeng, Rian sareng Mamae dugi teng griya Reza. lokasi griyane maksih asri,yaniku teng blok Tanah Tinggi. Kedugian kula sedaya disambut tiyang sepuh Reza sareng Reza piyambek. Rasane bungah Reza ketemu sareng Rian. Awale Reza kaget kedugian Rian, keranten Rian mboten nyukani kabar, upami bade dugi teng griyane Reza teng dusun niku. 

“Pangapunten ya Za, kula mboten sempet nyukani kabar maring sampeyan!” “Mboten napa-napa kang penting kula ngrasa bungah. Keranten kula sedaya saged ketemu malih!” Sesampune wiraos cekap lami, Mama njelasaken tujuan kedugiane dumatengtiyang sepuh Reza. 

Nyatane tiyang sepuh Reza mboten keberatan lan nyerahaken keputusan dening Reza piyambek. “Meketen Za, kedugian kula sedaya mriki, bade ngajak sampeyan supados purun milet kula teng Surabaya. Kula sedaya nganggep sampeyan niku sampun sepertos keluargi piyambek. Pripun Za napa sampeyan purun?” taken Mama Rian. “Soal sekolah sampeyan,” lanjut Mama “ Sampeyan sampun khawatir. Sedanten biaya pendidikan sampeyan kula kang nanggung.” 

“Ya sampun, upami Mama Rian lan Rian ngehendaki meketen, kula purun. Kula ngucapaken katah matur suwun atas kebaikan Mama ingkang purun ngebantu kula.”

Lajeng, Rian teras rembisakan sareng meluk Reza. Ketingal soca Rian berkaca-kaca. Keranten ngeraos bungah. Akhire Reza sareng Rian kemel malih. Ternyata wong loro niku rencang sejati ingkang mboten saged dipisahaken.

Latian 5. 
Wangsulana pitakon–pitakon ing andap iki !
  1. Amanat karangan teng inggil wau yaniku :
  2. Sinten mawon tokohe :
  3. Gagasan utami teks teng inggil yaniku :
  4. Settingipun teng pundi mawon :
  5. Pripun wateke Rian lan pripun wateke Reza :

Kancil Karo Monyet (contoh bukan cerpen)
Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane otak lan pintere ngomong nipu batur. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet. 

Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing lagi asik karo rotine. otak licike muncul pingin jukut roti ningtangane Monyet."Nyet..Nyet..," undang Kancil marang Monyet. Monyet marini Kancil,"Ana apa Cil? Koe ngundang aku?,"takon Monyet. Kancil :"Nyet, aku wei setitik rotine, setitik bae aja akeh-akeh," jaluke Kancil.

Monyet :"Iya, aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil :"Suwun ya Nyet, koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil. Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil. Kancil maro rotine karo otak licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil olih bagian sing cilik maring Monyet, bagian sing gede dicekel dewek."Cil, nang ngapa sing gede gone koe?" takon Monyet.

Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada" Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku" Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihiAhire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.

Cerita Mang Dikun (Bukan cerpen)

Mang dikun iku di samping dadi ustad uga dadi setengah dukun. akeh wong marek pengen tetamba, tetakon, itang itung, ramal meramal. pada suatu hari ana wong laki rabi nggawa anake pengen takon durapa anake selalu sakit2an bae ora periang kaya bature. mang dikun takon "kin kih bocah sapa arane"?.. langsung di jawab nang wong tua bocahe "maratus sholihah mbah.." trus jare mang dikun " oh pantes bocah kih keciliken aran dadi gah geringan bae.. coba arane di ganti nematus sholihah amber rada abot.

Kisahe Reang (contoh cerpen singkat)

Sing awit cilik, reang ditinggal sema, reang dikualonaken lagi masih kelas siji SMP taun 1985 ning Lea, lulus SMA ning Losarang reang langsung ninggalaken desa Tempel, urip tetaunan ning Bogor kerja lan kuliah. Reang kepanjinge wong sobud, wis mah urip pas-pasan masih pengen kuliah. Kuliahe akeh tapi langka sing lulus. 

Tembean kuliah ning UNPAK jurusan Sastra Inggris mung sampe semester telu. Manjing maning ning Sekolah Tinggi Kesenian Gilang Kancana jurusan Teater mung sampe semester lima. Sebabe sering ditanggap bareng karo batur-batur sing jurusan karawitan, dadi kuliyahe beli kiyeng. 

Sing rada lawas yaiku kuliah ning Universitas Nusa Bangsa jurusan Pariwisata. Reang ning kene dadi rapih bae lan batur-batur kuliahe bersih-bersih. Allahamdhulillah sampe tutug. Lan masih akeh kampus sing dianjingi sampe semester siji giliran dijaluki bayaran UAS mariyan.Sewise Limalas taun reang ninggalaken Dermayu reang balik meng desa Tempel maning. Bagen bisa basa Sunda reang beli ninggalaken basa Dermayu. 

Sakiyen lagi kiyeng blajaran maning basa Dermayu. Sebab kien budayane reang, dadi kudu bisa. Mulane-mulane aja ilok lalawora sekolah kuh, bagen bisa lan ahli ning bidang apa bae yen langka Ijasane percuma.

Latian 6
  1. Karangan autobiografi teng inggil niku mlebet teng jenis punapa !
  2. Amanatipun cerpen wau yaniku....
  3. Karangan autobiografi biasane ngangge purusa !
Uji Kompetensi
Wacan 1
Tradisi bersih desa utawa merti dusun nganti tekang saiki isih tetep dilestarekaken dening masyarakat ing Gunungkidul. 

Adicara kasebut diadani saben taun sepisan, sabubare mangsa panen. Rerangken acara niku ana kang diadani sacara gede-gedenan, ana uga kang mung prasaja. Kang baku wis kacakup kabutuhan utawa perlune. Maneka warna kesenian tradisional lumrahe digelaraken ing adicara mau. Ing antarane Reyog, Dhogeran, Jathilan, Wayang Kulit, Campursari, Ketoprak lan liya liyane.

Masyarakat tumplek bleg, melu ambyur ngregengaken. Sawernane jenis panganan melu dicawisaken kanggo ngramekaken tumekane acara niki ing desane dewek-dewek. Acara puniki ditindakaken duwe ancas minangka sarana caos atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa, amarga sasuwene setahun kepungkur wis diparingi kasarasan, keslametan, rejeki sarta diparingi asil panen kang murakabi.

1). Andaran ing ngisor iki kang minangka underaning rembug paragraf 1 wacan 2 ing nduwur !
a. Tradisi niku nganti tekan saiki isih tetep dilestarekaken masyarakat Gunungkidul.
b. Adicara puniku diadani ing saben taun sepisan sabubare mangsa panen.
c. Rerangken adicara diadani kanti cara geden-gedenan.
d. Maneka warna kesenian tradisional digelar ing adicara adat.

2). Rerangken adiacara adat ana kang diadani sacara geden-gedenan, ana uga kang mung prasaja.Tembung prasaja tegese …
a. katon moncer
b. apa anane
c. katon gayeng
d. guyub rukun

3). Manut wacan ing nduwur, kapan adicara adat niku ditindakaken?
a. Ing saben taun.
b. Saben taun sepisan.
c. Saben taun sepisan sabubare panen.
d. Saben taun sepisan nalika panen.

4). Apa ancas tujuwane tradisi niku ditindakaken?
a. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya tansah diparingi kasarasan, keslametan lan rejeki.
b. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep diparingi panen kang luwih murakabi
c. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep diparingi kasarasan, keslametan, rejeki lan panen kang murakabi.
d. Atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa amarga setahun kepungkur wis diparingi kasarasan, keslametan, rejeki lan panen kang murakabi.

Wacan 2
SENI BATIK TRADISIONAL
Batik barang antik, batik bayarane setitik, ana pribahasa kletik-kletik wong mbatik olih setitik sing awit isuk tekan sore ndodok ning dingklik mbari ndamoni lilin kang ana ning jeroe Canting. 

Puh... puh... puh... liline mampet bli metu-metu, cangkeme bari monyongaken ambir maleme ( liline ) metu. Seni batik wonten sing ngawiti jamane para wali, malah kangge seni gambare masih bagus –bagus jaman bengen di banding jaman kiyen nilai senie. Seni batik wis dikenal sing awit jaman bengen dugi jaman saniki. Mung bae bli kaya jaman kiyen, sekien wis tingkat internasional. Waktu kuen tahun 1960 an, batik kang disponsori GKBI (Gabungan Koperasi Batik Indonesia ), yaiku batik “ Budi Tresna “ kang wonten ning desa Trusmi. 

Batik salah setunggale pun seni budaya wong cirebon bisa diarani ciri khas kang kudu dikembangaken lan dilestarikan. Sekaligus dadi mata pencahariane wong cirebon bisa diarani ciri khas kang kudu di kembangaken lan dilestarikan. Sekaligus dadi mata pencahariane wong cirebon, mung bae kula prihatin, ning pengrajin asale pengusaha kang ngeruk untung gede. 

Lamun bisa koperasi diuripaken maning, ambir pengrajin cilik ana wadae bli diperes ning pengusaha batik kang gede. 

Wong Cirebon kudu bangga sebab sekiyen seni batik wis disenengi lan ngentren, sampe-sampe Presiden unggal pertemuan nganggo batik kabeh sing awit tinggkat cilik sampe teka ning wong pengagung , lan manca negara pada nganggo batik wong cirebon. Alhamdulilah berkat keuletan lan kegigihan wong cirebon. Kang ana ning Desa Kalitengah, Desa Trusmi lan Gamel, sekiyen Desa Trusmi wis dadi daerah belenja wisata. 

Dideleng sing maceme, jenise, bentuke, due ciri khas dewek-dewek. Ana kang ning biru, mega mendung, kawung keraton , cirebonan, Taman Arum, Sawat Pengenten, Sido Mukti, Liris, Ukel, Masih akeh kang durung kesebut, kiyen nembe sebagian. Kangge generasi penerus coba bareng-bareng ngrawat lan nglestariaken supadaos saged ngurangi pengangguran.

5). Sesampune maca wacana sing wonten teng inggil sampena saget nyambut kesimpulane pun, dados wacana niku drebe judul punapa!
a. Membatik dengan cara tradisional
b. Gawe batik ning trusmi
c. Seni batik tradisional
d. Ciri khas cirebon

6). Wacana sing wonten teng inggil di wangun saking pirang paragraf ........
a. Telung paragraf
b. Patang paragraf
c. Lima parangraf
d. Nenem parangraf

7). Seni batik wonten sing ngawiti jamane para wali, ukara mau wonten teng...
a. Paragraf setunggal
b. Paragraf kali
c. Paragraf tigo
d. Paragraf sekawan

8). sing awit tinggkat cilik sampe teka ning wong pengagung , lan manca negara pada nganggo batik wong cirebon. Coba sebutnaken Manca Negara niku artine punapa.............
a. Luar Negeri
b. Luar Bangsa
c. Luar Daerah
d. Luar Wilayah

9). Desa-desa sing wonten teng handap niki mlebet saking jenenge desa penghasil seni batik cirebon,Kecuali ...
a. Gamel
b. Trusmi
c. Kali Wulu
d. Kalu Tengah

10). Supados seni Batik Cirebon mboten kenging diakui saking tiyang manca negara kedah hasil karya kiyambeke, kula kiyambek kudu sami-sami.....
a. Tumbas kang kata
b. Duwe batik kang macem-macem
c. Batik sing wonten kudu di simpen
d. Ngrawat lan nglestarikaken budaya batik

DRAMA DAERAH
A. Pengertosan Drama
Istilah drama asale saking basa Yunani ‘dran’ kang artose ginawe. 
Teng wewengkon Cerbon lan Indramayu saking jaman sengiyen masyarakate sampun ngenal drama sanajan wangune drama tradisional nggih niku masres. Sanese masres, drama ugi diseselaken teng tengah-tengah pagelaran tarling tradisional. Hal kang kados mekaten teng istilah basa Cerbon asring disebat lakonan. 

Miturut Suprapto (1993 : 24), drama punika komposisi syair kang diajengaken saged nggambaraken kegesangan lan perwatekan setunggale tiyang atanapi kelompok liwat akting lan dialog kang dilampahaken atanapi dipentasaken teng inggile panggung.

Istilah sanes kangge penggantos drama nggih niku tonil, bangsawan, sandiwara, lan masres. Sengiyen istilah tonil, bangsawan, sandiwara, lan masres angsal kesan kang kirang sae teng kalangan masyarakat, nanging saniki pandengan-pandengan punika sampun rinobih. Punapa malih sesampune kaum intelektual kados dene mahasiswa milet nyemplungaken dirie teng kegiatan drama punika.

Para ahli sastra gadah pendapat nyaniya wayang wong, wayang kulit, wayang klitik, lan wayang golek saged dilebetaken teng kelompok sandiwara. hal punika dumados keranten teng selebete wayang wong, wayang kulit, wayang klitik, lan wayang golek punika wonten paguneman lan gerak-gerik saking tokohe.

Setunggale drama kang diserat nembeke sampurna upami drama punika dimaenaken dening para pelakue teng inggil panggung (dipentasaken). Para pelaku punika kedah mahami sedanten isi cerios, sumerep punapa kang dimaksad dening penyerate, lan sanggem meranaken tokoh-tokoh kang wonten teng selebete drama punika kelawan sae.
Drama kang kaula kenal teng Cerbon saniki asale saking Yunani kuna kang gadah tetenger kados teng andap puniki.
  1. Ceriose dawa-dawa, pramila punika cerios kang dawa punika kedah dibagi-bagi umume dados gangsal babak, unggal babak mangadeg teng atase adegan-adegan. Teng selebete babak-babak kawitan ditepangaken watek-watek pelaku liwat paguneman-paguneman sekaligus setunggale persoalan ditampilaken.
  2. Unggal setunggale babak priyad disuguhaken kaliyan tetembangan kang isie kesimpulan saking cerios kang nembe priyad disuguhaken.
  3. Biasae sederenge drama dimilai, langkung rumiyin dimaturaken prolog kangge mbangkitaken perhatosan penonton dumateng pagelaran lan nalika pagelaran punika priyad diakhiri kaliyan epilog.
Drama kang basajan saged dados drama kang sae, bader, gesang, lang mikat perhatosan upami kang meranaken punika sanggem mbakta perane piyambek-piyambek kelawan sae. Kadang-kadang ngantos semanten kepikate manah penonton dumateng pagelaran drama ngantos penonton lali nyaniya selerese kang piyambeke tingal punika cumi setunggale pagelaran, sanes kedadosan kang selerese. Mekaten ugi sewangsule, saged tumimbul raos bosen teng anahe penonton upami para pelakon punika mboten sanggem meranaken tokoh-tokohe kelawan sae.

Teng drama punika, penonton saged nyumerepi isi cerios lan watek liwat paguneman (dialog) lan gerak-gerike pelakue. Saking paguneman-paguneman punika penonton saged nyumerepi watek kang ala lan watek kang becik selebete cerios punika. Paguneman punika mboten kenging lincad saking inti cerios saking kawitan ngantos priyade cerios. Gerak-gerik para pelakue mboten kenging kelangkungan lan busana kang diangge ugi kedah disaluyuaken sareng isi cerios, jaman, lan kelungguhan cerios punika.

Mekaten ugi setting atanapi penataan panggung (dekorasi). Maksade, upami cerios punika dumados teng Abad XV lan upami latar pengkere punika mendet ruang dayoh mboten mumkin dekorasi panggunge punika wonten televisi keranten teng jaman punika dereng wonten televisi, mekaten ugi busana tiyang kang diangge dening istri lan jaler mboten mumkin kados busana kang wonten teng jaman saniki. Kewontenan iringan musik dahat diperlokaken minangka latar pengker kangge nggesangaken dalaning cerios, asal musik punika disaluyukaken kaliyan adegan kang siweg dimaenaken.

Selebete drama tradisional atanapi masres punika biasae lakon kang digelar punika nyriosaken cerios babad atanapi ceriosan sanes kang wonten tetaliane kaliyan setunggale peristiwa atanapi kedadosan setunggale wewengkon. Teng Cerbon, khususe Kapetakan maksih katah kelompok masres kados dene Budi Suci, Ramah Tamah, Jayabaya, Ramah Suci, Merah Delima, lan sanes-sanese. Umume masyarakat (khususe masyarakat Bedulan) langkung asring nyebataken nami masres punika kaliyan warni kelir ajenge kados masres kuning, masres abang, masres ijo, lan sapanunggalane.

B. Pikembangan Seni Drama
Awal pikembangan seni drama atanapi teater dipanggihi sekitar 3500 naun Sederenge Masehi teng Mesir. Seni drama punika dipanggihi teng tembok-tembok piramida kang nggambaraken setunggale pendeta kang siweg ngadeg teng ajengane jemaahe. Pendeta kang kasebat wau diilustrasikaken siweg maturaken setunggale cerios. Gambar pendeta kang ngangge topeng punika kenyataane siweg nggambaraken keagungan Sang Murbeng Dumadi. Piyambeke migunakaken seni drama selebete maturaken ajarane.

Sekitar naun 534 SM seni teater milai kinembang teng Yunani. Pagelaran teater punika ngrupiaken salah setunggale cara kangge ngormati Dewa Dionisus. Teng Yunani pikembangan teater rikat sanget, malah ngantos saniki lakon ‘Oediphus’ ngrupiaken setunggal lakon kang kawentar sanget. Lajeng cerios-cerios komedi teng jaman keemasan kekaisaran Romawi ugi ngrupiaken lakon kang populer sanget. Teater teng jaman Romawi ngrupiaken setunggale wangun lelipur kang dipentasaken teng waktos-waktos kang sampun tinemtos, cumi kangge kaum priyayi teng dinten-dinten becik.

Sementawis teng Cerbon seni drama ugi cekap kinembang kelawan rikat. Hal punika saged dibuktosaken kaliyan tuwuhe macem-macem wangun lan jinis drama tradisional lan moderen kang ngrupiaken lelipur masyarakat. Wangun lan jinis teater kasebat diantawise wayang, masres, lelakonan teng seni tarling, lan sapanunggalane. Nanging teng waktos saniki pikembangan seni drama teng Cerbon kawilang mandeg, malah setunggal-setunggal mbibaraken diri.

C. Anatomi Sastra Drama
Sanajan mboten sedanten, nanging katahe naskah-naskah drama umume dibagi teng atase babak-babak. Upami diteliti kelawan titen, pembagian babak punika dilampahaken kelawan titen, cermat, lan mboten sembarangan nanging pembagian babak punika gadah alesan kang kiyat. Kang dimaksad kaliyan babak nggih niku bagian ageng saking setunggale pementasan drama kang mangadege teng atase adegan-adegan. Babak kang enggal ditengeri kaliyan pergentosan setting (teng drama tradisional kados masres hal punika ditengeri kaliyan gentose kelir minangka latar pengkere), sedeng pergentosan adegan ditandai kaliyan melebet atanapi medale setunggal tokoh.

Setunggal babak biasae dibagi teng atase adegan-adegan. Kang dimaksad kaliyan adegan nggih niku bagian babak selebete lakon-lakon kang biasae ditengeri kaliyan medal atanapi mlebete tokoh secara sami-sami atanapi setunggal-setunggal. Cekakae, adegan punika ditengeri kaliyan perobihan cacahe tokoh teng inggile panggung keranten medal atanapi mlebet. Umpamie teng setunggale adegan, tokoh A kaliyan tokoh B siweg nglampahaken paguneman, hal punika kelebet teng adegan setunggal, lajeng tokoh B medal, kantun tokoh A piyambekan teng inggil panggung. hal punika sampun ngrobih saking adegan setunggal keranten robihe cacahe tokoh teng inggile panggung. Mekaten ugi upami wonten tokoh C kang mlebet, ugi kelebet teng perobihan adegan.

Bagian kang mboten kawon pentinge teng pagelaran drama nggih niku dialog. Dialog ngrupiaken bagian setunggale naskah drama kang arupi paguneman antawis kalih pelaku atanapi langkung.

Umpamie :
Ringgo : Lamon isun bisa gawe sawijine film langka wong wadone kah .…
Jim : Ikulah. Unggal dina sampe ping atusan, isun kedik duwe pikiran kang kaya konon.
Saking pentinge kelungguhan dialog teng selebete naskah drama ngantos mboten wontene dialog teng selebete naskah drama punika, maka rumpaka sastra punika mboten saged didolongaken teng selebete rumpaka sastra drama. Meh mboten wonten naskah drama kang mboten wonten dialoge. Mekaten ugi kelungguhane pituduh penganggit. Pituduh penganggit nggih niku bagian naskan drama kang nyukani pituduh dumateng pemaos atanapi awak pementasan kados dene sutradara, pelaku, lan awak pementasan sanese mangenani hal-hal kewontenan, suasana, peristiwa, lan panggawe atanapi perwatekan.

Umpamie :
Wong Asing : (ngadeg)
Apa ora wedi ning wayah bengi mengkenen meneng dewekan ning umah kang mencil, cuma wong wadon loro?
Simbok : Apa sing tek wedeni. Ning umah iki ora nana kang bisa dirampok. Lan sapa kang arep gelem karo isun. Sinah bakal ngusir sapa bae wong kang teka mene klawan niat jahat. Deweke luwih kuat tinimbang wong lanang.
Wong Asing : (sambir mbungkuk, perasaane rada blenak) Anake Ibu tegap badane.

Simbok : Ya. Deweke kuat lantaran deweke iku kudu menggawe ning kebon karo bapane.
Setunggale bagian drama kang penting lan ageng sanget peranane nggih niku basa. Basa ngrupiaken bagian kang mboten saged dipisahaken saking setunggale naskah drama. Hal punika dumados keranten mboten mumkin setunggale drama dipentasaken tanpa wontene drama minangka alat komunikasi verbal anatawis setunggal tokoh kaliyan tokoh kang sanese. Seliyane drama kontemporer ugi wonten jinis drama kang sama sekali mboten ngangge basa. Jinis drama kang dimasad nggih niku pantomim.

Teng hubungane kaliyan plot, basa gadah tetaliyan kang raket sanget keranten basa gadah peran kangge ngobahosikaken plot atanapi galur. Basa ugi mertelakaken latar pengker lan suasana cerios keranten liwat basa kang diucapaken dening pelaku, sage disumerepi mangenani panggenan, laku-lampah, peristiwa, kedadosan, suasana, waktos, mangsa, lan kewontenan sanes selebete dumadose cerios punika.

Bagian sanese kang biasae wonten teng naskah drama nggih niku prolog. Prolog atanapi prawacana nggih niku wacana kang diucapaken dening pemingpin sandiwara atanapi pemingpin acara teng bagian pembikaan setunggale drama tanapi sandiwara kang diserat dening penganggit lan ditaruh teng bagian ajeng. 

Dumasare prolog punika ngrupiaken penganter naskah kang isie setunggal keterangan kang mertelakaken kedadosan atanapai latar pengker peristiwa atanapi kedadosan dumadose cerios kang bade disajiaken. Hal punika bantos pemireng kangge nggampilaken mahami dalaning ceriosan. Prolog ugi saged diwuwusaken minangka pendapat penganggit mangenani cerios kang bade disajiaken.

Umpamie :
Prolog (diucapaken dening pemingpin acara)

Pemiarsa ingkang kaula muliakaken,
Cerios puniki dumados teng Majapahit sesampune Ratu Suhita ngasoraken Wirabhumi teng Perang Paregreg peparab Minak Jinggo, sederek tunggal rama lan Damar Wulan nembe kemawon dikukum pejah.
Teng alun-alun weringin kurung rubuh
gledeg jumeder teng tengahing siyang
panji agung pinggire geseng rumpeng, angus pendopo agung mengadege doyong sakae kropos digrogoti tikus
mangga sami-sami mirsakaken
punapa ingkang bakal dumados mangga sami-sami mbika soca, talingan, lan manah
panjenengan sedaya.

Sanese prolog, wonten ugi istilah epilog, solilokui, aside, lan dramatik. Upami prolog punika dilampahakene teng ajenge naskah drama, maksade sederenge drama punika dimilai kangge mertelakaken latar pengkere dumadose cerios, epilog punika dilampahakene sewingkinge drama, maksade sesampune drama punika priyad. Biasae epilog punika ngrupiaken kesimpulan kang didamel penganggit mangenani cerios kang sampun disajiaken. Kadang-kadang epilog punika diseseli kaliyan wejangan atanapi nasehat, saged diwuwusaken nyaniya epilog punika amanat kang tinulis saking penganggit. Penganggit jaman saniki ketingale sungkan matesi kebebasan pemaos lan penonton. Hal punikalah kang nyebabaken penganggit mboten merlokaken wontene epilog teng wusanae pementasan drama.

Dramatik nggih niku samubarang kang ditampilaken lan disaluyukaken kaliyan pagelaran drama. Dramatik ngrupiaken panyaluyuan cerios kangge pagelaran sandiwara atanapi pendramaan. Dramatik ugi gadah pengertosan hal kang damel setunggale kedadosan dados langkung ngesanaken atanapi nyedihaken.

Sanese prolog, epilog, lan dramatik, wonten ugi istilah solilokui lan aside. Solilokui nggih niku setunggale bagian naskah drama kang isie ungkapan, pikiran, lan peraosan setunggale tokoh cerios kang diucapaken kangge diri pribadose piyambek. Aside nggih niku bagian naskah drama kang diucapaken dening tokoh drama lan ditujuaken secara langsung dumateng penonton kaliyan pengertosan tokoh sanese kang wonten teng pentas mboten mireng punapa kang diwicarengaken dening piyambeke kaliyan penonton. Aside asring dilampahaken dening pelakon drama tradisional kados dene lenong atanapi ludruk.

D. Jinis-Jinis Drama
Selerese jinis drama punika katah sanget, nanging dumasar jinise, drama punika saged dibagi dumasar isi lan jamane.

    1. Dumasar Isie
Selerese wangun drama punika katah sanget kaliyan istilah kang benten-benten antawis wewengkon kang setunggal sareng wewengkon kang sanese. Dumasaraken isie, miturut Henry Guntur Tarigan, drama punika saged dikelompokaken dados sekawan jinis, nggih niku drama tragedi, drama komedi, melodrama, lan farce.

    a. Drama Tragedi
Drama tragedi ngrupiaken sejinis drama kang isie atanapi ceriose serius lan nimbulaken pemikiran-pemikiran kang awrat selebete batin pemirsa, lumrahe cerios kang dimaenaken punika sifate kingking. Teng lebete drama tragedi digambaraken pelaku utamie ngalami kegagalan selebete nglawan nasib lan kerekasan-kerekasan kang pegot nyambung.

Katahe teng drama jinis tragedi punika, para pelakue manggihi pati teng wusanae cerios. Drama jinis tragedi ngrupiaken drama kang ngisahaken kegesangan atanapi paripolahe tiyang-tiyang penting kang gadah sifat herois atanapi sifat-sifat kepahlawanan. Contoh drama tragedi punika umpamie Nyai Dasimah, Ken Arok lan Ken Dedes, lan Baridin.

Jinis alur kang wonten teng selebete drama tragedi ngrupiaken alur kang wajar ngantos saged nimbulaken emosi, melas, sedih, lan wedos kang wajar teng manahipun pemirsa. Keuntungan kang ditampi sesampune mirsani drama jinis punika nggih niku saged nimbulaken pengalaman kang enggal dumateng pemaos atanapi pemirsane.

    b. Drama Komedi
Drama komedi punika kewalikan saking drama jinis tragedi. Teng drama komedi punika, cerios kang disajiaken ngrupiaken cerios kang temae enteng, mboten nimbulaken pemikiran kang awrat dening pemaos atanapi pemirsane, lan nuwuhaken peraosan lucu lan kegugu dumateng penonton, keranten pelaku-pelaku nampilaken sikap kebodohane lan sedanten kang dilampahaken punika sarwa sawon. Kadang-kadang selebete kelucuan punika diseselaken sindiran kang ditujuaken dumateng setunggale golongan atanapi kelompok kang tinemtos. Diwuwusaken temae enteng keranten teng drama punika sanajan sifate serius, nanging angger diselipi kaliyan bobodoran.

Mekaten ugi unsur kedaosan atanapi peristiwa kang wonten teng selebete drama komedi punika kedadosan kang mumkin atanapi seolah-olah dumados teng lingkungan nyata. Nanging alur kang diwangun dening drama jinis komedi punika maksih alur kang wajar, inisiden kang wonten teng selebete cerios ditimbulaken dening tokoh, sanes tumimbul keranten situasi.

    c. Melodrama
Sami kaliyan drama jinis tragedi, drama jinis melodrama ugi cerios lan tema kang dimajengaken punika ngrupiaken tema kang serius, nanging para pelakue mboten seserius kados teng drama tragedi. Teng jinis drama melodrama punika wonten perobihan nasib kang dialami dening tokohe lan tokoh punika biasae menang selebete perjuangane, kados dene perjuangan nglawan nasib, perejuangan nglawan kegesangan piyambek, perjuangan mertahanaken hak, perjuangan ngadepi tirani, lan sapanunggalane kang nimbulaken peraosan melas teng manah penonton. 

Raos melas kang dimajengaken teng melodrama tumujue teng sentimentalis.Drama yaiku tiruane kauripane manungsa kang diproyeksikaken utawa ditampilaken ana ing duwur pentas. Drama uga diarani sandiwara. Babagan kang kudu ana ing naskah drama utawa sandiwara, yaiku:
  • Naskah drama kang komplit duwe ancer-ancer kang cetha ngenani: latar, akting, piranti-piranti, kostum, monolog, dialog, tata rias lan tata panggung.
  • Katrangan utawa ancer-ancer tinulis ing saben adegan.
  • Piranti-piranti kang digunakaken saben adegan mestine beda.
  • Tata lampu lan tata musik kang digunakaken saben adegan uga mesti beda.
  • Pamilihing paraga kudu sumbut karo karepe crita.
  • Akting lan swara anggone micara kudu sumbut karo paraga kang dimainaken.
  • Sutradara kudu bisa ngatur kabeh babagan kang katulis ing duwur.
Unsur-unsur kang kudu ana ing drama, yaiku:
o Paraga utawa tokoh
Tokoh yaiku pawongan kang duweni peran ana ing sawijining drama. Miturut dalane crita, tokoh dibedakaken dadi telu, yaiku:
  1. Tokoh protagonis, yaiku tokoh kang nyengkuyung dalane crita.
  2. Tokoh antagonis, yaiku tokoh kang nentang dalane crita.
  3. Tokoh tritagonis, yaiku tokoh pambiyantu bisa kanggo mbantu tokoh protagonis utawa tokoh antagonis.o Pacelaton (Dialog)
Tuntutan kang kudu dicukupi ana ing sajroning pacelaton, yaiku:
  • Pacelaton kudu nyengkuyung gerak lakuning paraga.
  • Pacelaton kudu diucapaken kanti seru lan tertib tinimbang pacelaton kang dilakokaken saben dinane.
o Alur
Alur yaiku gayutane prastawa lan konflik kang dirajut kanti padudan kang nuju ana ing klimaks lan pambubaraning padudon.
  • Alur maju yaiku nyritakaken prastawa-prastawa saking awitan nganti bubar.
  • Alur mundur yaiku nyritakaken prastawa-prastawa saking bubaran banjur diwalik nyritakaken prastawa kang kawitan.
  • Alur campuran yaiku campuraning alur maju lan alur mundur.
o Latar
Latar yaiku katrangan babagan panggonan, ruang, lan wektu ana ing naskah drama.
Jenis-jenis ing drama, yaiku:
  • Balet, gabungane tari lan musik ana ing pamentasan sawijining lakon.
  • Berutuk, drama topeng kang ana ing Trunyan, Bali.
  • Drama komedi, drama kang diwernani swasana seneng utawa lucu.
  • Drama tragedi, drama kang diwernani swasana ngenes.
  • Drama tragedi-komedi, drama kang nyritakake bab kasenengan lan kasedihan.
  • Hudog, drama ritual masarakat Dayak.
  • Ketoprak, drama rakyat asal Jawa.
  • Ludruk, drama rakyat saking Jawa Timur.
  • Wayang, seni pertunjukan tradisional,
  • Tarling, drama rakyat saking Jawa Cirebon – Indramayu,
  • Sandiwara, drama rakyat saking Jawa Cirebon – Indramayu.
Ngapresiasi Drama
Ngapresiasi utawa mbahas pementasan drama kudu gatekaken babagan ing ngisor iki:

o Pambuka
1) Wenehana isi ringkesan drama
2) Wenehana himpunan utawa lembaga sing mentasaken drama
3) Panggonan lan wektu drama dipentasaken
4) anulis drama (manawa dimangerteni)

o Isi
1) Kepribe isine drama, gampang dimangerteni apa ora
2) Kepribe pacelaton kang dienggo ana ing drama
3) Apa jenising drama lan karaktere pelaku
4) Kepribe sesambungane babagan sing siji lan sijine
5) Apa pesen sing ana ing drama
6) Kepribe basa kang digunakaken

o Panutup
Sing kudu ditulis ana ing kesimpulan yaiku saran lan simpulan sing bisa diemet saking drama sing diapresiasi.

Kaweruna budaya Wayang kulit
Wayang kulit uga kepanjing jenis Drama, amargi wonten tokoh, alur crita lan sanes-sanese.

Warna-Warnane Wayang
Wayang manut critane cacah sewelas, yaiku:
1) Wayang Purwa, yaiku crita wayang sing nyritakaken Wayang Kadewatan nganti tekan Prabu Parikesit. Wayang Purwa kaperang dadi papat, yaiku:
  • Kedewatan : crita wayang sing nyritakaken para dewa awit Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang Ismaya, Sang Hyang Ismaya, Sang Hyang Tejamaya lan kabeh dewa lan dewi.
  • Arjuna Sasra : crita wayang sing nyritakaken perange Prabu Arjuna Sasra karo Dasamuka, klebu lakon Sumantri lan Sukrasana.
  • Ramayana : crita wayang kang nyritakaken Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Sinta.
  • Mahabarata : crita wayang kang nyritakaken Kulawarga Barata (Pandhawa lan Kurawa) awit cilik nganti perang Bratayudha Jayabinangun.
2) Wayang Madya, yaiku nyritakaken Prabu Yudayana tekan Prabu Jaya Lengkara. Crita wayang iki namung dipentasaken ana ing kraton.
3) Wayang Antara, yaiku nyritakaken Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan.
4) Wayang Wasana, yaiku nyritakaken lakon Damarwulan karo Minakjingga.
5) Wayang Dupara, yaiku nyritakaken lakon Babad Tanah Jawa.
6) Wayang Golek, yaiku nyritakaken lakon Amir Ambyah lan Umarmaya, crita babone saking Babad Menak, layang Menak (Timur Tengah).
7) Wayang Gedhok, yaiku nyritakaken lakon Panji (wayang sing digawe saking kayu).
8) Wayang Beber, yaiku gambar wayange ana geber sing bisa digulung, caritane bisa mawarni-warni.
9) Wayang Kidang Kencana, yaiku nyritakakeN bangsane kewan.
10)Wayang Wahyu, yaiku nyritakakeN lakon sing ana sambung rapete karo agama Kristen.
11)Wayang Suluh, yaiku nyritakaken kahanan negara saiki kanggo panerangan program-program pamarintah.

Dasanama Sawetara Wayang
  1. Semar = Ismaya = Badranaya = Nayantaka = Sukma Sujati = Sukma Ekalaya
  2. Kresna = Narayana = Padmanaba = Wisnu Murti = Wasnu Dewa Putra = Narasinga
  3. Anoman = Anjani Putra = Kapiwara = Rewandapingul = Wanara Seta = Rama Handaya Pati = Senggana
  4. Puntadewa = Yudhistira = Wijakangka = Gunatali = Darmakusuma = Ajata Satru
  5. Arjuna = Pamade = Danajaya = Janaka = Pamardi = Premadi = Margana = Mintaraga = Kendhittatnala = Jlamprong = Endra Tanaya = Ciptaning = Wijarnaka
  6. Wrekudara = Bima = Jagabilawa = Bratasena = Bayu Putra = Wijasena = Arya Panenggak
Paraga sing Nyengkuyung Pagelaran Wayang
  1. Dalang, yaiku paraga sing nglakokaken lakuning pagelaran.
  2. Sinden utawa waranggana, yaiku paraga sing ngrengga iramaning gamelan.
  3. Nayaga utawa pangrawit, yaiku sing nabuh gamelan manut larasing gending.
Piranti Pagelaran Wayang
  1. Kelir, yaiku nggambaraken langit utawa angkasa.
  2. Blencong, yaiku nggambaraken srengenge rembulan lan lintang.
  3. Gebog, yaiku nggambaraken bumi.
  4. Kotak, yaiku nggambaraken sangkan paran.
  5. Cempala, yaiku nggambaraken sasmitaning urip.
  6. Keprak, yaiku nggambaraken ilining banyu utawa getih.
  7. Wayang, yaiku nggambaraken manungsa.
  8. Gamelan, yaiku nggambaraken mobah osiking kahanan jagad saisine.
  9. Kayon,yaiku nggambaraken gunung, alas, geni, segara, prahara, angin, lan sapanunggalane.
Conto naskah drama daerah 1
Sempalane NASKAH DRAMA TARLING ANAK YANG DITUKAR

ADEGAN PERTAMA :
Diawali lagu Sarwiyem Dagang Serabi. Wa Blending keluar dengan lipsing lagu tersebut.

WA BLENDING : Duuhh….. ati ngenes beli karuan…
BACKING : Ngenes kenang apa sih wa?
WA BLENDING : Ya kenang kelingan nostalgila nang…
BACKING : Nostalgia wa…
WA BLENDING : Iya nostalgia karo rabine kita nang…
BACKING : Priwen kunu wa..?
WA BLENDING : Rabine kita kuh wis mati nang.. barang anu matie kuh ora pada karo batur…
BACKING : Nangapa sih wa.. kejebur ning kali?
WA BLENDING : Ora nang.. ora ilok ngebak…
BACKING : Kesamber gledeg?
WA BLENDING : Ora nang.. ora ilok miang sawah..
BACKING : Ketabrak mobil..
WA BLENDING : Ora nang.. ora ilok dolanan ning dermaga..
BACKING : Terus nangapa waaa??
WA BLENDING : Ketabrag entog nang…
BACKING : Bisae kuh.. ketabrak entog mati..??
WA BLENDING : Ya anue mah nang.. wis takdir.. rabine kula kuh arep bebasuh ning sumur.. disangkane mah entog kuh arep ngempane deweke.. dadi entog kuh nyerang kabeh ning rabine reang nang…

BACKING : Trus..
WA BLENDING : Disangkane mah entog kuh arep ngempane deweke..
BACKING : Trus…
WA BLENDING : Dadi entog 50 kuh nyerang kabeh ning rabine reang nang…
BACKING : Trus…
WA BLENDING : Aja trus.. trus bae sih nang… kaya tukang parkir, ya langsung bae nang rabine reang kuh isdet…

BACKING : Alhamdulillah…
WA BLENDING : Dihh.. sira kuh alhamdulillah nang…
BACKING : Aih sing bener kuh priwen wa..??
WA BLENDING : Ya sing bener mah Innalillahi wa’inna illaihi ro ji’uun..
BACKING : Aih pinter ya wa… sekolahe wis S1 tah?
WA BLENDING : Dudu S1 reang mah nang… tapi S2, krupuke telu.. oncom gorengan papat…
BACKING : Diihh… kaya mangan ning warteg bae yaa…
WA BLENDING : Ya sirae bae nang… sira kan weruh wa Blending kuh sekolah ES ED bae gah ora tutug..
BACKING : Apa ES ED kuh wa??
WA BLENDING : Duuh sira kuh goblog temen sih nang.. ES ED.. kah.. sing sekolah tes TK..
BACKING : Dudu ES ED wa… tapi SD..
WA BLENDING : Iya SD.. ya maklum arane gah ilat tani nang…
BACKING : Kenangapa sekolahe beli tutug kuh wa..? Gurue mati tah…?
WA BLENDING : Beli nang… wa Blendinge kuh pegel otake nang.. mikiri pelajaran bae. Dadi wa blending kuh nang.. baka puasaan gah melu obrog bae… dadi wayae esuk kuh arip bae.. wayae ulangan ora ilok miang nang.. dadi wa Blendinge ora munggah-munggah..

BACKING : Oohh mekoten…?
WA BLENDING : Iya nang.. dadi kanggo senang-senang… senok-senok sing masih sekolah aja ditiru Wa Blending kih.. pada sekolaha sing duwur…
BACKING : Manek kelapa ta sekolahe waa??
WA BLENDING : Ya jare wong jaman kien kah.. ana SMA, ana SMK bila perlu sampe perguruan tinggi..
BACKING : Tinggi tah coro wa..??
WA BLENDING : Diiihh.. bocah kih.. dudu tinggi ning kasure sira.. maksude tinggi kuh sekolah sing duwur nang.. bari ana titel atawa gelare.. kayadene S.Pd, S.Pd.I, S.Kom…
BACKING : Sampean si es apa wa??
WA BLENDING : Es Lilin… sira kuh nang ya.. weruh wa blending ES ED ora tutug sun..
BACKING : Jare kuh sampean kuh gelare B.Sc….
WA BLENDING : Apa kunuh nang artine…
BACKING : Bengene Sering Cacingan…

WA BLENDING : Duuuh.. wis gah.. kanda karo sira mah laka entok entoke… Nang.. Kari mikiri nasib kuh nang.. wa Blending kuh seumur-umur durung ilok nemoni bahagia nang.. ketemue karo sengsara bae.. kien kuh jare deweke mah lagi mending.. lagi dadi bujange Nyi Haji Fatimah randa kaya sedesa Juntikebon nang..
BACKING : Aih kunu wa..? Bengene sih ilok kerja apa wa..?

WA BLENDING : Akeh nang… bengen ilok dagang baso nang… barang lagi mider kuh.. ana wong takon.. mang basoe masih beli?? Ya wa blending kuh tek jawab beli ya… masih.. gawe pira mas?? Kari-kari kuh jawabe apa nang…
BACKING : Apa je wa?
WA BLENDING : Ora mang.. mung takon bae… bokat masih akeh ya midera je.. mumpung jagate masih awan…
BACKING : Ya bener ingan…
WA BLENDING : Ya bener monoe mah nang… tapi kan bokat reang mah tuku nang…

BACKING : Trus ilok kerja apa maning wa…?
WA BLENDING : Truss.. ilok kerja maning yaiku dagangan bubur ayam nang…
BACKING : Aih bokatkuh ningkat wa.. ora adoh karo dongdangan ya wa..
WA BLENDING : Ya mengkonon iku nang.. barang dagangan bubur ayam kuh nang.. larise mah laris.. mung sing gawe mengkel kuh nang..
BACKING : Nangapa maning wa..??
WA BLENDING : Ya biasa nang.. ana bocah takon..
BACKING : Takon apa kune wa..??
WA BLENDING : Lagi enak-enak mider nang.. ana sing takon.. mang Blending… enun sun.. Ayame masih beli jee? … Aih masih akeh sun.. arep pesen pirang mangkok sun.. Ora je.. lamon ayame masih ana ayu gah diadu karo ayame reang…
BACKING : Ya bener ningan…
WA BLENDING : Bener raine sira bubak… wong ayam mati arep diadu karo ayam urip..

(Dari belakang suara nok Iin manggil manggil wa Blending..)

NOK IIN : Wa.. wa Blending…. Wa….. Wa Blending….
BACKING : Wa.. ika ana sing ngundang…
WA BLENDING : Ning sapa nang…?
BACKING : Ning Gusti Allah..
WA BLENDING : Wahh.. sira mah dongakna reang kuh gage mati bae yaa…
BACKING : Sampeane diundang-undang ora krungu.. krungu…
NOK IIN : Wa… wa… wa blending…
WA BLENDING : Enun…
NOK IIN : Lagi apa sih wa.. diundang-undang sing mau kuh meneng bae…
WA BLENDING : Nyuwun mangap nok…
BACKING : Mangap ta mingkem wa…??
WA BLENDING : Meneng sih gah… ana majikan enom kih..
BACKING : Ya sampeane mangap jee… ma’affff…

WA BLENDING : Iya.. iya… wis meneng… pripun nok Iin? Ada yan bisa wa Blending bantu?

NOK IIN : Meketen wa.. wa Blending weruh beli.. kari kula kuh lagi bahagia tah sedih wa??

WA BLENDING : Engko dimin nok.. kari tek pandeng-pandeng.. tek sawang-sawang.. nok Iin kih senyam senyum bae.. kayane mah pasti lagi sedih..

NOK IIN : Diiih wa blending tah kaya konon bae… masa wong senyum senyum diarani lagi sedih..

WA BLENDING : Iya wa Blending kuh ngerti nok Iin kuh lagi seneng lan bahagia.. mung wa blending beli weruh apa sing gawe nok seneng lan bahagia… Bokat wa Blending beli oli weruh coba ceritakna nok..

BACKING : Kari wong ilate cendek mah kaya konon ya wa… Oli weruh wa… aja beli oli weruh.. baka beli oli weruh mah aja takon maning wa…

WA BLENDING : Wis sih nang aja meluan bae… cangkem cangkeme reang gah protes bae wong kuh…

NOK IIN : Wa Blending kuh, pengen weruh kula lagi seneng bae kuh kenangapa? Coba tebaken wa…

WA BLENDING : Arep ditokokna motor Meong..
NOK IIN : Ora wa.. kan wis due nok Iine..
WA BLENDING : Arep ditokokna mobil sedan…
NOK IIN : Ora wa.. Iine durung bisa nyetirr..

WA BLENDING : Arep ditokoknaa….. Odong-odong…
NOK IIN : Diih.. wa Blending mah.. prigele Nok Iin e bocah cilik jee…
WA BLENDING : Dadi sih.. kenangapa nok? Seng bae ahh..
NOK IIN : Dadi Iin kuh.. wa.. skien wis… wis…
WA BLENDING : Wis ngendog…??

NOK IIN : Ya ora wa… Duuhh cerita beli ya?? tapi wa Blending janji ya.. aja cerita ning Mimi Kaji.. Iin e wedi wa… bokat disewoti..

WA BLENDING : Emang arep apa sih nok..? Wa Blending dadi pawongane nok Iin sing awit nok Iin masih ning weteng.. sampe gede semene.. lamon nok Iin percaya ning Wa Blending… Wa Blending ora cerita ning sapa-sapa nok..

NOK IIN : Busung…??

WA BLENDING : Mong gah nok busung mah.. lagi wingi udun ning bokong bae wa Blendinge ketuwon bae…

NOK IIN : Janji ya wa…

WA BLENDING : Wa Blending janji nok… bokat Wa Blending ora bisa jaga ceritae nok Iin.. wa Blending bagen mati disamber grejeg nok…

NOK IIN : Grejeg mah ora bisa nyamber wa… paling-paling Wa Blendinge sing nyamber.. sakane raine kuh kaya petek kenang keakeen grejeg..

WA BLENDING : Ana pribasane nok… Numpak getek marani ciledug… bagen rai kaya petek baka mangan ora kari urug…

NOK IIN : Paingane segae Mimi kuh entok entok bae secepon kenang Wa Blending ya?

WA BLENDING : Wiss.. wis.. aja dibahas wa Blendinge isin.. Mangga jare arep cerita Nok Iine..

NOK IIN : Dadi mengkenen wa.. Nok Iin kuh hatie lagi seneng bae wa.. sebab pirang dina maning gah demenane Nok kuh balik..

WA BLENDING : Aiiihhh.. nok Iin kuh wis due demenan??... wis due kekasih… Nok Iin kuh wis due My Darlim?

NOK IIN : Apa My Darlim kuh wa..?
WA BLENDING : Ya jare bahasa kulonan kah… kekasih kuh My Darlim ora..
NOK IIN : Ya dudu Darlim wa… tapi Dar… ling….
WA BLENDING : Iya.. dadi Nok Iin kuh wis due Darling… ?
NOK IIN : Iya wa…kenapa Wa Blending kaget..?
WA BLENDING : Dudu kaget dudu terkejut nok.. mung Wa Blending kuh heran bae..
NOK IIN : Heran kenangapa wa..?

WA BLENDING : Herane dudu kenangapa nok.. Nok Iin kuh selama kien Cuma kuliah.. mangkat kuliah langsung balik.. ora ilok dolan mendi-mendi.. aja maning ning moll atawa jalan-jalan adoh.. tuku ning alfamaret bae gah.. ora ilok.. tiba-tiba kien cerita wis due demenan…

NOK IIN : Aja heran wa… jaman skien mah jaman internet…
WA BLENDING : Jaman enternet nok?

NOK IIN : Dudu enternet tapi interr,.. nett… yaiku jaman skien kuh tinggal pencet wa.. Wa Blending pengen berita apa bae kari ketik bae gah metu beritae wa..

WA BLENDING : Ooohh.. mengkonon nok? Dadi lamon Wa Blending pengen weruh beritae mbok tua Wa Blending bisa nok??

NOK IIN : Ya bisa wa.. ning internet kan bisa facebook.. bisa twitter.. bisa skype.. lan akeh sejen-sejene sing penting Wa Blendinge kuh gawe imel..

WA BLENDING : Ooohh.. dadi Wa Blendinge kudu due Ismail ya nok..?
NOK IIN : Dudu Ismail Wa.. tapi Imel…
WA BLENDING : Iya kuen nok.. ora bisa ngomong imel e nok.. dadi Wa Blendinge bisa weruh kabare mbok tua kuh nok?

NOK IIN : Emang skien mbok tua wa blending ana ning endi?
WA BLENDING : Ana ning kuburan nok..
NOK IIN : Ooohh.. dadi kemit..
WA BLENDING : Oraa nok…
NOK IIN : Lagi jiarah?
WA BLENDING : Ora nok..
NOK IIN : Trus nangapa wa..?
WA BLENDING : Ya mati nok…

NOK IIN : Ya maaf wa.. Nok iin mah beli weruh.. yong ngomonge ning kuburan bae, skien Nok Iin jaluk tulung ning Wa Blending.. tulung jukutaken laptop ning jero kamer…

WA BLENDING : Kien ta nok…
NOK IIN : Engko taun maning wa..
WA BLENDING : Ya wis engko tek jukut nok...
NOK IIN : Kaberan due pembantu siji..

Wa blending masuk sebentar kemudian keluar lagi bawa lap dengan gambar jempol bertuliskan top.

WA BLENDING : Iki nok Lap top e
NOK IIN : Kiene apa wa?
WA BLENDING : Mau nok iin kon jokot apa..
NOK IIN : LAP TOP
WA BLENDING : Ya bener kan nok…
NOK IIN : Bener priwene wa..?
WA BLENDING : Kien apa nok? (Ngembengna Lap)
NOK IIN : LAP
WA BLENDING : Kien? (ngembengna tulisan)
NOK IIN : TOP
WA BLENDING ; Lamon didadekna siji dadie LAPTOP kan?

NOK IIN : Iya sih wa… tapi dudu kien… kaen kah sing kotak kah.. sing kaya tipi kah.. gage digawa mene yaa..

WA BLENDING : Oke boss…

NOK IIN : Wa blending.. wa blending… dikongkon jukut laptop dijukutie lap karo tulisan top.. tapi anue mah bener..

(Wa Blending manjing maning lan metu maning gawa laptop)

NOK IIN : Ya kien dau bener wa… kien arane laptop.. sing anggo facebookan.. twitteran kuh wa…
WA BLENDING : Ohh… bisa deleng Yusup beli nok??
NOK IIN : Apa kuh wa?
WA BLENDING : Kaen kah nok… sing deleng video ning internet kah?
NOK IIN : Ooohh.. Yutub wa.. aja Yusup..
WA BLENDING : Ya embuh gah nok wa Blending tah ra ngerti..
NOK IIN : Duh.. wa kari wong lagi kangen kuh kaya kenen ya wa….

Langsung lagu RANDA TAIWAN

A BLENDING : Dadi skien demenane nok Iin kuh ana ning Tariwan..
NOK IIN : Aja Tariwan wa… taiwan.. (Tiba-tiba ana telepon)
TANTO : Halloo.. assalamu’alaikum..
NOK IIN : Wa’alaikumsalam.. kien sapa ya?
TANTO : Diihh.. kien kang Tanto nok.. ora ketenger tah??
NOK IIN : Aiih kang Tanto.. priwen kabare kang??
TANTO : Alhamdulillah nok.. karo nok iin dewek priwen??
NOK IIN : Alhamdulillah kang.. kang…
TANTO : Priwen sayang… ??
NOK IIN : Isin ngomonge kang..

TANTO : Bokat isin anggo helem nok.. bruk ngomonga.. kang tantoe arep rongokna..
NOK IIN : Kang tanto.. sebener iin emong bohongi diri.. emong bohongi ati kecile iin.. najan durung ketemu karo kang Tanto… iin wis merasa… merasa cinta…
TANTO : Cinta… sayang??
NOK IIN : Iya wis.. merasa terpikat asmara…

(Langsung Lagu CINTA FATAMORGANA)

TANTO : Ya wis nok.. lamon mengkonon.. kang tanto lamon kakang balik kakang arep langsung nglamar nok Iin..
NOK IIN : Iya kakang.. kang tanto kapan balike.. ?
TANTO : Insya Allah engko bengi wis ana ning umah.. kien kih lagi ning bandara nok..
NOK IIN : Iya tah kang…?? Jare kuh balike setaun maning..
TANTO : Kakange wis ora sabar nok.. nunggu setahun maninge.. kang Tantoe wis ora tahan pengen kelakon karo nok Iin..
NOK IIN : Gombal ah…
TANTO : Kakang ora gombal nok… coba nok iin meremmmmm..
NOK IIN : Emang arep apa kon merem kuh kang…?
TANTO : Ya coba bae meremmm…
NOK IIN : Ya wiss (bari merem)
TANTO : Baka wis merem kuh rasane priwen nok…??
NOK IIN : Ya peteng…
TANTO : Peteng ribet yaa??
NOK IIN : Iya…
TANTO : Yaiku sing dirasaaken kang tanto baka adoh-adohan karo nok iin..
NOK IIN : Ah kang tanto bisa bae…
TANTO : Ya wis nok.. wis dimin ya.. kakange arep numpak mobil..
NOK IIN : Iya kang.. ati-ati yaa..
TANTO : Nok Iin gah pada bae ati-ati.. jaga kesehatan.. uga aja klalen maem yaa..
NOK IIN : Ksuwun kang..
TANTO : Assalamu’alaikumm..
NOK IIN : Wa’alaikumsalam…

Conto naskah drama daerah 2
Sederekan

Adegan 1
Suasana rame sesampune ngedamel soal kang kari dinten niki. UAS sampun pragat. Lare-lare seneng saged ngerjanang soale angsal sae. kecuali Rais sareng rencang-rencange. Kabehane seneng sesampune lepas teng buku sing nyibukaken kiyambeke akhir pekan seniki. Sesampune bel muni kiyambek kesusu melajeng teng kelas.

Selma : Sae’e kepripun sesampune selese tugas-tugas akhir sekolah niki?
Nurul : Kula sareng rencang-rencang perean mawon nggih? Pripun sareng serencang sejene?
Erina : Bade perean teng pundi, rul? Kula milet mawon.
Nurul : Kepripun, sampeyan boten bosen teng griya mawon?
Selma : Kepripun upami rencang-rencang kesah teng dusun mawon?
Ifa : Nah! Niku ide sing sae! Kula setuju liburan teng dusun
Intan : Setuju!
Una : Sae pisan! Tapi sampeyan milet kan, is?
Rais : Nggih kula milet. Sampeyan milet boten, gar?
Enggar: Milet laah..
Sesampune sepakat, rencang-rencang wangsul teng griyae masing-masing.

Adegan 2
Dinten niki penerimaan rapot munggahan kelas. Sekabeh murid nonggoni hasil rapot. Sesampune pragat lare-lare kumpul teng griyae Enggar.
Intan : Kok Rais boten dugi-dugi ya? Sampun lami nonggonane
Ifa : Iya,.. teng pundi ya si Rais? Coba di telepon
Selma : (nelpon Rais) Duuuh boten aktif
Una : Wonten napa sareng Rais ya?
Nurul : Kepripun upami kula teng griyae mawon?
Enggar: Eh, niki kula angsal sms saking Rais
Ifa : Mriki kula kang bacaken (ngrebut hp Enggar)
“Maaf rencang-rencang kula boten saged dugi teng griyae Enggar”
Una : Pripun sih Rais?
Nurul : Mengkin wonten napa-napa sareng Rais? Kita dugi mawon teng griyae mawon yu..

Adegan 3
Lare-lare sampun dugi teng griyae Rais. Dereng sempet melajeng, Rais sampun kedah teng teras griyae sareng murung.
Enggar : Lah, sampeyan punapa, is?
Rais : Boten napa-napa (senyum terpaksa)
Selma : Rais, upami wonten masalah dongen sareng kita-kita, wonten punapa?
Rais : Kula boten lulus mata pelajaran Biology, kula mboten saged ngerjai soal-soale, sampeyan saget bantu mboten? (nunjukaken kesedihan)
Ifa : Kita-kita pasti bantu, is. Mengkin kita saged belajar bareng-bareng
Intan : Nggih, is. Mengkin mawon nggih, boten saniki, saniki sampun sonten
Enggar: Sampeyan aja ngomong mboten saged, pasti saged, is! (sembari nepuk pundak rais)
Una : Sampun, aja sedih malih ya, is..

Adegan 4
Sekiki maninge, sampun mlebet dinten kesetunggal perean. Lare-lare bantu Rais belajar Biology teng griyae Rais.
Rais : (Cengar-cengir)
Selma : Wonten napa, is? Cengar-cengir kiyambek mengkoten? (sambil gemuyu)
Rais : Boten napa-napa, kula seneng gadah rencang kaya kalian
Nurul : Kula sampun nganggep Rais kaya sederek kula mawon, is..
Ifa : Kita sampun lami sederekan, jadi susah seneng bareng-bareng
Intan : Nah.. leres niku, fa..
Selma : Sederekan ge perlu pengorbanan
Nurul : Boten cinta mawon sing butuh pengorbanan, nggih Sel (sambil gemuyu)
Una : Hei... sampeyan-sampeyan siweg punapa? Sing mau ngobrol mawon. Deleng tuh si Enggar ngedamel soale kiyambekan.
Enggar: Kula mah tiyang paling rajin (senyum ngebanggaaken diri)
Una : huuuuu.. kula ge rajin
Intan : Sampun.. sampun.. ayo kita muali maning belajare! Mengkin kedaluan
Ifa : Nggih, teras kula saged bantu napa, is?
Rais : Kula gadah buku soal-soal Biology, kalian mengkin bantu kula ngedamel soal-soale
Ifa : Iyaa.. pasti, Is
Enggar: Ya sampun, ayo kita damel bareng-bareng
Suasanae hening ning tempat kiyambeke, kabehane siweg serius ngedamel soal-soal biology, jam sampun nunjuken pukul 13.00 WIB, sampun cekap nganggo mereka belajar bareng.

Adegan 5
Dinten Senen Rais kesah teng sekolah kanggo ngedamel tugas remedial biology teng Bu guru. Rencang-rencang sejene nonggoni Rais teng griyae Enggar.
Sesampune pragat ngedamel tugas biology, Rais kesah teng griyae Enggar
Rais : Rencang-rencaang...... kula berhasil (sambil loncat-loncat seneng)
Erina : Alhamdulillah, syukurlah, Is!
Selma : Selamat ya, Is!
Enggar: Leres boten, upami Rais saged usaha pasti berhasil!
Rais : Nggih.. kesuwun ya
Enggar : Iya sami-sami, Is, kita milet seneng..
Selma : Eh, kepripun upami kita ngerayaaken mawon sareng liburan teng dusun?
Nurul : Yeeeeee.... pasti seru pisan ya upami kita saged liburan teng dusun bebarengan..
Rais : Nggih.. angsal kula setuju mawon
Enggar : Keprupun upami kita kesah teng pegunungan mawon?
Una : Ide bagus, nggar!
Nurul : Emangnya kita bade punapa teng pegunungan? Mending kita teng Waterboom..
Intan : Nggih.. kula lebih seneng dolanan banyu teng niku
Ifa : Teng waterboom krihin teran mengkin kita jalan-jalan teng dusun
Selma : Leres, Fa. Asiiik... dados kita saged teng dusun kih?
Nurul : Ya nggih lah... emangnya sampeyan bade teng pundi, Sel? (nanya menyelidik)
Selma : Ya nggih, kula milet kalian liburan, emang bade teng pundi? (njawab polos)
Nurul : Nggih..nggih...nggih... (sambil gemuyu)
Erina : Sampun, dados kapan kesahe?
Ifa : Mengkin enjing, kepripun rencang-rencang?
Intan : Waah.. lamun mengkin enjing, kula mboten saged, Fa. Kula bade kesah sareng mimi. Dinten Rabo mawon kepripun?
Selma & Nurul : Saged!
Erina : Dinten Rabo? Saged mawon..
Rais : Kula mawon saged dinten Rabo, kepripun Fa? Saged mboten?
Ifa : Nggih, saged.. kapanpun kula mah saged. Sampeyan-sampeyan saged kan? (nanya teng Enggar sareng Una)
Enggar : Saged, saged..
Una : Nggih saged.
Rais : Nggih sampun, kula bade wangsul seniki
Nurul : Oke upami mekoten, kita wangsul krihin ya nggar
Ifa : Iya nggar, sampun sonten
Enggar : Hati-hati teng jalane, aja klalen dugi malih mengkin dinten Rebo ya..
Selma : Nggih, kesuwun ya, sampe ketemu malih
Enggar : Nggih sami-sami (sambil senyum teng rencang-rencange).

Adegan 6
Dinten Rabo, sesampune nyiapnang rasukan lan sejene, mereka siap-siap kanggo kesah teng Waterboom.
Nurul : Ayoo kita rencang-rencang mlebet..
Una : Mengkin tunggu krihin, Rul. Sing sejene masih ning buri.
Rais : Hey.... tonggoaken kula! Barange abot kih..
Ifa : Aduuh, Rais.. Sampeyan mbakta napa mawon? (sembari gemuyu)
Nurul : Iya, Is! Tase ageng pisan (melu gemuyu)
Selma : Mbakta rasukan selemar, Is? (melu gemuyu)
Enggar: Duuh, sampun.. sampun.. ayo mlebet!
Piyampekipun mlebet teng waterboom teras kiyambek ganti rasukan.
Erina : Duh rame pisan ya..
Intan : Leres.. mboten kalah sareng ning kota
Ifa : Padahal tempat niki masih anyar, dereng tersohor
Rais : Heh.. kalian siweg punama malih? Ayo dolanaan..
Una : Ya sampun, yoo kita dolanan
Selami teng niku mereka gemuyu lan sumringah. Mboten klelen kiyambeke foto-foto. Kiyambeke sampun lungse teras ninggalaken dolanane. Teras mampir teng warung dahar, sampun rampung mereka nerasaken malih pelampahane. Kangge nikmati pemandangan teng dusun.
Ifa : Duh pegel ya, sedintenan dolanan mawon teng toya lan sekiyen ngirup udara seger sareng nikmati pemandangan kaya niki. (sembari menghela napas)
Nurul : Leres, Fa. Kita foto-foto yu?
Selma : Sae..sae.. kita musti abadikan kanggo kenang-kenangan
Erina : Nah, leres tuh..
Enggar : Ya sok, kalian teng riku kula saged motoaken kalian
Rais : Mileeet.. (Gabung teng sampinge Nurul)
Enggar: Na, Ntan, milet mboten?
Selma : Mriki, ntan.. aja malu-malu
Nurul : Duh si Una, ayo biasanya ge sampeyan narsis upami difoto
Una : (dengan terpaksa gabung teng golongan Nurul) Kula pegel, Rul..
Erina : (narik tangan Intan) Ayolah ntaan..
Enggar: 1, 2, 3 (moto rencang-rencange)
Nurul : Sampun? Deleeeng.. (Ngrebut kamera sing tangan Enggar)
Eh bagus pisaan, malih yu foto-foto teng rika.. (sembari mlampah)
Ifa, Selma, Erina, Intan milet teng burie Nurul. Rais, Enggar sareng Una duduk teng bawah pohon sembari mandengi rencang-rencang perempuannya.
Enggar: Kula mboten klalen dinten niki
Rais : Sami, nggar. Kita beruntung gadah sahabat kaya mereka
Una : Mereka sae-sae sareng kita
Rais : Leres, Na. Kita mboten salah dadosaken mereka sederek kita, mereka emang yang paling sae
Nurul, Ifa,, Selma, Erina sareng Intang gabung teng Rais, Una sareng Enggar.
Ifa : Hayoo ngomongin punapa mau?
Rais : Mboten ngobrol punapa-punapa, nggih kan nggar? (sembari senyum teng Enggar)
Enggar: Nggih mboten napa-napa
Nurul : Pasti ngomongin kita-kita ya? (sembari gemuyu)
Selma : hayoo...
Una : Sampeyan sampeyan niku ‘geer’ pisan ya
Erina : ‘geer’ niku lebih sae dibanding minder, Na..
Intan : Sampun.. sampun.. mending saniki kita wangsul mawon, mengkin kedaluan
Una : Leres, Ntan.. yu wangsul..
Sedantenipun wangsul mawon teng griyae masing-masing.

Tugas kelompok
  1. Damelen naskah drama sederhana!
  2. Praktekaken naskah drama kang sampun diserat niku teng ajeng kelas!

Uji kompetensi
I.Wenehana tanda(X) ing salah sijining aksara a, b, c, d utawa e kang dianggep bener !
 
MAKMUR NING AJUR
………………..” mengko mbengi Mami arep kulak dagangan maring Bandung, Pap. Dadi Papi sing kudu njaga kiose. Eman-eman angger tutup, mengko rejeki atusan ewu ilang. Pokoke Papi kudu bisa ijin,” Omonge bojone tambah rosa, tur madan kesuh.

Sugeng ora semaur. Gagean motore destater terus diplayokna metu sekang ngumah maring sekolahan. Ora nganti seprapat jam wis gutul. Montor diparkir, Sugeng mlebu kantor terus njagong. Garapane sing wes tumpuk undung ora disenggol acan merga pikirane putek kemutan polahe bojone sing tambah wani goli ngatur wong lanang.

Jane Sugeng ya jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supayane dadi kawus. Ning yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo tanggane. Mulane Sugeng trima meneng bae. Sing aneh, Yanti gemiyen lagi isih mlarat ngundange Mas maring Sugeng. Siki bareng sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora gelem karepe Mami.

1. Sekang pethikan cerkak nang dhuwur wateke Yanti yaiku…
a. Sabar lan narima
b. Ngabekti maring wong lanang
c. Jujur lan ngati-ati
d. Wani lan seneng ngatur bojone
e. Seneng ngapusi

2. Wacana sing duweni ancas kanggo aweh informasi babagan apa bae sing bisa nambahi pengetahuan/informasi maring sing maca lan sipatipun ilmiah utawi nonfiksi, iku wacana…
a. Deskripsi
b. Persuasi
c. Narasi ekspositoris
d. Narasi
e. Eksposisi

3. Marsini : “Mas Nu, Mas Nugroho!”
Nugroho: “Ana apa Mbak?”
Marsini : “Njenengan kuwe awet nom ya, Mas!”
Nugroho : “Pancen aku rumangsane ya isih enom kok?, ha…ha, Lha njenengan arep tindak ngendi mbak ?”
Marsini : “Aku arep bali nyang Sragen Mas! Ning aku klebu wong dhusun, dadi saka kota Sragen ijih telung puluh kilometer maneh.”
Nugroho : “aku percaya yen panjenegan kuwi saka ndesa Mbak, ketara ayu.”
Marsini : “Alaah, ampun ngaten, mas! Wong kaya ngene kok diarani ayu. Terus sing elek kaya ngapa?”
Naskah drama nang dhuwur nggunakaken basa apa?
a. Krama Alus
b. Ngoko Alus
c. Krama Inggil
d. Ngoko lugu
e. Krama ndesa

4. Ibu : “Sri, mbesuk yen Mbak Tati dadi nganten, kowe dadi dhomase yo!
Sri : “ Kula lingsem Bu !”
Bapak : “Dadi bocah ora pareng isinan. Luwih-luwih dadi dhomas. Yen isin disawang rak ora patut.”
Ibu : “Bener Sri, ngendikane bapak kuwi. Coba isin karo sapa?”
Sri : “lingsem jaritan, Bu!”
Bapak : Lha rak wis lumrah ta, bocah wadon jaritan. Bapak bae mengkone ya nyampingan kok. Iki rak klebu kebudayaane dhewe.
Bapak : “Coba ngemben sawangen. Kabeh para tamu padha nyampingan. Sing kakung ya ngono, beskapan, nyampingan, tur ngagem dhuwung. Sinomane putri ya ngono. Kabeh padha nyampingan lan kebayakan.”
Nang busana kejawen, yen wong lanang lumrahe nganggo........ yen wong wadon nganggo...........?
a. Kebaya–beskap 
b. Kebaya-Beskap
c. Kebaya–Bathik 
d.Tank Top-Kebaya
e. Beskap - kebaya

5. “....Sing kakung ya ngono, beskapan, nyampingan tur ngagem dhuwung.” Tembung dhuwung padha tegese karo....
a. Blangkon 
b. Sabuk
c. Keris 
d. Sandal
e. Konde

6. Dewi Trijatha
Nalika Dewi Shinta dicolong dening Prabu Dasamuka lan dikunjara ing Taman Soka, dheweke dikancani Dewi Trijatha, ana wadone Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana kuwi anake Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha iki saben dina nglipur lan ngayomi Dwi Shinta saka godha lan parape Prabu Dasamuka kang kurang ajar. Saben arep ngganggu, dewi Tijatha mesthi mbelani kanthi tenanan lan njaga supaya Dewi Shinta bisa tetep kajaga kasuciane. Dheweke mesthi ngalang-alangi niyate Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta nalika dikunjara ing Taman Soka.
Pratelan nang ngisor iki sing ora pas karo crita nang dhuwur yakuwe...
a. Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta
b. Dasamuka nduweni watek kang kurang ajar
c. Dewi Shinta dicolong lan dikunjara ing Taman Soka
d. Dewi Trijatha, ana wadone Prabu Dasamuka
e. Dewi Trijatha kuwi kapetung ponakane Prabu Dasamuka

7. Menawa diemataken kanthi premati sipate Prabu Dasamuka kuwe kepriwe ....
a. Eman lan wicaksana 
b. Seneng ngapusi
c. Srakah lan Culika 
d.Tuhu ing janji
e. Sawiyah-wiyah

8. ANDHE ANDHE LUMUT
Critane jaman biyen ing Desa Dhadhapan, iku ana sawijining pawongan wadon kang mlarat banget jenenge Mbok Randha Dhadhapan. Uripe mung karo anake lanang sing bagus banget, arane Andhe Andhe Lumut. Wis akeh prawan sing padha nglamar nanging tansah ditolak. “Kepriye le anakku lanang, apa kowe isih puguh ora nampa siji sijia penglamar kang tumuju marang sliramu Ngger?”, pitakone Nyi randha Dhadapan marang putrane sinambi nyambut gawe ana tritisan, nata watu saurute omah. Andhe Andhe Lumut sumaur lirih, “kulo dereng menggalih prakawis tiyang jejodhohan kok Yung”. Ngerti yen anake genah durung gelem rabi, Mbok Randha ya banjur leren olehe ngrembug bab kuwi.

Apa kang dikarepake simboke Andhe Andhe Lumut?
a. Andhe Andhe lumut arep dejodohaken karo randha.
b. Andhe Andhe lumut bingung milih calon rabine.
c. Andhe Andhe lumut ora karep rabi.
d. Kepengin supaya Andhe Andhe Lumut enggal jejodhoan.
e. Mbok randha dhadapan kepengin rabi maneh.

9 . Andhe-andhe lumut anggone matur karo simboke nganggo basa apa ?
a. Ngoko
b. Krama
c. Ngoko lugu
d. Krama Alus
e. Ngoko Alus

10. Kegiatan maos puisi ingkang disertai gerak lan mimik ingkang sesuai sareng isi puisi kang dimaos disebat
a. Deklamasi
b. Puisi
c. Prosa
d. sajak

11. Putrane kakang atawa putrane adi niku di sebut punapa.........
a. Sedulur Misan
b. Misan Mindo
c. Ponakan
d. Peripean

12. Kang dijenengi sederek mera niku punapa.......
a. Bareng bapa misah ibu
b. Bareng ibu misah bapa
c. Bareng bapa bareng ibu
d. Misah bapa misah ibu

13. Adie Bapa atawa adie ibu saking jaler jenenge nipun punapa......
a. Paman
b. Bibi
c. Uwa
d. Kyai

14. Kang dijenengi anak kwalon yaiku punapa........
a. Anak kandung
b. Anak pungut
c. Anak haram
d. Anak tiri

15. Wenten tiyang jaler jenenge bapa Hadi statuse duda drebe putra tiang istri setunggal jenenge Lala. Wonten mali tiyang istri jenenge ibu Hani statuse rangda drebe putra jaler jenenge Bombom. Pak Hadi nikah sareng ibu Hani, dados Lala sareng bombom saniki wonten hubungan keluargi , disebute pun punapa.....
a. Sedulur Misan
b. Sedulur Misan Pindo
c. Sedulur Mera
d. Sedulur Temon

16. Ukara ting handap niki kang mlebet ukara ngangge wacana umum yaniku.......
a. Raden yaiku gelar turunan bangsawan
b. Raden Walangsungsang putrae prabu Siliwangi
c. Raja Padjajaran asmae Prambu Siliwangi
d. Raja Brana yaniku Emas Picis

17. Prabu Siliwangi ( tundung ) Raden Walangsungsang. Wacana sing wonten ting lebet kurung kang sae niku pundi......
a. Sandung
b. Nyandung
c. Nundung
d. Pundung

18. Ratu Mas Rarasantang buru-buru ( nyususul ) kang Raka, Wacana sing wonten ting lebet kurung sing cocok sareng ukara niku punapa.....
a. Susul
b. Nyusul
c. Nusul
d. Musul

19. Raden Walangsungsang ( tetapaken ) padukuhan Cirebon teng lemahwungkuk sekien. Tetapaken sebenere ditulis punapa.....
a. Mantepaken
b. Ditetepaken
c. Ngantepaken
d. Nesepaken

WARTA DAERAH
Warta yaniku inpormasi anyar atawa inpormasi anggone setunggalipun kajadian, wonten kang ngangge media citak, media elektronik, atanapi sacara lisan. Nglaporaken setunggalipun warta niku tugase profesi wartawan. Umpami bade damel warta, rumus ingkang sampun baku, yaniku 5W+1H, antawise :
  1. What (napa), kajadian napa mawon ingkang bade diberitaaken
  2. Where (teng pundi), teng pundi tempat kajadianipun peristiwa niku
  3. When (kapan), kapan waktu kajadianipun
  4. Who (sinten), sinten mawon kang dados sumber bertitanipun
  5. Why (punapa), punapa kajadian niku kedah diberitakaken
  6. How (pripun), pripun kejadianipun peristiwa niku.
Dados kesimpulanipun warta yaniku laporan kang isinipun sawijine peristiwa atawa kedadian penting kang menarik peratian tiyang katah lan warta niku isine prihal pakta atawa sewijine hal kang anyar kang saged dipublikasiaken ngangge media citak atawa media elektronik, atawa secara lisan / langsung. Ugi ngandung unsur 5W+1H.

1. Pedaran anggone Maos Warta
Upami bade nyampekaken warta kelawan sae, wonten cara kang kedah diangge, diantawise :
  1. sederenge maos warta, piyambeke kedah paham isine kalawan bener
  2. maos kelawan gemet warta ingkang bade dibedaraken/diterangaken
  3. unen –unen kang minurut piyambek kalebet sesah diperatikaken kang tlaten lan pripun cara ngecapaken kang bener.
  4. pas maos warta, titenana swarane dewek, sepinten tarike atawa kencenge supados saged kepireng jelas pamiarsa/ tiyang sanese
  5. Artikulasi kang aring lan jelas
  6. Bisa mbedakaken kapan waktune alon sareng kapan waktune enggal
  7. Sikep
  8. Paningal, boten kenging tungkul ningal naskah warta kang dimaos, sakali-kali kedah ngebagi paningal kangge pamiarsa.
2. Jenis-jenis Warta
Warta dibagi dados gangsal jenis antawise:
  1. straight news yaniku warta langsung;
  2. depth news yaniku warta mendalam;
  3. investigation news yaniku warta penyelidikan;
  4. interpretative news yaniku warta penelitian penulis;
  5. opinion news yaniku warta ngenai pendapate tiyang –tiyang ingkang uning.
Peristiwa atawa permasalahan kang diwartakaken
1) Straight News: langsung, apa anane, diserat secara singkat lan lugas. Biasane halaman ajeng surat kabar niku ngangge warta jenis niki, jenis warta straight news dibagi malih dados kalih macem yaniku:
- Hard News: warta kang nduweni nilai luwih saking segi aktualitas lan kepentingan atawa penting pisan enggal diuningi pemaos. Isinipun inpormasi peristiwa kusus (special event) kang kedadiane secara tiba-tiba.
- Soft News: isi beritane seadine hard news lan luwih dados berita pendukung mawon.
2) Depth News: warta mendalam, dikembangaken sareng pendalaman hal-hal kang wonten ing suatu permukaan wau.
3) Investigation News: warta kang dikembangaken berdasarkan penelitian atawa penyelidikan saking akeh sumber.
4) Interpretative News: warta kang dikembangaken sareng pendapat atawa penelitian penulise/ reporter.
5) Opinion News: warta ngenai pendapatipun tiyang –tiyang ingkang sampun uning permasalahane, biasane pendapate para cendekiawan, sarjana, ahli, atawa pejabat, ngenai sewijine hal, peristiwa, kondisi poleksosbudhankam, lan sanes-sanese.

3. Basa Warta
Prinsipe basa warta ora beda karo basa pedinan kang kula sedanten anggo sedina-dina. “ciri kas basa warta letake ning tembung/kata, ukara/kalimat, lan isi pernyataan”. Niki penjelasan tembung/kata, ukara/kalimat, lan isi pernyataan:

1) Tembung / Kata
Ciri kas kosakata ing warta/berita yaniku: 
  1. gampang dipahami, artine unggal tembung sing dienggo niku gampil dipahami pemaos lan pemireng/pendengar; 
  2. dinamis, artine, tembung sing dipilih kudu anduweni arti kang luwih urip, nyemangati, sesue karo kondisi lan situasi pernyataan sing disampekena; 
  3. demokratis, unggal tembung sing ditampilaken kudu anduweni makna lan ditrima dening tiyang katah media niku sampe; 
  4. tembung kang tepat, artine, sesue karo kebutuhane.
2) Ukara/ Kalimat
Sekurang-kurange ukara ning berita,apaiku lisan atanapi tertulis, kudu nduweni jejer / subjek (J) lan wasesa / predikat (W). Umpami boten anduweni unsur jejer / subjek (J) lan wasesa / predikat (W), pernyataan wau boten saged disebat ukara warta. Ukara kang diangge ing warta/berita wau yaniku ukara kang sae, praktis, sederhana artine nganggo tembung/kata secukupe mawon boten keluwihan.

3) Isi Pernyataan
Isi pernyataan kang dimaksud yaniku cara nyampeaken kang bade disampeaken kanggo pemaos. Isi pernyataan kang sae wonten teng pedoman ing ukara/kalimat, yaniku:
  1. kesatuan pikiran, unggal ukara kudu anduweni kesatuan pikiran, setunggal ide kang wutuh, antara pokok siji kelawan sejene kudu ana kaitane;
  2. koherensi, wonten ubungan kang jelas antara unsur ukara/kalimat;
  3. penekanan, unggal pikiran ing ukara wau olih tekanan sesue karo maksud pernyataan;
  4. variasi, anduweni variasi penganggon tembung/kata lan ukara kang sampe dianggo tembung atawa ukara sing diulang-ulang;
  5. paralelisme, kesamaan letak penekanan ing unggal ukara/kalimat yaniku ning awal, ning tengah, atanapi ning ahir;
  6. logika, kabeh ditulisakene nganggo pemikiran sing logis lan apa anane.

Latian 1
Gatekaken pethikan pawarta TV nang ngisor kiyen!

Sugeng dalu pamirsa, kula Zuly Qurniawati badhe ngaturaken pawartos babagan sosial lan kabudayan saking Ngayogyokarta lan sakiwa-tengenipun. Ing dalu punika badhe kapurwakaaken pawartos Merti Dhusun ing Ngestiharjo, Kasihan, Bantul.

Minangka adicara ingkang ajeg dipuntindakaken saben kalih taun sepisan warga Ngestiharjo, Kasihan, Bantul ngadani adicara Merti Dhusun tuwin lomba Kirab Budaya kawiwitan tanggal 19-26 Pebruari taun 2012. Adicara menika mapan ing dhusun Rejodadi ananging ugi karegengaken ing tigang dhusun sanesipun, inggih punika dhusun Ongkobayan, Ngepreh, sarta Tegal Ongkobayan.

1. Temane pawarta nang dhuwur yaiku babagan…
a. Merti Dhusun
b. Lomba Kirab Budhaya
c. Nguri-uri budhaya Jawa
d. Sosial lan budhaya
e. Pendhidhikan lan Kabudhayan

2. Pawarta nang dhuwur digiyaraken nganggo Basa …
a. Krama Alus
b. Ngoko alus
c. Ngoko lugu
d. Krama andhap
e. Krama ndesa

Latian 2
1. Maos teks warta ( tema warta anyar ) !

NGANDIKA / WAWANCARA

Pengertian Wawancara
Yaniku proses nyesuweaken kang terus-menerus. Wawancara niku salah setunggal cara kanggo milari pakta karo nginget lan ngrekonstruksi kedadian / peristiwa, ngutip pendapet lan opinine narasumber.

Wawancara kang sae minurut Mike Francher yaniku kula nyukani kesempetan kangge narasumber anggone mbedaraken napa mawon kang sebenere dipikiraken piyambeke, sanes mikiraken napa kang bade diomongaken.

Wawancara mangrupiaken salah sawijine saking papat teknik kangge ngempelakean inpormasi. Telu sejene yaniku observasi langsung lan observasi ora langsung, milarian liwat catetan publik lan partisipasi ing kejadian / peristiwa.

Siswa kedah anduweni kemampuan lan keterampilan wawancara ngangge basa rama atawa bebasan. Wawancara niku diantarane kangge nglengkapi inpormasi kangge diangge kangge bahan tulisane.

Wawancara / Wawan Rembug
Wawancara ugi saged disebat wawan rembug yaiku omong-omongan ing antarane wong siji lan sijine kanthi adep-adepan. Sajroning nindakaken wawanrembug lumrahe ngasoraken diri pribadi, kosokbaline ngluhuraken wong sejen. Bakune wawan rembug iku kaajab bisa lumaku kanthi prayoga manawa kabeh pada dene gelem ajen-ngajeni. Ana pitutur sawetara sing sesambungan karo wong sing nindakaken wawanrembug iku, yakuwi “Ajining dumunung ana kedaling lati”, tegese wong iku diajeni lan orane iku awit saking pangucape dewek. Mula ngati-ati anggone ngucap, ngucapa sing becik, ing satemah agawe senenge atine wong sejen.

Jurnalistik modern
ngenal telung ujud berita, yaniku :
  1. Wawancara berita yaniku sawiji ujud wawancara kangge mberitakaken ketrangan ahli prihal masalah kang lagi rame diomongaken / up to date.
  2. .Wawancara propil pribadi yaniku nyukani kesempetan kangge sosok kang diwawancarai anggone ngungkapaken kepribadiane liwat omongan / kata - katane dewek.
  3. Wawancara kelompok yaniku pandengan atawa sikap responden kang jumlahe katah, , diangkat dados berita.
Jenis jenis wawancara wonten telung perkara, yaniku :

1. Wawancara Secara Tatap muka
Wawancara secara tatap muka yaniku bentuk wawancara kang dilakoni secara adep – adepan. Wawancara niki katah nyukani penggalian inpormasi lewih jero lan luas amargi sederenge wawancara dipunmulai kedahe janjian krihin sareng narasumber, topik atawa pokuse sampun dirancang luwih awal lan ing hal kesempatane ugi luwih kusus, napa tempate atanapi waktosipun kang disediakaken. 

Wawancara secara tatap muka langsung ugi saged disebat wawan rembug yaiku omong-omongan ing antarane wong siji lan sijine kanthi adep-adepan. Sajroning nindakaken wawanrembug lumrahe ngasoraken diri pribadi, kosokbaline ngluhuraken wong sejen. Bakune wawan rembug iku kaajab bisa lumaku kanthi prayoga manawa kabeh pada dene gelem ajen-ngajeni. 

Ana pitutur sawetara sing sesambungan karo wong sing nindakaken wawanrembug iku, yakuwi “Ajining dumunung ana kedaling lati”, tegese wong iku diajeni lan orane iku awit saking pangucape dewek. Mula ngati-ati anggone ngucap, ngucapa sing becik, ing satemah agawe senenge atine wong sejen.

2. Wawancara liwat Telepon
Wawancara liwat telepon biasane dilakoni kangge ngimpormasiaken lan mburu deadline. Wawancara liwat telepon iki ngandikane ugi enggal lan umume narasumber sering nolak kanggo njelasaken unggal pitakonan secara lami, kecuali narasumber sampun akrab lan saged dados narasumber si pewawancara. Dibandingaken karo wawancara tatap muka, wawancara liwat telepon luwih terbatas.

3. Wawancara Kelompok
Wawancara kelompok yaniku ngandika kang dilakoni kangge luwih sing setunggale narasumber ing kesempatan kang sami. Kesempatan sepertos niku biasane cukul nalika kedadian sawijine peristiwa bencana alam atawa kriminalitas.Nanging, bisa ugi kangge keperluan nyerat sawijinipun feature keluarga kang berhasil.

Latian 1

Siswa : kulanuwun pak
Pa jaya : nggih nang, pripun badhe priyogi punapa ?
Siswa : punten pa bilih bapa wonten waktos kula badhe ngandhika kaliyan bapa
Pa Jaya: mangga nang, ngandhika masalah pripun
Siswa : kula badhe taken-taken masalah kebersihan sekolah, selerese kebersihan sekolah niku tugase sinten ?

Pa Jaya: Kebersihan sekolah niku tugase warga sekolah sedanten, diantawise lareh-lareh, guru, penjaga sekolah,lan sanes-sanese.Niku nyatakaken keguyuban lan gotong royong warga sekolah. Cobi umpami lareh-lareh tanggung jawab maring keresikan kelas, pasti sekolah niki ketingale bersih lan asri.

Siswa : pripun rekadayanipun supados warga sekolah nyadari pentinge kebersihan ?
Pa Jaya : pertami, yaniku lareh-lareh diwajibaken nglaksanakaken tugas kebersihan teng kelas sesuwe jadual piket.kaping kalih, umpami jajan mboten saged nyampah, lan ugi mendhet napi-napi sampah ingkang ketingal.

Siswa : nggih pak, kula ngecapaken matur kesuwun kaliyan bapak, mugi- mugi kebersihan punika saged diterapaken dumateng rencang-rencang kula lan sekolah dados resik lan asri.

Pak Jaya:sami-sami………………..

1. Sinten ingkang dados narasumber………
a. siswa
b. kepala sekolah
c. pa Jaya
d. penjaga sekolah
e. piket

2. Lareh-lareh ngandhika kaliyan pa Jaya masalah punapa…
a. keamanan
b. ketertiban
c. kebersihan
d. benderaupacara
e. keagamaan

3. Kebersihan niku tugase sinten……
a. warga sekolah
b. siswa
c. kepala sekolah
d. penjaga sekolah
e. piket

4. unsur ekstrinsik wawancara teng inggil wau, yaniku………………
a. politik
b. budaya
c. pendidikan
d. adat istiadat
e. zaman waktos saniki

5. Tata cara nggunakaken telpon kang paling bagus, yaiku …
a. Ngenalaken dikit, salam, lan diakhiri salam
b. Ngucapaken salam, ngenalaken, nggunakaken kalimat kang efektif, pesen kang disampekaken secara urut, tegas, jelas, lan diakhiri karo ucapan matur kesuwun
c. Ngenalaken diri, salam, penutup, sareng ucapan kesuwun
d. Ngucapaken salam, nggunakaken kalimat efektif

6. Tuti : “Wilujeng sonten, Bu niki saking Tuti.”
Bu May: “ Ana, apa Tuti ?”
Tuti :Bu, rencang-rencang sampun Kempal teng sekolahan, siap bade latihan sandiwara.”
Bu May:“Ya wis, Ibu sedelat maning teka.”
Tuti : “……………”
Penutup obrolan karo telpon kang sopan, yaiku……
a. Sebenere mengkonon, batur-batur wis pada ngenteni, lo
b. Matur kesuwun dados ibu bli kelingan, yen dina kiyen latihan.”
c. Matur kesuwun bu, kula sedanten bade nyantri rawuhipun ibu
d. Sampun ya Bu, aja suwe-suwe batur wis nonggoni sing mau

7. Ngobrol sareng rencang sepapak angsal ngangge basa .....
a. Sedinten-dinten
b. Tata Krama
c. Bebasan
d. Krama Inggil

8. Yen liwat ning arepe tiyang sepuh boten kenging sradag-srudug, sradag-srudug sareng mawon saking...
a. Mbrabat bae
b. Nyenggoli Tiyang
c. Gojag –gajig
d. Nyrucus

9. Tiyang kang gada budi pekerti niku biasae nipun......
a. Keras atie
b. Lemes atie
c. Kaku atie
d. Dongak ati

10. Enjing-enjing teng dusun Jambak wonten maling ketangkep.
Ngembangaken Krangka karangan warta ingkang sumbang yaniku …
a. Malingipun sampun diamanaken teng balai dusun
b. griyanipun mang Taslam wau dalu dibobol maling
c. masarakat Jambak ngrasa aman sesampune maling ketangkep
d. teng dusun Jambak wonten ngarot
e. Pulisi mbantu masarakat nggalakaken Siskamling

pengeling-eling,
Wawancara ugi saged disebat wawan rembug yaiku omong-omongan ing antarane wong siji lan sijine kanthi adep-adepan. Sajroning nindakaken wawanrembug lumrahe ngasoraken diri pribadi, kosokbaline ngluhuraken wong sejen.

Bakune wawan rembug iku kaajab bisa lumaku kanthi prayoga manawa kabeh pada dene gelem ajen-ngajeni. Ana pitutur sawetara sing sesambungan karo wong sing nindakaken wawanrembug iku, yakuwi “Ajining dumunung ana kedaling lati”, tegese wong iku diajeni lan orane iku awit saking pangucape dewek. 

Mula ngati-ati anggone ngucap, ngucapa sing becik, ing satemah agawe senenge atine wong sejen.
wawancara niku supados wonten pola gilir !

SESORAH / PIDATO
A. Tegese pidato
Pidato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekaken marang wong sejen. Pidato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapaken isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan sejen-sejene.

B. Jenis-jenis pidato yaiku:
  1. Pidato pembukaan, yaiku pidato ringkes kang disampekaken pembawa acara utama MC.
  2. Pidato pengarahan, yaiku pidato kanggo ngarahaken sawijine kagiyatan.
  3. Pidato sambutan, yaiku pidato kang disampekaken ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kang mung sadela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  4. Pidato peresmian, yaiku pidato kang dilakokaken dining wong kang duweni pangaribawa kanggo ngresmekaken samu barang.
  5. Pidato laporan, yaiku pidato kang isine ngelaporaken sawijining tugas utama kegiatan.
  6. Pidato pertanggungjawaban, yaiku pidato kang isine sawijine laporan pertanggungjawaban tugas utama/kagiyatan.

C. Carane gawe pidato
Supados saged nindakaken pidato kanthi lancar baguse gawe reng-rengan krihin.
  1. Salam pambuka
  2. Pambuka kang gambaraken isi nganti ringkes
  3. Isi pidhato kang gambaraken maksud, gambaran, sasaran, lan sejen-sejene
  4. Penutup kang gambaraken dudutan, pangarep-arep
  5. Salam penutup
D. Sesorah utawa Pidato
o Tujuan Sesorah, yaiku:
  1. Nyukani informasi utawa katrangan sawijining perkara (penyuluhan kesehatan, lsp).
  2. Nyukani hiburan utawa raos panglipur marang pamiyarsa (sabdatama utawa dhagelan).
  3. Nyukani pelaporan utawa atur pelaporan (lapuran ketua OSIS).
  4. Nyukani piwulang (da’i, sabdatama, lsp).
  5. Mbujuk utawa ajak-ajak supaya sing ngrungokaken, nindakaken apa sing dikarepaken pamicara (kampanye, lsp).
o Jenise Sesorah Miturut Kahanan
  1. Kahanan resmi, pamicara maca naskah kang wis dicawisaken, supaya ora salah anggone sesorah. Pamicara ora bisa ngandaraken sesorah kanti sakarepe dewek, amarga wektune wis diatur (pidato kenegaraan, pidato sambutan ing mantenan).
  2. Kahanan setengah resmi, pamicarane bisa ngandaraken pidato kanthi rada longgar, nanging kahanan rada resmi kudu tetep digatekaken.
  3. Kahanan ora resmi, pamicarane bisa ngandaraken pidatone miturut tujuwan utawa selerane pamirenge.
  4. Kahanan liya-liyane,
o Pamirenge lungguh utawa ngadeg (manawa pamirenge ngadeg, luwih becik pidatone sedela bae)
o Wektune bisa esuk utawa awan
o Pamicara kudu nduweni daya pangaribawa marang cara ngandaraken pidato.

Cara Pidato, kebagi dadi papat yaiku:
  1. mbakta teks utawa naskah (metode maca)
  2. Ngapalaken naskah pidato
  3. Ekstemporan: ngapalaken wose banjur ngrembakakaken wicara nalika pidato (njlentrehaken cengkorongan pidato)
  4. Improptu: pidato sing ditindakaken kanthi spontan (tanpa persiyapan)
Aspek-aspek kang kudu digatekaken nalika pidato, yaiku:

Conto teks PEMBAKTA ACARA:
Assalamualikum Wr.Wb.
ingkang kawula hormati para alim para ulama’ ingkang kita ta’ati fatwanipun
ingkang kawula hormati para pini sepuh
ingkang kawula hormati para bapa-bapak sareng ibu-ibu undangan sedanten.
mangga kita panjataken raos puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kita pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah lan inyahipun dumateng kita sedaya sehingga wonten dalu punika kita saged makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan setunggal punapa.
sholawat lan salam mugi-migi kunjuk dumateng nabi muhammad SAW. engkang mbakta umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kita raosaken sak menika, lan engkang kita antu-antu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin.
wonten mriki kuwula minegkani pranata hadicara badhe maosaken susunan acara wonten dalu punika
1. Pembuka
2. Waosan ayat-ayat suci alqur’an
3. Sambutan
4. do’a
5. Penutup

1. acara engkang sepindah enggeh punika pembukaan, mangga acara wonten dalu punika kita bikak kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah
2. kita lajengaken acara engkang kaping kaleh enggeh punika wosan-ayat-ayat suci al-Qur’an dumateng panjenenganipun bapak fathhurrohman kula sumanggaaken……………………. menika kala wau wosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi saged nambah lancaripun acara wonten dalu punika.
3. acara engkang kaping tigo enggeh punika sambutan, dumateng panjenenganipun bapak meseri kula sumanggaaken………… mekaten kula wau sambutan saking bapak meseri.
4. dilajengaken acara engkang kaping sekawan enggeh punika do’a dumateng bapak KH. Sunarto kula sumanggaaken.
5. acara engkang terakhir inggih punika penutup, mangga acara ing dalu punika kita tutup kanthi waosan hamdalah….. mekaten saking kawula menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedaya kula nyuwun agungin pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Latian 1
Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, d atawa e kang dianggep paling bener !

........Bapak Dwija ingkang winantu ing pakurmatan, para kadang siswa ingkang tansah cinaket ing manah. Kangge murwakani adicara ing dinten menika, mangga sareng-sareng ngunjukaken raos suka syukur kita dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagat.......

1. Perangan sesorah nang dhuwur nelakaken ....
a. Panutup d. Pangarep-arep
b. Pambuka e. Peprenah
c. Titi Mangsa
…………Para rawuh ingkang minulya, mbok menawi namung menika ingkang saged kula aturaken, menawi kathah kalepataning atur saha solah bawa ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging pangaksami.

2. Pethikan pidhato ing dhuwur klebu peranganing,....
a. Pambuka
b. Isi Wigatining atur
c. Pangarep-arep
d. Panutup
e. Dudutan

3. Para rawuh ingkang kinurmatan, almarhum kapundhut maraksowan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung dinten Kemis tabuh 01.00 wonten ing griya sakit. Sedanipun kawiwitan nandhang gerah sampun sawatawis dangu. Kulawarga saksaged-saged sampun budidaya ngusadani gerahipun, ngantos opname wonten griya sakit. Ananging saking kersanipun Gusti, budidayanipun kulawarga mboten kasil. Mugi dadosna pamriksa bilih almarhum ngantos tinimbalan ngancik yuswa 65 tahun.

Pethikan paragraf ing nginggil minangka satunggaling tuladha,...
a. Tanggap wacana pirembagan
b. Tanggap wacana Atur bela sungkawa
c. Tanggap wacana pangrukti jenazah
d. Tanggap wacana Walimatul ’urus
e. Tanggap wacana Merti Dhusun

4. Mugi dadosna pamriksa bilih almarhum ngantos tinimbalan ngancik yuswa 65 tahun.
Tembung sing digarisi ngisor nduweni teges …
a. Dhangan
b. Seda
c. Diprentah
d. Gerah
e. Ditambani

5. Gawea wara-wara sing jangkep sing isine; ketua OSIS ngajak para anggotane supaya padha gelem nyengkuyung anane Kegiyatan Classmeeting ing sekolahmu.

6. Blagbag kang putih ditulis karo … ning jero kelas.
A. pulpen
B. spidol
C. cat
D. kapur

7. Ibu-ibu sami … balitae teng posyandu.
A. mriyasaken
B. ningalaken
C. mendetaken
D. ninggalaken

Latian 2
1. Damelen teks pidato !
Gawea wara-wara sing jangkep sing isine; ketua OSIS ngajak para anggotane supaya padha gelem nyengkuyung anane Kegiyatan Classmeeting ing sekolahmu.
2. Praktekaken pidato teng ajeng kelas !

PARIWARA / IKLAN DAERAH

Pengertian, Fungsi, Struktur, Kaidah Kebahasaan lan Conto Teks Iklan 
Ing sedinten-dinten, tentune ora asing malih sareng kang namine Iklan, ampir unggal dinten kepanggih sareng iklan. Iklan saged diketemukaken ing katahe aplikasi, sepertos media citak kayadene majalah atawa koran, media elektronik sepertos telepisi, redio, jaringan internet, lan sanes-sanese, atawa saged nemoni iklan niku teng ruang jaba sepertos baliho atawa banner.

Artine teks Iklan
Teks iklan mangrupiaken salah setunggalipun media promosi ingkang epektip anggone masaraken macem – macem produk kangge konsumen amargi daya jangkoane kang luas lan masip. 

Tujuane yaniku kangge ngenalaken sawiji produk, napa niku barang atanapi jasa kangge masarakat luas, gunane narik peratian masarakat kanggo ngenali, tumbas, trus ngonsumsi atawa nganggo produk kang diiklanaken. Persaingan dibidang iklan niku memang landep sanget sejak anane tipi luwih – luwih saniki usum internet.

Nanging, media citak angger anduweni pangsa pasar dewek lan angger dados target produsen anggone ngiklanaken produk dagangane.

Pungsi teks Iklan
Sederhanane, pengertian teks iklan niku pesen kang nawaraken siji produk kang ditujuaken kangge masarakat liwat media. Bedane karo pengumuman biasa, iklan niki diarahaken kanggo mbujuk wong supaya tuku. Dados pungsi iklan diantarane :
  1. Minangka inpormasi (nyampeaken inpo produk anyar, ciri-ciri, lan sejen-sejene)
  2. Minangka persuasi (ngarahaken konsumen supaya tuku)
  3. Minangka reminder (iklan ngingetaken konsumen tentang produk tertentu supaya nganggo produk tertentu).
Struktur teks iklan
Teks iklan nduweni telung struktur, yaniku judul, aran produk, lan penjelasan produk iku.
  1. Judul, letake ning bagian paling duwur sing teks iklan, nanging ora kabehe iklan nganggo judul, sebagian teks iklan judul produke ditulis ning bagian paling duwur
  2. Aran produk, isine aran produk kang diiklanaken.
  3. Penjelasan produk mau, isine deskripsi produk kang diiklanaken, sepertos spesipikasi, cara ndapataken produk sing diiklanaken, alamat, lan nomer telepon kang angsal diubungi.
Ciri kas Teks Iklan
Sejene struktur teks iklan kang dibedaraken ing inggil wau, teks iklan ugi anduweni ciri – ciri kebaasaan sing mbedakaken karo teks – teks sejene. 

Ciri – ciri kebasaan wau antarane:
1. Slogan, 
yaniku unen – unen utawa ukara kang apik, menarik, lan gampang diinget angone nyampeaken setunggaling maksud. Slogan biasane ngangge papat atawa limang tembung kang gampang diinget lan tentune anduweni daya tarik kang kuat supados pesan wau saged disampeaken maring tiyang sanese / masarakat.
Ing anggone iklan, slogan yaniku pernyataan atawa susunan tembung kangge njelasaken sawijine produk / jasa layanan secara singkat, sehingga gampang diinget publik.

Slogan niku penting sanget kangge dunia periklanan. Sareng slogan, iklan wau gampang diinget publik lan luwih terkenal. Sejene iklan, slogan ugi diangge kangge kampanye (pendidikan, kesehatan, sosial, pemilu); misale kampanye narkoba, anti korupsi, pemilian kepala daerah, lan sanes – sanese.

Ukara – ukara slogan kang diangge kedah kreatip lan ugi ora ketinggalan jaman supados masarakat gampil nginget – ngingete. Penganggone slogan kang berasil katon yen masarakat kenal karo slogan wau. Upami slogan wau berasil, mirengaken slogane mawon, wong –wong pada weruh jenis produk kang nganggo slogan wau.

2. Ukara persuasip, yaniku ukara kang tujuanipun ngyakinaken lan mbujuk pemaos supados nglaksanakaken atawa nrima gagasan penyerat anggene sawijinipun prihal. Conto ukara persuasip; “Kartu As kartune Wong Dermayu”

3. Ngangge jejer utama atawa subjek orang pertama. antarane; kula, reang, isun, ingsun, kawula, lan aku, atawa kita kangge ngganti pihak / instansi / industri pemasang iklan.
Conto teks iklan produk (sadean / penjualan, lowongan kerja, jasa, promosi, atanapi iklan niaga lan iklan griya.

Latian 1
Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana !
1. Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining prastawa diarani ….
a. Layang 
b. selebaran
c. wara-wara 
d. sedhahan
e. majalah

2. Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….
a.Brosur 
b.iklan
c.Majalah 
d.sayembara
c.Lelayu

3. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani ….
a. Brosur 
b. iklan
c. Majalah 
d. sayembara
e. Lelayu

4. Wara-wara kang surasane andon kewasisan, cangkriman utawa pitakonan diarani …
a. Brosur 
b. iklan
c. Majalah 
d. sayembara
e. Lelayu

5. Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a. titi mangsa 
b. purwaka basa
c. peprenahan 
d. satata basa
e. surasa basa
UJIAN SEKOLAH
BAHASA DAERAH 
A.Piliyen salahsetunggalipun jawaban ingkang dianggep paling bener !

Kangge nomer 1 sampe 3
1. Enake seklenteng blenake saendeng–endeng
Jagat lagi anyeb, sepi nyanyet. bengi kuen reang bli bisa turu, ana suwara pating sliwer mung jangkrik lan curut gentenan, suwarane ambal-ambalan, arang - arang manuk 

Cangak pating koak kayaenambah sumeb lan anyeb, ora enak dirongokakene. Udan ngricik gawe rentege ati. Sing awit sore jondol ning pinggir tanggul iku sepi nyanyet. Langka suwara wong ngakak gemuyu, langka ngglendenge ngobrol ngalor-ngidul. Aran sepi kuh bener-bener nyanyet. Jagat wis bengi, reang ngempis bae ning pago arep ya ora enak ari beli bari udud kuh. Njentul delag-deleg dewekan kaya wong ora kanggo. Jam rolas jagat nambah atis. Kaya-kaya angin nyiwiti awake reang kang tipis. 

Hmmm… wis lah manjing umah bae. Reang nylingker ning seduwuring kasur jero kang wis lemes lan mambu ompol anakan. “bli pranti-pranti deweke bengi kien ora klayang-kloyong.” Jare rabine reang.“bli kiyeng” bari rada getting.“bli kiyeng tah lagi bli duwe udud?” takon bari rada nyindir.“keloro-lorone ya bener” jawabe reang bari manyung.“ya los kah tuku Apace atawa Wayang, duwite ana sepuluhewu ning duwur pedaringan bokat ana warung kang masih buka, endahora kanggo sukiki sangu jajane Misel lan Noval sekolah”. 

Reang waktu semono sadar yen reang kuh wong mlarat. Nangis tua sejeroning ati. Kanggo mangan bae gah langka ditambah-tambah matek ngudud kang gawe watuk lan ngotori jagat, wangine lemah kegrigisan robah dadi mambu puput udud, nylebreng kaya menyan pejaratan. 

Saniki tobat beli arep tangkrang-tongkrong, adad-udud, lan tuak oplosan kang langka gunane, reang kudu solot menggawe supaya anak keluarga kecukupan. Cukup raup sengsara mung reang. Njakal bengen beli sekolah. Kien janjine reang arep nyekolahaken anak sampe Sarjana.

Amanat karangan teng inggil yaniku……………………..
a. Jondol ning pinggir tanggul kudu diopeni
b. wong mlarat kudune ora udud
c. dadi wong tua aja kepenake dewek, kudu mikir kebutuhane anak lan keluarga.
d. Aja ngotori jagat
e. Kebutuhan wong tua pirang-pirang

2. Ukara ingkang wonten antonime yaniku …
a. jam rolas jagat nambah atis
b. ana suwara pating sliwer
c. nylingker ning seduwuring kasur
d. langka nglendenge ngalor ngidul
e. nylebreng kaya menyan pejaratan

3. Gagasan utami teks teng inggil yaniku……………….. …
a. Reang waktu semono sadar yen reang kuh wong mlarat
b. Jagat lagi anyeb, sepi nyanyet.
c. Reang nylingker ning seduwuring kasur kang wis lemes lan mambu ompol anakan.
d. Kanggo mangan bae gah langka ditambah-tambah matek ngudud kang gawe watuk lan ngotori jagate
e. Njentul delag-deleg dewekan kaya wong ora kanggo

4. teks ngandap niki ingkang namine parikan yaniku……………………
a.Sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi
b.Cikedung dalane loyang, nganggo kudung beli sembahyang
c.Anak polah, bapa kepradah
d.Polah bapa kaji kaya endas gundhul diiliri
e.Wader kalen sesoderan, nyuwun pangapunten bilih kula gadah kelepatan

5. Sesambat………………..

Gonang apa sekolah
Sawah, karang ora kurang

Wedus lan ayam bebek pirang pirang
Wis aja sekolah sebab reang wong pilang

Kang kesebute akeh duit beruang
Wong pinter pirang-pirang

Dokter, tentara lan guru ora kurang
Duh arep sambat-sambat ning sapa

Sekien reang njakal beli bisa maca lan nulis
Wis tua urip sengsara sewayah-wayah

pesen teks guritan teng inggil yaniku……………….
a. sawah wayah panenan kudu dipaneni
b. wong sugih ora usah sekolah
c. kisahe wong tani ora usah pinter
d. ngajak pada sekolah
e. ngajak pada dadi dokter, tentara atanapi guru

6. teks ngandap niki ingkang namine pribasa yaniku……………………
a. setana bojong dermayu, terusan wanasari, mengkenen dadi wong blesak, keder temen cah kedanan
b. ah, suket, oyod, ira melu garing, ning lemah gegolelan
c. klambi laris bedah keleke, ngaku laris jare deweke
d.piring abang ning panjunan, demene kelayah-layah
e.sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi

7. teks ngandap niki ingkang namine wangsalan yaniku……………………
a. godong mlinjo, krasa pegel ngaso dikit
b. tulung menthung
c. beyekane bayed kaya drum wadah lenga
d. aja kaget urip ning dunya iku gilir gumanti, sekiyen sengsara, besuk seneng
e. wayahe esuk jago kukuluruk ngupak jagat raina

8. Lamun arsa tulus nandur pari
Puwasaha sewengi sedina
Iderana galengane
Wacanen kidung iku
Sakehe ngama sami abali
Yen sira lunga perang
Wateken ning sekul
Antuka tigang pulukan
Mungsuhira rep-sirep tan ana wani
Rahayu ning payudan

Serat kidungan niku mlebet teng guritan ……………….
a. Guritan lawas
b. Guritan anyar
c. Guritan saloka
d. Guritan sanepa
e. Guritan parikan

9. Bonteng suri bature timun
Semangka gede isine
Aja sokat pikir ngelamun
Bokat disangka miring pikire

Teks teng inggil niku mlebet ………………….
a. Parikan rong gatra
b. parikan patang gatra
c. badekan
d. guritan anyar
e. guritan lawas.

10. Bocahe ora duwe pendirian, apa sing diomongaken ning uwong nurut bae, kaya……………………..
a. rajeg mangan tanduran
b. gedhe endase
c. kebo dikalungi
d. kegeden gludug langka udane
e. dawa tangane

11. Mang Dulloh uripe susah bae sebab kakeyan anak, kaya…………………………….
a. ula marani gebug
b. kebo kaboten sungu
c. wedus diumbar ning kacangan
d. banyu bening kena iwake
e. cecek nguntal rembulan

12. Sing awit cilik, reang ditinggal sema, reang dikualonaken lagi masih kelas siji SMP taun 1985 ning Lea, lulus SMA ning Losarang reang langsung ninggalaken desa Tempel, urip tetaunan ning Bogor kerja lan kuliah. Reang kepanjinge wong sobud, wis mah urip pas-pasan masih pengen kuliah. Kuliahe akeh tapi langka sing lulus. Tembean kuliah ning UNPAK jurusan Sastra Inggris mung sampe semester telu. 

Manjing maning ning Sekolah Tinggi Kesenian Gilang Kancana jurusan Teater mung sampe semester lima. Sebabe sering ditanggap bareng karo batur-batur sing jurusan karawitan, dadi kuliyahe beli kiyeng. Sing rada lawas yaiku kuliah ning Universitas Nusa Bangsa jurusan Pariwisata. Reang ning kene dadi rapih bae lan batur-batur kuliahe bersih-bersih. Allahamdhulillah sampe tutug. Lan masih akeh kampus sing dianjingi sampe semester siji giliran dijaluki bayaran UAS mariyan.

Sewise Limalas taun reang ninggalaken Dermayu reang balik meng Tempel maning. Bagen bisa basa Sunda reang beli ninggalaken basa Dermayu. Sakiyen lagi kiyeng blajaran maning basa Dermayu. Sebab kien budayane reang, dadi kudu bisa. Mulane-mulane aja ilok lalawora sekolah kuh, bagen bisa lan ahli ning bidang apa bae yen langka Ijasane percuma.

Karangan autobiografi teng inggil niku mlebet teng jenis……………………….
a. Deskripsi
b. Narasi
c. Argumentasi
d. Eksposisi
e. Persuasi

13. Urip kaya mrambat ning kayu bobo, sanepa/pepindaan iku artine……………..
a. beli gelem akur
b. langka wewedine
c. beli bisa diongket-ongket
d. kemantu ning wong mlarat
e. santer kemlantang

14. Enjing-enjing teng dusun Jambak wonten maling ketangkep.
Ngembangaken Krangka karangan warta ingkang sumbang yaniku …
a. Malingipun sampun diamanaken teng balai dusun
b. griyanipun mang Taslam wau dalu dibobol maling
c. masarakat Jambak ngrasa aman sesampune maling ketangkep
d. teng dusun Jambak wonten ngarot
e. Pulisi mbantu masarakat nggalakaken Siskamling

15. “Pantun” basa Dermayunipun…………………….
a. parikan
b. wangsalan
c. pribasa
d. sanepa
e. guritan

16. Ema, pupunden kinasih
Wis cunduk ning wancine
Lan ora kena dipungkiri
Kula kudu tolabul ilmi
Benjing bisa jembar pikir
Ema, pangapunten kula
Iklasaken kula lelampahan
Nyampak bagja mujur mulia
Ketemu karo raharja

Judulipun ingkang leres anggene guritan teng inggil niku……….
a. pandonga sembo
b. luruh ilmu
c. wongtua siji
d. njaluk pangapura
e. pandonga ema

17. Tumindake pa guru niku becik, saged kangge kaca benggalanipun kula. Kaca benggala tegese……………
a. tuladha
b. pengeling-eling
c. contho
d. kekaca
e. pengarep-arep

18. Menawi ………. kaliyan tiyang sepuh saene ngangge bebasan.
Ukara teng inggil supados sempurna kedah dipunlengkapi ngangge tembung………
a. wilujeng 
b. wiraos 
c. ngandika
d. nyuwun 
e .nyukani

19. Saweg enjing kula kesah teng peken.
Ukara teng inggil menawi ngangge basa ngoko yaniku…………..
a. lamen esuk reang arep mangkat meng sawah
b. ari esuk reang arep miyang meng sawah
c. lagi esuk reang mangkat meng pasar
d. lagi wingi reang miyang meng pasar
e. lagi wingi reang mangkat meng pasar

20. Kaya ula marani gebug. tegese saloka wau yaniku……………..…
a. wong sing anake akeh
b. wong sing kudune njaga malah ngrusak
c. wong tuwa sing genau ning wong enom
d. wong sing beli sengaja luruh pegawean
e. wong sing akeh duite pasti akeh bature

21. Wilangan “4” menawi ngangge bebasan yaniku …
a. setunggal 
b. kalih 
c. sekawan
d. sedasa 
e. gangsal

22. Sira dikongkon Kepala Sekolah ngupahi weruh ning pa Rudi. Yen pa Rudi kongkon marek meng kantor. Cara ngupahi weruh sing bener yaiku : …
a. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah sampean kedah nyaket teng kantor
b. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah bapa kedah teng kantor
c. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah jenengan kedah teng kantor
d. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah bapa kedah nyaket teng kantor
e. Pa, ngandikanipun Kepala Sekolah sampean sampun teng kantor

23. Tembang daerah saking Dermayu yaniku………………..
a. warung pojok
b. angon bebek
c. kawin paksa
d. sega jamblang
e. keduhung

24. Sunan Kali Jaga ngandhikanipun……………
a. Sugih bli rerawat mlarat bli gegulat
b. anggah ungguh kedah diangge sedina-dina
c. sun titip tajug lan fakir miskin
d. openana budaya becik
e. aja adigang adigung adiguna

25. Sinten ingkang saged dados narasumber anggene wawancara ”Kebersihan Sekolah”
a. piket kelas
b. guru BP/BK
c. ketua OSIS
d. kepala sekolah
e. guru

26. Slogan atanapi tembung kangge iklan daerah ingkang tujuane bisnis, yaniku………
a. Wong dermayu pantang tawuran
b. Kartu as kartune wong Dermayu
c. Anak loro cukup, lanang atanapi wadon pada bae
d. Sekolah kang bagus….’ Ya ning SMK Lea.
e. Aja klalen ! pilih kang jujur.

27. Sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi, artosipun…………………
a. Anak kang gawe kesalahan wong tua melu kegawa-gawa
b. Paomongane wong tua bisa nyelakani, lan bisa mulyakaken
c. bagus blesake bakal katon dewek
d. wong kang duwe rejeki pasti akeh kang pengen mareki
e. melu mangane ora melu patungan

28. aja kaget urip ning dunya iku …………………, sekiyen sengsara, besuk seneng.
a. lir pendah
b. gilir gumanti
c. mulang wuruk
d. papa cintraka
e. sumbang surung

29. Ani baka wis dangdan…………………………. Widadari temurun sing kayangan.
a. gagah prakosa
b. mukti wibawa
c. tandang graying
d. setya tuhu
e. lir pendah

30. Bocahe sih beli ayu tapi …………………………. apa sing dienggo
a. lir pendah
b. gagah prakosa
c. gandas luwes
d. setya tuhu
e. tepa palupi

31. Senajan mlarat beli ngisin-ngisinaken. Pribasane………………..
a. becik ketitik ala ketara
b. diupahi ati ngrogoh empela
c. melu keprok ora tombok
d. garing-garing asal garang
e. beli tedeng aling-aling.

Sekian, semoga bermanfaat.

Post a Comment for "MODUL BAHASA JAWA INDRAMAYU_CIREBON (JILID 2)"