Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

MODUL BAHASA JAWA INDRAMAYU_CIREBON (JILID I)

ketelair doc.

TITI TEMBUNG (MAKNA KATA)

Titi tembung yaniku sempalane elmu basa ingkang nyinaui bab tembung / kata.
Ing basa Cerbon-Dermayu tembung dibagi dados 4, yaniku :
  1. Tembung lingga (kata dasar)
  2. Tembung andahan (kata jadian)
  3. Tembung rangkep (kata perulangan)
  4. Tembung camboran (kata majemuk)
A. Tembung lingga (kata dasar)

Tembung lingga yaniku tembung ingkang wutuh dereng ditambihan ater-ater, seselan, panambang, atanapi ater-ater – panambang. Tembung lingga maceme wonten gangsal perkara; sewanda (satu suku kata), kalihwanda (dua suku kata), tigangwanda (tiga suku kata), sekawanwanda (empat suku kata), lan gangsalwanda (lima suku kata). 

a) Sewanda, contoe; lor, los, bek, pit, sor, gong, wis, teng, wor, lan, nang, cung.
  • Kula siweg niliki sabin teng lor kali.
  • Balik los bokatan kesoren.
  • Gambar lukisane blesak, aeh bek kosi bagus. (sebagian daerah menyebut pek atau bit. Bek berasal dari bahasa Inggris yaitu back yang berarti kembali atau diulang)
  • Mang Darman niti pit enjing-enjing.
  • Bukune Susi ana ning sor meja
  • Gong gamelan sandiwara Bina Remaja Indah segede ke’nceng / dangdang.
  • Wis kudune reang urip nyandang sengsara.
  • Gabah sing ning kandek (di)wor bae karo IR.
  • Siji lan siji dadie loro.
  • Nang, sira baka gede dadia seniman.
  • Cung, menea ! 
b) kalihwanda, contoe; kula, saged, pantun, wedi, griya, sampun.
  • Kula badhe kesah teng sekolah
  • Lareh SMK saged maos lan nyerat aksara jawa
  • Ema kula siwed nandur pantun
  • Aja wedi yen sira ngrasa bener
  • Niki griya kula sementara ning dunya
  • Sampun nyukani kula toya. 
c) Tigangwanda, contoe; Sampeyan, Cirebon, rasukan, budaya.
  • Sampeyan saged mbakta uwos kangge nyukani tiyang sepuh
  • Cirebon kota udang lan sebutane kota wali
  • Rasukan kula sampun disetrika
  • Budaya ngarot adate wong Lelea 
d) Sekawanwanda, contoe; Sukawera, dangdanggula, Pancasila.
  • Tiyang sepuh kula damel teng Sukawera
  • Teng pendopo Dermayu unggal dalu tepung taun kota niku dikidungi dangdanggula
  • Pancasila minangka simbol negri. 
e) Gangsalwanda, contoe; Indonesia,
 
Tembung lingga 

yaniku tembung ingkang wutuh dereng ditambihan ater-ater, seselan, panambang, atanapi ater-ater – panambang. Tembung lingga maceme wonten gangsal perkara; sewanda (satu suku kata), kalihwanda (dua suku kata), tigangwanda (tiga suku kata), sekawanwanda (empat suku kata), lan gangsalwanda (lima suku kata).

a) Sewanda, contoe; lor, los, bek, pit, sor, gong, wis, teng, wor, lan, nang, cung.
  • Kula siweg niliki sabin teng lor kali.
  • Balik los bokatan kesoren.
  • Gambar lukisane blesak, aeh bek kosi bagus. (sebagian daerah menyebut pek atau bit. Bek berasal dari bahasa Inggris yaitu back yang berarti kembali atau diulang)
  • Mang Darman niti pit enjing-enjing.
  • Bukune Susi ana ning sor meja
  • Gong gamelan sandiwara Bina Remaja Indah segede ke’nceng / dangdang.
  • Wis kudune reang urip nyandang sengsara.
  • Gabah sing ning kandek (di)wor bae karo IR.
  • Siji lan siji dadie loro.
  • Nang, sira baka gede dadia seniman. Cung, menea !
 b) kalihwanda, contoe; kula, saged, pantun, wedi, griya, sampun.
  • Kula badhe kesah teng sekolah
  • Lareh SMK saged maos lan nyerat aksara jawa
  • Ema kula siwed nandur pantun
  • Aja wedi yen sira ngrasa bener
  • griya kula sementara ning dunya
  • Sampun nyukani kula toya. 
c) Tigangwanda, contoe; Sampeyan, Cirebon, rasukan, budaya.
  • Sampeyan saged mbakta uwos kangge nyukani tiyang sepuh
  • Cirebon kota udang lan sebutane kota wali
  • Rasukan kula sampun disetrika
  • Budaya ngarot adate wong Lelea 
d) Sekawanwanda, contoe; Sukawera, dangdanggula, Pancasila.
  • Tiyang sepuh kula damel teng Sukawera
  • Teng pendopo Dermayu unggal dalu tepung taun kota niku dikidungi dangdanggula
  • Pancasila minangka simbol negri.
e) Gangsalwanda, contoe; Indonesia,
  • Indonesia negri makmur
Latian 1

Tembung – tembung ing andap iki damelen ukara kang sempurna !
1. lor 
2. pit 
3. sampun 
4. saged 
5. ngarot
6. amargi
7. ngandika 
8. panjenengan 
9. piyambekipun
10.gugurgunung
 
B. Tembung andahan (kata jadian)

Tembung andahan yaniku tembung ingkang sampun diobah saking lingga / dasare amargi wonten imbuhan (ater-ater, seselan, panambang, atanapi ater-ater – panambang).
 
~ ater-ater (awalan)

Ater-ater ing basa Cerbon-Dermayu maceme yaniku; m-, n-, ny-, ng-, ke-, tak-/ tek-, di-, se/sa-, lan pa-/ pe- .
Conto tembunge;
  • - macul, mbacok, mbakot, mbakta, mbalang, mbuang, mriki, mriku, lan sanese
  • - njambak, njejek, notok, nulis, niti, nata, nabrak, nulung, nangis, nangkis, nari, lan sanese
  • - nyapu, nyarung, nyowek, nyolok, nyikat, nyiram, nyisir, nyuwun, nyawang, lan sanese
  • - nggodog, nggoreng, ngarit, ngudag, ngasuh, nginung, ngilang, nginget, nggletak, lan sanese
  • - kesrawat, kependem, kepedek, kelara, kesiram, kesambet, kebuwang, lan sanese
  • - takpai, taksapu, takkumbah, takkancing, taktulis, takapus, takjiwit, takalem, lan sanese
  • - dipendem, diwaca, diudag, dijambak, dideleng, disawang, disapu, diasah, lan sanese
  • - segentong, sekati, seleter, sesambat, selatar, selangit, selosin, setumpuk, lan sanese
  • - pe(ng)ayom, pe(ny)abar, pe(ng)ageng, penabuh, penunggu, penari, lan sanese.
~ seselan (sisipan)

seselan ing basa Cerbon-Dermayu maceme yaniku ; -um-, -in-, -er-,lan -el-.

Conto tembunge;
  • - gumuyu
  • - tumumpang
  • - puminter
  • - sinatriya
  • - ginanjar
  • - pinasti
  • - terembel
  • - kerelap
  • - jelerit
  • - geleger
  • - gelebyar

~panambang (akhiran)

Panambang ing basa Cerbon-Dermayu maceme yaniku ; -i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -aken, lan –ane.

Conto tembunge;
  • - pejeti, gebugi, jukuti, liwati, empani, lan sanese
  • - mlayua, lungaa, lurua, menea, tangia, lan sanese
  • - bukue, matae, gelase, pacule, sabine, lan sanese
  • - tulisen, jiwiten, bopongen, emeten, jaluken, lan sanese
  • - dolanan, tarikan, guyonan, ayunan, padangan, lan sanese
  • - gambarna, tulisna, jalukna, todokna, bayarna, lan sanese
  • - warahana, uculana, jalukana, goletana, lan sanese
  • - semprotaken, babadaken, jalukaken, bubaraken, lan sanese
  • - tulisane, tugelane, loroane, beyekane, sawerane, lan sanese
~ ater-ater – panambang (awalan lan akhiran)
ater-ater – panambang ing basa Cerbon-Dermayu maceme yaniku ; ke-en/an, peng-an, m-i, n-i, ny-i, ng-i, tak/tek-i, tak/tek-aken, m-aken, di-i, lan di-aken.

Conto tembunge;
  • - keduwuren, kepanasen, keadoen, kepegelen, kegelisen, lan sanese
  • - penguripan, pengadusan, penggorengan, pengadangan, lan sanese
  • - maculi, mareki, manasi, madani, maroni, mayungi, lan sanese
  • - nariki, nulisi, nambai, nadai, nutupi, niliki, notoki, lan sanese
  • - nyikati, nyapui, nyirami, nyabuti, nyampuri, lan sanese
  • - ngurusi, nguripi, ngucali, ngraupi, ngadusi, nggurui, lan sanese
  • - takjukuti, takpaculi, taktanduri, takpareki, taksewoti, lan sanese
  • - tektutupaken, tekparekaken, tekpanasaken, tektumpakaken, lan sanese
  • - mbalangaken, mbungkusaken, mlayukaken, mupukaken, lan sanese
  • - diupai, dikentongi, diadzani, ditulisi, digambari, disewoti, lan sanese
  • - dibalangaken, digotongaken, disapukaken, digawekaken, lan sanese.

Latian 2
Tembung – tembung ing andap iki damelen ukara kang sempurna !
1. nyapu 
2. sesambat 
3. tekkungkum 
4. diwaos
5. medala 
6. disukani 
7. nitiaken
8. mirengaken 
9. mbungkusaken 
10. jelerit 
1. Tembung dwilingga

Tembung dwilingga yaniku tembung ingkang lingganipun diulang

a. Tembung dwilingga wutuh, conto tembunge:
  • - mene-mene
  • - aja-aja
  • - cilik-cilik
  • - ireng-ireng
  • - kaya-kaya
  • - adoh-adoh, lan sanes-sanese.
Tembung dwilingga salin swara, conto tembunge:
  • - ceplas-ceplos
  • - mesam-mesem
  • - bolak-balik
  • - sulan-salin
  • - ugat-uget
  • - clingak-clinguk, lan sanes-sanese
2. Tembung dwipurwa

Tembung dwipurwa artinipun dwi yaniku kalih (loro) lan purwa artinipun kawitan (arep)
Dwipurwa niku tembung lingga (kata dasar) ingkang wonten tambihan ater-ater sewanda.
Conto tembung dwipurwa wutuh;
  • - lelemes
  • - sesemuten
  • - sesekelen
  • - memedhi
  • - bebersih
  • - bebeluk
  • - sesepuh
  • - seseni
  • - tetekan
  • - kekemu
  • - kokosan
  • - rerencek
  • - rerepot
  • - pepetan, lan sanes-sanese
Conto tembung dwipurwa salinswara;
  • - lelunga
  • - lelara
  • - bebungah
  • - sesilih
  • - sesuker
  • - sesambat
  • - sesuri
  • - bebasuh
  • - tetua
  • - reruwed
  • - reribut
  • - cecilik
  • - ceciduk
  • - memangan
  • - gegati
  • - geguyu
  • - kekirig
  • - kekukud, lan sanes-sanese
3. Tembung dwiwasana

Tembung dwiwasana artinipun dwi niku kalih (loro), wasana niku pungkasan (guri).
Dados tembung dwiwasana niku tembung lingga (kata dasar) ingkang wonten tambihan panambang sami wanda atanapi salin swara.

Conto tembung dwiwasana;
  • - cekakak
  • - cekikik
  • - cengangas
  • - cengenges
  • - jelalat
  • - nglilir
  • - nglulur, lan sanes-sanese
Latian 3

Tembung – tembung ing andap iki damelen ukara kang sempurna !
1. Wani-wani (…………………………….)
2. Cecekluken (……………………………)
3. Gede-gede (…………………………….)
4. Mesam-mesem (………………………..)
5. Lelempit (……………………………   .)
6. Rerencek (……………………………  .)
7. Kekeduten (…………………………….)
8. Jelalatan (……………………………   .)
9. Nglilir (………………………………  .)
10. Ketutup (……………………………  .)
D. Tembung Camboran

Tembung Camboran yaniku setunggalipun tembung atanapi luwih ingkang didadosaken sawijine tembung lan gadah arti miwal.
Tembung camboran saged dibagi dados tigang perkara, yaniku Camboran wutuh, camboran tugel, lan tembung saroja.

1. Tembung Camboran wutuh;

    a. Tembung kalih (loro) ngarep guri sami arti.

    Conto: 
  • angkara murka
  • Suka cita
  • Unggah ungguh
    b. Tembung kalih (loro) ngarep guri walikane.

    Conto: 
  •  gede cilik
  •  Tuwa enom
  •  Lanang wadon
  •  Ngalor ngidul
  •  Kiwe tengen
    c. Tembung loro kang ngarep nerangaken kang guri/sewalike .

    Conto: 
  •  tukang cukur
  •  Lemari kayu
  •  Dalang jaran
  •  Dalang wayang
  •  Kebon kopi
  •  Gede endase
  •  Manis meseme
    d. Tembung loro ngarep guri masih sebangsa.

    Conto:
  •  kebo sapi
  •  Ayam bebek
  •  Sawah karang
  •  Wedus jaran
    e. Tembung loro ngarep guri pada artine.

    Conto :
  • Dangdang gula (aran tembang)
  • Raja lele (aran beras)
  • Kala munyeng (aran keris)
  • Naga sari (aran panganan)
  • Kumis kucing (aran tanduran)
2. Tembung Camboran Tugel;

    Tembung Camboran Tugel yaniku tembung ingkang didadosaken ujude ringkesan, tembung kang        ditugel atanapi diringkes ngangge wanda.

    Conto:
  • Tukmis, ( batuk klimis, wong kang doyan demenan)
  •  Panastis, (panas atis, wong kang lara atanapi gering)
  •  Remako, (remaja kolot, wong kang tua durung kawin)
  •  Dalung, (pemuda kelungsen, wong kang cukup umur nanging durung kawin).
3. Tembung saroja

    Tembung saroja (tembung kang nemu teges nguataken /mempertegas)
    yaniku tembung loro kang pada artine lan dienggo bebarengan, umume duwe arti banget, keluwih-       luwih, utawa kanggo mbangetaken.

    Conto:
  • - lir - pendah = kadya, kaya
  • - tepa - palupi = conto, tulada kang bagus
  • - gagah – prakosa = gagah / perkasa pisan
  • - pait – leder = pait pisan
  • - padang-linglang = cekas, terang pisan
  • - adi luhung = agung pisan
  • - abang-mrandang = abang pisan
  • - akal – budi = nalar, pikir
  • - suba – sit = tata krama
  • - setya tuhu = setia pisan
  • - ireng-geteng = legam
  • - ijo-lotot = ijo pisan
  • - kecut-burut = asem, kecut pisan
  • - wadya-bala = tentara, pasukan, prajurit
  • - papa cintraka = sengsara pisan
  • - asrep-jilep = hambar langka uyah
  • - asin-lekek = kakeyan uyah
  • - mukti-wibawa = beli kekurangan / sugih pisan
  • - tandang graying = sepak terjang
  • - teguh-santosa = pajeg, perkasa
  • - sumbang-surung = ngupai bantuan
  • - gandas luwes = sarwa pantes
  • - gilir-gumanti = gentenan
  • - mulang-wuruk = ngajar / ngupai pelajaran
Latian 4

Sempurnakaken ukara-ukara ing asor iki nganggo tembung seroja !

1. Gunung merapi sing kadoan katon ……………
2. Misel baka wis dandan ……………… widadari mudun sing kayangan.
3. Siswa sing utama iku kudu duwe ……lan unggah ungguh sing bagus.
4. Bocahe sih beli ayu, tapi ……… apa sing dienggo.
5. Aja kaget ning dunya iku ……… sekiyen sengsara, besuk seneng.
6. Ngamuke …………… pandawa kaya banteng ketaton.
7. Siswa kelas XII kudu bisa dadi ………… ning adi kelase.
8. Pemuda harapan bangsa iku kudu anduweni ………… sing bagus.
9. Langka-langka wong sing uripe ning daerah konplik kuh blenak, masarakate ……
10. Masakane Nani ………….kayadene dicampur uyah Eretan.

Latian 5

Tembung – tembung ing andap iki damelen ukara kang sempurna !

1. Unggah ungguh
2. Kiwe tengen
3. Dalang jaran
4. Ayam bebek
5. Dangdang gula
6. Tukmis
7. pait – leder
8. padang-linglang
9. Panastis
10.Tuwa enom
 
Uji kompetensi

A. Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, atawa d kang dianggep paling bener !

1. Dugan kumeruk enak kanggo rujak es.
    Seselan –um- teng tembung kumeruk tegese
    a. Lagi sedeng – sedenge dikeruk
    b. Lagi wayah – wayahe di keruk
    c. Lagi enak – enake dikeruk
    d. Lagi wani – wanine dikeruk

2. Tembung kang mboten ngangge seselan wonten ing ukara
    a. Arjuna satria penengah kang liber wawanene
    b. Dadi wong kuh aja kuminter
    c. Woh pelem pating gerandul
    d. Bocah – bocah pada nangis pating jelerit.

3. Dadi wong kuh aja kuminter
Arti seselan –um- ning kuminter yaniku
    a. Ngaku c. lagi
    b. Ngrasa d. paling

4. Jabure wis dipangan kenang reang
    Dipangan kepanjing tembung andahan
    a. Ater-ater 
    b. panambang
    c. Seselan 
    d. ater-ater _ panambang

5. Tembung ingkang boten ngangge panambang –e / -ne yaniku
    a. Sira wis pere, Din ?
    b. Umahe adoh sing kene.
    c. Tanduran parine wis duwur-duwur.
    d. Kebone diumbar ning alas.

6. Bapa lagi nulis.
    Nulis iku tembung andahan
    a. Ater-ater 
    b. panambang
    c. Seselan 
    d. ater-ater _ panambang

7. Sira olih mangan sewarege
    Arti andahan ning tembung sewarege yaniku
    a. Pada karo 
    b. karo
    c. Sampe 
    d. sembarang

8. (1) tuku, sapu, lunga, tulis
    (2) naleni, nyrawati, ketemu, kesandung
    (3) pacul, panen, tali, telu
    (4) dodok, niru, keturon, ingon-ingon

    Kumpulan tembung sing dudu kumpulan tembung andahan yaniku ana ning tembung nomer
    a. (1) lan (2) 
    b. (3) lan (4)
    c. (2) lan (3) 
    d. (1) lan (3)

9. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung camboran yaiku … .
    a. raja brana, bala pecah, gulu banyak
    b. wanasaba, sapa aruh, naga sari
    c. mata kebo, mata sapi, gilir gumanti
    d. sayuk rukun, akal budi, bibit kawit

10.Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakaken tembung camboran yaiku … .
    a. Karo sedulur iku sing guyub rukun, aja mung tukaran wae.
    b. Rukune kaya mimi lan mintuna.
    c. Sanajan pinter dheweke tetep andhap asor.
    d. Ibu mundhut semar mendem kanggo arisan mengko bengi.

11.Warga masyarakat padha sayuk … ndadani dalan kang rusak. 
    Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara iku … .
    a. rukun
    b. guyub
    c. kridha
    d. karsa

12.Ukara-ukara ing ngisor iki migunakaken tembung saroja, kejaba … .
    a. Tindak-tanduke Suti pancen apik banget.
    b. Tata krama iku kudu lumrah kanggo sapa wae.
    c. Muga-muga ora ana godha rencana.
    d. Aku wingi mangan randha royal entek papat.

13.Anak kudu bekti marang wong tuwa. Apa dasanamane tembung anak?
    a. tanaya, yoga, siwi, sunu
    b. rama, sudarma, sudarmi, yayah
    c. biyang, indhung, rena, wibi
    d. dwija, muni, resi, wiku

Wacan 5
……………………………
Sekar wus sumawur,
ing puncaking arga,
raga bakal sirna,
sukma nuju kaendahan agung,
mendhung gumantung ing lawang,
sumilak,
……………………………

14. Tembung arga ing pethilan geguritan iku kalebu dasanamane tembung … .
    a. lintang
    b. angin
    c. gunung
    d. bumi

15. Sukma nuju kaendahan agung. Apa tegese tembung Sukma ing pethilan geguritan iku?
    a. angga
    b. nyawa
    c. sarira
    d. awak

16. Sakabehing tembung kang mratelakaken solah bawa utawa tandang gawe diarani ....
    a. Tembung Lingga 
    b. Tembug Wod
    c. Tembung Kriya 
    d. Tembung Aran
    e. Tembung Camboran

17. ”Budi maca Panjebar Semangat, dene Rudy maca majalah Ancas”.
    Ukara nang dhuwur klebu ukara camboran ….
    a. Gandeng renteng 
    b. Tugel
    c. Tumpuk undung 
    d. Wantah
    e. Rowa sungsun

Gatekna pachelathon ing ngisor iki!

Ibu : “Sri, mbesuk yen Mbak Tati dadi nganten, kowe dadi dhomase yo!”
Sri : “ Kula lingsem Bu !”
Bapak : “Dadi bocah ora pareng isinan. Luwih-luwih dadi dhomas. Yen isin disawang rak ora patut.”
Ibu : “Bener Sri, ngendikane bapak kuwi. Coba isin karo sapa?”
Sri : “lingsem jaritan, Bu!”
Bapak : Lha rak wis lumrah ta, bocah wadon jaritan. Bapak bae mengkone ya nyampingan kok. Iki rak klebu kebudayaane dhewe.
Bapak : “Coba ngemben sawangen. Kabeh para tamu padha nyampingan. Sing kakung ya ngono, beskapan, nyampingan, tur ngagem dhuwung. Sinomane putri ya ngono. Kabeh padha nyampingan lan kebayakan.”

18. Nang busana kejawen, yen wong lanang lumrahe nganggo...yen wong wadon nganggo....?
    a. Kebaya – beskap 
    b. Kebaya - Beskap
    c. Kebaya – Bathik
    d. Tank Top – Kebaya
    e. Beskap - kebaya

19. “....Sing kakung ya ngono, beskapan, nyampingan tur ngagem dhuwung.” 
    Tembung dhuwung padha tegese karo....
    a. Blangkon 
    b. Sabuk
    c. Keris 
    d. Sandal
    e. Konde

20. Minyak bumi antawise didemel ….
    a. cusal
    b. lisah wangi
    c. lisah lantung
    d. lisah lentik

21. Kang dados kuwu pratama teng Caruban niku ….
    a. Embah kuwu cakrabuana
    b. Ki ageng Alang-Alang
    c. Syarif syam
    d. R. untung surapati

22. Indonesia kasebat negara … margi langkung sing sepalihe laut.
    a. ageng
     b. bahari
    c. republik
    d. alit

23. Laut Jawa langkung cetek, laut Banda ….
    a. wiyar
    b. jero
    c. alit
    d. sempit

24. Musim panas disebut musim ….
    a. Benter
    b. Katiga
    c. Rending
    d. adhem

25. Bapa lan ibu kosim sami sehat tapi saniki mang Daslam saweg ….
    a. Sakit
    b. Masak
    c. Melas
    d. Mules

26. Gede endasae iku arane wong kang ….
    a. Sombong
    b. Mlarat
    c. Sugih
    d. males

27. Mangane … bae, aja wang-wang.
    a. setitik
    b. secangkir
    c. segelas
    d. sebakul

28. Sega … dipangan wong loro.
    a. sepiring
    b. sebakul
    c. segelas
    d. sedandang

29. Rayat kang melu perang akeh kang mati , kang … ugah masih akeh.
    Wecana antonime “mati’ nggihniku ….
    a. Gering
    b. Lara
    c. Urip
    d. slamet

30. Tiyang-tiyang sami traweh teng ….
    a. Greja
    b. Pura
    c. Masigit
    d. Wihara

31. Lingkungan Karang Sari saniki sampun ….
    a. kirang
    b. ciut
    c. sesek
    d. langkung

32. Kangge njagi kebersihan, tilas bungkus dedaharan dibucal teng ….
    a. pluruhan
    b. got
    c. dalan
    d. lepen

33. “ani lan surti sering beborong ning supermarket”. “ beborong contoh sing wecana ….
    a. Dwi wasana
    b. Dwi lingga salin swara
    c. Dwi lingga
    d. Dwi purwa

34. Kedadiyan iku tembung ….
    a. Andahan 
    b. Awalan
    c. Asal 
    d. dadi-daiyan

35. Tembung phadane Apik …..
    a. Becik
    b. Blilu
    c. Bubar 
    d. Banter

36. Tembang walikane Seda ….
    a. Sumelang 
    b. Geseng
    c. Sengsara 
    d. Gesang

37. Bebasane uyah, yaiku ……
    a. Sarem 
    b. Saras
    c. Sawer
    d. Sela

38. Jamu rasane pait, es sirup rasane …..
    a. Atis 
    b. Manis
    c. Adem 
    d. Panas

39. Wong wadon lan lanang pada bae derajate, wadon padane ….
    a. Jaler 
    b. Kamboja
    c. Lare 
    d. Wanodia

40. Tembang-tembung kang dereng angsal owahan kasebat …..
    a. Asal 
    b. Owahan
    c. Andahan 
    d. Kedadiyan

41. Lare kang tiba ( tulung ) sinten ?
    a. Ke – 
    b. ter –
    c. – i 
    d. di –

42. Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sederek mengkin dalu ba’da Isya diaturi Sholawatan teng Mesjid Jami.        Klebet tembung
    a. Wara-wara 
    b. Pitakon
    c. Suruhan 
    d. Pakon

43. tukuaken obat generic !
    a. Pakon 
    b. War-war
    c. Pitakon 
    d. Jawaban

44. Tembung kang kecap awale diulang (rangkep) kasebut…
    a. anuswara 
    b. dwipura
    c. dwilinggga 
    d. dwiwasesa

45. Sayurane pada ijo-ijo lan masih seger. Ijo-ijo iku tembung…
    a. dwilingga padaswara 
    b. dwilingga semu
    c. dwilingga salin swara 
    d. anuswara

46. Tembung anuswara contoe…
    a. wira-wiri 
    b. tetuku
    c. macul 
    d. dijiwit-wit

47. Wilangan “4” menawi ngangge bebasan yaniku …
    a. gangsal 
    b. kalih 
    c. sedasa 
    d. sekawan

48. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakaken tembung camboran ngarep guri walikane yaiku … .
    a. Gedhe cilik, lanang wadon, tuwa enom kabeh pada nonton reyog ning Bale Desa.
    b. Tarmi iku bocahe ayu tur pinter tata krama.
    c. Aku ora ngerti bibit awite prakara iku.
    d. Olah raga iku bisa ndadekaken awak tansah bagas waras.

49. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakaken Tembung camboran ngarep guri pada artine, yaiku 
    a. Yen nyabrang dalan gedhe kudu ngawasaken kiwe tengen akeh kendaraan!
    b. Ing Gembira loka ana macan tutul.
    c. Saben esuk ana wong adol janganan.
    d. Mangan woh-wohan njalari badan sehat.
 
B. Ukara-ukara ing andap sempurnakaken ngangge tembung-tembung kang pas ! 
miliha tembung-tembung kang wonten ing sisih tengene !

1. Lamon sira arep balik, ayuh …………….             a. tekjukut
2. Balike arep …………..kenang mang Dul              b. diselang
3. Krupuke wis ……………… lagi mau                   c. dituku
4. Krupuke wis ……………… nang Amid               d. tektuku
5. Sawah kanggo bakal pinihan wis ……….             e. tekater
6. Sawah bakal pinihan wis………nang mang Nur   f. diater
7. Aja nakal ning batur bokatan ……………….        g. digawa
8. Noval ……….. nang bature, sebab nakali adine    h. tekemet
9. Jagone arep…………… , lamon reange cocog      i. dikremus
10. Jagone reang wis …… nang wong kranjangan    j. tekkremus
11. durung …….masih ……….kenang Amin            k. digebug
12. Buku sing ...Nang, arep ….. engko sore               l. tekgebug
                                                                                    m. tekpacul
                                                                                    n. dipacul
  

JENIS TEMBUNG (JENIS KATA)

Jenis tembung ing Cerbon –Dermayu niku dibagi dados sedasa macem, yaniku :
    1. Tembung aran (kata benda)
    2. Tembung kriya (kata kerja)
    3. Tembung watek (kata sifat)
    4. Tembung ketrangan (kata keterangan)
    5. Tembung sesulih (kata ganti)
    6. Tembung wilangan (kata bilangan)
    7. Tembung ater-ater (kata depan)
    8. Tembung penggandeng (kata sambung)
    9. Tembung panyeru (kata seru)
   10.Tembung panyilah (kata sandang)

1. Tembung Aran (kata benda)

Tembung aran wonten kalih maceme, yaniku :

a. Tembung aran ingkang saged ditingal atanapi wonten ujud/saged dirasakaken panca indra.
    Contoe ;
  • Meja
  • Kursi
  • Kebo
  • Wedus
  • Lemari
  • Bupet
  • Blagbag, lan sanes-sanese
b. Tembung aran ingkang boten saged ditingal atanapi boten wonten ujud/ boten saged dirasakaken panca indra.

    Contoe :
  • Kesenian
  • Kebudayaan
  • Elmu
  • Kepinteran
  • Kesombongan, lan sanes-sanese.
2. Tembung kriya (kata kerja)

Ingkang lebet teng tembung kriya yaniku; turu, lunga, macul, mireng(aken), njiwit, nyapu, ngangsu, nulis, maca, lan sanes-sanese.

3. Tembung watek (kata sifat)
Ingkang lebet teng tembung kriya yaniku; panas, adem, nakal, ala, budeg, enak, ayu, manis, asin, lan sanes-sanese.

4. Tembung ketrangan (kata keterangan)

Ingkang lebet teng tembung ketrangan yaniku; esuk, sukiki, emben, wingi, dereng, saniki, dewekan, alon-alon, lan sanes-sanese.

5. Tembung sesulih (kata ganti)
    Tembung sesulih dibagi 3 yaniku:

    a. Tembung utama purusa (kata ganti orang ke-1) 
    yaniku: reang, kula, kawula, kita, ingsun atanapi isun

    b. Tembung madyama purusa (kata ganti orang ke-2) 
    yaniku : sira, sampeyan, panjenengan, jenengan, salira, lan dika.

    c. Tembung pratama purusa (kata ganti orang ke-3) 
    yaniku : deweke, lan piyambekipun.

6. Tembung wilangan (kata bilangan)

Ingkang lebet teng tembung wilangan yaniku; siji (setunggal), loro (kalih), telu (tiga), papat (sekawan), lima (gangsal), enem (enem), pitu (pitu), wolu (wolu), sanga (sanga), sepuluh (sedasa), sewelas, lan sanes-sanese. Nanging wonten ugi tembung wilangan kangge ngira-ngira kayadene secuil, sedulit, secomot, secimit, seomplok, setangkep (berarti ana loro), searip, sesiung, setundun, segedeng, lan sanes-sanese.

7. Tembung ater-ater (kata depan)
Ingkang lebet teng tembung ater-ater yaniku; teng, ning, sing, lan saking.

8. Tembung penggandeng (kata sambung)
Ingkang lebet teng tembung penggandeng yaniku; supados, supaya, nanging, ananging, amargi, utawa, atanapi, sanajan, lan, karo, lantas, sareng, terus, lan lajeng.

9. Tembung penyeru (kata seru)
Ingkang lebet teng tembung penyeru yaniku; aduh, tobat, dih, oh, wah, lah, nah, wait, ah, lan sih.

10. Tembung panyilah (kata sandang)
Ingkang lebet teng tembung panyilah yaniku; Si, Sang, Para, Sri, Kang, Mas, Mama, Nang, Nok, Yu,     Ki, lan sanes-sanese.

Latian
Damelen setunggal conto ukara ingkang ngangge maceme tembung – tembung ing andap iki !

 1. Tembung aran ingkang saged ditingal 
 2. Tembung aran ingkang boten saged ditingal
 3. Tembung sesulih pratama purusa 
 4. Tembung watek 
 5. Tembung ketrangan 
 6. Tembung wilangan 
 7. Tembung ater-ater 
 8. Tembung penggandeng 
 9. Tembung penyeru 
10.Tembung panyilah 

TITI UKARA (MAKNA KALIMAT)

Titi ukara yaniku sempalane elmu basa ingkang nyinaui bab ukara / kalimat.
Ukara minangka bagian paling cindek unen-unen teks waca kang ngungkapaken pikiran wutuh anggone ketatabasaan atawa nduweni makna. Upami ukara uni / lisan wujudipun ngangge alunan swara, diseselan jeda atawa diakhiri panambang intonasi. Nanging upami ukara tulis tandane ngangge ater-ater murda / huruf besar lan diakhiri ngangge tanda waca titik, tanda pitakon, lan atawa tanda pakon.

Susunanipun wonten 4 macem minurut dudukane yaniku; jejer (subjek), wasesa (predikat), lesan (obyek), lan ketrangan (keterangan).
Nanging sanajana wonten setunggal tembung (satu kata) ingkang sesuai titi ukara niku lebete disebat ukara (kalimat).

Conto :
  • - Mene !
  • - Dodok !
  • - Pundi ?
  • - Pinten ?
  • - Setunggal., lan sanes-sanese
Conto ukara kang wutuh yaniku :
- Pa guru Koni saweg niti pit teng sekolahan.
Jejer(j) wasesa(w) lesan(l) ketrangan(k)

Ing basa Cerbon-Dermayu ukara dibagi dados 6 macem, yaniku :
1. Ukara crita (kalimat berita)
2. Ukara pakon (kalimat perintah)
3. Ukara pitakon (kalimat tanya)
4. Ukara pengenging (kalimat larangan)
5. Ukara sambawa (kalimat pengharapan)
6. Ukara sananta (kalimat niatan)
7. Ukara sesumbar (kalimat sumpah)
A. Ukara crita (kalimat berita)

Ukara crita yaniku ukara ingkang isinipun nyritakaken setunggalipun keanaan atawa kedadian lan disampeaken kangge tiyang sanese.

Conto :
1. Saweg dinten Jumuah ibu bupati ngresmiaken bangunan sekolah teng blok cura desa Tempel.
2. Wau dalu teng platarane pa Mengku wonten kesenian akrobat Genjring.
3. Mengkin benjing badhe diwontenaken acara Jaran lumping teng dusun Lelea.
4. Kakang kula badhe diwisuda teng Unwir Indramayu.
5. Kaji Ronal saweg nyinaui lareh-lareh renang teng Lengek.
6. Ema saweg dirawat teng griya sakit.
7. Enjing-enjing wonten lareh alit ketabrak motor teng dusun Eretan kulon.
8. Mengkin sasih Nopember badhe dibuka Diklat kesenian daerah teng griyanipun mama Bambang.
9. Wau dalu wonten copet ketangkep teng pasaran Jatibarang.
10. Ki Tarka badhe nyinaui lareh-lareh aksara Jawa teng “Sanggar aksara” Cikedung.

B. Ukara pakon (kalimat perintah)

Ukara pakon yaniku ukara ingkang nyatakaken ngengken atanapi mrentah tiyang sanese.

Conto :
1. Seraten serat niki kangge wa dalang!
2. Pendeten yatra kula teng bu Erni!
3. Mengkin sonten jam 4 jenengan mriki nggih !
4. Yatra niku bayaraken teng warunge bi Surti !
5. Mriki bilih wonten waktu nganggur !
6. Sapunen latar kang kotor kuh !
7. Panenana sabin kula amargi pantunipun sampun ndeluk!
8. Bocengen wong tua kang lagi lunga kuh !
9. Kesaha panjenengan teng alas Loyang !
10. Pendeten sawung niku kangge diopeni ema!

C. Ukara pitakon (kalimat tanya)

Ukara pitakon yaniku ukara ingkang isinipun nyuwun ketrangan/jawaban. Tembung kang sering diangge antarane sinten, pripun, punapa, pinten, lan pundi.

Conto :
1. Sinten ingkang saged niti pit ?
2. Pripun caranipun nyetel senar itar niki?
3. Sonten-sonten panjenengan badhe pundi ?
4. Punapa dalang Rusdi upami mentas wonten waditra gamelan gong cina agenge?
5. Punapa seni budaya teng Dermayu mboten ngrembaka lan lestari ?
6. Pinten reginipun uwos sekilo ?
7. Pundi griyanipun kang Mardiyah ?
8. Sinten ingkang dinten niki mboten mlebet ?
9. Pripun rekadayanipun supados kesenian teng Cerbon niki maju ?
10. Sinten naminipun kuwu teng dusun Tamansari ?

D. Ukara pengenging (kalimat larangan)

Ukara pengenging atanapi ngalareng yaniku ukara ingkang wonten makna larangan, pomali, pantangan, lan mboten saged dilakoni.

Conto :
1. Mboten saged lareh alit milet dibakta teng UGD.
2. Mboten kenging sonten-sonten / maghrib dereng wangsul!
3. Aja dodok ning tengah lawang !
4. Bli kena njentul dewekan kuh !
5. Ora kena bocah wadon masih klayaban begi-bengi !
6. Aja !
7. Kula nglareng panjenengan dugi teng griya kula dalu-dalu!
8. Sampun mirengaken crita tahayul !
9. Sampun wangsul sareng kula !
10. Mboten kenging piyambeke mlebet teng sekolah niku !

E. Ukara sambawa (kalimat pengharapan)

Ukara sambawa yaniku ukara ingkang isinipun ujude ngarep-arep. Tembung kang sering diangge antarane panambang / akhiran “a”

Conto :
1. Dugia bapa kula, supados kula ketunggon sareng tiyang sepuh kula.
2. Panasa mengko awan kuh supaya mepe gabahe gage garing.
3. Meneya sira kuh nang mengko teksangoni blanja.
4. Njaluka pangapura sira kuh nang ning bapa
5. Balika nang ning lebaran kien kuh.
6. Senajan kita kuh wong ora duwe tapi masih duwe harga diri.
7. Sugiha kita kuh supados saged nitiaken tiyang sepuh kula niti haji.
8. Bokat kita duwe duwit kita arep lunga meng Bali.
9. Gonaha anak pinter, baka pinter kuh tekkuliyahaken ning Jogja.
10. Warasa sira kuh nok mengko tek ajak jalan-jalan meng Jatibarang.

F. Ukara sananta (kalimat niatan)

Ukara sananta yaniku ukara ingkang isinipun nyatakaken niat (nduweni kepengenan). Tembung kang sering diangge antarane lamon, upami, saumpami, saumpama, baka, lan bilih.

Conto :
1. Lamon reang duwe duit reang arepan nyumbang wong tua.
2. Upami kula diparingi rizki kula niatan nyukani yatra teng fakir miskin.
3. Saumpami kula sampun dewasa kula badhe damel teng Kalimantan.
4. Saumpama reang duwe motor reang arepan mangkat sekolah nganggo motor.
5. Baka kita sugih kita pengen nyekolahaken adine kita sampe kuliah.
6. Baka reang duwe duwit reang arep tuku meri.
7. Bilih wonten uwos kula badhe nyukani tangga setangan.
8. Mengkin dalu kula badhe sembayang tahajud.
9. Baka teka wulan puasa reang arepan teraweh pol.
10. Baka kita olih gaji pertama, kita arep ngupai wong tua, kabeh seamplop-amplope .

G. Ukara sesumbar (kalimat sumpah)

Ukara sesumbar yaniku ukara kang isine kata-kata kasar kang tujuane kangge mbakar atawa micu api amarah wong sejen.

1. Yen ngaku lanang, metua!
2. Arep ning genah sesek, arep ning genah kang lega, tek enteni!
3. Arep mabur tek tiburi, arep mendem tek jajagi !
4. Mlayua ning laklakane naga, tek udag mangsa wurunga !
5. Tektabok dadi geseng, tekjotos dadi areng !
6. Arep ning duwur segara, arep ning sor langit, tekladeni mangsa wurunga !

Latian !

Wangsulana pitakon-pitakon ing andap iki !
1. Damelen conto ukara crita
2. Damelen conto ukara pakon
3. Damelen conto ukara pitaken
4. Damelen conto ukara pengenging
5. Damelen conto ukara sambawa
6. Damelen conto ukara sananta
7. Damelen conto ukara sesumbar

Uji kompetensi

A. Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, atawa d kang dianggep paling bener

1. Wedang jeruk bisa nambani lara watuk.
2. Akeh wit-witan kang padha rubuh kena angin puting beliung.
3. Aja mangan pelem mentah, wetengmu bisa mules!
4. Akeh wong padha mudik numpak sepeda motor.
5. Jaman saiki akeh banget jenenge lelara iku

Ukara-ukara ing duwur kang migunakaken ukara pengenging, yaniku … .
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4

2. Minggu kepungkur Pak Lurah sakulawarga tindak Jakarta. Miturut surasane ukara iku kalebet ukara apa ?

a. ukara pitakon
b. ukara pakon
c. ukara pamenging
d. ukara carita

3. 1. Mangga dipunentosi ngriki mawon!
    2. Buku kuwi tatanen maning sing rapi!
    3. Ora pareng rame simbah lagi sare!
    4. Mangkata saiki bae supaya ora telat!
    5. Ayo padha matur Pak Guru saiki bae!.

Ukara-ukara ing duwur kang kalebu ukara pangajak yaiku … .

a. 1,3
b. 4,3
c. 1,5
d. 5,2

4. Ukara-ukara ing ngisor iki mujudaken ukara pitakon yaiku … .

a. Wacanen resep saka Pak Dhoter iku!
b. Sapa nandur bakal ngunduh.
c. Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa kasembadan.
d. Apa kang njalari lara demam berdarah iku?

5. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakaken seselanan –um- yaiku … .

a. Dadi bocah aja sok kumawani marang wong tuwa.
b. Para muda ageng sanget sumbang surungipun tumrap kemajenganing bangsa.
c. Anggonmu mrene numpak apa?
d. Dadi wong iku aja gumede, mundak disengiti kanca

6. 1. Deweke pancen bocah wadon sing kumayu dewek ing kelas XI TKJ
    2. Dugan krambil kaen pancen kumeruk.
    3. Peleme wis rumujak.
    4. Kabeh pada gumuyu nalika nonton dagelan ing televisi.
    5. Bocah sing kuminter diadohi batur.

Seselan –um- ing ukara-ukara duwur kang teges ”duwe panganggep” yaiku … .
a. 1,5
b. 2,5
c. 2,3
d. 1,4

7. Ukara-ukara ing ngisor iki endi kang migunakaken seselan –er-?

a. Ing alun-laun saiki ana kerameyan.
b. Yen disawang saking adohan lampu-lampu ing kota Dermayu pating kerelip.
c. Reang ora ngerti temenan perkara iku.
d. Anggone nandur jati ning karang sisih kidul.

8. Ukara ing ngisor iki kang migunakaken seselan el dumunung ing ukara … .

a. Aja mung mangan wae, awakmu wis kelemon!
b. Lampu kae yen disawang saka kadohan mung katon kelap-kelip.
c. Pasar malem ing alun-alun kae lampune pating gelebyar.
d. Yen didukani Bapak adhiku mripate mung kelap-kelop

9. Tuladane ukara sambawa kang nduweni teges upama yaiku … .

a. Mangkata esuk mau, kula ana bature.
b. Mangkata saiki, mundak telat!
c. Wis enggal mangkata, ora susah ngenteni kula!
d. Mangkata bae, aja mangu-mangu kaya konon!

10. Conto Ukara sananta yaniku … .

a. Pintera ya nok sekolahe, kamberan kasembadan apa kang dadi gegayuhanmu!
b. Pinter deweke ora nyusul pinter batur-bature.
c. Lulusa ya ujianku kanti biji sing apik!
d. lamon reang lulus, reang arep tawur duit celengan bagong.

11. Ukara-ukara carita ing ngisor iki kang nggambaraken keanaan kang wis mesti … .

a. Kang ngagem batik kuen dudu Bapak Kepala Sekolah.
b. Reang ora percaya yen deweke ora lulus ujian.
c. Adohe mlaku wingi kira-kira 5 km.
d. Kang gawe buku modul jawa iki pancen aku.

12. Ukara-ukara ing ngisor iki ukara carita kang nggambaraken kahanan kang durung pasti, kejaba … .

a. Bapak anggone rawuh mbok menawa mengko sore.
b. Saiki kira-kira jam 11.00 WIB.
c. Pakde dina iki mesti rawuh mrene.
d. Yen ora kliru koesuk dina Selasa.

13. Ukara nang ngisor iki sing nganggo basa krama alus kang trep yaiku....

a. Bu kula nyuwun arta Rp. 10.000 bae.
b. Sampeyan arep tindak ngendi ?
c. Saben esuk reang nyaponi latar lan emper umah.
d. Menawi panjenengan kersa, kula aturi pinarak rumiyen.
e. Supaya lewih gamblang becike panjenengan tindak mriki bae.

TEMBANG DAERAH (MACAPAT)

Menganalisis, mengidentifikasi, dan memahami uger – uger (pakem/patokan) tembang Cirebon – Indramayu sesuai dengan kaidah-kaidahnya.
Arti, sifat, filosofi, tujuan, dan uger – uger (pakem/patokan) tembang daerah Cirebon-Indramayu dijelaskan dengan benar

A. Mengenal watek tembang daerah / macapat

Wonten kang ngartiakan macapat asale saking tembung ”maca papat-papat” (membaca empat demi empat suku kata). Wonten malih kang ngartiaken asale saking ”sedulur papat kalima pancer” (getih, awah, pancer/badan, ari-ari, lan bungkuse). Wonten ugi kang pemahamane ”maca wong papat”.

Tembang daerah / macapat yaniku salah setunggal tembang atanapi lagu kuna ingkang mboten populer malih teng Cerbon – Dermayu sesampune wonten akulturasi budaya daerah sanese, yaniku tembang-tembang tarling dangdut modern. Macapat artosipun maca papat-papat, minangka barisan ukara niku wonten sekawan baris teng setunggal bait. Nanging mekoten, tembang macapat masih teras disinaui lan dados kebanggaan masyarakat Cerbon – Dermayu.

Wonten sewelas tembang macapat ingkang dikenal teng masyarakat Cerbon – Dermayu. Amargi, tembang-tembang macapat wau gadah ciri khas / watek dewek-dewek.

Filosofi tembang macapat

Ingkang – 11 tembang macapat niki sedayanipun selerese crita bab perjalanan urip manusa. Filosofine nggambaraken pripun kula sedanten gesang saking lair, mimiti sinau ing masa lareh, dewasa, lan pamungkasane akhire pejah ninggalaken alam dunya.

Watek tembang macapat.

Wateke tembang macapat niku kelara-lara, nasihat, gandrung, tresna lan bagja atawa kesenangan.
Watek saking tembang macapat niki biasane kangge acuan damel lirik lagu. Amargi tembang macapat niku luwih sering diangge kangge nembang atawa ngidung ingkang isinipun nasehat gesang / penguripan.

Filosofi dan watak masing – masing tembang macapat

1. Pangkur asalipun saking asma punggawa ing kependitaan sepertos wonten ing piagam-piagam kang ngangge basa jawa kuna. Ing Serat Purwaukara, Pangkur gadah arti buntut atawa ekor. Amargi mekoten Pangkur niku kadang-kadang disukani sasmita atawa isyarat tut pungkur berarti mengekor, tut wuri lan tut wuntat berarti mengikuti.

Conto PANGKUR (menjauhi hawa nafsu)

a) Tulus mukti awibawa
Baudenda sang prabu nyakrawati
Prabu estri sabdanipun
Marang pepatih ira saptadirja lan kinon nggulati kuku
Manusa kang salah rupa sigaran
Ireng lan putih

b) Jam pitu mlebu sekolah
Kaya ngene rasane dadi murid
Wira-wiri saben esuk
Angudi kapinteran
Durung uwis yen durung pikanthuk kursus
Kursus saka pamulangan
Yaiku kang ingsun udi

2. Maskumambang asale saking tembung mas lan kumambang. Mas saking tembung Premas yaniku punggawa ing upacara Shaministis. Kumambang saking tembung Kambang sareng sisipan – um. Kambang saking tembung Ka- lan ambang. 

Kambang ugi gadah arti terapung, ugi berarti Kamwang atawa kembang. Ambang wonten kaitanipun sareng Ambangse artinipun nembang atawa ngidung. Nanging mekoten, Maskumambang saged berarti punggawa ingkang nglaksanakaken upacara Shamanistis, ngucapaken mantra atanapi lafal sareng nembang lan disuguhi sajian kembang.

Tembang Maskumambang nyeritakaken filosofi gesang manusa saking asal muasal manusa diciptakaken. Sosok manusa digambaraken minangka embrio teng kandungan indung / ibu, kang dereng saged uning jati dirine, lan dereng diaweruhi piyambekipun jaler atanapi estri.

Maskumambang asale saking tembung ‘mas’ lan ‘kumambang’. Mekoten tembung ‘mas’berarti dereng uning jaler atanapi estri. Lan tembung ‘kumambang’ artiosipun urip kang masih mengambang amargi bergantung sang Ibu teng alam kandungan.

Watek tembang maskumambang
Saking segi watek, tembang maskumambang gadah karakter kang nggambaraken kelara-lara / kesedihan atanapi kedukaan,lan suasana ati kang saweg nelangsa.
Conto Maskumambang (dalam kandungan)

a) Maratani mring anak putu ing wuri
den padha prayitna
ajana kang kuma wani
mring biyung tanapi bapa
Conto sanese tembang maskumambang ( 12i – 6a – 8i – 8o ):

b) Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
(Tembang maskumambang teng inggil wau nggambaraken pripun uripe manusa ingkang mboten matuhi nasehate tiyang sepuh, dilalah piyambekipun bakal urip sengsara lan nderita ing dunya sampe akhirat).

c) Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis

Conto SINOM (bocah enom)

a) Sun besuk maria eman
Yen wonten grananing sasih
Srengenge kembar lelima
Lintang alit gumelarengsi
Sawiji tan ana urip
Mung sira kelawan isun
Matia manjing suwarga
Neraka bareng ngleboni
Eeeee.. akhir jaman benjang belah kelawan sira

b) Menawa kepingin mulya
gelema rekasa disik
sanajan rekasa lara
nanging mesti rasa legi
krasa ing tembe mburi
tumindak sregep lan lugu
dadi kunci utama
uga kudu terus eling
yaiku mring gusti kang maha kuasa

c) Pangéran Panggung saksana

4. Asmaradana saking tembung Asmara lan Dhana. Asmara yaniku asmane dewa percintaan. Dhana saking tembung Dahana kang berarti geni. Asma Asmaradana kaitane sareng peristiwa kobonge dewa Asmara dening sorot mata ketiga dewa Siwa sepertos disebatakan ing kakawih Smaradhana karya Mpu Darmaja. Ing Serat Purwaukara, Smarandana berarti remen ing paweweh, berarti suka memberi.

ASMARADANA (asmara)

a) Ingsun amimiti muji
Anyebut asmaning Allah
kang murah ing dunya reke
tur kang asih ing akherat
benjang dina kiyamat
kembang para mukmin sedaru
ngampura ing kang wong dosa

b) Aja turu soré kaki
Dhandhanggula yaniku salahsetunggalipun metrum ingkang wateke luwes/fleksibel.
Conto Dhangdhanggula:

a) semut ireng
ngendog jroning bumi
ana merak ndemeni buaya
kiyong sakenong matae
tikus pada ngidung

kucing gering ingkang nunggoni
kodok nawu segara
olih banteng sewu
si precil ingkang anjaga
semut rangrang angrangsang gunung merapi
wit ranti woh delima

b) (Serat Jayalengkara)

c) Aran manuk

Sami gawok ningali wanadri
Perkutut mencrok apnge
Ana bethet lan puter
Deruk lan dara angideri

Deres alap-alapan
Aburira muluk-muluk
Engkak-engkak cingkangkak bak
Kokok beluk sinamber ine ulik-ulik
Belekok notol gagak

6. Durma dipendet saking tembung jawa klasik kang artinipun macan / harimau, tembang Durma watake kangge suasana serem atawa sami sareng model Marcia/Mars ing arsa majeng perang.

Conto DURMA (dermawan)

a) Enjing muni suwarnae wong ayu dah
Kendang kelawan diri
Wong gemuruh gangsa dedeg kaya butulan
Pangringke budalane ki semprote obat
Sumenger amimis

b) Siji pitu siji sanga papat lima
Nuju Agustus sasi
Wiwitan mardika
Kabeh rakyat samekta
Maju perang tandhing
Nggawa geranggang
Epring lincip pucuke

c) Bener luput ala becik lawan beja,
cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
mulane den ngati-ati,
sakeh dirgama,
singgahana den eling

d) Damarwulan aja ngucireng ngayuda

7. Mijil berarti medal/metu/tumindak. Sanese menika, Mijil wonten hubungane sareng Wijil kang bersinonim sareng lawang atawa pintu. Tembung lawang ugi berarti nami jenis wiwitan kang kembangipun wangi. Kembang wiwitan wau ing basa latin disebat heritiera littoralis.

Conto MIJIL (lahir)

a) Raden tebah tiyang panji gumesih
Ana rare wadon
Kawistara endah swarnane
Pinakonan wis sujarwajati
Radia tukmiarsi
Inggih triagung menyu

b) Ayo kanca padha ngati-ati
kudu tansah alon
anggone nata pergaulane
supaya urip slamet lan becik
bisa migunani
marang bapak ibu

c) Duksamana durung ana listrik
Nganggo lampu teplok
Padhang mbulan tur akeh kancane
Tetembangan njoget genti-genti
Majune di gilir
Surak rame gupyuk

d) Jalak uren mawurahan sami
(Haji Pamasa, Ranggawarsita)

8. Kinanthi berarti gandengan, batur, nami zat atawa benda, nami kembang, sareng-sareng. Sesue artinipun, tembang Kinanthi wateke berbunga-bunga atawa biasa diangge kangge suasana mesra lan romantis.
Metrum Kinanthi niki anduweni watek gandrung lan piwulang

Conto KINANTHI (tuntunan)

a) Kembang sana mambat mawur
Kaserang kumbang dadi
Jojoan mangsa wohwohan
Deruk puter pada muni
Perkutut ngungkung ning pilang
Unine nggeges ning ati.

b) Sing kuwat gelem tetulung
gelem linanting sing ringkih
kuwat ringkih nunggal tekad
mlarat sugih wus sawiji
sadaya tumuju marang
masyarakat makmur adil

c) Mider ingrat angelangut
Lelana njajah negari
Mubeng tepining Samodra
Sumengka Angraning wukir
Anelasak wanawasa
Tumurun Ing jurang tebis

d) Contoh (Serat Rama gubahan Yasadipura):
Anoman malumpat sampun,

9. Gambuh berarti ronggeng, uning, terbiasa, nami tetumbuhan. Berkenaan hal niku, tembang Gambuh wateke atawa biasa diangge ing suasana mboten ragu-ragu atawa ing makna kesiapan tumindak majeng menuju medan kang saestu/sebenere.

Conto GAMBUH (kecocokan)
a) Aja nganti kabanjur
barang polah kang nora jujur
yen kabanjur sayekti kojur tan becik
becik ngupayaa iku
pitutur ingkang sayektos

b) Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katutuh pan dadi awon

10. Pucung yaniku nami biji kepayang, ing basa latin disebat Pengium edule. Ing Serat Purwaukara, Pucung berarti kudhuping gegodhongan ( kuncup dedaunan ) kang kesawang seger. Ucapan cung ing Pucung luwih pas kangge hal-hal kang sipate lucu, kang mantak seger kayadene wong tuwa tingkahe balik maning kaya bocah, misale kucung lan kacung. Tembang Pucung niki watake atawa biasa diangge kangge suasana santai.

Pucung yaniku salahsetunggalipun saking 11 puisi jawa (tembang macapat) ingkang sangat sederhana. Pucung saged disebat ugi pocung yaniku tetembangan kang diangge kangge nginget kematian, amargi sami sareng tembung pocong yaniku pembungkusan mayit pada wektu bade dikubur. Pengertian sanese, pucung ugi berarti woh-wohan (buah-buahan) kang nyukani kesegeran. Tembung“cung” ngingetaken ning kuncung kang lucu. Amargi mekoten perkembangan saking tembang niki ngrujuk kangge hal-hal lucu atawa badekan (tebakan).

Pucung niki anduweni watek kendur, oranana klimaks ing crita. Upami damel pucung boten saged asal-asalan amargi wonten aturane.
Niki aturan saking tembang pucung.
Guru gatra = 4 (Artinya tembang ini memiliki 4 larik kalimat).
Guru wilangan = 12, 6, 8, 12 (Maksudnya tiap kalimat harus bersuku kata seperti diatas. Kalimat pertama 12 suku kata. Kalimat kedua 6 suku kata. Kalimat ketiga 8 suku kata. Kalimat keempat 12 suku kata).
Guru lagu = u, a, i, a

Conto PUCUNG (dibungkus mori putih)

a) Ngelmu iku kelakone kanthi laku –> u

b) Bapa pucung dudu watu dudu gunung
Menclok lambung tiwa
Cekelane kaya andir
Wong digjaya bisa ngamba jumantara

c) Bapak pucung renteng-renteng kayakalung
dawa kaya ula
pencokane wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kutha

d) Ngelmu iku, kalakone kanti laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekere durhangkara

11. Megatruh asale saking ater-ater m-, pegat lan –ruh. Pegat berarti putus, tamat, pisah, cerai. Lan ruh berarti roh. Ing Serat Purwaukara, Megatruh artinipun mbucal kang sarwa ala ( membuang yang serba jelek ). Peget ugi saged gadah arti istana, tempat tinggal. Pameget atawa pamegat kang berarti jabatan. Samgat berarti jabatan ahli, guru agama. Inggih menika, Megatruh berarti petugas kang ahli ing kerohanian kang selalu ngindari perbuatan ala / jahat.

Conto MEGATRUH (kematian)

a) sapa sing jujur bakale urip makmur
yen nakal bakale rugi
awak lemu dadi kuru
rasane ing tembe mburi
urip penak kaya kobong

b) Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung,
marentahaken hukum adil,
pramila wajib den emut,
sapa tan anut ing Gusti, mring parentahe Sang Katong

c) Sigra milir kang gèthèk sinangga bajul
(Babad Tanah Jawi, Yasadipura)

Uji Kompetensi

TEMBANG MIJIL
Dedalane wong kang dadi murid,
1. Tembang mijil ing duwur kang guru wilangan lan guru lagune 10 e dumunung ing gatra … .
2. Guru wilangan lan guru lagune gatra 5 tembang mijil iku … .
3. Tembang mijil iku ana pirang gatra?
4. Purwakanthi iku dibutuhaken ing sajrone gawe geguritan utawa tembang.
    Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakaken purwakanthi guru basa/lumaksita yaiku … .
5. Pratelan-pratelan ing ngisor iki kang migunakaken purwakanthi guru sastra yaiku … .
6. Tembang Macapat sing gunggunge gatra paling akeh yaiku ....
    a. Mijil
    b. Asmarandana
    c. Megatruh 
    d. Dhandanggula
    e. Maskumambang

7. Nang ngisor iki sing ora klebu paugerane tembang Macapat yaiku...
    a. Guru lagu 
    b. Dong-ding
    c. Guru wilangan 
    d. Guru swara
    e. Guru Gatra

8. Perjuangan
    Kacarita tingkah polahe welanda
    Ilang ingkang welas asih
    Maring sepepadha
    Kita ngrasa kehina

Ning duwur contoh pupuh ….
    a. Kinanthi
    b. Durma
    c. Purwakanti
    d. mijil

9. Sun besuk marya eman, yen wonten grananing sasi, kelebet tembang pupuh …..
    a. Asmarandana 
    b. Kinanthi
    c. Sinom 
    d. Mijil

10. Syaire masih nganggo aturan lan terikat, salah satunggal ciri-ciri tembang ….
    a. Anyar 
    b. Lawas
    c. Modern 
    d. Kuno sunda

11. Akehing kecap utawa suku tembung saben sagatra disebut ….
    a. Guru wilangan 
    b. Bathara Guru
    c. Guru lagu 
    d. Mahaguru

12. Tembang daerah saking Dermayu yaniku………………..
    a. warung pojok
    b. angon bebek
    c. kawin paksa
    d. sega jamblang
    e. keduhung

13. Perjuangan
    Kacarita tingkah polahe welanda
    Ilang ingkang welas asih
    Maring sepepadha
    Kita ngrasa kehina

Ning duwur contoh pupuh ….
    a. Kinanthi
    b. Durma
    c. Purwakanti
    d. mijil

II. Wangsulana pitakon –pitakon ing andap iki !

    a. Damelen tembang / macapat kang panjenengan sami sampun paham 
    b. Bedaraken maknane tembang kang sampun diserat panjenengan niku !
    c. Praktekna tembang wau teng ajeng kelas !

GURITAN (PUISI)

Guritan atawa puisi teng daerah Cerbon-Dermayu, niku benten artinipun sareng puisi (bhs. Indonesia) amargi guritan saged ditemangaken, dikidungaken atawa berarti musikalisasi puisi (ing bhs.Indonesia). Ing Cerbon-Dermayu niku guritan dibagi 2, yaniku guritan lawas lan guritan anyar.

1. Guritan lawas yaniku kang dianggit kedah netepi patokan-patokan panambang kang eca / akhiran pepakem –vokal (-i, -a, -e, lan sanese). Guritan lawas luwih bermakna nasihat, doa, lan spiritual. Guritan lawas ugi mboten saged diserat anyar atawa dicipta saniki, amargi sampun diserat pinisepuh terdahulu.

2. Guritan anyar yaniku ingkang dianggit luwih bebas, mboten perlu nuruti aturan-aturan wau. Lan mboten saged ditembangaken kayadene guritan lawas.
Dados arti geguritan yaniku lantunan lagu-lagu suci ingkang ditembangaken ing waktu tertentu. Unggal jenise nduweni lagu suci dewek-dewek.

Conto guritan lawas :

1) Lamun arsa tulus nandur pari
    Puwasaha sewengi sedina
    Iderana galengane
    Wacanen kidung iku
    Sakehe ngama sami abali
    Yen sira lunga perang
    Wateken ning sekul
    Antuka tigang pulukan
    Musuhira rep-sirep tan ana wani
    Rahayu ning payudan.
    (diciduk sing buku Serat anggitan Sunan Kalijaga)

2) Ki Raga ina
    Ingsun ngidung ki raga ina…..’
    Nat kala tapa ing ukir……..’’
    Najan nguji ing salira…’’
    Lali dhahar kelawan guling…….’
    Kang dinuji siang lan latri……’
    tulusena…. Marga rahayu…’’
    lair bhatin tinakonan
    aja saksak aja sirik
   duh…. Yaniku kang dadi sirnah sempurna…..’’

3) Waringin sungsang
    Kelawan anyebut asmaning Allah
    Nu kagungan sifat murah kelawan asih
    Murahna ti alam nyata
    Asihna ti alam ghoib
 Sangkan sapapunut pinuluran sapanedi sinekanan
    Cai putih cahya herang
    Nu herang sabdaning Allah
    Hurung mancur ing Dzatullah, Gusti
    Neda pepadang ati…..
Nu ngadegna tungtung ati hurung tah ing damar hurung
Mancorong ing srengenge dadia wulan tanggal opatwelas
Caang padang trawangan gedong luket tali rasa
Pangadeg pangancing rasa parabay kembang kasturi
    Sengitna angin anginan
    Menekung ka nu maha agung
    Ngucap rasa ka nu maha sukma
  Kalawan ngangge ilmu sarine gampang, sarine gampang
  Sang karana pangwasa sang kalamenta sangkala menti
    Sangkala menta sangkala pidara sangkala ruwatan
    Pangruwatan da samala jumeneng waringin sungsang
    Angracik sarine gampang sarine gampang
  Gampang saniat niate gampang sapolah polahe
   Gampang sekarep karepe bae tolak bala sampun neda ing bathara
    Tolak bala sampun neda ing bathara eh.. bathara……………..’’

4 ) ………………………………………
    Ingsun mimiti muji anyebut asmaning Allah
    Kang murah ing dunya reko
 Kang asih maring akherat kang pinuji datheng pegat
    Kang rumakasa ing alam iku kang asih nabi Muhammad
    Sampun muji hyang widi
 Amujia nabi Muhammad kelawan kaulawargane
 Kang sinocekaken ika Kasinungan kanugrahan
    Sekatahe ingkang anut maring nabi utusan Allah

Conto guritan anyar :

1) ING WENGI
    guritan apadene kekarepan
    nglinting bareng tumiyupe angin
    nunjem-nunjem dom perih
    sedawane wengi
    kangmangka ing ngisor lemah abang
    sing durung kober kababar unine wong
    Sorene sore jingga
    wengine wengi biru
    kembang pandhan mesem mareng mbulan
    tangane ngawe-awe sajak kemayu
    apa iya iki dayane layang atimu
    sing jare bakal ditulis kalane ijen
    kepribe nalika bingung nulis segegem guritan
    ing lemah suwung pinggire taman
    ora kuwat lunga senajana mungkur
    mung wingkis sakehing kekarepan
    nutup kuncuping kekembangan

2) PETENGING WENGI
    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti balik ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu
    gawe tambah kekesing angin sore
    wengi bakal tumeka maning
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi
    lungaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

3) WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
    rong puluh tahun ngguri reang lan sira mlaku ana ning dalan kene
    selawase ora bakal ketemu
    saliramu lan saliraku wis beda ora kaya bengen nalika masih tak enteni
    sumliwir angin bengi mau masih sumrebak ngebeki jagat wayah esuk
    wis aja ditangisi lakon kang wis bengen
    wis pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
    ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
    ana cerita gregeting ati
    Nok, kala sliramu masih dadi impenku
    nyawang ning duwur mega mau
    ana wulan cahyaning sela-selaning gegodongan
    lan lintang panjer wengi sing masih kari semenir gedene
    saiki reang lan sira nduweni rasa kangen
    simpenen kangenmu ana ning impen ***

4) KEKUDANGANKU
    o, nok si jabang bayi
    bebarengan tangismu kang nyusup ing wengi
    sira wis lahir kanthi slamet
    nyawang gumelaring jagat raya
    yen sira nangis tak emban lan tak tembangaken dandang gula lingsir wengi
    mugia sira bisa turu kanthi tentrem
    yen sira mesem tak kudang nyenengaken
    o, nok si jabang bayi
    tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing dunya

5) UDAN WAYAH SORE
    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    lemah wis kebanjur teles
    sesuk esuk yen sang surya ngintip sing wetan
    lan manuk kepudang colat-colot ana ning wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sasore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi
    mbokmenawa sesuk sore wis ora udan riwis-riwis
    lamunanku gawe tentreming ati
    manuk kepudang wis mabur mengulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu ***

6) KEMBANG MELATI
    (R. Widiyati)
    Daksebar kembang mlathi
    Ing Taman Makam Pahlawan
    Kusuma Bangsa kang sejati
    Luhku tumetes... tes... netesi bumi
    Aku rumangsa dosa
    Durung bisa melu labuh negara
    Amung sekar mlathi iki
    Tandha setya lan janji
    Bakal melu napak suci
    Labuh nagri alelandhesan ati suci
    Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci

7) KORAN
    (Harum Sunya Iswara)
    Taktunggu tekamu
    Saben dina ing umahku
    Kabar kang daktunggu
    Saka awakmu
    Nambahi wawasanku
    Musak-masike dunya
    Maju mundure negara
    Minangka warta
    Koran minangka alat komunikasi
    Kang kudu diwerdi
    Mula ora ketinggalan informasi

8) INGSUN
    Ingsun niki mung tiyang kang lemah..
    Kang boten saged mlampah piyambak..
    Gusti..
    Ingsun niki mung tiyang ingkang gampil gripil..
    Tansah kegoda kesenengan dunya..
    Gusti..
    Hamung siji panyuwunku..
    Tuntun ingsun wonten ing margi kang padang, Gusti..
    Duh Gusti..

9) TAWEKAL
    Ah, suket, oyod, ira melu garing
    Ning lemah gegoleran
    Sing sabar lan tawekal
    Pasti udan niba
    Grigis nindihi siti
    (Dening; Pipit)

10) DONGA EMA
    Ema, pupunden kinasih
    Wis cunduk ning wancine
    Lan ora kena dipungkiri
    Kula kudu tolabul ilmi
    Benjing bisa jembar pikir
    Ema, pangapunten kula
    Iklasna kula lelampahan
    Surungen karo pandonga
    Nyampak bagja mujur mulya
    Ketemu karo raharja.

Uji Kompetensi

A. Pilihen Jawaban Kang Bener !

1. Minurut basa kawi guritan ngandung arti …
    a. Ngarang utawa Nembang
    b. Maos utawa nulis
    c. Mirengakken
    d. Ndangding

2. Nok, jareku mampir, mong dalane bicak. Kepanjing guritan ….
    a. Senggakan 
    b. Macapat
    c. Puisi bebas 
    d. Sinom

3. Ning Dremayu luru suru Demen wong ayu bli bisa turu
    Contoh teng inggil, mlebet punapa …
    a. Parikan
    b. Wangsalan
    c. Tembang
    d. Siran / pupuji

4. Kegiatan maos puisi ingkang disertai gerak lan mimik ingkang sesuai sareng isi puisi kang dimaos disebat
    a. Deklamasi
    b. Puisi
    c. Prosa
    d. sajak

5. Wacan
6. LELARA
    Teka tanpa taha-taha, Kepribe tekaning lelara iku ?
7. Mudha prakosa lelara datan temama. Tembung datan tegesipun … .
8. Manut geguritan ing ndhuwur, ana pira jeneng lelara iku?
9.Dewi anggone maca geguritan pancen apik tenan, pocapane cetha, las-lasan, ora gumremeng tur kendel. Maca gegurutan kaya Dewi iku ateges nggatekaken … .

10.Sanajan Doni anggone maca geguritan cetha pocapane, nanging deweke ora nggatekaken isine geguritan/ora dirasakaken jroning ati. 
Geguritan kang isine susah malah diwaca karo mesam-mesem.

Anggone maca geguritan Doni iku ateges ora nggatekaken … .

11.Irah-irahan sing pas kanggo geguritan nang dhuwur yaiku…
    a. Mangsa paceklik
    b. Mlayune Dewi Sri
    c. Urip bebrayan
    d. Piwelingku
    e. Tangise pang garing

12. Sesambat………………..
    Gonang apa sekolah
    Sawah, karang ora kurang
    Wedus lan ayam bebek pirang pirang
    Wis aja sekolah sebab reang wong pilang
    Kang kesebute akeh duit beruang
    Wong pinter pirang-pirang
    Dokter, tentara lan guru ora kurang
    Duh arep sambat-sambat ning sapa
    Sekien reang njakal beli bisa maca lan nulis
    Wis tua urip sengsara sewayah-wayah

    pesen teks guritan teng inggil yaniku……………….
    a. sawah wayah panenan kudu dipaneni
    b. wong sugih ora usah sekolah
    c. kisahe wong tani ora usah pinter
    d. ngajak pada sekolah
    e. ngajak pada dadi dokter, tentara atanapi guru

13. Lamun arsa tulus nandur pari
    Puwasaha sewengi sedina
    Iderana galengane
    Wacanen kidung iku
    Sakehe ngama sami abali
    Yen sira lunga perang
    Wateken ning sekul
    Antuka tigang pulukan
    Mungsuhira rep-sirep tan ana wani
    Rahayu ning payudan

    Serat kidungan niku mlebet teng guritan ………………. …
    a. Guritan lawas
    b. Guritan anyar
    c. Guritan saloka
    d. Guritan sanepa
    e. Guritan parikan

14. “Pantun” basa Dermayunipun…………………….
    a. parikan
    b. wangsalan
    c. pribasa
    d. sanepa
    e. guritan

15. .……………………………….
    Ema, pupunden kinasih
    Wis cunduk ning wancine
    Lan ora kena dipungkiri
    Kula kudu tolabul ilmi
    Benjing bisa jembar pikir
    Ema, pangapunten kula
    Iklasaken kula lelampahan
    Nyampak bagja mujur mulia
    Ketemu karo raharja

    Judulipun ingkang leres anggene guritan teng inggil niku……….
    a. pandonga sembo 
    b. luruh ilmu 
    c. wongtua siji
    d. njaluk pangapura 
    e. pandonga ema

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing andap iki !
1. Sesambat………………..
    Gonang apa sekolah
    Sawah, karang ora kurang
    Wedus lan ayam bebek pirang pirang
    Wis aja sekolah sebab reang wong pilang
    Kang kesebute akeh duit beruang
    Wong pinter pirang-pirang
    Dokter, tentara lan guru ora kurang
    Duh arep sambat-sambat ning sapa
    Sekien reang njakal beli bisa maca lan nulis
    Wis tua urip sengsara sewayah-wayah

    pesen teks guritan teng inggil yaniku…………………

2. Ema, pupunden kinasih
    Wis cunduk ning wancine
    Lan ora kena dipungkiri
    Kula kudu tolabul ilmi
    Benjing bisa jembar pikir
    Ema, pangapunten kula
    Iklasaken kula lelampahan
    Nyampak bagja mujur mulia
    Ketemu karo raharja

    Amanat kang dipendet saking guritan teng inggil niku…………

3. Bedaraken bentenipun guritan lawas sareng guritan anyar !
.   Seraten setungal guritan ! ( tema bebas )

5. Praktekna guritan ingkang sampun diserat niku teng ajeng kelas !

PARIKAN (PANTUN)

Parikan yaniku tetembungan atawa unen-unen ingkang ngangge purwakanti swara. Parikan niku seemper karo pantun (bhs. Indonesia). Biasane nganggo rong gatra atawa patang gatra.

Paugeran utawa patokane parikan:
1. Cacahing wanda kapisan, kudu pada karo ukara kapindo.
2. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi.
3. Gatra 1 lan 3 swarane runtut (sampiran)
4. Gatra 2 lan 4 swarane runtut (isi)

a) Conto parikan kang rong gatra:

Iwak blanak, langka matane
Duwe anak langka bapane.

Cikedung dalane loyang
Nganggo kudung beli sembayang

Klambi liris bedah keleke
Ngaku laris jare deweke

Jatibarang Jatisawit
Wonge garang beli duwe duit

Layang layang murage ning pekarangan
Ati sun melayang keduhung kenang sampean

oskadon cangkange biru.
Demen wong wadon bli bisa turu.

Kembang jambe tutup ketel
demen kabeh langka sing nyantel

Gula pasir gula watu
Sing ditaksir wis duwe putu

Pitik blorok, manak siji
Jare kapok, malah ndadi.

Nyangking kopi ireng, kiwe tengen.
Wadon bengking ireng, sing gawe kangen.

Plesir awan, balike ashar.
Naksir Wawan, balike nyasar.

Bisa nggender, ora bisa ndemung.
Bisa jejer, ora bisa tepung.

Bisa nggambang, ora bisa nyuling.
Bisa nyawang, ora bisa nyanding.

Bayeme, wis kuning – kuning.
Ayeme, yen wis nyanding.

Timune, diiris – iris.
Gumune, ora uwis – uwis.

Kembang menur, sinebar diawur-awur.
Yen wis makmur, aja klalen sedulur.

Mangkat Ngetan, balik ngulon,
Tiwas edan, ora kelakon.

Tepes teles kudanan sore,
lemes dedes kedanan kowe.

Lawuh kluwih entek rong ceting,
tiwas mulih lawange dikancing.

Jerawat bruntus kiwe lan tengen,
Tambah diputus malah tambah kangen.

Tuku kodok sarunge mlorot,
kon mlaku ndodok sletinge copot.

Ning indramayu tuku kdongdong,
rupamu ayu gigirmu bolong.

Gula jawa rasane trasi,
arep mulya aja korupsi.

Sayur asem sambele trasi,
tiwas mesam deweke lali.

Duwe jangkrik sikile nangkring,
seuwise nglirik awake gering.

Gula pasir dipencloki kunang,
tiwas ditaksir jebule lanang.

    Tir
    Jareku mampir
    Mong dalane belok
    Tir
    Jareku mikir
    Mong bli duwe embok

    Babadan kali
    Kembang melati
    Bobadan beli
    Kula enteni

b) Conto parikan kang patang gatra:

Uwoh srikaya dipai tawas…
Sambel trasi enak dipangan..
Kaya kaya ati kula keloas.
Inget rabi langka ning iringan..

Mangan lepet mangan sempora
Desa tugu adoh sing palimanan..
Desal langut ngetane junti kedokan..
Bengi minggu batur mah pada demenan..
 
Godong salam digawe lulur..
Desa trisi genae wit waru..
Selamat malam para sedulur..
Kula permisi arepan turu..

Ana kemit arane mang tarsiwan..
Wonge cilik sing desa anjatan..
Senok pamit mangkat ning taiwan..
Bareng balik ngajak pegatan..
 
Tuku gitar ning pasar senen…
Mangan anggur nginume dugan..
Wilayah gantar wis pada panen..
Daripada nganggur yugah pada jaragan..
 
Jagat panen kepengen nginang,,,
Godong klapa wadae serabi,,,
Kayakenen nasibe reang…
Umur wis tua durung due rabi…
 
Ning srombyong luruh kayu
Desa kramat genae muludan
Aja sombong dadi wong ayu
Bokat tak kemat dadi edan…

Tuku kabel ning karang turi,,
Ning gunung jati genae serabi,,
Awak pegel ora mari-mari,,
Langka sing mejeti nang ora due rabi,,,

Mangkat ning jakarta dina selasa,,
Ning ragunan mapir ning putu,,
Wong mabok cinta bli pandeng dosa,,
Sampe akeh wong kawinan sekalian memitu,,

Tapih teles wayah awan dientasi,,
Tuku petis ning karang turi,,
Ati ngenes di tinggal ning taiwan,,
Turu atis laka sing baturi,,

Ana wengwe nggawa gedang,,
Tuku wedi ning palembang,,
Ngrayu cewe wis ora mempan,,
Nang mang yudi wis ora bujang,,

Mangkat sanja ning wanakaya.
Ning nok nining rangda merana.
Niat sun kerja ning negara korea.
Sedelat maning bakal kelaksana.
 
Nandur cemara ning pinggir kedokan..
Dolan ning panjul nggawa gorengan bakwan.
Dalan pantura persis kaya congklakan.
Brenjal brenjul pada bolong bli karuan…

meng bango dua numpak toyota.
Nyampe larangan mobile oreg..
Emang wong tua omongane nyata..
Lamon ntas mangan wetenge wareg

Bocah pada dolan ning karang
Dolane jaran-jaranan
Heran temen zaman sekarang
Kawin senen selasa lahiran

Bajigur enak karo sekoteng
Nginume baka arep melek
Luruh sambel jagate peteng
Olih-olih ndumuk tembelek

Njukut piring karo sendok
Kanggo mangan tahu gejrot
Limang taun ora ketemu senok
Pas ketemu tambah gembrot

Karang Sinom aduh baguse
Ana kumis aduh kandele
Lagi enom pada demene
Kawine wis pada tuae

Kunang-kunang gawe demen
Demen gah ning Kang Wawan
Iku lanang enak temen
Rabi siji Arab sijine Taiwan

Akeh gonggo karo yuyu
Yuyu atos ana capite
Enggo apa raine ayu
Baka demene mana mene

dolan meng dermayu lewate palimanan,,
nyampe kertasemaya nenggor becae wa kaji..
nok wong ayu kakang banget kedanan.
kuwayang bahagia yen kelakon dadi siji..

oskadon cangkange biru.
njukut piring nggo wadah jangan.
demen wong wadon bli bisa turu,,
awak gering klalen ning mangan.

Nginum oskadon ning wayah awan,,
dipai madu manis rasane,,
due wadon kerjane ning taiwan,,
lamon rindu mung bisa mandeng potone.

Dolan ning legok tuku iwak asin.
Numpak kopayu mudune ning karangsong.
Motok mogok keentokan bensin.
Cerbon dermayu bensin pada kosong.

Nonton persib lewate desa krasak.
Mamba jatisawit jebole ning palimanan.
Emang nasib sun dadi wong blesak.
Gampang gah luruh duit daripada luruh demenan.

Nandur kersem ning musim udan.
tutupan koran angger kecipratan.
pesam pesem sun kaya wong edan.
kenang kasmaran ning gadis anjatan.

Tuku tawas di taroh ning longan.
Pelem kweni murag ning selokan.
Selawas lawas urip sun dadi bujangan.
Pengen ngerasani ndueni gendakan .

Dina senen borong borong ning pasaran.
Tuku kudung biru balike kro boncengan.
Kaya kenen rasane wong lagi kasmaran.
Rasae blenak turu klalen ning mangan.

Dolan ning kroya tukune sarden..
mampir ning temiyang di suguhi roti..
indonesia wis arepan ganti presiden.
nangapa reang wadone bli ganti ganti

Uji Kompetensi

I. Wenehana tanda(X) ing salah sijining aksara a, b, c, d atawa e kang dianggep bener !

1. teks ngandap niki ingkang namine parikan yaniku……………………
    a. Sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi
    b. Cikedung dalane loyang, nganggo kudung beli sembahyang
    c. Anak polah, bapa kepradah
    d. Polah bapa kaji kaya endas gundhul diiliri
    e. Wader kalen sesoderan, nyuwun pangapunten bilih kula gadah kelepatan

2. “Pantun” basa Dermayunipun…………………….
    a. parikan
    b. wangsalan
    c. pribasa
    d. sanepa
    e. guritan

3. Bonteng suri bature timun
    Semangka gede isine
    Aja sokat pikir ngelamun
    Bokat disangka miring pikire

    Teks teng inggil niku mlebet ………………….
    a. Parikan rong gatra
    b. parikan patang gatra
    c. badekan
    d. guritan anyar
    e. guritan lawas

4. Bedha setitik ya kacek
    Dengdeng kulit ya ….
    a. Cekcok
    b. Cocok
    c. Cicek
    d. Cecek
    e. Cucuk

6. Bonteng suri bature timun
    Semangka gede isine
    Aja sokat pikir ngelamun
    Bokat disangka miring pikire

    Teks teng inggil niku mlebet ………………….
    a. Parikan rong gatra
    b. parikan patang gatra
    c. badekan
    d. guritan anyar
    e. guritan lawas

7. Ning Dremayu luru suru, Demen wong ayu bli bisa turu
    Contoh teng inggil, mlebet punapa …
    a. Parikan
    b. Wangsalan
    c. Tembang
    d. Siran / pupuji
    e. sanepa
 
latian 2
wangsulana pitakon-pitakon ing andap iki !
1. Damelen Parikan rong gatra ( minimal 3 ) !
2. Damelen Parikan patang gatra ( minimal 3 ) !

WANGSALAN

Wangsalan minangka tradisi lisan kang masih dikenal teng daerah Pantura, kususe Dremayu lan Cerbon. Sanajan kirang pisan memasarakat, wangsalan masih nduweni tempat ning atinipun masyarakat Dremayu lan Cerbon.

Asale saking tembung rangkep ”wangsal-wangsul”. Wangsul artinipun “Jawab, pulang”. Wangsalan yaniku ukara kang ngungkapaken maksud atawa kehendak ngangge kata-kata kang mirip atawa mendekati maksud wau.

Pada awale, wangsalan iku minangka dolanan teka-teki. Dados pengertianipun wangsalan yaniku unen-unen kang seemper badekan nanging maksudipun boten diterangaken / boten diucapaken ceplok melok, nanging kang samar-samar pada suwarane yaniku kang dimaksudipun, lan luwih bebas.

Conto:

1. Godong mlinjo, krasa pegel ngaso dikit. (godong mlinjo arane so dadi tembung ngaso).
2. Janur gunung, kadingaren gelem teka mene. (janur gunung arane kembang sing tanduran aren dadi tembung kadingaren)
3. Jenang gula, kowe aja lali ( jenang gula : gulali = lali ).
4. Wader kalen sesoderan, nyuwun pangapura bilih gadah kelepatan. (wader kalen sesoderan arane iwak sepat, dadi tembung kelepatan)
5. Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu. ( Sekar aren : dangu = dangu ).
6. Njanur gunung, kadingaren ( Janur gunung : Aren = Kadingaren ).
7. Ireng – ireng ning rerangken, melu nyawang sing kadoan. (Ireng – ireng ning rerangken arane sawang, dadi tembung kadingaren).
8. Mbalung klapa, geleme mung etok – etokan. ( Mbalung Klapa : Batok = Etok – etok ).
9. Reca kayu, goleka kaweruh rahayu. ( Reca kayu : Golekan = goleka ).
10. Ngembang garut nggremeng ora karuwan. ( kembang garut = gremeng = nggremeng ).
11. Ngembang kacang, mrengut nambah ayu. ( kembang kacang : besengut = mrengut ).
12. Gagak abang putih wulune, tulung tulung aja tegelan. (Gagak abang putih wulune arane manuk wulung, dadi tembung pepindaane tulung-tulung).
13. Godong jati, sombong duwe dolanan anyar. (Godong jati: jompong = sombong ).
14. Klapa muda, kula arep derep bedugan. ( klapa muda : dugan = bedugan ).
15. Blumbang binatur bata, seumur kula enteni. (Blumbang binatur bata iku olih sing tembung sumur, dadi tembung pepindaane seumur-umur)
16. Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki. ( kembang gembili : seneng = seneng-seneng ).
17. krikil kali, bokat wis waktunē. (krikil kali yaniku watu, diasosiaken karo waktu)
(krikil kali yaniku watu, diasosiaken karo waktu)

Ing masarakat Cerbon-Dermayu wangsalan saged didadosakan semacem pantun.

Conto:

Gubuk duwur ning tengah-tengah sawah
Mengkenen temen, wong demen durung kelakon

lamon dideleng sekilas, ora nana padane rima antara “sawah” karo “kelakon.” Sebenare ning kuwen iku arti wangsalan kuh.
Baris kesiji minangka teka-tekine. “Gubuk duwur ning tengah sawah” ning kosakata sejene yaiku ranggon. Dadi rima ning kata “kelakon” njukut sing jawaban teka-teki mau, yaiku ranggon.
Sebagai ilustrasi dalam bahasa Melayu atau Indonesia, misalkan kita ingin mengambil rima dengan kata-kata “Aduhai sungguh badan begitu harum.” Untuk mendapatkan kata harum kita terlebih dahulu membuat teka-teki.
Teka-teki apa yang kira-kira jawabannya memiliki rima “um” seperti dalam kata jarum?
Mungkin ini contohnya.
“Matanya satu ekornya tajam.
Aduhai sungguh badan begitu harum.
Jawaban dari matanya satu ekornya tajam adalah “jarum.” Rima harum mengambil dari kata “jarum.”
Nanging saniki, wangsalan Indramayu Cirebon ngalami pergeseran. Masarakat ngartiaken wangsalan iku pada karo pantun.
 
Uji Kompetensi
Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, d kang dianggep paling bener !

1. Lho kok njanur gunung, kadingaren panjenengan mampir, ana prelu apa? Njanur gunung karepe … .
    a. pareden
    b. duren
    c. aren
    d. wijen

2. Unen-unen nang ngisor iki sing ora klebu wangsalan yaiku …
    a. Jenang gula, kowe aja lali
    b. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
    c. Njanur gunung, gununge Gunung Slamet.
    d. Mbalung klapa, dak bethek masa luputa.

3. “Diwulang kok ngembang duren, ndlongop bae”. Unen-unen kasebut diarani…
    a. badekan 
    b. Wangsalan
    c. Parikan
    d. Paribasan

4. Wangsalan “ lawon pethak saban baita “ wangsulane enggih niku ….
    a. Kawang
    b. Kepudhang
    c. Layar
    d. Teg-tegan

5. Kembang gedang arane ….
    a. Menik
    b. Kecuis
    c. Saba
    d. Jantung

6. Sesampune panen pantune dilebetaken teng ….
    a. Lumbung
    b. Gudang
    c. Griya
    d. toko

7. Kersem niku rasane ….
    a. pait
    b. manis
    c. asin
    d. asem

8. Jambu kang mateng teng wit abang ….
    a. branang
    b. royo
    c. getheng
    d. muplak

9. Lare sekawan istri sedaya yaiku ….
    a. Kembar
    b. Kembang dampil
    c. Serimpi
    d. Pendawa

10. Anake bebek arane ….
    a. Pitik
    b. Meri
    c. Blengur
    d. Piyi

11. Gatot kaca laire disebat ….
    a. Jabang bocah
    b. Jabang tua
    c. Jabang tutuka
    d. Jabang bayi

12. Genah kanggo midang, kang bangunane seduwure banyu, yaiku ….
    a. Babadan      c. Baledesa
    b. Buyung       d. Balekambang

13. Wadah jamu utawa bumbu kanggo masak, yaiku…
    a. Bango          c. Bhotekan
    b. Bokor          d. Bangsal

14. Umah cilik kanggo jaga, yaiku …..
    a. Gardu           c. Gowok
    b. Gubug          d. Gudhang

15. Woh aren iku diarani…
    a. kolang-kaling      c. klenthang
    b besusu                  d. petir

16. Sing kasebut jarot / pelok iku wohe…
    a. manggis              c. pelem
    b. duren                  d.kates

17. Woh widara putih iku diarani…
    a. anyang              c. gori
    b. katak                 d. besusu

18. sing kasebut besusu iku wohe…
    a. nangka                c. cengkeh
    b. bengkoang          d. aren

19. teks ngandap niki ingkang namine wangsalan yaniku……………………
    a. godong mlinjo, krasa pegel ngaso dikit
    b. tulung menthung
    c. beyekane bayed kaya drum wadah lenga
    d. aja kaget urip ning dunya iku gilir gumanti, sekiyen sengsara, besuk seneng

20.kembang Kenanga namine…………….. …
    a. limbaran             c. pendul                        e. dlongop
    b. gleges                 d. kantil

21. Godong Klapa namine……………..…
    a.blarak          c. klaras                                        
    b. sinom         d. so

Latian 2
Wangsulana pitakon – pitakon ning sor iki !

a. Jelasaken apa sing diarani wangsalan !

b. Apa bedane wangsalan bari parikan !

c. Tulisen conto wangsalan !

PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen kang gumatok lan ajeg penganggone lan nduweni teges wantah, nggambaraken tindak tanduke manusa atawa ungkapan sing nganggo umpama. Paribasa jawa ning khasanah sastra jawa dikenal karo sing diarani bebasan, sanepan, atawa saloka.

Ujude paribasa diisi karo arti kiasan ndadeni fasilitas kanggo nggamblangaken nggambaraken kondisi sing ana. Bentuk paktane realitas sing beli biasa terjadi, sindiran, sarkasme, lan siji kenyataan kang paradoksal. Dirangke ning gaya basa, lan maning kata-kata sing indah, lembut supaya beli gampang nyinggung prasaane wong nanging gampang dadi penginget.

Ning waktu kien sastra jawa ngrasa kurang pisan, kayadene basa sedina-dina diaplikasiaken ning pergaulan masarakat jawa nganggo paribasan. Nanging ning wacana komunikasi sedina-dina kayane masih relevan, lan maning paribasan iku penting pisan kanggo ngistilahaken atawa nggambaraken sewiji perihal atawa peristiwa kang ora wajar. Kata-katane sing dianggo mirip karo pantun, kadang-kadang ngrasa lucu lan aneh.

Conto:

  • Amba segara : gelem ngampura ning segala-gala.
  • Ngadang-adang tetese embun : njagakaken barang mung seolih-olihe.
  • Adigang, adigung, adiguna : ngadiraken kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.
  • Aji godhong garing (aking) : wis ora ana ajine / asor banget.
  • Ana catur mungkur : ora gelem ngrongokaken rerasan kang ora becik.
  • Ana daulate ora ana bagjane : arep nemu kabagjan nanging ora sida.
  • Ana gula ana semut : papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
  • Anak polah bapa kepradah : tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.
  • Gentong bocor/rembes : wong kang ora bisa nyimpen rahasia.
  • Bagen jamure emong watange : gelem enake ora gelem blenake.
  • Asu rebutan balung : rebutan barang kang sepele.
  • Asu belang kalung wang : wong asor nanging sugih.
  • Asu gede menang kerahe : wong kang duwur pangkate mesti bae gede panguwasane.
  • Asu marani gebuk : sengaja marani bebaya.
  • Baladewa ilang gapite (jepit wayang) : ilang kekuwatane / kaluhurane.
  • Banyu pinerang ora bakal pegot (sigar) : pasulayan sedulur ora bakal megotaken sedulurane.
  • Batang lelaku : lunga ijen ngamba panggonan kang mbebayani.
  • Batok bolu isi madu (bolong telu) : wong asor nanging sugih kepinteran.
  • Blaba wuda : saking lomane sampe awake dewek ora keduman.
  • Bebek musuh mliwis : wong pinter musuhe wong kang pada pintere.
  • Becik ketitik ala ketara : becik lan ala bakal katon.
  • Balilu tan pinter durung nglakoni (bodo) : wong bodo sering nglakoni, wong pinter durung pernah nglakoni.
  • Bubuk olih leng : wong duwe niyat ala olih dalan.
  • Bung pring petung : bocah kang longgor (gelis gede).
  • Buntel kadut, ora kinang ora udud : wong nyambut gawe borongan ora olih mangan lan udud.
  • Buru (mburu) acang-acang kelangan deleg : ngglati barang sepele malah kelangan barang luwih gede.
  • Busuk ketekuk, pinter keblinger : wong bodo lan pinter pada bae nemu cilaka.
  • Carang cantel : ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.
  • Car-cor kaya kurang janganan : ngomong ceplas-ceplos ora dipikir disit.
  • Cedak kebo gupak : cedak karo wong ala bakal katut ala.
  • Melu keprok ora tombok : melu mangane tapi beli melu patung.
  • Dadiya banyu emong nyawuk, dadiya godong emong nyuwek, dadiya suket emong nyenggut : wis ora gelem nyanak / emong sapa aruh.
  • Gedongana koncēnana : Wong mati mangsa wurunga
Uji Kompetensi
Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, d, atawa e kang dianggep paling bener !

Gagean motore destater terus diplayokna metu sekang ngumah maring sekolahan. Ora nganti seprapat jam wis gutul. Montor diparkir, Sugeng mlebu kantor terus njagong. Garapane sing wes tumpuk undung ora disenggol acan merga pikirane putek kemutan polahe bojone sing tambah wani goli ngatur wong lanang. Jane Sugeng ya jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supayane dadi kawus. Ning yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo tanggane. Mulane Sugeng trima meneng bae. Sing aneh, Yanti gemiyen lagi isih mlarat ngundange Mas maring Sugeng. Siki bareng sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora gelem karepe Mami.

1. Uripe Yanti yen diumpamakna nganggo paribasan yaiku…
    a. Ana catur mungkur
    b. Sing sapa nandur bakal ngunduh
    c. Becik ketitk ala ketara
    d. Jalukan ora wewehan
    e. Kere munggah bale

2. teks ngandap niki ingkang namine pribasa yaniku……………………
    a. setana bojong dermayu, terusan wanasari, mengkenen dadi wong blesak, keder temen cah kedanan
    b. ah, suket, oyod, ira melu garing, ning lemah gegolelan
    c. klambi laris bedah keleke, ngaku laris jare deweke
    d. piring abang ning panjunan, demene kelayah-layah
    e. sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi

3. Sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi, artosipun…………………
    a. Anak kang gawe kesalahan wong tua melu kegawa-gawa
    b. Paomongane wong tua bisa nyelakani, lan bisa mulyakaken
    c. bagus blesake bakal katon dewek
    d. wong kang duwe rejeki pasti akeh kang pengen mareki
    e. melu mangane ora melu patungan

4. aja kaget urip ning dunya iku …………………, sekiyen sengsara, besuk seneng.
    a. lir pendah
    b. gilir gumanti
    c. mulang wuruk
    d. papa cintraka
    e. sumbang surung

5. Ani baka wis dangdan…………………………. Widadari temurun sing kayangan.
    a. gagah prakosa
    b. mukti wibawa
    c. tandang graying
    d. setya tuhu
    e. lir pendah

6. Bocahe sih beli ayu tapi …………………………. apa sing dienggo
    a.lir pendah
    b. gagah prakosa
    c. gandas luwes
    d. setya tuhu
    e. tepa palupi

7. Senajan mlarat beli ngisin-ngisinaken. Pribasane………………..
    a. becik ketitik ala ketara
    b. diupahi ati ngrogoh empela
    c. melu keprok ora tombok
    d. garing-garing asal garang
    e. beli tedeng aling-aling

latian 2
Pitakon – pitakon ing andap iki pripun wangsalane !

1. Anak kang gawe kesalahan wong tua melu kegawa-gawa
……………………………………………………………………
2. Paomongane wong tua bisa nyelakani, lan bisa mulyakaken
……………………………………………………………………
3. bagus blesake bakal katon dewek
…………………………………………………………………
4. wong kang duwe rejeki pasti akeh kang pengen mareki
…………………………………………………………………
5. melu mangane ora melu patungan
…………………………………………………………………
6. pengene ngirit nanging malah entek akeh.
…………………………………………………………………
7. senajan wong sejen yen lagi nemoni sengsara bakal dibelani
…………………………………………………………………

Latian 3
Pitakon – pitakon ing andap iki pripun artine !

1. Sepelik geni manasi, setetes banyu ngademi
……………………………………………………………
2. Anak polah bapa kepradah
……………………………………………………………
3. Wis murag wulu wentise
……………………………………………………………
4. Tulung mentung
……………………………………………………………
5. Melu keprok ora tombok
……………………………………………………………
6. Beli tedeng aling – aling
…………………………………………………………
7. Diupai ati ngrogoh ampela
…………………………………………………………
8. Desa mawa cara negara mawa tata
…………………………………………………………
9. Becik ketitik ala ketara
…………………………………………………………
10. Garing – garing asal garang.
…………………………………………………………
 
SANEPA
Sanepa yaniku tetembungan minangka pepindaan atawa pepadaan. Disanepakaken = dipadakaken, diumpamakaken.

Conto :
1. Ning kene sih ngaku bujang, ning umah anake kaya kancing terbang
    Kaya kancing terbang artine anake brembel (akeh ).
2. Bi Inah ari ngomong kaya kacang digoreng
    Kaya kacang digoreng artine nyrocos ngomong langka sela – selane.
3. Beyekane bayed kaya drum wadah lenga
    kaya drum wadah lenga artine beyekane bengbeng / lemu.

Latian
Terangaken ungkapan sanepa sing dicitak miring, jawabane milih sing sisih tengene !
1. Bocah kuh kaya kucing karo cemera.                                A. ayu pisan
2. Pa Nana ngambek suwarane kaya gledeg kesanga.        B. kesit pisan
                                                                                                        C. enak pisan
3. Urip mrambat ning kayu bobo.                                           D. adem pisan
4. Ari bli cocog kena mogok, asal aja mogok sapi. E.kemantu ning wong mlarat
5. Mlayune kaya kirik digitik.                                     F. bli bisa diongket-ongket
6. Rupane kaya widadari mudun sing kayangan.          G. beli gelem akur
7. Suwarane sinden kaya sumilire angin.                        H. santer kemlantang
8. Polah Siman kaya endas gundul diiliri.

SALOKA

Saloka yaniku unen-unen sing angger penganggone lan duweni arti pepindaan, sing dipindaaken ning kelakuane wong.

Conto :
    1. Ula marani gebug artine sing bli sengaja luruh pegawean tapi diupahi pegawean.
    Conto ning ukarane : Kebeneran sira teka kaya ula marani gebug, tulung beneraken sepede kita.
    2. Kaya kebo kaboten sungu artine ngiasaken wong kang akeh anake.

    Conto ning ukara : 
Mang Nana uripe kaya kebo kaboten sungu, menggawe jungkel malik endas dadi  sikil, sikil dadi endas.

    3. Rajeg mangan tanduran artine wong sing kudune njaga malah ngrusak.
    4. Wedus diumbar ning kacangan artine ngibarataken wong nakal diupai dalane nakal.
    5. Kegeden gludug langka udane artine ngibarataken wewatekane wong sing akeh omonge tapi langka buktine.
    6. Kaya kebo balik ning kandange artine ngibarataken wong sing maune mrantau sakien balik ning  desane maning.
    7. Kurugan gunung menyan artine ngibarataken wong sing olih rejeki gede.
    8. Cecek nguntal rembulan artine ngibarataken wong kang duwe kepengenan tapi adoh kelakone.
    9. Gede endase artine sombong.
    10. Kaya endog ning duwur sungu artine wong sing uripe khawatir bae.
    11. Nyrawat ngalor kenane ngidul artine sejen sing diomongaken sejen sing dituju.
    12. Banyu bening kena iwake artine yen ngadepi masalah / perkara aja croboh.
    13. Kaya kebo dikalungi artine wong sing nurut bae ning majikane.
    14. Dawa tangane artine doyan nyolong.

    Uji Kompetensi
    Pitakon – pitakon ing andap iki wangsulana ngangge pilian a, b, c, atawa d kang dianggep bener 

 1. Ana catur mungkur tegesipun … .
 2. Tarna saiki uripe kepenak, kabeh kabutuhane wis dicukupi maratuwane, omah digawekaken, kendaraan ditukokaken, gaweyan wis digoleken, bebasane … .
 3. Bocahe ora duwe pendirian, apa sing diomongaken ning uwong nurut bae, kaya………
        a. rajeg mangan tanduran
        b. gedhe endase
        c. kebo dikalungi
        d. kegeden gludug langka udane
        e. dawa tangane

 4. Mang Dulloh uripe susah bae sebab kakeyan anak, kaya…………………
        a. ula marani gebug
        b. kebo kaboten sungu
        c. wedus diumbar ning kacangan
        d. banyu bening kena iwake
        e. cecek nguntal rembulan

 5. Urip kaya mrambat ning kayu bobo, sanepa/pepindaan iku artine
        a. beli gelem akur
        b. langka wewedine
        c. beli bisa diongket-ongket
        d. kemantu ning wong mlarat
        e. santer kemlantang

6. Tumindake pa guru niku becik, saged kanggekaca benggalanipun kula. Kaca benggala   
     tegese……………
    a. tuladha                          c. pengeling-eling                          e. contho
    b. kekaca                          d. pengarep-arep

7. Kaya ula marani gebug
    tegese saloka teng inggil yaniku……………..…
    a. wong sing anake akeh
    b. wong sing kudune njaga malah ngrusak
    c. wong tuwa sing genau ning wong enom
    d. wong sing beli sengaja luruh pegawean
    e. wong sing akeh duite pasti akeh bature

    Latian 2
    Ukara ning sor lengkapana nganggo saloka sing pas !

    a. Ki Dalang sugih dunya, tapi bareng rabine mati nglamun bae ora gelem mangan ora gelem kanda, suwe –suwe kaya …………………………..
    b. Tati nyindir – nyindir bae ning Shinta, padahal sing disengiti Mariyam, mulane diibarataken 
    c. Dasar bocahe …………………………….. mulane sering digawa ning Pulisi.
    f. Bareng wis lulus sekolahe Budi …………………………………………
  g. Lagi enom beli gelem blajar, bareng wis tuwa takon bae ning anake, kaya 
    h. Mang Dul uripe susah bae sebab kakeyen anak, kaya ……………………
    i. Pa Dede dipitnah ning bature tapi kaya ayem – ayem bae, ya bener sing penting 
    j. Mang Daspan durung lawas transmigrasi, sekiyen wis balik maning ning kampunge, kaya 

BADEKAN

Badekan unen –unen sing kudu digoleti jawabane. Wujude badekan kebagi dadi telu yaniku ;

1. Badekan sing wujude singkatan
Conto :
- Burnaskopen, bubur panas kokopen
- Butarnki, jambu ning latar dipaneki
- Lut badut can balas, welut mamba endut macan mamba alas
- Pentil kecakot, penjaga tilpon kecamatan kota
- Suling ketan, asu guling ning suketan

2. Badekan sing wujude pepindaan
Conto :
- Sega sekepel dirubung tinggi : salak
- Bocah cilik dawa ususe : dom bari benange
- Pitik walik saban kebon : danas
- Lagi cilik nganggo klambi bareng tuwa wewuda : pring
- Wong tuwane dielus –elus anake diedek – edek : anda

3. Badekan sing wujude plesedan
Conto :
- Diketok malah dadi duwur : srowal
- Satoan apa sing endase ning sikil, matane ning
Sikil, cungure ning sikil, cangkeme ning sikil,
Pokoke sekabehe ning sikil : anake ayam kepedek

Uji Kompetensi
Wangsulana pitakon – pitakon ning sor iki !

1. Badekan – badekan ing ngisor iki kang awujud pepindahan(emper-emperan ) yaiku …
    a. Sega sekepel dirubung tinggi.
    b. Wong wudunen iku sugih pari.
    c. Lawa lima, kalong telu ana pira?
    d. Wis gedhe kok ngguyu tuwa.

Wacan 4
PUCUNG
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba sipucung mung turut kutha.

2. Tembang pocung iku katitik isine kalebu badekan. Apa batangane badekan iku?
    a. sepur
    b. salak
    c. nanas
    d. gajah

3. Golekana tegese bebasan ing ngisor iki!
    a. Rebut balung tanpa isi ………………………………
    b. Nabok nyilih tangan …………………………………

4. Apa bedekan ing ngisor iki?
    a. andha (………………………………………………
    b. geni (…………………………………


5. Apa kang diarani badekan !
……………………………………………………
6. Tulisen conto sejene badekan sing wujude singkatan !
……………………………………………………
7.Tulisen conto sejene badekan sing wujude pepindan !
………………………………………………
8.Tulisen conto sejene badekan sing wujude plesedan !
……………………………………………………
9.Apa bedane badekan bari saloka !
…………………………………………………
10.Tulisen badekan bebas !
…………………………………………………

ULANGAN AKHIR SEMESTER
BAHASA DAERAH

A. Piliyen salahsetunggalipun jawaban ingkang dianggep paling bener !

1. teks ngandap niki ingkang namine parikan yaniku……………………
    a. Sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi
    b. Cikedung dalane loyang, nganggo kudung beli sembahyang
    c. Anak polah, bapa kepradah
    d. Polah bapa kaji kaya endas gundhul diiliri
  e. Wader kalen sesoderan, nyuwun pangapunten bilih kula gadah kelepatan

2. Sesambat………………..
    Gonang apa sekolah
    Sawah, karang ora kurang
    Wedus lan ayam bebek pirang pirang
    Wis aja sekolah sebab reang wong pilang
    Kang kesebute akeh duit beruang
    Wong pinter pirang-pirang
    Dokter, tentara lan guru ora kurang
    Duh arep sambat-sambat ning sapa
    Sekien reang njakal beli bisa maca lan nulis
    Wis tua urip sengsara sewayah-wayah

    pesen teks guritan teng inggil yaniku……………….
    a. sawah wayah panenan kudu dipaneni
    b. wong sugih ora usah sekolah
    c. kisahe wong tani ora usah pinter
    d. ngajak pada sekolah
    e. ngajak pada dadi dokter, tentara atanapi guru

3. teks ngandap niki ingkang namine pribasa yaniku……………………
  a. setana bojong dermayu, terusan wanasari, mengkenen dadi wong blesak, keder temen cah kedanan
    b. ah, suket, oyod, ira melu garing, ning lemah gegolelan
    c. klambi laris bedah keleke, ngaku laris jare deweke
    d. piring abang ning panjunan, demene kelayah-layah
    e. sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi

4. teks ngandap niki ingkang namine wangsalan yaniku……………………
    a. godong mlinjo, krasa pegel ngaso dikit
    b. tulung menthung
    c. beyekane bayed kaya drum wadah lenga
   d. aja kaget urip ning dunya iku gilir gumanti, sekiyen sengsara, besuk seneng
    e. wayahe esuk jago kukuluruk ngupak jagat raina

5. Lamun arsa tulus nandur pari
    Puwasaha sewengi sedina
    Iderana galengane
    Wacanen kidung iku
    Sakehe ngama sami abali
    Yen sira lunga perang
    Wateken ning sekul
    Antuka tigang pulukan
    Mungsuhira rep-sirep tan ana wani
    Rahayu ning payudan

    Serat kidungan niku mlebet teng guritan ………………. …
    a.Guritan lawas
    b. Guritan anyar
    c. Guritan saloka
    d. Guritan sanepa
    e. Guritan parikan

6. Bonteng suri bature timun
    Semangka gede isine
    Aja sokat pikir ngelamun
    Bokat disangka miring pikire

    Teks teng inggil niku mlebet ………………….
    a. Parikan rong gatra
    b. parikan patang gatra
    c. badekan
    d. guritan anyar
    e. guritan lawas.

7. Bocahe ora duwe pendirian, apa sing diomongaken ning uwong nurut bae, kaya……………………..
    a. rajeg mangan tanduran
    b. gedhe endase
    c. kebo dikalungi
    d. kegeden gludug langka udane
    e. dawa tangane

8. Mang Dulloh uripe susah bae sebab kakeyan anak, kaya…………………………….
    a. ula marani gebug
    b. kebo kaboten sungu
    c. wedus diumbar ning kacangan
    d. banyu bening kena iwake
    e. cecek nguntal rembulan

9. Urip kaya mrambat ning kayu bobo, sanepa/pepindaan iku artine……………..
    a. beli gelem akur
    b. langka wewedine
    c. beli bisa diongket-ongket
    d. kemantu ning wong mlarat
    e. santer kemlantang

10. Enjing-enjing teng dusun Jambak wonten maling ketangkep.
Ngembangaken Krangka karangan warta ingkang sumbang yaniku …
    a. Malingipun sampun diamanaken teng balai dusun
    b. griyanipun mang Taslam wau dalu dibobol maling
    c. masarakat Jambak ngrasa aman sesampune maling ketangkep
    d. teng dusun Jambak wonten ngarot
    e. Pulisi mbantu masarakat nggalakaken Siskamling

11. “Pantun” basa Dermayunipun…………………….
    a. parikan
    b. wangsalan
    c. pribasa
    d. sanepa
    e. guritan

12. Sepelik geni manasi, setetes banyu ngadhemi, artosipun…………………
    a. Anak kang gawe kesalahan wong tua melu kegawa-gawa
    b. Paomongane wong tua bisa nyelakani, lan bisa mulyakaken
    c. bagus blesake bakal katon dewek
    d. wong kang duwe rejeki pasti akeh kang pengen mareki
    e. melu mangane ora melu patungan

13. aja kaget urip ning dunya iku …………………, sekiyen sengsara, besuk seneng.
    a. lir pendah
    b. gilir gumanti
    c. mulang wuruk
    d. papa cintraka
    e. sumbang surung

14. Ani baka wis dangdan…………………………. Widadari temurun sing kayangan.
    a. gagah prakosa
    b. mukti wibawa
    c. tandang graying
    d. setya tuhu
    e. lir pendah

15. Bocahe sih beli ayu tapi …………………………. apa sing dienggo
    a. lir pendah
    b. gagah prakosa
    c. gandas luwes
    d. setya tuhu
    e. tepa palupi

16. Senajan mlarat beli ngisin-ngisinaken. Pribasane
    a. becik ketitik ala ketara
    b. diupahi ati ngrogoh empela
    c. melu keprok ora tombok
    d. garing-garing asal garang
    e. beli tedeng aling-aling

17. Aja mlayu–mlayu bokatan tiba.
    Ukara ing inggil kepanjing ukara
    a. Sananta
    b. Sambawa
    c. Pengenging
    d. pakon
    e. pitakon

18. Ukara–ukara ing andap kang kepanjing ukara sambawa yaniku
    a. boten kenging dipendet piyambek
    b. mugia benjang kula saged niti kaji
    c. lamon sukiki ora udan kula pengen dolan teng griya sampeyan
    d. saweg dinten senen teng kantor kecamatan wonten upacara bendera
    e. Ji, meneha, tulung gawanen motor kita meng bengkel

19. Ukara–ukara ing andap kang kepanjing ukara crita yaniku
    a. Aja lok ndodoki ilir bokatan wudunen
    b. meneha sira kuh nang, reang arep ngupai jabur
    c. lagi bengi mau ana kesenian genjring ning desa Tlakop
    d. panasa dina kien supaya pepean kita gage garing
    e. Min, kapan sira mangkat meng Bogore ?

SEMOGA BERMANFAAT.....!

Post a Comment for "MODUL BAHASA JAWA INDRAMAYU_CIREBON (JILID I)"